Quran Suci Jarwa Jawi
Transcription
Quran Suci Jarwa Jawi
QUR’AN SUCI JARWA JAWI DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali www.aaiil.org SURAT 67 AL-MULK (Karaton) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 30 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Karatoning Allah. Siksanipun para kafir. Katerangan gerban Wiwit surat punika dumugi telas-telasaning Quran wonten sekawandasa wolu surat malih, sadaya punika kadhawuhaken wonten ing Makkah (Makkiyah), kajawi surat ingkang kaping 10, ingkang kagolong ing jaman Madinah, sanajan ta surat wau anggènipun katurunaken ugi wonten ing Makkah, inggih punika nalika Kanjeng Nabi pinuju wonten ing Makkah ing kalanipun tindak ngibadah haji ingkang pungkasan. Surat-surat wau sadaya isi piweca bab kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh déning Islam tuwin bab cabaripun para mengsah-mengsahipun Islam, wonten ingkang mawi tetembungan ingkang cetha pratéla, wonten ingkang mawi tetembungan ngibarat. Nadyan ingkang kathah surat-surat wau kagolong wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi nalika jaman wiwitan piyambak, piweca-piweca ingkang kasebut wonten ing ngriku punika asring sanget magepokan kaliyan Islam ing tembé wingkingipun ingkang taksih nyamut-nyamut kelampahanipun, sarta mesthi kémawon boten kawatesan namung sumiyaripun Islam ing tanah Arab kémawon, lan boten kawatesan namung ing nalika jaman sugengipun Kanjeng Nabi thok. Bab prakawis kawontenanipun piyambak-piyambak satunggal-tunggaling surat wau, badhé kapratélakaken wonten ing katrangan ingkang mangka purwakaning saben surat kados adat saben; nanging katerangan ingkang kasebut ing nginggil wau cekap kanggé anerangaken bab kawontenanipun ingkang umum surat-surat wau lan kanggé nerangaken sasambetanipun satunggal kaliyan satunggalipun. Déné namanipun surat punika, punika pipiridan saking pratélan ingkang kasebut ing ayat ingkang wiwitan piyambak, inggih punika: karaton punika wonten ing astanipun Allah; wosipun, ambuktèkaken bilih karaton ingkang miturut basanipun piweca kasebut karatoning Allah, punika ing samangké sampun wiwit dipun jumenengaken wonten ing bumi. Lajenging pangandika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng sampurnaning tumindakipun angger-anggering Pangéran wonten ing alam wadhag, sarta saking ngriku angsal pupuntoning panglimbang-limbang, bilih awon punika mesthi atemahan awon, saé ngedalaken woh saé. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken siksa ingkang calon badhé andhawahi para kafir margi anggènipun boten purun atur panuwun dhateng Pangéran; déné boten atur panuwun dhateng Pangéran wonten ing ngriki, punika anggènipun para kafir wau boten purun sami migunakaken indriya paparinging Allah ingkang kanggé ambédakaken antawisipun yakti lan panggorohan, lan ingkang milujengaken piyambakipun saking barang ingkang sakinten badhé mahanani karisakan. _____________ Surat 67 Karatoning Allah 1511 RUKU’ 1 Karatoning Allah 1-2. Karaton sarta pejah gesang punika kagunganipun Allah. 3-5. Kasawijèning warninipun angger-anggeripuin Allah.6-8. Wawales saé lan awon. JUZ XXIX Kalawan asmaning Allah Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Mahabarkah Panjenengané, kang karaton iku ana ing asta-Né, sarta Panjenengané iku marang samubarang kawasa,2526 2 Kang anitahaké pati lan urip, supaya Panjenengané anyoba ing sira – sapa sing luwih becik lakuné, lan Panjenengané iku Ingkang-Kinawasa, IngkangAparamarta,2527 2526. Surat-surat Makkiyah ingkang celak-celak, punika ingkang kathah-kathah kénging karacak mesthi kagolong wahyu ingkang tumurun dhateng Kanjeng Nabi Suci ing nalika jaman wiwitan. Surat-surat wau asring mangandikakaken kalayan sabda pangandika ingkang cumeplos ing bab kaagunganipun Gusti Allah. Pratélan ing ngriki ingkang mangandikaken bilih karaton punika kagunganipun Allah tuwin bilih Panjenenganipun punika nguwaosi ing samubarang, punika kados déné pratélan ingkang ngemu piweca badhé jumenengipun karatoning Islam, ingkang menggah ing sajatosjatosipun punika karatonipun Allah. Kula aturi nyundhukaken dhawuh punika kaliyan pangandikanipun Kanjeng Nabi ‘Isa ingkang mungel makaten: “karatoning Allah bakal pinundhut saka ing kowé, banjur kaparingaké marang sawijining bangsa kang angetokaké wohé” (Mat. 21:43). 2527. Angger-angger “gesang lan pejah’ utawi “tumuwuh lan risak,” punika tumindak wonten ing sagung dumadi. Nanging tumrap manusa, tumindakipun angger-angger wau wonten maksudipun ingkang mligi, jalaran pejah punika boten dados wekasaning gesangipun manusa, wangsul menggah ing sajatos-jatosipun pejah punika dados pancadan ingkang wiwitan kanggé murwani gesang énggal tumrap kamajenganing ruhani. Dados gesang ing ngalam donya, punika tumrap manusa dados panggemblèngan, inggih punika dados sarana kanggé ambabar sifat-sifatipun ingkang sumingid, kanggé anindakaken kasaénan. Nanging tumrap manusa, gesang lan pejah wau wonten maksudipun sanès ingkang langkung lebet, inggih punika gesang lan pejahipun umat utawi bangsa, sarta inggih gesang lan pejahipun umat punika, ingkang asring kapangandikakaken déning Quran Suci. Umat-umat ingkang tumindak awon kasirnakaken, umat sanès kajumenengaken minangka gegentosipun, supados sami nindakaken kasaénan. Umat wau saged gesang namung ing sadangunipun piyambakipun langkung kathah anggènipun adamel kasaénan dhateng manusa katimbang lan anggènipun adamel pituna; milanipun samangsa piyambakipun wiwit manggung gesang suka pari suka, gesang tungkul ing kamuktèn, saha ketungkul nindakaken awon, boten kénging boten mesthi badhé nemahi karisakan. Ungeling dhawuh punika kula aturi nocogaken kaliyan dhawuh ing 7: 129, ingkang tumuju dhateng titiyang Yahudi, ingkang mungel makaten “Manawa-manawa Pangéranira karsa anyirnakaké mungsuhira sarta amisuda sira dadi pamaréntah ing bumi, tumuli Panjenengané bakal amirsani kapriyé panggawénira.” Lan kula aturi nocogaken kaliyan dhawuh ing 10: 14, ingkang tumuju dhateng titiyang 1512 Ut. sungsunsungsun Karaton Juz XXIX 3 Kang anitahaké langit pitu padha;2528 sira ora andeleng ana gègèsèhané ing sajroning titahé Ingkang-Mahamurah; lah delengen manèh apa sira bisa weruh ana bléroné?2529 4 Banjur andelenga manèh bolabali; pandelengira bakal kuwur bali marang awakira sarta kesel. Ar. diyandiyan 5 Lan sayekti temen Ingsun angrerengga langit donya kalawan papadhang-papadhang sarta iki Ingsun gawé dadi sarana pangiraira tumrap para sétan,2530 lan Ingsun anyepakaké tumrap marang dhèwèké siksa geni murub. Muslimin, ingkang mungel makaten: “tumuli Ingsun andadèkaké sira dadi para pamarentah ing bumi ing sapungkuré dhèwèké, amurih Ingsun amirsanana, kapriyé tindakira.” 2528. Anggèn kula anjarwani tembung thibâqâ béda kaliyan jarwan ingkang sampun kaprah. Déné jarwan kula punika, awawaton ungel-ungelan ingkang kasebutaken déning LL wonten ing bab tembung thabq, ingkang awawaton IA’r tuwin ngulami sanès, makaten Jawinipun: barang iki jodhoné iki, utawi cundhuk utawi cocog karo iki, utawi padhané iki. Langkunglangkung malih teges punika nocogi kaliyan suraosing dhawuh, jalaran ayat punika ing salajengipun nerangaken kawontenanipun sagung dumadi ingkang nunggil cakrikipun. 2529. Dhawuh punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng angger-angger ingkang tumindak anyrambahi ing sagung dumadi, ingkang sifatipun sarwa laras saha runtut. Sagung dumadi boten wonten galap gangsulipun, liripun boten kelampahan wonten barang-barang ingkang nunggil golongan kerèh ing angger-angger ingkang béda-béda; makaten ugi inggih boten wonten bléronipun (futhur, ingkang déning Rgh dipun jarwani ikhtilâl, bosah-basih lan tanpa tatanan), liripun, boten kelampahan wonten angger-angger ingkang tumindakipun boten sarwa laras. Nadyan sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ayat punika mengku karsa dhawuh anggatosaken ing wontenipun Pangéran Ingkang-Mahaluhur, ingkang kaseksèn ing angger-angger ingkang sarwa laras saha sarwa runtut, ingkang tumindak anyrambahi ing sagung dumadi punika, éwadéné taksih wonten malih maksudipun ingkang mligi, inggih punika dhawuh migatosaken dhateng angger-angger ruhani, ingkang tumindakipun inggih sarwa runtut, kadosta awon lan saé mesthi nguwuhaken wawales piyambakpiyambak. 2530. Papadhang ingkang dipun anggé madhangi langit ing donya inggih punika lintang-lintang, punika sami dipun anggé sarana nginten-inten lalampahan ingkang badhé dhateng déning para tukang pethèk. Makaten punika suraosipun ingkang cetha dhawuh punika. Tembung rujum punika jama’-ipun tembung rajam. Nalika nerangaken tegesipun tembung wau, I’As mawi nerangaken makaten “Rajm tegesipun nginten-inten prakawis ingkang boten kasebutaken déning Gusti Allah.” Salajengipun panjenenganipun mastani, para munajjîm (para tukang pethèk mirid lampahing lintang-lintang), para kâhin (para tukang jangka) tuwin para sâhir (para juru-kemayan), punika sagolongan pangandikanipun: “milanipun panjenenganipun (inggih punika Kanjeng Nabi, ingkang hadits pangandikanipun katerangaken wonten ing ngriku) nganggep para tukang pethèk palintangan, inggih punika para ingkang sami nyinau bab lintang-lintang kanggé andhawahaken pancasan, saha ingkang mastani bilih lintang-iintang andayani awon utawi saé, punika sami tiyang kafir.” Rgh nalika nerangaken tembung- Surat 67 Karatoning Allah 1513 6 Lan tumrap para kang padha kafir marang Pangérané, siksa naraka, lan ala pangungsèn iku.* 7 Samangsané dhèwèké dicemplungaké ing kono, bakal padha ngrungu pangadhuhé kang seru, kang sartané umob. 8 Kaya anjeblos-jeblosa saking muring. Saben ana grombolan dicemplungaké ing kono, sing njaga takon marang dhèwèké: apa ora ana juru-pépéling sing nekani kowé? Ar. ageng 9 Bakal padha mangsuli: Inggih saèstu sampun wonten juru-pèpènget andhatengi kawula, ananging kula sami anggorohaken sarwi wicanten: Allah boten nurunaken punapa-punapa: malah sampéyan punika dumunung ing sasar ingkang sanget. 10 Lan bakal padha calathu: Mungguh aku biyèn angrungokna utawa amikir-mikira ora bakal aku dadi èwoné wong kang padha manggon ing geni kang murub. 11 Banjur dhèwèké padha ngrumangsani marang kaluputané; mulané, adoh tumrap para kang manggon ing geni murub iku (saka ing kabecikan). -tembung wau mawi nerangaken makaten: “lan tembung rajm punika sacara éntar dipun anggé kalayan mengku teges panginten-inten tuwin pangothak-athik.” LL ugi negesi makaten wau tumrap ing ayat punika, kalayan awawaton Bd tuwin TA makaten: “Ingsun wis andadèkaké iku dadi sarananing ngira-ira tumrap para sétaning manusa inggih punika para tukang pethèk palintangan.” Dados ingkang dipun karsakaken wonten ing ngriki punika para tukang pethèk palintangan, ingkang sami ngapusi tiyang kathah sarana nyariyosi prakawis warni-warni, ingkang manut pangakenipun saged kasumerepan saking lintang-lintang. Para titiyang wau sami kaparingan dhawuh, bilih sami badhé angsal siksa urub margi anggènipun ulah panggorohan nginten-inten wau. * 1514 Karaton Juz XXIX 12 Wondéné para kang padha wedi ing Pangérané ing dalem pasepèn, bakal padha pinaringan pangapura sarta ganjaran gedhé. Ar. dhadha 13 Lan sira singidna calathunira utawa sira wedhara, sayekti Panjenengané iku Angudanèni apa kang ana sajroning ati. 14 Apa Panjenengané, Kanganitahaké, iku ora uninga? Lan Panjenengané iku Ingkang-Anguningani sabarang kang lembutlembut, Ingkang-Waspada. RUKU’ 2 Siksanipun para kafir 15-19. Pidana punika sampun tamtu ananging Allah Ingkang-Mahawelas anyandhèkaken. 20-22. Anggènipun tanpa daya. 23-24. Kamurahanipun Pangéran. 23-30. Siksa punika sampun tamtu. Ar. tangi Ar. dhèwèké 15 Panjenengan iku kang wus andadèkaké bumi lètèr tumrap marang sira, mulané padha anjajaha ing lumahé kang jembar sarta padha mangana rijekiné, tuwin marang Panjenengané bali sawisé mati iku. 16 Apa sira wis rumasa aman saka kang ana ing langit yèn Panjenengané angarsakaké bumi anguntal ing sira? Elo! coba delengen, buminé arep oreg.2531 17 Utawa apa sira wis rumasa aman saka kang ana ing langit, yèn Panjenengané anurunaké siksa marang sira? Lah sira bakal weruh, kaya apa pépéling-Ingsun. 2531. Kang ana ing langit, punika tegesipun para malaikat ingkang sami tinanggenah andhawahaken siksa dhateng para mengsahipun yakti (Bd). Utawi ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika Panjenengané kang ana ing langit, liripun Panjenengané kang dhawuhé kinawasa ana Surat 67 Ar. anggonIngsun angowahi kahanané Siksanipun para kafir 1515 18 Lan temen, para (wong) ing sadurung dhèwèké padha anggorohaké (kasunyatan), banjur kaya apa ora-sarju-Ningsun. 19 Apa dhèwèké padha ora anyawang marang manuk-manuk kang ana ing dhuwuré angegaraké (suwiwiné) sarta angingkupaké? Apa sing nahan awaké kajaba Ingkang-Mahamurah? Sayekti Panjenengané amriksani samubarang.2532 20 Utawa sapa ta sing bakal dadi wadyabala tumrap marang sira, (sing) bakal mitulungi sira, saliyané Ingkang-Mahamurah? Ora liya para kafir iku kajaba dumunung ing panasaran. 21 Utawa, sapa ta bakal awèh rijeki marang sira, manawa Panjenengané anahan rijeki-Né? O, dhèwèké malah andarung anggoné anginakaké lan angedohi.2533 Ar. apa pituduh Ar. olèh 22 Lah apa wong sing lumaku andhungkluk, rainé tumungkul, luwih weruh dalan tinimbang wong sing lumaku jejeg ngambah dalan bener.2534 ing langit wondéné “dhawuh ingkang wonten ing langit” kasebutaken, punika kanggé anélakaken bilih Panjenenganipun kawasa andhawahaken siksa, ingkang boten saged dipun singkiri déning sintena kémawon. 2532. Peksi-peksi katahan, punika mengku teges kamenanganipun Islam kasumenèkaken. Mila mengku teges makaten, awit peksi punika katembungaken tut wingking wadyabala ingkang menang (mirsanana 1387). Pandangon ing ayat candhakipun, sinten ingkang badhé mitulungi piyambakipun, punika angiyataken teges makaten wau. 2533. Punika ugi piweca rejekinipun nyata katahan nalika ing nagari Makkah wonten paceklik ageng. Piweca-piweca bab prakawis punika kathah sanget wonten ing Quran Suci, sami ugi kasebut wonten ing wahyu ingkang tumurun kantun. Mirsanana 2269. 2534. Tiyang ingkang lumampah “andhungkluk rainé tumungkul” punika tiyang ingkang sempoyongan lampahipun sarta kejungkel-jungkel saben anjangkah, margi saking boten katuntun ing yakti. 1516 Karaton Juz XXIX 23 Calathua: Panjenengané iku kang anuwuhaké sira sarta andamelaké sira pangrungu lan pandeleng sarta ati: sathithik anggonira padha atur panuwun. 24 Calathua: Panjenengané kang andadèkaké sira babranahan ing bumi lan marang Panjenengané anggoné sira bakal diimpun. 25 Dhèwèké bakal padha calathu: Kapan bakal kalakoné ancaman iki, manawa kowé iku wong temen. 26 Calathua: kawruh (prakara iku) mung ana ing ngarsaning Allah, sarta aku iki mung jurupépéling kang terang. Ut. ala 27 Ananging bareng dhèwèké weruh (siksa) iku wis cepak, wong kang padha kafir padha (katon) susah rainé, sarta bakal padha dicalathoni: yaiki sing koajab adaté kaé. 28 Calathua: apa sira padha mawas manawa Allah bakal anglebur aku sarta sapa-sapa kang nyartani aku – malah Panjenengané bakal kagungan welas marang aku; banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani?2535 29 Calathua: Panjenengané iku Ingkang-Mahamurah, aku padha angèstu ing Panjenengané sarta marang Panjenengané kumandelku; tumuli sira bakal padha weruh sapa sing dumunung ing sasar kang terang. 2535. Suraosipun, kalayan sawarnining sarana tiyang duraka badhé kapurih tanggel saha nandhang wohipun ingkang awon sabarang ingkang sampun katindakaken, sami ugi punapa nalika Kanjeng Nabi Surat 67 Siksanipun para kafir 1517 30 Calathua: Apa wawasanira, manawa banyunira ambles mangisor, lah sapa sing anekakaké banyu ilèn marang sira? dalah para sahabatipun taksih sugeng punapa sampun séda. Semang-semang dhateng ganjaranipun tiyang tulus kasirnakaken sami sanalika déning dhawuh ingkang mungel malah Panjenengané bakal kagungan welas marang aku. Jalaran, au punika tegesipun malah; mirsanana LL ingkang nyebutaken Mgh. ______________ SURAT 68 AL-QALAM (Kalam = Pèn) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 52 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Sanès ayahanipun tiyang éwah. Pèpènget tumrap sadaya bangsa. Katerangan gerban Nalika Kanjeng Nabi andhatengaken ayahan ingkang kaampil, ing sakawit para titiyang kafir sami mastani panjenenganipun punika tiyang éwah; lah surat punika gagandhèngan kaliyan pandakwa makaten wau. Pamangsèn lan kalam lan barang ingkang kaserat dipun anggé pasaksi, bilih sadaya ingkang kadhawuhaken déning Kanjeng Nabi punika sanès ungelipun tiyang éwah; lah inggih awit saking kawontenan punika déné surat punika kanamakaken makaten wau. Kados pundi anggènipun barang-barang wau sadaya suka pasaksi dhateng kayektènipun Kanjeng Nabi, katerangaken wonten ing 2536. Ruku’ ingkang sapisan dipun wekasi kalayan sanépa, ingkang kalayan cetha mecakakaken bilih sadaya panglawanipun para titiyang Makkah dhateng Kanjeng Nabi punika mesthi badhé boten angsal damel babar pisan, sarta temahanipun para titiyang wau mesthi badhé keduwung déning sabarang ingkang sampun katindakaken. Ruku’ ingkang kaping kalih migatosaken seserepan bab prakawis ingkang badhé kelampahan ing wekdal ingkang badhé dhateng, ingkang kawedharaken lantaran Quran Suci; Kanjeng Nabi dipun dhawuhi supados panjenenganipun angentosi kémawon kalayan sabar kasil angsal-angsalaning pakaryanipun; Kanjeng Nabi Yunus kasebutaken kanggé conto, ingkang wigatos anerangaken bilih cobi lan panandhang, punika tarkadhang sok damel semang-semang dhateng bab angsal-angsalaning damel wau, sanajan ta sampun genah mesthi badhé kelampahan saèstu; surat punika pinungkasan kalayan pratélan ingkang nerangaken bilih Kanjeng Nabi punika boten namung sanès tiyang éwah kémawon, nanging dalasan ayahan ingkang dipun ampil, punika rèhning pèpènget tumrap sadaya umat, ing wasananipun mesthi badhé ngangkat ing ngaluhur sagung para manusa sadaya. Kedah dipun pèngeti bilih wonten ing surat punika, ingkang ingakenan salah satunggaling dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan, ayahanipun Quran Suci punika kadhawuhaken manawi tumrap sadaya umat. Titimangsaning tumurunipun Bab prakawis titimangsaning tumurunipun, pamanggihipun para saged mastani ing wekdal ingkang wiwitan sanget, ngantos surat punika limrahipun kaanggep surat ingkang kaping kalih menggah ing urut-urutaning tumurunipun. Nanging rèhning hadits-hadits ingkang kénging pinitados nerangaken bilih surat ingkang kaping 7 ingkang tumurun angka kalih, mila saged-sagedipun surat punika kapapanaken ing sasampunipun surat ingkang kaping 7 wau. Tuwan Muir lan para titiyang ingkang ngrujuki pamanggihipun, anggadhahi pamanggih bilih surat punika tumurunipun nalika ngajengaken pungkasanipun jaman Makkah wiwitan, nanging punika genah klèntu. Sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih pandakwanipun para kafir ingkang wiwitan dhateng Kanjeng Nabi, punika andakwa bilih panjenenganipun punika tiyang éwah; inggih pandakwa punika, ingkang kapangandikakaken déning surat punika; bab prakawis punika sampun genah tur mawi sanget, manawi nitik saking ayat ingkang angka kalih saha ayat ingkang pungkasan piyambak. ingkang makaten wau anedahaken kalayan cetha bilih surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang tumurun rumiyin piyambak. ______________________ Surat 68 Sanès ayahaning tiyang éwah 1519 RUKU’ 1 Sanès ayahanipun tiyang éwah 1-7. Pakartinipun Kanjeng Nabi ingkang luhur dalah pasaksènipun. 8-16. Tiyang ingkang kumaluhur-luhur badhé dipun asoraken. 17-33. Sanépa ingkang nedahaken, bilih ingkang ngalang-alangi boten badhé subur. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 (Waspadakna) pamangsèn2536 lan pèn sarta apa kang padha ditulis, 2 Kalawan kanugrahaning Pangéranira sira iku dudu wong owah.2537 2536. Nun punika sanès aksara kanggé pangringkesing tembung, nanging tembung, ingkang tegesipun pamangsén. Az boten nyarujuki katerangan punika wonten ing TA, mawi waton: manawi ateges wadhah mangsi, nun mesthi kaserat kados déné tembung boten kaserat kados déné aksara. Nanging ing pinten-pinten panggènan Quran sok boten manut caraning panyerat kados ingkang limrah-limrah sarta nglastantunaken caraning panyerat kados déné ingkang pinanggih wonten ing seratan Quran ingkang sakawit, ingkang lajeng dados babonipun sadaya tetedhakan seratan Quran. Langkung-langkung wonten pasaksènipun mufassir-mufassir ingkang kina piyambak, ingkang nerangaken bilih aksara nun ing ngriki punika tembung nun, awit Hasan lan Qatadah negesi nun wau pamangsén, déné I’Ab negesi ulam. Nitik suraosing dhawuh, déné nyebutaken kalam lan seratan, punika nedahaken manawi teges ingkang sapisan wau (pamangsén) langkung mathuk tumrap wonten ing ngriki (JB). Kateranganipun tuwan Rodwell tumrap dhawuh punika, bilih “ciri punika saha ciri-ciri saminipun punika sadaya ingkang wonten ing Quran, boten sami dipun mangertosi menggah ing tegesipun déning titiyang Muslimin piyambak, nadyan nalika jaman abad ingkang kaping sapisan,” punika anedahaken bilih panjenenganipun, ing atasipun dados tukang anjarwakaken Quran Suci, kesangeten anggènipun bodho. Aksara-aksara pangringkesing tembung ingkang pinanggih wonten ing wiwitaning surat, punika kathah ingkang katerangaken tegesipun déning para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci, Ibnu ‘Abbas minangka pasaksèn ingkang baku piyambak. Qatadah, inggih punika sahabatipun I’Ab, punika sampun terang sugeng nalika abad ingkang sapisan; sabagéan kathah tafsiranipun sahabat I’Ab ing dhawuh-dhawuhipun Quran Suci, lumunta ngantos turun-tumurun margi dipun lumuntakaken déning Qatadah wau. 2537. Pandakwanipun ingkang wiwitan titiyang kafir Makkah dhateng Kanjeng Nabi Suci, punika andakwa Kanjeng Nabi majnun, éwah. Pandakwa punika karembag wonten ing surat punika, déné wangsulan ingkang sapisan tumrap pandakwa wau, kasebut wonten ing ayat kakalih ingkang kawitan. Pamangsén lan sabarang ingkang kaserat kasebutaken, punika menggah ing sajatos-jatosipun, wigatos dhawuh anggatosaken dhateng pinanggihing kasunyatan, bilih piweca-piwecanipun Kanjeng Nabi ing bab prakawis badhé kadadosanipun tuwin bab prakawis pepesthèn ingkang badhé dipun sandhang déning titiyang Makkah, ingkang sadaya wau sampun sami kaserat, punika sampun saged ambuktèkaken bilih Kanjeng Nabi punika boten éwah; awit kaselak mokal pangomyangipun tiyang éwah teka netes saèstu. Kedah dipun pèngeti bilih marambah-rambah Quran Suci nantang para mengsahipun, supados sami nyerati pamecanipun bab Kanjeng Nabi; dados punika ateges anedahaken bilih piweca-piwecanipun piyambak, sampun kaserat sayektos wiwit wiwitan mila. Dados awit saking 1520 Kalam Juz XXIX 3 Sayekti, temen sira bakal olèh ganjaran kang tanpa pedhot.2538 Ar. agung 4 Lan sayekti, temen sira iku anglungguhi budi pakarti kang luhur.2539 punika, surat punika, ingkang kagolong kina piyambak, punika dados bukti ingkang cetha, bilih saben wonten dhawuh Quran ingkang tumurun dhateng Kanjeng Nabi, mesthi lajeng kémawon tumunten dipun serati. Bab punika kula aturi mirsani ayat angka 47, tuwin 52: 41: “Utawa apa dhèwèké duwé kawruh marang kang ora katon, kang banjur padha ditulisi?” Dados, pamangsèn lan kalam lan sabarang ingkang dipun serati, punika ateges piweca-piweca bab Kanjeng Nabi Suci ingkang kasebutaken wonten ing ayat 3 tuwin piweca-piweca bab para mengsah ingkang kasebut ing ayat 17-33; salajengipun para mengsah wau sami kadhawuhan nyerati piweca-piwecanipun para tukangipun pethèk piyambak. Nanging dhawuh punika ugi mengku suraos ingkang langkung jembar malih, inggih punika anedahaken bilih Quran punika badhé lastantun tansah anglenggahi papan ingkang miyambaki boten wonten ingkang ngungkuli wonten ing antawisipun kitab-kitab suci ingkang naté kaserat. Dados punika ateges, bukti papancasan ingkang nélakaken Kanjeng Nabi, ingkang nampèni Quran wau, sanès tiyang éwah, punika badhé tansah wonten. Wondéné anggènipun Quran Suci ngungkul-ungkuli sadaya kitab suci ing jagad, punika déné Quran Suci punika kalangkung déning sampurna tuwin jangkep langkep pangrembagipun ing sawarnining kasunyatan agami, ngantos saben kasunyatan agami punika mesthi kalebet wonten ing ngriku, sarta saben piwulang ingkang lepat mesthi kadumuk lepatipun wonten ing ngriku. Mirsanana 1785. 2538. Minangka pasaksènipun prakawis ingkang sampun kadhawuhaken wonten ing ayat ingkang sampun, Kanjeng Nabi kapangandikanan bilih panyarempengipun mesthi badhé ngangsalaken ganjaran ingkang tanpa wonten pedhot-pedhotipun; terangipun: panjenenganipun mesthi badhé kadumugèn anggènipun anjumenengaken agami, tur ingkang kalayan tanpa wonten telas-telasipun, jer tindakipun tiyang éwah mesthi boten badhé wonten wohipun, nadyan ing jaman salebetipun inggih boten. Dados dhawuh punika boten namung mecakaken kalayan terang gamblang bab kamenanganipun ingkang wekasan Kanjeng Nabi dhateng para mengsahipun kémawon, nanging ugi mecakaken, bilih punapa ingkang kasebutaken wonten ing dalem Quran, punika santosa adegipun, ngantos séwu mokal yèn wontena dhawuh Quran ingkang boten kabuktèn kanyataanipun. 2539. Kanjeng Nabi netepi budipakerti ingkang luhur, punika ugi dados bukti bilih boten yèn ta panjenenganipun punika tiyang éwah. Punika boten namung pangaken thok, wangsul menggah ing luhuring bubudènipun Kanjeng Nabi Suci wau, sampun dipun akeni déning titiyang ingkang sami milawani wau piyambak, ngantos panjenenganipun dipun juluki Al-amin, inggih punika jujuluk ingkang boten naté dipun anggé anjuluki sinten kémawon déning bangsa Arab; malah pinanggihipun wonten ing babading donya, boten naté wonten satunggaling bangsa ing sagemblengipun, anjuluki satunggaling tiyang, mawi jujuluk wau. Bangsa Arab punika bangsa ingkang watakipun gumedhé tur remen peperangan antawisipun pancer-pancer tuwin gotrah piyambak; dados ambokmanawi kémawon tumrap bangsa Arab wau, tangèh yèn puruna ngakeni luhuring bubudènipun satunggaling tiyang, ingkang boten jumeneng ratu, boten dados sesepuhing pancer, sanès prawira linangkung tuwin sanès juru-nganggit kidung ingkang misuwur. Dados, manawi bangsa wau ngantos anjuluki panjenenganipun kalayan jujuluk ingkang tanpa sami wau, kénging katamtokaken mesthi botenipun yèn ta anggènipun anjuluki wau namung mengku pamrih badhé ngumpak utawi ngonggrong panjenenganipun. Al-amîn punika tegesipun tiyang ingkang kénging pinitados (LL); dados manawi jujuluk punika kanggé anjuluki Kanjeng Nabi, punika ateges para titiyang wau ngatingalaken anggènipun sami angakeni lan angurmati luhuring bubudènipun Kanjeng Nabi wau, ngantos kados-kados ngemungaken panjenenganipun piyambak, lan namung satunggal thil, (bab punika kabeta wonten ing ater-ater al), tiyang ingkang kénging pinitados tumrap sadaya prakawis. Siti ‘Aisyah, ingkang menggah ing caketipun kaliyan Kanjeng Nabi boten wonten ingkang ngungkuli, neksèni luhuring budipakertinipun Kanjeng Nabi . makaten jawinipun budipakertiné Kanjeng Nabi iku Quran. Terangipun, Surat 68 Sanès ayahaning tiyang éwah 1521 5 Lah sira bakal weruh, sarta dhèwèké (iya) bakal padha weruh. 6 Sapa sing antaranira kang kadunungan lara owah. 7 Sayekti Pangéranira iku banget angudanèni marang sapa sing sasar saka ing dadalan-É, sarta Panjenengané iku banget angudanèni wong kang ngambah dalan bener. 8 Mulané aja sira ambangun turut marang wong kang maido. 9 Dhèwèké padha angarep-arep supaya sira ngembat banjur dhèwèké (iya) bakal padha ngembat.2540 10 Lan aja sira manut marang sarupaning tukang supata kang ina,2541 11 Tukang nacad, kang gawéné nebar pangolok-olok. 12 Tukang nglarangi panggawé becik, mlangkah wawates dosa, sadaya gambaring budipakerti luhur ingkang kagelaraken déning Quran Suci, punika menggah ing sajatos-jatosipun paring gagambaran agunging budipakertinipun Kanjeng Nabi punika kados punapa. Quran Suci kalayan terang nyebut panjenenganipun punika conto (33: 21). Wonten saprakawis ingkang murugaken panjenenganipun ngungkuli para nabi sanès-sanèsipun sadaya tuwin para titiyang ageng sadaya, inggih punika margi luhuring budipakertinipun Kanjeng Nabi punika gumelar wonten ing saben lalampahaning ngagesang, wangsul saben nabi sanèsipun sugengipun namung suka conto bab budipakerti luhur tumrap sawatawis lalampahaning ngagesang ingkang tartamtu. 2540. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ing sakawit titiyang Quraisy punika sami gadhah kajeng, ambok inggih Kanjeng Nabi punika anggènipun nglepataken pandamelipun ingkang awon para titiyang Quraisy wau sampun sanget-sanget; lah manawi makaten, piyambakipun inggih boten sanget-sanget anggènipun milawani dhateng panjenenganipun. Wondéné titiyang Quraisy gadhah kajeng ingkang kados makaten wau, punika saking anggènipun ngaosi dhateng Kanjeng Nabi. Kawontenan punika ugi anedahaken bilih surat punika kagolong wahyu ingkang kina piyambak, awit ing taun-taun pawingkingipun anggènipun milawani para titiyang Quraisy saya sakalangkung sanget. 2541. Tiyang ingkang dipun karsakaken inggih punika Walid bin Mugirah (JB), utawi Abu Jahl, utawi Aswad bin Abdi Yagus, utawi Akhnas bin Syuraiq (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun, nitik dhawuhing ayat 8 ingkang mungel “Aja sira ambangun turut marang wong kang padha maido,” sisifatan ingkang kadhawuhaken punika mathuk kaliyan sisifatanipun sadaya panuntun tukang milawani dhateng Kanjeng Nabi Suci. 1522 Ar. kalok ala kalakuané Kalam Juz XXIX 13 Asor, kajaba saka iku turun ina. 14 Dumèh kadunungan bandha lan anak. 15 Samangsa diwacakaké timbalan-timbalan-Ingsun acalathu: dongèngé para kina. Ut. irungé sing dhuwur 16 Ingsun bakal anyirèni dhèwèké ana ing irungé.2542 17 Sayekti Ingsun bakal nyoba dhèwèké kaya anggon-Ingsun anyoba wong-wong kang duwé kebon nalikané padha sumpah, temen arep angunduhi wulu wetuné ing wayah umun-umun.2543 Ut. ora nganggo ngèngèh 18 Lan ora anisihaké sapérangan (kanggo wong kang kasrakat). 19 Wasana bilai saka Pangéranira anglimputi iku, kang sarta dhèwèké padha turu. 20 Satemah dadi lemah kang geseng lan cengkar. 2542. Anyirèni irung, punika sami kaliyan adamel ing satunggaling tiyang nandhang camah ing salami-laminipun (Rgh). Ingkang salugu khurthum punika ateges tlaléning liman (Rgh), utawi congoring sato galak (TA), utawi irung ingkang ageng utawi ingkang inggil (MA)” (LL). Ing ngriki tembung wau kanggé nembungaken irunging tiyang, minangka kanggé nedahaken awonipun (Rgh). Rèhning anf utawi irung punika péranganing rai ingkang wigatos piyambak, mila lajeng kaanggep ateges al-hamiyyah (Rz), jawinipun pangina. Awit saking punika ugi mila anfatun punika lajeng ateges ina utawi camah (LL). Para ingkang numrapaken sisifatan punika tartamtu dhateng Walid bin Mugirah, anggènipun nyuraos nyirèni irung kalayan walaka, inggih punika dumunung piweca, ingkang katuhonan wahananipun nalika ing prang Badr: ing nalika prang Badr, Walid bin Mugirah wau ketaton irungipun, ngantos dumugi pejahipun tatu wau lastantun taksih ketawis (Bd, Rz). Bd ugi mewahi katerangan makaten: tembung wau kagem amedharaken bilih Panjenenganipun badhé adamel asor ingkang sakalangkung sanget dhateng piyambakipun. 2543. Punika pasemon ingkang kanggé nyanépakaken nasibipun ingkang wekasan para titiyang Quraisy, inggih punika piyambakipun mesthi boten badhé saged ngundhuh piguna saking barang ingkang sampun sami katanem. Dhawuh punika golonganipun piweca-piweca ingkang kina piyambak, inggih punika nalika Kanjeng Nabi Suci dèrèng sakalangkung sanget anggènipun dipun mengsahi kados nalika jaman Makkah ingkang wekasan; suprandéné piweca punika kadhawuhaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang cetha awéla-wéla. Surat 68 Sanès ayahaning tiyang éwah 21 Ing wayah umun-umun dhèwèké wis padha uwuh inguwuh, 22 Calathuné:a Padha mruputa marang tegalmu manawa kowé arep padha ngundhuhi (wulu-wetuné) 23 Banjur padha mangkat karo padha rerembugan sisidheman, 24 Calathuné: Ing dina iki aja ana wong miskin mlebu mrono (anggolong) marang kowé. 25 Lan ing wayah ésuk padha mangkat, kalawan duwé kakuwatan kanggo ngalang-alangi. 26 Ananging bareng weruh tegalé, padha calathu: sayekti aku iki padha kesasar: 27 O, malah aku iki padha kélangan. 28 (Wong) kang becik dhéwé acalathu: Apa aku rak wis kandha menyang kowé: yagéné kowé ora padha Mahasucèkaké (Gusti Allah)? 29 Dhèwèké padha angucap: Mahasuci Pangéran kawula, saèstu kawula punika sami anganiaya. 30 Nuli kang sawenèh maju marang sawenèhé, tutuh-tinutuh. 31 Padha ngucap: O, cilaka aku iki! temen aku padha ambalasar. 32 Mbokmanawa Pangéranku bakal aparing liliru marang aku kang luwih becik tinimbang iku; 1523 1524 Kalam Juz XXIX sayekti, marang Pangéranku olèhku padha nyuwun kalawan konjem.2544 33 Kaya mangkono iku siksa iku, lan sayekti, siksa ing akhirat iku luwih gedhé, yèn ta dhèwèklé padha weruha.2545 RUKU’ 2 Pèpènget tumrap sadaya bangsa 34-41. Titiyang tulus kaliyan titiyang awon punika boten sami. 42-47. Weca. 48-50. Kedah kalayan sabar angentosi wusananipun: Nabi Yunus dados conto. 51, 52. Pèpènget tumrap sadaya bangsa. 34 Sayekti, para wong kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala) iku bakal olèh patamanan nugraha ana ing ngarsaning Pangérané. 35 Lah apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadèkaké kaya wong duraka? Ut. pancasanira Ar. ing jeroné 36 Sira padha anu apa? Kapriyé panemunira? 37 Apa sira duwé kitab kang isiné sira waca, 38 Kang ing jeroné sira temen éntuk apa kang sira karepaké? 2544. Punika anedahaken bilih kajawi ngancam siksa para titiyang Makkah, Quran ugi mecakaken bilih ing wasananipun para titiyang Makkah wau mesthi badhé purun nampeni yakti. Watawis kalih dasanan taun malih, ingkang kawecakaken ing ngriki punika kelampahan saèstu, inggih punika nalika bedhahipun nagari Makkah. Prakawis-ptakawis ingkang kanggé waton mengsahi Kanjeng Nabi Suci ngantos pinten-pinten taun, ical atanpa tilas; pambudidayanipun gagal tanpa tanja; panguwaosipun wonten ing nagarinipun ucul saking tanganipun. Nanging para titiyang wau sami ngrumaosi anggènipun dumunung ing sasar, lajeng sami ngrasuk Islam, sarta lajeng kadadosaken tiyang ingkang nyepeng pepréntahanipun kerajan ingkang sakalangkung jembar. Lah kados makaten punika anggènipun Pangéran maringi dhateng piyambakipun lilintu ingkang langkung saé katimbang lan ingkang sampun, jalaran para titiyang wau sami adhedhépé dhateng Panjenenganipun. 2545. Siksa ing akhirat kasebutaken piyambak, punika dados pasaksèn ingkang terang, bilih siksa ingkang kapangandikakaken wonten ing ayat-ayat ingkang sampun, inggih punika ingkang kasebutaken malih ing wiwitanipun ayat punika wonten ing dhawuh ingkang mungel: kaya mangkono iku siksa iku, punika siksa ingkang badhé andhawahi piyambakipun wonten ing gesang sapunika punika. Wondéné siksa wau lajeng dados pasaksèn, bilih siksa ing akhirat punika nyata wonten sayektos. Surat 68 Pèpènget 1525 39 Utawa apa sira tampa prajanjian saka Ingsun kang dikukuhaké kalawan sumpah, nganti tumeka ing dina kiyamat, yèn sira temen bakal éntuk apa pancasanira? 40 Padha takonana, dhèwèké sapa sing tanggung tumrap prakara iku. 41 Utawa apa dhèwèké duwé sakuthu? Lah cikbèn padha anekakaké sakuthuné, yèn dhèwèké iku padha wong temen. Ut. kuwat 42 Ing dina bakal anané bilai gedhé sarta dhèwèké bakal padha diuwuh sujud, ananging padha ora bisa,2546 2546. Tegesipun manut serat-serat bausastra, sampun katerangaken sacekapipun wonten ing 1855. Ing ngriki kula badhé mewahi katerangan sakedhik saking kitab-kitab . tafsir. Bd anjarwani punika ateges jawinipun ing dinané prakara dadi prakara gedhé (utawi ing dinané ana kasusahan kang abanget). Salajengipun / jawinipun: ing dinané Bd ugi suka teges satunggal malih, inggih punika kayektèning prakara ginawé ngégla. Kf nerangaken: / ateges ngliga kémpol) tuwin / (ingkang wantahipun (ingkang wantahipun ateges ambuka tungkak), punika paribasan ingkang kanggé maribasakaken satunggaling prakawis ingkang ageng tuwin kasusahan ingkang sakalangkung sanget; wondéné asalipun paribasan wau, mirid saking kawontenanipun tiyang èstri ingkang lumajeng sasaran margi saking kagèt lan kuwatos, ngantos salebetipun lumajeng wau sami nyincingaken sandhanganipun saking kémpolipun, tuwin ngatingalaken tungkakipun.” Salajengipun, kanggé angiyataken kateranganipun, Kf nyebutaken kidungan kakalih, / ingkang lajeng katerangaken makaten: tegesipun: ing dinané prakara bakal dadi prakara gedhé lan anggirisi, ing kono ora ana ngégla lan ora kémpol.” IAs nalika nerangaken / tetembungan saminipun ingkang kados makaten wau inggih punika ingkang kasebut wonten ing Hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, mèh sami plek kados kateranganipun Kf wau. Rz nganggep as-sâq punika tegesipun asy-syidah, sarta nyebutaken kidung Arab gangsal padha, sarwi nulak pamanggihipun titiyang Musyabbihah, ingkang sami nyuraos kalayan walaka tetembungan wau. Para mufassirin ugi sami pasulayan ing pamanggih, punapa dadosipun anggirisi wau wonten ing gesang sapunika-punika, punapa ing gesang sasampuning pejah. Abu Muslim mastani ing gesang sapunika punika, Rz ngrujuki. Nanging, kados déné ingkang sampun asring kula sebutaken, dadosipun anggirisi lan kasusahan ingkang kaancamaken dhateng para kafir, punika dhumawah dhateng para kafir wau wonten ing gesang sapunika; nanging gumelaripun ingkang langkung sampurna malih, badhé kelampahan bénjing ing gesang sasampuning pejah. 1526 Kalam Juz XXIX 43 Padha andhingkluk pandelengé, nistha-papa anibani; lan sayekti, biyèn dhèwèké padha diuwuh sujud, nalikané isih padha slamet. 44 Mulané togna baé Ingsun sarta sapa-sapa sing padha anggorohaké timbalan iki; kalawan sarenti Ingsun bakal anukup dhèwèké saka ing panggonan kang dhèwèké ora weruh. a. 965 45 Lan Ingsun aparing sumené marang dhèwèké; sayekti, rancangan-Ingsuna iku kenceng.2547 46 Apa sira anjaluk pituwas marang dhèwèké nganti dhèwèké nyangga utang? 47 Utawa apa dhèwèké duwé (kawruh marang) kang ora katon, kang banjur ditulisi?2548 48 Mulané di sabar angentèni pancasané Pangéranira, aja kaya mitraning iwak, kang angadhuhadhuh nalikané ana sajroning babaya.2549 49 Yèn ta ora anaa nugraha saka Pangérané tumeka marang dhèwèké, masthi dhèwèké ngalumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cinacad. 2547. Piyambakipun sami kaparingan inah, nanging siksanipun sampun genah. 2548. Saben wonten rembag bab prakawis sumerep barang gaib, asring mawi nyebutaken seratan. Mila makaten awit ngemungaken seratan kémawon ingkang saged ngantebaken, ing kayektèning piweca. Wontenipun ayat-ayat ingkang kados makaten punika, dados bukti ingkang terang bilih Quran piyambak, ingkang isi piweca pinten-pinten, punika sampun kaseratan wiwit ing sakawit mila. Jalaran saupami botena makaten, panantang dhateng para mengsahipun supados sami nyerati sumerepipun dhateng barang ingkang badhé kelampahan lumantar para tukangipun pethèk, punika jekti atanpa teges; saya malih manawi angèngeti bilih panantang wau kamot wonten ing dhawah ingkang sepuh-sepuh. 2549. Ing ngriki Kanjeng Nabi Yunus kasebut mitraning ulam, punika margi wontenipun lalampahan ingkang kasebutaken ing 37: 142. Surat 68 Pèpènget 1527 50 Tumuli Pangérané amiji dhèwèké sarta didadèkaké golongané para wong tulus. 51 Lan para kang padha kafir amasthi padha nalorong sira kalawan pandelengé manawa ngrungu pépéling, karo padha ngucap: Temen, dhèwèké iku édan.2550 52 Lan iku ora liya kajaba pépéling tumrap kabèh bangsa. 2550. Surat punika dipun wekasi sami plek kaliyan wiwitanipun, inggih punika nyebutaken pandalihipun para titiyang kafir. Wondéné ayat ingkang pungkasan piyambak, lan iku ora lija kajaba pépéling tumrap para umat, punika dumunung ngringkes bukti-bukti ingkang dipun anggé nulak pandakwa wau. Menggah ing sajatos-jatosipun, bukti-bukti ingkang dipun gelar wonten ing surat punika, punika tansah kayektèn wonten ing sadaya jaman tuwin tumrap sadaya bangsa. Kapèngetana, dalasan dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan pisan, kados déné surat punika, sampun angundhangaken bilih ayahanipun Kanjeng Nabi punika kakersakaken tumrap sadaya umat. Miturut hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, inggih ayahan punika ingkang kagelaraken déning Kanjeng Nabi rumiyin piyambak. Dipun riwayataken Kanjeng Nabi naté mangandikakaken bagéndha Abu Bakr, inggih punika priya ingkang rumiyin piyambak ngrasuk agami Islam, makaten: “aku andhawuhaken marang para manusa, aku iku utusané Allah marang kowé kabèh; nanging kowé kabèh padha ngucap: kowé goroh. Abu Bakr ngucap: Panjenengan ngandika temen” (Bkh. Nalika nafsiri surat 7). ______________ SURAT 69 AL-HÂQQAH (Bilai ingkang masthi dhumawah) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 53 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Siksa. Pandalih goroh dipun tulak. Katerangan Gerban Surat punika cetha manawi langkung kantun tumurunipun katimbang lan surat ingkang sampun, awit surat punika mangandikakaken pandakwa-pandakwanipun para kafir ingkang kantun-kantun, inggih punika bilih Kanjeng Nabi punika juru nganggit kidung utawi tukang pethèk, utawi tukang duracara (ayat 41-44), déné surat ingkang sampun punika ingkang kawarsitakaken pandakawanipun para kafir ingkang rumiyin piyambak: Kanjeng Nabi tiyang éwah. Al-hâqqah, utawi Bilahi ingkang mesthi dhumawah, ingkang kaancamaken dhateng para titiyang Quraisy wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak, sarta ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika, punika siksanipun para titiyang Quraisy; pèpènget punika dipun sambeti ing pratélan bab nasibipun umat-umat ingkang rumiyin. Sepalihipun ingkang kantun ruku’ ingkang sapisan punika nyebutaken bilih bilai ingkang mesthi dhumawah, ateges wekdalipun para angèstu tampi ganjaran tuwin para ingkang sami atindak awon sami tampi siksa. Ruku’ ingkang kaping kalih nerangaken bilih pandakwa-pandakwanipun para mengsah, kadosta andakwa bilih Kanjeng Nabi juru nganggit kidung, utawi tukang pethèk utawi duracara, punika sadaya palsu. RUKU’ 1 Siksa 1-3. Siksanipun tiyang Quraisy. 4-12. Umat ingkang rumiyin. 13-37. Para mukmin sarta tiyang awon. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Bilai pinasthi! 2 Apa ta bilai pinasthi iku? 3 Lan apa kang bakal meruhaké sira, bilai pinasthi iku apa!2551 2551. Al-hâqqah punika karimbag saking tembungipun asal ingkang sakawit: haqq, tegesipun yakti, sarta kénging dipun werdèni warni-warni ingkang sadaya kémawon taksih sami mengku Surat 69 Siksa 1529 4 (Bangsa) Tsamud lan ‘Ad padha anggorohaké marang bilai kang anggegeteri.2552 5 Wondéné (bangsa) Tsamud, lah iku dilebur kalawan siksa kang banget anggegeteri.2553 6 Lan (bangsa) ‘Ad, lah iku dilebur kalawan angin gedhé anggigirisi, 7 Kang Dikarsakaké anglimputi tumempuh marang dhèwèké pitung wengi lan wolung dina tanpa mendha, supaya sira weruha, anggoné ambalasah bangsa iku ana ing kono, kaya déné klonthongan wit kurma. suraosing tembungipun ingkang sakawit. Dados tembung punika sami tegesipun kaliyan tembung . haqîqah, ingkang jawinipun kasunyatan, kados déné ing ukara jawinipun bareng dhèwèké weruh kasunyatan saka aku, dhèwèké banjur lumayu (TA). Tembung wau ugi ateges bilai ageng ingkang badhé kalampahanipun sampun katamtokaken utawi katetepaken (QLL), utawi sa’at ingkang mesthi kelampahanipun, utawi sa’at, ingkang ing ngriku badhé wonten: . jawinipun: bilai-bilai ageng (Rz), utawi sa’at ingkang ing kala punika sabarang prakawis badhé kasumerepan kalayan yakin (LL), utawi sa’at ingkang ing kala punika pandamel badhé angsal wawalesipun (Rz). Miturut Az, al-haqqah punika sa’at, ingkang ing kala punika yakti badhé dipun damel menang; wondéné sababipun mila kasebut makaten, awit yakti badhé saged ngawonaken sinten kémawon ingkang kalayan boten leres milawani agaminipun Allah. Para mufassirin sami mastani bilih sa’at wau ingkang dipun karsakaken dinten kiyamat. Nanging menggahipun kula, manut suraosing tembung ingkang warni-warni kasebut ing nginggil wau sadaya, boten wonten pakèwedipun manawi sa’at wau kasuraos ugi mengku teges sa’at dhumawahing siksanipun satunggaling umat ingkang kadhawahaken ing gesang sapunika punika. Menggah ing sajatos-jatosipun, tuladha bab kaum ‘ad, kaum Tsamud, raja Fir’aun tuwin kaum ing Sadum, punika sadaya anedahaken, bilih bilai ingkang mesthi dhumawah, ingkang wonten ing ngriki katembungaken al-hâqqah, punika boten kénging boten mesthi andhawahi para titiyang Makkah. Nyata lan sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih yakti, wawales, bilai, utawi kamenanganipun yakti ingkang kelampahan wonten ing gesang sapunika punika, cumethanipun ingkang kalayan sampurna piyambak bénjing wonten ing akhirat. Rèhipun makaten, mila dados tembung wau rangkep tegesipun, inggih punika siksaning umat wonten ing gesang sapunika punika, tuwin kiyamat ing bénjing. 2552. Al-qâri’ah punika ririmbangan saking tembung qar’, ingkang jawinipun pamupuhipun satunggaling barang dhateng satunggalipun (Rgh). Dados al-qâri’ah punika bilai ingkang kumampleng utawi bilai ingkang saged adamel giris dhateng manahing manusa (Rz). Ing ngriki ateges bilai ingkang sampun dipun pèpèngetaken dhateng kaum ‘Ad lan kaum Tsamud, nanging-déning kaum wau dipun paiben. 2553. Ath-thâgiyah punika ririmbagan saking tembung asal: thagâ, ingkang jawinipun nglangkungi wates; dados ath-thâgiyah punika kénging dipun tegesi siksa ingkang sakalangkung déning sanget (Rz anggènipun merdèni tembung wau kawontenan ingkang langkung ing wates menggah ing sangetipun), utawi saged ugi ing ngriki punika tembung aran ingkang ateges thugyân, jawinipun andaluya. Ingkang kasebut angka kalih wau anggènipun merdèni I’Ab tuwin Mjd tuwin Ibnu Zaid (AH). 1530 Bilai ingkang masthi dhumawah Juz XXIX 8 Lah apa sira andeleng, apa ana siji sing kari? a. 1196 9 Apa déné Fir’aun sarta wong ing sadurungé tuwin kutha-kuthaa kang padha ambruk iku anglakoni panggawé luput. 10 Sarta padha ambangkang marang Utusaning Pangérané, mulané Panjenengané amatrapi dhèwèké kalawan patrapan kang abot. b. 1180 11 Sayekti, nalika banyu munggah adhuwur, sira Ingsun emot ing prau,b 12 Supaya iku Ingsun dadèkaké pépéling tumrap marang sira sarta kuping kang rumungu bisa krungu. c. 789 13 Lan nalikané salompret tiniyup kalawan tiyupan sapisan,c 14 Sarta bumi lan gununggunung padha diangkat tuwin diremuk kalawan pangremuk sapisan, 15 Lah, ing dina iku lalakon kang gedhé bakal kalakon.2554 16 Lan langit bakal sigar, temahan ing dina iku langit bakal dadi ringkih, 17 Sarta para malaikat bakal padha ana ing sisihé kono; lan ing 2554. Temahanipun lalampahan ageng punika katerangaken wonten ing 56: 3; mirsanana 2425 tuwin 2426. Ing ngriku katerangaken bilih lalampahan ageng, al-wâqi‘ah, punika ateges leburipun titiyang Makkah ing gesang sapunika punika; nanging inggih nyata bilih cumethanipun ingkang sampurna lalampahan punika badhé kelampahan wonten ing gesang sasampuning pejah. Bumi lan redi sami sirna lan remuk tegesipun para tiyang alit lan tiyang ageng sami ambruk margi dhumawahipun karisakan utawi siksa wau. Surat 69 Ut. karatoning, kawasaning Siksa 1531 sadhuwuré dhèwèké, ing dina iku, wowolu bakal nyangga dhamparing Pangéranira.2555 2555. Kados déné ingkang sampun asring kula terangaken, cumethanipun ingkang kalayan sampurna kawontenan-kawontenan ingkang kados makaten punika bénjing ing dinten kiyamat, punika boten teka lajeng ateges bilih kawontenan-kawontenan wau babar pisan boten saged kelampahan wonten ing gesang sapunika punika, punika boten. Kosokwangsuliipun, cumethanipun kawontenankawontenan wau wonten ing gesang sapunika punika, nadyan namung sawatawis, punika malah saged ambuktèkaken badhé cumethanipun ingkang langkung ageng.nalih wonten ing akhirat. Sarta inggih makaten punika sifatipun ingkang miyambaki piweca-piwecanipun Quran ing babagan prakawis ingkang magepokan kaliyan akhirat. Kadosta, redi bengkah, punika ing dalem sawenèh suraosipun sampun kelampahan nalika prang Badr (984), sarta para malaikat inggih wonten ing ngriku biyantu dhateng titiyang Muslimin. Panguwaos kaampil ing wowolu wonten ing dinten wau, punika prakawis angèl. Sapisan, sadhuwuré dhèwèké, punika tegesipun sanginggilipun para malaikat ingkang kapangandikakaken wonten ing ayat ingkang sampun (Rz). Awawaton punika kula sami angsal pupuntoning pamanggih, bilih tukang ngampil panguwaos cacah wolu, punika manawi boten sawenèh titah ingkang pangkatipun wonten ing sanginggilipun para malaikat, inggih malaikat ingkang tartamtu, ingkang pangkatipun wonten ing sanginggilipun para malaikat limrah. Pantes pinengètan bilih tembung tsamâniyah’, utawi wolu wau boten kasambetan ing tembung punapa-punapa ingkang anedahaken ingkang cacah wolu wau punapa. Para mufassirin limrahipun sami gadhah panginten, bilih punika para malaikat; nanging para mufassirin ingkang langkung ngatos-atos boten sami purun mastani punapa-punapa, dalasan mastani cacahipun kémawon inggih boten purun. Sawenèhipun wonten ingkang mastani bilih saged ugi tegesipun punika wolung èwu, sanèsipun malih mastani wolung tataran (Kf, déné pamanggih angka kalih wau pamanggihipun Dk). Kf mewahi katrangan: “sarta saged ugi ingkang wolu wau ruh utawi sawenèh titah sanèsipun.” Saprakawis perlu dipun èngeti manawi merdèni dhawuh-dhawuh ingkang mawi tembung ngibarat makaten wau, inggih punika: Pangéran pribadi punika al-qayyumi jawinipun Ingkang Jumeneng Pribadi sarta Ingkang anggesangi sadaya barang (2: 255). Manawi punika dipun anggé dhadhasar, lajeng terang manawi barang sanès-sanèsipun punika boten teka dumunung dados tukang ambiyantu tumrap Pangéran, wangsul sadaya wau titah, sami ugi punapa malaikat punapa titah sanès sanginggilipun para malaikat ingkang sadaya wau malah dipun gesangi déning Pangéran. Wonten titimbangan sanès malih ingkang saged mitulungi kula sami kanggé ngertosi punapa ingkang dipun karsakaken ”para tukang ngampil” punika, inggih punika satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang dipun riwayataken déning sadaya para mufassirin, ingkang mangandikakaken bilih ing samangké punika para tukang ngampil wau wonten sekawan (Rz, kf, Bd). Lah, samangké lajeng tuwuh pitakènan, punapa wonten sifatipun Pangéran sekawan prakawis, ingkang mligi magepokan kaliyan pangupakaraning jagad punika? Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing kateranganipun surat Fatihah, surat Fatihah punika pathining Quran Suci ing sagemblengipun. Lah wonten ing surat Fatihah wau kasebutaken sifatipun Pangéran sekawan prakawis, ingkang magepokan kaliyan pangupakaranipun al-‘alamîn, jawinipun titah sawegung. Sifat sakawan punika kasebut wonten ing asma Rabb, Rahmân, Rahîm, tuwin Malik. Manawi kapirsanan wonten ing katrangan tafsiripun tembung sakawan punika wonten ing surat Fatihah, badhé saged kacetha bilih sifat sekawan wau, inggih punika sifat paparing rejeki, sifat murah, sifat asih tuwin sifat paring piwales, punika menggah ing sajatos-jatosipun sifat-sifat ingkang enggel, ingkang nyampurnakaken sagung titah punika, baboning sifat, punjering sifat sanès-sanèsipun sadaya. Dados sifat sekawan punika sifating dhatipun Pangéran ingkang mangajengi sadaya samukawis, ingkang ngungkuli sadaya samukawis, ingkang andadosaken sadaya samukawis saged anggayuh punjering kasampurnan, tuwin ingkang lastantun wonten, ing sasampunipun sadaya samukawis boten wonten. Awit saking punika, hamalatu-l-‘arsy sekawan, utawi tukang ngampil panguwaos cacah sekawan, punika inggih sifat sakawan wau. Punika ingkang magepokan kaliyan ngalam donya punika. Kados pundi déné lajeng dados wolu wonten ing dinten kiyamat? Ngalam akhirat punika alam cumethaning kawontenan ruhani ing gesang sapunika punika, ingkang anyar lan ingkang kalayan sampurna. Awit saking punika mila sifating Pangéran sekawan ingkang kanggé anggesangi jagad, 1532 Bilai ingkang masthi dhumawah Juz XXIX 18 Ing dina iku sira bakal binuka (warananira), ora ana wawadinira kang isih tetep wadi.2556 19 Wondéné sapa sing kitabé ditampakaké ing tangané tengen, banjur bakal calathu: Mara, wacanen kitabku; 20 Sayekti aku wus weruh, yèn aku bakal katemu pétunganku; 21 Banjur dhèwèké dumunung ing kauripan kang seneng, 22 Ing taman linuhung 23 Wowohané (tumiyung) cepak;2557 24 Padha mangana lan ngombéa kalawan seneng, amarga saka panggawénira kang dhisik-dhisik ing dina-dina kang wis kaliwat. 25 Déné sapa kang kitabé ditampakaké ing tangané kiwa banjur bakal calathu: O, ambok kitabku iki aja diparingaké marang aku baé: 26 Lan aku mauné durung weruh apa bakal pétunganku: 27 O, ambok iki didadèkaké wekasanku:2558 punika wonten ing ngriku babar anyar malih, sifat sakawan wau babar dados wolu wonten ing dinten kiyamat. Supados boten nuwuhaken seling-serep, perlu kula wewahi katerangan, bilih ing rèhning sifatipun Pangéran punika makardinipun ngagem lantaran para malaikat, mila sifat sekawan utawi wolu ingkang kaanggep tukang ngampil panguwaos, punika gumelaripun mesthi inggih lumantar para malaikat. Kalayan mengku suraos makaten punika, kula sami kénging anggadhahi panyuraos, bilih para tukang ngampil panguwaos wau para malaikat sekawan utawi wolu. 2556. Ayat punika mangandikakaken kalayan terang bab cumethanipun kawontenan ingkang sumingid boten kawistara bénjing wonten ing dinten kiyamat. Ing katerangan ing nginggil sampun kula sebutaken. 2557. Wowohan punika cumethanipun wohing pandamel tulus, ingkang wonten ing gesang sapunika sumingid saking mripat limrah. 2558. Piyambakipun kepéngin ambok inggih pejah punika dados telas-telasanipun piyambakipun. Surat 69 Siksa 1533 28 Bandhaku ora makolèhi marang aku: 29 Kawasaku wus birat saka ing aku. 30 Dhèwèké cekelen, banjur ranténen, 31 Tumuli cemplungna ing geni murub, 32 Banjur tlikungen ing ranté kang dawané pitung puluh asta.2559 33 Sayekti, dhèwèké iku biyèn ora angèstu ing Allah, IngkangAgung, 34 Sarta ora anggirèkaké marang angingoni wong miskin. Iki ing ngriki pejah. Utawi inggih saged ateges ambok iya kahanan iki dadi patiku (Rz). Utawi ambok iya kauripan donya iku ora ana baé (Bd). 2559. Kedah dipun pèngeti bilih ayat-ayat punika sadaya marsitakaken bilih siksa ruhaniyah ing donya punika, wonten ing akhirat dados siksa ingkang gumana wadhag. Upaminipun, ranté ingkang badhé dipun kalungaken ing gulu, punika gumananing pépénginan ing donya punika, inggih punika pépénginan ingkang tansah andadosaken tiyang tumungkul sirahipun ing siti; sarta inggih pépénginan punika ingkang badhé maujud dados ranté makaten ugi balenggu ing donya punika, badhé katingal kadi déné ranté ingkang badhé nyrimpung sukunipun. Manah ingkang mulad-mulad ing donya punika, badhé katingal ngégla kadi déné urubing latu ingkang makantar-kantar. Dados menggah ing sajatosjatosipun, tiyang duraka punika wonten ing ngalam donya punika ugi sampun sami angsal narakaning syahwat tuwin ubaling pépénginan donya ingkang boten kénging sinirep wonten ing dalem badanipun, saha sampun sami ngraosaken urubing naraka wau samangsa piyambakipun boten kadumugèn kajengipun. Awit saking punika, mila samangsa piyambakipun pinisah saking pépénginanipun ingkang boten langgeng, salajengipun nyumerepi anggènipun telas pangajeng-ajengipun, tur ingkang kalayan langgeng, mulad-mulading manahipun tuwin panggresahing prihatosipun margi anggetuni pépénginanipun ingkang sakalangkung dipun tresnani, punika lajeng maujud dados latu ingkang murub. Quran Suci andhawahaken “Lan saantarané dhèwèké karo barang kang padha dikepingini bakal dipasangi aling-aling” (34: 54). Sarta inggih punika calon wiwitaning siksanipun. Katlikung ing ranté ingkang panjangipun pitung dasa asta, punika inggih ambuka prakawis ingkang sinandi. Watesing umuring nanusa punika kénging dipun racak pitung dasa; tiyang duraka punika saged gesang ngantos samanten wau wonten ing kadurakanipun. Malah tarkadhang piyambakipun saged ngalami umur samanten wau, dèrèng mawi kapétang wedalipun dados laré alit tuwin dados tiyang pikun. Wekdal pitung dasa taun ingkang pancènipun saged dipun pigunakaken kanggé makarya kalayan tulus, waskitha, tuwin mempeng, punika jebul dipun musprakaken kémawon, karana nemaha binalenggu ing kadonyan tuwin labet saking anggènipun tansah andurusi syahwatipun ingkang asor. Piyambakipun boten purun rékadaya nguwalaken awakipun saking pambalengguning ranté syahwat, mila ing akhirat ranténing pépénginan ingkang dipun anggé suka-suka pari suka ngantos pitung dasa taun wau, badhé maujud dados ranté ingkang panjangipun pitung dasa asta, (saben saasta minangka wekdal sataun) ingkang badhé kanggé nyarimpung tiyang duraka. 1534 Bilai ingkang mesthi dhumawah Juz XXIX 35 Mulané ing dina iki dhèwèké ing kéné ora duwé mitra tuhu, 36 Sarta ora éntuk pangan kajaba rereged,2560 37 Ora ana wong mangan (rereged) iku kajaba wong kang anglakoni panggawé luput. RUKU’ 2 Pandalih goroh dipun tulak 38-43. Kanjeng Nabi Suci punika sanès juru-kidung sarta sanès juru pethèk. 44-52. Quran Suci punika sanès damel-damelan. a. 2606 b. 2438 38 Lah satuhu,a Ingsun apasaksib kalawan barang kang sira weruhi, 39 Sarta barang kang ora sira weruhi. 40 Sayekti, iku temen pangandikané Utusan kang minulya, 41 Lan iku dudu tembungé jurukidung; sathithik anggonira padha angèstu; 42 Sarta dudu tembungé jurupethèk; sathihik anggonira padha ngangen-angen. 43 Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka Pangéraning ngalam kabèh. 44 Lan saupama dhèwèké agawégawé sawenèhing tetembungan (diawadaké) atas (saka) Ingsun, 2560. I’Ab, nalika dipun suwuni pirsa gislîn punika punapa, ngandika manawi panjenenganipun boten uninga (Rz). Mjd nerangaken bilih gislîn punika sawenèh tedhanipun para ingkang sami wonten ing naraka. Miturut Dk, gislîn punika bangsanipun tataneman ing naraka. Ls mastani gislîn punika sabarang ingkang sakalangkung déning bentèr (TA-LL) wantahipun gislîn punika wasuhan, ingkang déning para mufassirin kawewahan katrangan saking awakipun para kafir. Pamanggih kula langkung cèples dipun jarwani rereged. Surat 69 Ar. kalawan (ing) tangan tengen Pandalih goroh 1535 45 Amasthi dhèwèké bakal Ingsun candhak tangan tengené, 46 Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantungé. 47 Lah ora ana siji-sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dhèwèké.2561 48 Lan sayekti, temen iku pepéling tumrap wong kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala) Ut. angemohi 49 Lan sayekti Ingsun temen angudanèni, yèn sira iku ana kang padha anggorohaké. 50 Lan sayekti temen iku kasusahan gedhé tumrap para kafir.2562 Ut. yakin 51 Lan sayekti, iku temen sajatijatining kasunyatan.2563 52 Mulané Mahasucèkna marang asmaning Pangéranira, IngkangAgung. 2561. Ayat punika tuwin tigang ayat nginggilipun punika, marsitakaken bilih tiyang ingkang damel-damel wahyuning Pangéran, punika mesthi boten widada. Kula aturi mirsani Pangandharing Torèt 18: 20, ing ngriku piweca bab badhé rawuhipun satunggaling nabi ingkang kados Kanjeng Nabi Musa katungka ing tetembungan ingkang makaten ungelipun: “Balik, endi nabi kang duwé patrap kalawan sumengah, angucapaké pitutur kalawan nyebut asma-Ningsun, mangka pitutur iku ora saka ing dhawuh-Ingsun, utawa kang duwe pitutur kalawan nyebut Allah liyané, nabi iku mesthi kaukum pati.” Sasampunipun nyanépakaken nabi palsu kados déné wit ingkang geringen, ingkang boten naté ngedalaken woh ingkang saé, Kanjeng Nabi Isa lajeng ngandika ingkang nunggil suraos kaliyan ingkang kasebut ing nginggil, makaten: “sarupané wit kang ora angetokaké woh kang becik, iku mesthi kategor banjur kacemplungaké ing geni” (Mat. 7: 19). 2562. Jalaran siksa ingkang dipun pèpèngetaken déning Quran dhateng piyambakipun, boten kénging boten mesthi andhawahi piyambakipun sayektos. 2563. Haqqu-l-yaqin utawi jati-jatining kasunyatan ing ayat punika, punika boten béda kaliyan alhâqqah ing ayat bubukaning surat punika. Kapèngetana, bilih ingkang wonten ing ngriki kasebut jatijatining kasunyatan punika siksanipun para titiyang kafir. ______________ SURAT 70 AL-MA’ÂRIJ (Margining minggah) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 44 ayat) Pathinipun : Ruku’ Ruku’ 1. 2. Pidana punika saèstu nyata. Umat énggal badhé dipun degaken. Katerangan gerban Namanipun surat punika mendhet saking ayat kaping tiga, ingriku Allah punika kasebut Kangkagungan dadalaning Munggah. Dhumawahing pidana punika barang ingkang sampun mesthi bab punika dipun dhawuhaken ing surat punika kalayan tetembungan ingkang cetha saha cumeplos. Ingkang rumiyin piyambak surat punika nerangaken bilih kawusanan ingkang agung punika kagayuhipun wonten ing salebeting wekdal ingkang dangu sanget, ngantos kasebutaken wekdal utawi yaum sèket èwu taun; Kanjeng Nabi lajeng dipun dhawuhi supados ingkang sabar angentosi dinten ingkang mesthi andhawahi para mengsah. Ngajengaken pungkasaning ruku’ ingkang sapisan andhawuhaken margi utawi sarana tumrap angèstu kanggé anggayuh kepareking Pangéran, sarta saged ugi ingkang dipun karsakaken wonten ing ayat 3 punika inggih sarana kanggé minggah punika. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken kalayan terang gamblang bilih para mengsah mesthi badhé nemahi asor, minangka gentosipun umat énggal badhé dipun jumenengaken. Sadaya para saged mastani bilih tumurunipun surat punika boten langkung akhir kaliyan pungkasanipun jaman Makkah wiwitan. Sasampunipun marsitakaken pandakwanipun para titiyang kafir Quraisy wonten ing surat kakalih ingkang sampun, surat punika lajeng andhawuhaken bilih siksanipun para mengsah, punika sanajan sampun yakin dhumawahipun taksih ing sawatawis wekdal malih. RUKU’ 1 Pidana punika saèstu nyata 1-21. Pidana punika dhumawah saèstu, ananging boten kalayan tumunten. 22-35. Marginipun minggah dhateng pangayunaning Pangéran. Kalawan asmaning Allah Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. Ar. wong kang anjaluk 1 Sawijining wong, anjaluk siksa kang masthi bakal tumiba. 2 Tumrap para kafir – ora ana wong kang bisa nulak iku.2564 2564. Boten wonten waton-watonipun manawi tiyangipun ingkang nyuwun dhumawahing pidana Surat 70 Pidana punika saèstu nyata 1537 3 Saka ing Allah, kang kagungan dadalaning munggah.2565 4 Para malaikat sarta ruh padha munggah marang Panjenengané ing sawijining dina kang ukurané sèket èwu taun.2566 5 Mulané disabar sabar kang éndah. kalawan 6 Sayekti dhèwèké padha ngira, yèn iku adoh. 7 Lan panyawang Ingsun, iku wis cepak 8 Ing dina, samangsa langité kaya jèr-jèran tembaga. 9 Lan gunung-gunung wiwiran wulu wedhus. Ar. mira kaya 10 Sarta ora ana wong tatakon mitra. ingkang dipun ancamaken punika katamtokaken tiyang satunggal ingkang mligi. Piweca-piweca bab menangipun ingkang wekasan Kanjeng Nabi Suci, tuwin piweca-piweca bab leburipun mengsahmengsahipun Kanjeng Nabi, punika wonten ing Quran Suci asring sanget kaundhangaken, ngantos asring kémawon tuwuh wonten pitakènan ingkang kados makaten punika: “Kapan kalakoné pangancam iki, manawa kowé iku padha temen?” (36: 48, 67: 25, tuwin sanès-sanèsipun). Panyuwunipun ingkang nunggil suraos kasebutaken wonten ing 8: 32 makaten: “Lan kalané dhèwèké padha ngucap: Dhuh Allah! manawi punika barang yakti saking ngarsa Tuwan, lah mugi Tuwan anjawahaken séla saking langit dhateng kawula, andhatengaken siksa ingkang nyakiti dhateng kawula.” 2565. Warni-warni tiyang anggènipun nerangaken tembung dhi-l-mâ’aridj utawi Kang kagungan dadalaning munggah punika. Nanging pamanggih kula, ingkang dipun karsakaken punika kaangkatipun ing ngaluhur Kanjeng Nabi akaliyan kasiksanipun para mengsahipun Kanjeng Nabi. Ing ngriki Pangéran kasebut “kang kagungan dedalaning munggah”: punika minangka kanggé anedahaken, bilih para mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi kapidana, déné para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi mesthi kaparingan sarana ingkang kanggé minggah, utawi sarana kanggé anggayuh kaluhuran. Kula aturi nyundhukaken kaliyan 56: 3, ing ngriku kapangandikakaken, “kawontenan agung” punika damel ina, damel luhur. Sarana kanggé anggayuh kaluhuran para angestu wau katerangaken langkung panjang: mirsanana ayat 22-35. 2566. Kapangandikakaken ing ngriki, sadinten sami kaliyan sèket èwu taun. Rekaos sanget sagedipun amastani, punapa wekdal samanten wau, wekdal ingkang kanggé nyampurnakaken kamenanganipun yakti ingkang wekasan ing saindhenging jagad punika, punapa punika giliran 50.000 taun, kados déné giliran 1000 taun ingkang kasebut ing 32: 5. Ing saboten-botenipun, punika anedahaken bilih Quran Suci boten angrujuki teori, bilih jagad saweg umur pitung èwu taun. Pangandika punika kasambetan ing dhawuh dhateng Kanjeng Nabi Suci, mulané di sabar kalawan sabar kang éndah; punika anedahaken bilih badhéa kados punapa kémawon suraosipun, dinten ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika wekdal ing gesang sapunika punika. 1538 Margining minggah 11 (Sanajan) padha diweruhaké (siji marang sijiné). Wong kang dosa adreng arep anebusi siksa ing dina iku kalawan anak-anaké. 12 Sarta rabiné tuwin saduluré. 13 Apa déné sanak kerabaté kang angayomi dhèwèké. 14 Lan sakabèhé kang padha ana ing bumi; tumuli (pangarep-arepé, supaya) iki bisa nyalametaké dhèwèké. 15 Ora pisan-pisan! sayekti, iku geni mulad-mulad: 16 Anglonyom ing sirah, Ut. narik 17 Anguwuh-bali wong ambalik lan maléngos, kang 18 Sarta anumpuk-numpuk sarta anyinggahaké (bandha) Ut. ora sumèlèh 19 Sayekti, manusa iku tinitah sarwa angéwohaké; 20 Samangsa ngresula, kataman kojur, 21 Lan samangsa katekan begja, cethil, 22 Kajaba wong kang padha salat, 23 Kang tetep olèhé padha salat, Ar. kinaweruhan 24 Sarta kang ing sajroning bandhané ana sapérangan kang tartamtu, Juz XXIX Surat 70 a. 2349 Umat énggal badhé dipun degaken 1539 25 Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kang kesrakat,a 26 Apa déné para kang padha anemenaké marang dina wawales, 27 Tuwin kang padha wedi marang siksaning Pangérané – 28 Sayekti siksaning Pangérané iku dudu (barang) kang kudu rinasa aman – b. 1714 c. 1715 29 Sarta kang padha angreksa marang awak-kawirangané,b 30 Kajaba tumrap marang rabiné utawa kang kadarbé ing tangantengenéc – amarga, sayekti, iki ora cinacad. 31 Ananging sapa sing ngupaya sajabané iku, lah iku wong kang mlangkah wates. 32 Sarta kang padha anjaga marang titipan tuwin janjiné. 33 Apa déné kang padha jejeg pasaksiné, 34 Sarta kang padha rumeksa marang salaté, 35 Yaiku kang bakal padha ana ing patamanan, kinurmatan. RUKU’ 2 Umat énggal badhé dipun degaken 36-39. Dhumawahipun asor para mengsah. 40-41. Umat ingkang langkung saé badhé dipun degaken. 42-44. Dhatenging siksa. 36 Nanging apa ta karanané, déné para kafir padha gagancangan mara angadhep sira, 1540 Margining minggah Juz XXIX 37 Ing sisih tengen lan ing sisih kiwa, apanthan-panthan? 38 Apa dhèwèké iku siji-sijiné padha kepéngin dilebokaké ing taman-kabegjan? 39 Ora pisan-pisan! sayekti Ingsun andadèkaké dhèwèké saka barang kang dhèwèké padha weruh. 40 Nanging, sayekti, Ingsun sumpah kalawan Pangéraning Wétan lan Kulon, sayekti Ingsun iki temen kawasa. 41 Anyalini (kalawan liyané) kang luwih becik tinimbang dhèwèké, lan ora bakal Ingsun kalindhih.2567 Ar. dhèwèké padha katemu karo Ut. pathok tetenger 42 Mulané togna baé, karebèn padha guneman lalawora sarta abungah-bungah, nganti tumeka dinané kang diancamaké marang dhèwèké; 43 Dinané dhèwèké padha metu saka ing kuburan kalawan gagancangan, kaya déné amlayoni kang tinuju, 44 Kalawan tumungkul pandelengé; nistha bakal tumiba marang dhèwèké; mangkono iku dinané, sing diancamaké marang dhèwèké.2568 2567. Kula aturi mèngeti piweca ingkang terang gamblang punika; panguwaosipun titiyang Makkah badhé sinapu tapis, umat sanès (titiyang Muslimin) badhé dipun dadosaken ingkang nyepeng panguwaosipun nagari minangka gegentosipun. 2568. Boten kirang cetha gagambaran ing dhawuh punika; inggih punika gagambaran ingkang nyitra kawonipun ingkang wekasan titiyang Quraisy nalika bedhahipun nagari Makkah. Griyagriyanipun kawarna wonten ing dhawuh ngriki kadi déné pakuburan, awit para titiyang wau menggah ing ruhaniyahipun pancèn tiyang pejah. ____________ SURAT 71 NÛH KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 28 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Kanjeng Nabi Nuh mumulang. Panyuwunipun Kanjeng Nabi Nuh murih leburipun para nerak garis. Katerangan gerban Pangancam siksa ingkang kasebutaken wonten ing surat sampun, wonten ing ngriki dipun sambeti tuladhanipun. Sagemblengipun surat punika dipun anggé marsitakaken piwulangipun Kanjeng Nabi Nuh – ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika tuwin panyuwunipun Kanjeng Nabi Nuh supados para murang-yekti katumpes murih awon boten angrembaka ing bumi. Kalih bab punika kawarsitakaen dados kalih ruku, déné bab titimangsaning tumurunipun, surat punika kénging kagolongaken kaliyan golonganipun surat-surat panunggalanipun. RUKU’ 1 Kanjeng Nabi Nuh mumulang Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Sayekti Ingsun wus angutus Nuh marang kaumé, pangandika (Ningsun): Pépélingana kaumira, ing sadurungé siksa kang nglarani tumeka marang dhèwèké. 2 Calathua: É, kaumku! sayekti aku iki juru-pépéling kang cetha marang kowé: 3 Supaya kowé padha ngawulaa ing Allah sarta di tuhu-tuhu ing (wajibmu marang) Panjenengané sarta ambangun-turuta marang aku: 4 Panjenengané bakal aparing pangapura satengah saka kaluputanmu, sarta aparing sumené ma- 1542 Nuh Juz XXIX rang sira tumeka wawangen kang wus tinamtu; sayekti wawangening Allah iku samangsa wis tumeka, ora bakal disumenèkaké: yèn ta kowé padha weruha: 5 Unjuké: Dhuh Pangéran kawula! saèstu rinten sarta dalu anggèn kawula anguwuh ing kaum kawula: 6 Ananging panguwuh kawula malah namung angindhakaken mlajengipun:2569 7 Sarta saben-saben kawula anguwuh piyambakipun, supados Tuwan paringi pangapunten, sami anyumpelaken darijinipun ing kupingipun sarta angrukubaken panganggènipun2570 tuwin sami ambeguguk sarta sami kamalungkung kalayan gumedhé: 2569. Suraosipun ingkang sajatos makaten: saya sanget anggèn kawula anguwuh piyambakipun, boten saya celak nanging malah soyo tebih. Ing dhawuh ngriki “panguwuh” kadamel jejer, nanging boten kok anggènipun sami anggeblas (nebih) wau margi wontenipun panguwuh wau, wangsul margi saking anggènipun ambeguguk ngutha waton manahipun. Saminipun kados déné sawenèh surating Quran kapangandikakaken manawi “amewahi jejember” dhateng jejembering tiyang ingkang manahipun wonten sasakitipun (9 : 125). Ing panggènan sanès wonten malih ingkang nunggil suraos kaliyan punika wau, inggih punika kapangandikakaken Allah mewahi sasakit dhateng tiyang ingkang manahipun wonten sasakitipun (2 : 10). Ing dalem ukara ingkang kados makaten wau sadaya, jejer punika boten kok sayektos ingkang nindakaken pandamel utawi ingkang nyababaken, wangsul menggah ing sajatosipun namung wonten magepokanipun sakedhik kaliyan kadadosanipun prakawis. Katrangan makaten punika kateranganipun Quran piyambak wonten ing dhawuh sambetipun ayat punika, inggih punika “Saben-saben kawula anguwuh piyambakipun, supados Tuwan paringi pangapunten, sami anyumpelaken darijinipun ing kupingipun sarta angrukubaken panganggènipun tuwin sami ambeguguk sarta sami kumalungkung kaliyan gumedhé.” Dados sadaya tindak ingkang anjalari anggènipun saya anggeblas, punika boten wonten sanès kajawi pandamelipun piyambak ingkang pancèn katemaha katindakaken. 2570. Ukara punika warni-warni kateranganipun. Rgh suka katrangan warni kalih. Sapisan, “piyambakipun sami masang panganggénipun kanggé nutupi kupingipun; punika anedahaken anggènipun boten sami purun mirengaken.” Katrangan satunggalipun, “ngibarat, wigatos . nyasmitakaken anggeblas”; minangka tuladha Rgh nyebutaken ukara tuwin sarta sasampunipun negesi tegesipun wantah panjenenganipun lajeng mewahi katrangan, supados piyambakipun boten saged ningali tuwin boten saged mirengaken (LL). Sawenèh negesi tembung tsiyâb punika manah, kados déné dhawuh ing 74: 4, déné suraosipun: para titiyang wau sami nutupi manahipun. Liripun sami suthik manah-manah sabarang ingkang kadhawuhaken. Surat 71 Kanjeng Nabi Nuh mumulang 1543 8 Saèstu, lajeng sami kawula uwuh kalayan sora: 9 Saèstu, kawula lajeng micanteni piyambakipun kalayan ngedhèng sarta micanteni piyambakipun wonten ing pasepèn: 10 Sarta kula wicanten: Padha nyuwuna pangapura Pangéranmu: sayekti Panjenengané iku Mahaparamarta: 11 Panjenengané angutus mendhung marang dhuwurmu anurunaké udan deres: 12 Sarta aparing pitulung marang kowé kalawan bandha lan anak apa déné adamel patamanan tumrap marang kowé sarta adamel kali-kali tumrap marang kowé.2571 Ut. ora padha wedi marang kahagunganing Allah Ut. ing dalem pirangpirang kahanan 13 Apa karanané, déné kowé ora padha angarep-arep kahagungan saka ing Allah?2572 14 Lan sayekti, Panjenengané wus anitahaké sira kalawan angambah pirang-pirang tataran.2573 2571. Piyambakipun sami dipun janjèni badhé pinaringan nugraha warni-warni, manawi sami purun wangsul dhateng Allah. Punika menggah ing sajatos-jatosipun ateges: leburipun badhé tinulak boten saèstu kadhawahaken. Awit sampun boten wonten semang-semangipun malih, samangsa umat punika manggung among suka wonten ing dalem piawon, boten kénging boten mesthi linebur. Kosokwangsulipun umat wau mesthi subur makmur, manawi sifat-sifatipun ingkang saé gesang angrembaka. 2572. Dhawuh punika kénging kasuraos tutugipun pamedhar wangsitipun Kanjeng Nabi Nuh utawi inggih kénging kasuraos dhawuh tumuju dhateng para titiyang Quraisy. Nadyan kasuraos dados tutuging piwulangipun Kanjeng Nabi Nuh, meksa mengku suraos: titiyang Makkah kaparingan kupiya wonten ing cariyosipun Kanjeng Nabi Nuh, manawi sami purun andhèrèk ing Kanjeng Nabi, piyambakipun mesthi badhé dipun dadosaken umat ingkang ageng. Rz angrujuki kateranganipun Kf, kados déné ingkang kula anggé punika, sarta angemohi katerangan satunggalipun, kados déné ingkang kula serat wonten ing margin. Kf nerangaken: “Suraosipun: Généa sira ora tansah ngarep-ngarep marang Allah murih sira didadèkaké gedhé? 2573. Dhawuh punika kénging kasuraos nyasmitakaken madhhabu-l-irtiqa’ (theory of evolotion, inggih punika teori ingkang mastani bilih dumadosing manusa punika majeng-majeng saking sakedhik). Para mufassirin limrahipun nyuraos dhawuh punika ngisarahi dhateng kawontenan warniwarni ingkang dipun alami déning jabang bayi ing guwagarba nanging inggih kongang kémawon 1544 Ut. sungsunsungsun a. 46, 2516 Nuh Juz XXIX 15 Apa sira ora andeleng, kapriyé anggoné Allah wus anitahaké langit pitu padha,a 16 Sarta ana ing jeroné kono agawé rembulan dadi papadhang lan agawé srengéngé dadi diyan? 17 Lan Allah wus anuwuhaké sira saka bumi kaya tuwuhan,2574 Ut. kang lahir 18 Banjur ambalèkaké sira mrono, sarta angetokaké sira dadi titah (anyar).2575 19 Lan Allah andadèkaké bumi jembar gumelar tumrap marang sira, 20 Supaya ana ing kono sira bisa lumaku ana ing dadalan kang amba.2576 RUKU’ 2 Panyuwunipun Nabi Nuh amrih lebur para nerak garis 21 Nuh munjuk: Pangéran kawula! saèstu, piyambakipun sami andaga dhateng kawula, sarta manut dhawuh punika mengku teges, bilih manusa punika ngantos dumugi ing kawontenanipun ing sapunika punika, menggah ing kasampurnaning jasmaninipun sasampunipun ngalami kawontenan warni-warni. 2574. Lah, kapèngetana malih punika. Katerangaken, manusa punika kathukulaken saking siti kadi déné thuthukulan liripun kalayan tumuwuh majeng-majeng. Dalasan tumitahipun barang barang sanès, kados déné ingkang kita alami ing sadinten-dinten, punika inggih kados makaten punika kawontenanipun. Tanem tuwuh thukul saking siti; saking tanem tuwuh punika manusa angsal tedha; saking tetedhan ingkang katedha ing manusa lajeng tuwuh wijining gesang; lah punika tumuwuh majeng-majeng ing salajengipun. Nanging ingkang langkung kathah èmperipun, thukul ing ngriki, tuwin “tataran” ingkang kapangandikakaken ing ayat 14 punika kamajengan tumuwuh ingkang dipun alami déning manusa ngantos dados sampurna jasmaninipun kados kawontenanipun ing tataran samangké punika. 2575 Lahiran énggal punika saged mengku teges jumedhulipun umat énggal ing sasampuning sirnanipun umat ingkang rumiyin, utawi inggih saged mengku teges kamajengan ruhani énggal ing gesang sasampuning pejah 2576. Margi wiyar ingkang dipun anggé gesangipun manusa wonten ing bumi, punika dados pratandha ing wontenipun margi ruhani, ingkang dipun ambah ing tiyang ingkang ajrih ing Pangéran kanggé anggayuh kasampurnan ruhani. Surat 71 Panyuwunipun Kanjeng Nabi Nuh 1545 dhateng tiyang ingkang bandhanipun tuwin anak-anakipun boten ngindhaki punapa-punapa dhateng awakipun kajawi kapitunan. 22 Sarta piyambakipun sami angrancang paéka ingkang sanget ageng. 23 Kaliyan wicantenipun: Aja pisan padha ninggal sesembahanmu, sarta aja aninggal Wadd lan Suwa’, apa déné Yaguts sarta Ya’uq tuwin Nasr.2577 2577. Boten wonten kritik ingkang langkung anèh ngungkuli kritik dhateng sawenèh namanamanipun tiyang utawi brahala, ingkang kasebut wonten ing Quran Suci. Sajakipun mokal sèwu mokal, manawi nama-nama ingkang wonten nalika jamanipun Kanjeng Nabi Suci, punika inggih nama-nama ingkang wonten nalika jaman tiga utawi sekawan èwu taun ing sadèrèngipun. Dupèh bangsa Arab gadhah brahala-brahala sawatawis ingkang dipun namakaken mawi nama-nama wau, lajeng winastan cawuh anggènipun anggancaraken lalampahan, manawi mastani bilih brahala-brahala wau nunggil nama kaliyan brahala-brahalaning umatipun Kanjeng Nabi Nuh. Nanging punapa watonipun mastani cawuh wau? Cobi kula aturi mirsani bangsa utawi umat manembah brahala sanèsipun upaminipun kémawon titiyang agami Hindu; ing ngriku kula sami mesthi badhé mrangguli brahala-brahala, ingkang namanipun sampun pinten-pinten èwu taun ajeg boten santun-santun. Mangka nagari Hindustan makaten dununging papan satunggal kaliyan satunggalipun langkung tebih, manawi katimbang lan tanah Arab kaliyan papan ingkang dipun dunungi umatipun Kanjeng Nabi Nuh. Langkung-langkung wonten pratandha sanès-sanèsipun ingkang kénging kita pitados, ingkang anedahaken bilih brahala-brahala Arab punika ingkang kathah asal saking nagari ngamonca. Kadosta Hubal, tutungguling brahala Arab ingkang wonten ing Ka’bah, “punika bektan saking Belkah ing tanah Siriyah, kabekta dhateng tanah Arab déning ‘Amr bin Lohay, cariyosipun supados ngawontenaken jawah samangsa bangsa Arab ambetahaken jawah.” Kacariyos brahala Usâf tuwin brahala Nâilah punika ugi bektan saking Siriyah (Sale’s Preliminary Discourse, sec. 1). Awit saking punika boten anèh manawi brahala brahalanipun bangsa Arab punika pendhetan saking sawenèh bangsa-bangsa ing jaman kina. Nanging ugi kedah dipun èngeti, bilih ayat 22-25 punika saged ugi parenthetical, tegesipun ukara ingkang nyelip bawa piyambak, kados déné ayat 13-20: déné ingkang katuju ing dhawuh inggih punika para manembah brahala Arab. Quran asring ngagem cara makaten punika manawi mangandikani utawi memèngeti para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, inggih punika kaselipaken wonten ing tengah-tengahipun andharan cariyosipun satunggaling nabi ing kina utawi umat ing kina. Paham makaten punika wonten mathisipun, manawi kalaras kaliyan ayat 21, tuwin 26 punika sami binukanan kalayan pangandika Nûh calathu. Namung wonten pakèwedipun sakedhik, inggih punika ayat 25 mangandikakaken: kelem. Nanging siksa punapa kémawon ingkang nglebur ing satunggaling umat, punika kénging winastan garq (wantahipun kelem) kados déné ukara jawinipun ambles tuwin ical wonten ing nagari utawi pasitèn (TA-LL). Makaten ugi ukara jawinipun nglebur pandamelipun (sarana nindakaken awon) (TA). Déné fi’il madli (tembung kriya ingkang nedahaken wekdal ingkang sampun kapengker), kagem wonten ing ayat wau, punika inggih sampun satrepipun, jalaran ing dalem piweca pancèn asring kagem, inggih punika kanggé anedahaken bilih kawontenan ingkang kawecakaken punika sampun yakin mesthi badhé kelampahan. Brahala Wadd punika sinembah kalayan kawujudaken pepethanipun satunggaling tiyang jaler, Suwâ’ awujud tiyang èstri, Yaguts awujud singabarong (leo), Ya’uq awujud kapal (jaran), tuwin Nasr awujud peksi garudha (Rz), sarta punika dipun pundhi-pundhi déning titiyang pancer Kalb, Hamdan, Mazhaj, Murad, tuwin Hamjar (Rz, manawi manut AH Hudhail sanès Hamdan). 1546 Ut. sasar Nuh Juz XXIX 24 Lan temen, dhèwèké wis nasaraké wong akèh sarta ora angundhakaké apa-apa marang wong atindak dudu kajaba mung karusakan.2578 25 Amarga saka kaluputané dhèwèké padha dikelem, banjur dilebokaké ing geni; lan tumrap dhèwèké ora pisan ana panulung saliyané Allah. 26 Lah Nuh munjuk: Pangéran kawula! mugi sampun ngantos wonten titiyang kafir ingkang manggèn ing bumi ngriki:2579 27 Amargi, manawi piyambakipun Tuwan-togaken kémawon, badhé nasaraken para kawulaTuwan sarta boten sanès kajawi namung badhé anglairaken (anak) ingkang murang tata tuwin boten sumerep ing panarimah: 28 Pangéran kawula! mugi aparing pangapunten dhateng kawula saha dhateng tiyang sepuh kawula tuwin dhateng tiyang ingkang lumebet ing griya kawula kalayan mukmin, punapa déné dhateng para mukmin jaler tuwin mukmin èstri; saha para atindak dédé mugi sampun Tuwan indhaki punapa-punapa kajawi karisakan. 2578. Warni-warni para saged anggènipun anjarwani tembung dlalâl. Kf negesi khudhlân jawinipun linirwakaen déning Allah, utawi hilâk, jawinipun kapitunan tuwin karisakan; teges ingkang angka kalih punika dipun kiyataken déning ayat-ayat ing wekasaning surat punika. Ibnu Bahr negesi . ‘adhâb, jawinipun siksa, kados déné pangandika ing ingkang kasebut ing 54:24 tuwin 47. Ngulami sanès malih negesi pituna, sanèsipun malih negesi sasar wonten ing dalem upayanipun (AH). Tembung dlalâl dipun tegesi karisakan punika ugi wonten waton-watonipun saking kitab bausastra (S, Q-LL). 2579. Kedah dipun pèngeti bilih ingkang dipun pangandikakaken déning Kanjeng Nabi Nuh punika umatipun piyambak. Sarta ingkang dipun dongakaken awon punika inggih namung umatipun piyambak. Pratélan tuwin panyuwunipun Kanjeng Nabi punika sadaya tumuju dhateng umatipun wau, boten dhateng saindhenging jagad. Dados tembung al-ardl punika mengku teges nagari ingkang dipun dunungi umat wau, boten ateges bumi. SURAT 72 AL-JINN (Jin) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 28 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Titiyang mukmin manca. Wahyuning Pangéran Kareksa. Katerangan gerban Surat punika mangandikakaken pangayoman ingkang kaparingaken dhateng para andika nabi lumawan mengsah-mengsahipun. Bab prakawis punika, ingkang kasasmitakaken wonten ing ayat 8 ing ruku’ ingkang sapisan, kacethakaken malih wonten ing ruku’ ingkang kaping kalih. Déné namanipun punika pipiridan saking ayat 1, ingkang nyebutaken sawenèh para ingkang sami angèstu dhateng kayektènipun Kanjeng Nabi, ingkang kasebut jinn. Déné tumurunipun surat punika limrahipun dipun wastani nalika jamanipun Kanjeng Nabi wangsul saking Thaif, ingkang kelampahan nalika kalih taun sadèrèngipun hijrah, dados surat punika kagolong ing jaman nalika ndados-ndadosipun panglawan. Bagéndha Abu Thalib tuwin Siti Khadijah sampun sami séda; Kanjeng Nabi lan titiyang trah Hasyim tuwin trah Abdul Mutthalib kasébrataken; para mukminin sami lumajeng dhateng nagari Habasyah, ingkang sami kantun sami dipun kaniaya sakalangkung sanget; para titiyang Quraisy babar pisan boten purun anggapé sawernining piwulang tuwin pèpènget wasana tindakipun Kanjeng Nabi dhateng Thaif boten ngangsalaken damel punapapunapa kajawi namung malah saya amewahi tuwuhipun kawontenan-kawontenan ingkang tumrap tiyang limrah boten kénging boten mesthi murugaken nglokro, katelasan pangajeng-ajeng. Ing salebeting ngalami kawontenan ingkang makaten punika, dhawuh ingkang saged paring kayakinan dipun betahaken sanget, sarta dhawuh ingkang paring kayakinan wau, tur ingkang kalayan cumeplos sanget, punika nyata kaparingaken saèstu, inggih ing surat punika. Nanging kajawi dhawuh ingkang ngyakinaken wau surat punika ugi andhawuhaken bilih wonten malih para angèstu sanèsipun, dados manawi bangsa Arab puguh ing dalem kakafiran, Islam angsal kamenangan ruhani sanès, ingkang sampun genah manawi punika dados cacala tumrap kamenanganipun Islam ingkang sakalangkung jembar wonten ing sajawinipun tanah Arab. RUKU’ 1 Titiyang mukmin manca Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Calathua: Wewedhar-sabda wus diparingaké marang aku, yèn ana sapantha jin2580 angrungokaké, 2580. Bab prakawis wontenipun jinn, utawi titah bangsa alus kadi déné malaikat (jinn punika titah 1548 Jin Juz XXIX lan padha calathu: Temen aku wus padha ngrungu Quran, kang angéram-éramaké, 2 (Kang) nuntun marang dadalan bener, mulané, iku dakèstokaké sarta aku padha ora nyakuthokaké sawiji-sawiji karo Pangéranku: 3 Lan, Panjenengané iku – linuhurna kahagungané Pangéranku – ora mundhut garwa lan ora mundhut putra: 4 Sarta, kéné, kang padha cubluk, adaté padha angucapaké barang kang lacut tumrap Allah: 5 Lan, aku padha nyana, yèn manusa karo jin ora padha angucap goroh tumrap marang Allah: bangsa alus awon, malaikat titah bangsa alus saé), punika prakawis sanès malih; nanging sampun terang manawi jinn ingkang kapangandikakaken wonten ngriki punika boten kagolong ing golonganing titah wau. Gogrombolaning jinn punika ugi kasebutaken wonten ing 46: 29-31, ing ngriku kasebutaken bilih sami wicanten: “O, kaumku! aku mentas angrungokake kitab, kang kadhawuhaké ing sapungkuré Musa, ambeneraké apa kang ana sangarepé.” Punika anedahaken bilih para jinn wau para titiyang Yahudi. Para mufassirin sami nyebutaken satunggaling hadits ingkang asuraos makaten wau. Rz ngandikakaken: “dipun riwayataken bilih titiyang punika para titiyang Yahudi.” Malih Rz ngandharaken satunggaling riwayat déning IMsd, pangandikanipun bilih panjenenganipun midhanget para jinn wau . sami nabuh trebang-trebangipun. sarta panjenenganipun pirsa para jin wau sami rumeksa Kanjeng Nabi Suci wonten ing tengah-tengahipun Andharan punika nedahaken bilih para jin wau ing dalem sadaya samukawisipun sami kaliyan tiyang sanès-sanèsipun. Malih, tembung jinn punika ugi kanggé nembungaken tiyang. LL methik Ham: “Bangsa Arab nyanépakaken satunggaling tiyang ingkang wegig saha prigeling prakawis warni-warni punika kados déné jinn.” Nanging wonten malih ingkang ngungkuli anèhipun inggih punika para ahli basa sami angakeni manawi tembung jinn punika ateges / (Q, TA tuwin sanès-sanèsipun) jawinipun manusa kathah (LL). Lah sapunika punapa maksudipun manusa kathah punika? Tumrap bangsa Arab, inggih punika bangsa ingkang anggadhahi panganggep bilih awakipun piyambak punika béda kaliyan bangsa sanès-sanèsipun ing jagad punika, manusa kathah punika boten sanès ateges bangsa ngamanca. Pamanggih kula inggih teges punika tegesipun tembung jinn ing ngriki punika. Punapa sababipun déné bangsa ngamanca winastan jinn? Awit sami sumingid saking mripatipun tiyang Arab: tembung jann (ingkang lajeng karimbag dados jinn) punika tegesipun ingkang sakawit nyingidaken utawi nutupi (Rgh). Awit saking punika mila golonganipun titiyang Yahudi Nisibus ingkang sami sowan ing Kanjeng Nabi Suci punika wonten ing ngriki kasebut jinn, jalaran sanès bangsa Arab. Inggih sabab saking punika ugi déné titiyang Amalekites tuwin titiyang sanès-sanèsipun ingkang boten kagolong bongsa Bani Israil, ingkang sami kapeksa kapurih nyambut damel déning Kanjeng Nabi Sulaiman angedegaken padaleman suci, punika wonten ing 34: 32 kasebut jinn. Mirsanana 2027. Surat 72 Ut. olèh atindak salah a. 2101 Ut. lintang kang gumebyar b. 2104 c. 2102, 2103 Tiyang mukmin manca 1549 6 Sarta déné wong-wong saka antaraning para manusa iku gawéné padha amèk pangayoman wongwong saka golongané jin, mulané padha diundhaki bodhoné: 7 Sarta déné dhèwèké padha nyana kaya panyanamu, yèn Allah iku ora bakal anangèkaké wong siji-sijia:2581 8 Lan, déné aku padha arep angunggahi langit,2582 ananging ing kono tinemu kebak pangawala kang kuwat sarta urub:b 9 Sarta, déné kang adat-sabené aku padha lungguh ing palungguhan-palungguhan ing kono amurih bisané rumungu, ananging saiki, sapa sing arep ngrungokaké, bakal kapethukaké urub(-ing geni) kang ngadhang dhèwèké:c 10 Sarta, déné aku padha ora weruh, apa ala kang dikarsakaké tumrap para kang ana ing bumi, apa Pangérané karsa anuntun ing dalan kang bener. Ut. dudu 11 Sarta, déné sawenèhing golonganku padha wong tulus lan sawenèhé ora mangkono: aku iki papanthan kang padha séjé-séjé dalané: 12 Sarta, déné aku padha weruh, yèn aku padha ora bisa ngoncati Allah ana ing bumi, sarta ora bisa ngoncati Panjenengané sarana mlayu: 2581. Punika ateges jumenengipun satunggaling nabi utawi gesangipun malih titiyang ingkang pejah ruhaniyahipun. Bangsa Yahudi wonten sagolongan ingkang boten ngandel dhateng kiyamat. 2582. Nginggahi langit tegesipun badhé nyumerepi wados-wadosipun langit utawi pawartosipun wekdal ingkang badhé dhateng. Punika anedahaken bilih ing antawisipun para titiyang wau wonten tukangipun pethèk tuwin titiyang ahli palintangan, inggih punika titiyang ingkang sami anggadhahi panganggep bilih piyambakipun saged nyumerepi wados-wadosipun wekdal ingkang badhé dhateng saking lintang-lintang. Mirsanana 2530. 1550 Jin Juz XXIX 13 Sarta, déné bareng aku padha ngrungu pituduh, iku aku padha angèstu; lan sapa sing angèstu ing Pangérané, ora bakal kuwatir kapitunan sarta ora bakal tumiba asor: 14 Sarta, déné sawenèhing golonganku padha wong sumarah, lan sawenèhé padha wong nyimpang; lah sapa sing sumarah, iku sing nuju marang dalan kang bener: 15 Wondéné wong kang padha nyimpang, iku urub-urubing naraka: 16 Déné, manawa dhèwèké padha tetep angambah dalan (bener), masthi bakal padha Ingsun paringi ngombé banyu sapirang-pirang, 17 Minangka panyoba-Ningsun marang dhèwèké ing dalem prakara iku: lan sapa sing maléngos saka éling maring Pangérané, iku bakal dilebokaké marang siksa kang nusahaké banget:2583 18 Lan déné masjid-masjid iku kagunganing Allah; mulané aja padha anguwuh sawiji sartané Allah: 19 Sarta, déné nalika kawulaning Allah menyat anguwuh Panjenengané, (banjur) padha prasasat ngebyuk-ngepung dhèwèké.2584 RUKU’ 2 Wahyuning Pangéran kareksa 2583. Tegesipun ingkang wantah siksa ingkang sakalangkung nusahaken, ngantos tiyang ingkang kataman boten kiyat nandhang. 2584. Kawulané Allah punika Kanjeng Nabi Suci Muhammad. Saged ugi dhawuh punika nyasmitakaken anggènipun Kanjeng Nabi dipun kroyok titiyang ing Thaif. Surat 72 Wahyuning Pangéran 1551 20 Calathua: Aku mung anguwuh Pangéranku, lan aku ora nyakuthokaké sawiji-wiji karo Panjenengané. 21 Calathua: Aku iki ora nguwasani kojur mujur tumrap marang kowé. 22 Calathua: Sayekti ora ana wong kang bisa angayomi aku saka Allah, sarta saliyané Panjenengané aku ora bakal olèh pangungsèn: a. 1201 23 (Iku) mung anekakaké (timbalan-timbalan) saka ing Allah sarta ayahan-É; lan sapa sing nglirwakaké Allah lan utusan-É, lah sayekti bakal olèh geni naraka, manggon ana ing kono lawas.a 24 Nganti samangsané padha andeleng apa kang diancamaké marang dhèwèké, banjur bakal padha weruh sapa sing panulungé luwih apes sarta luwih sathithik cacahé.2585 25 Calathua: Aku ora weruh, apa kang diancamaké marang kowé iku wis cepak, apa Pangéranku bakal namtokaké waktuné. 2585. Tiyang ingkang ijèn tanpa kanca tanpa kanthi, tanpa wonten ingkang mitulungi, wonten ing panggènanipun piyambak dipun emohi ing ngakathah, ing panggènan sanès dipun siya-siya (kados déné nalika Kanjeng Nabi wonten ing Thaif, nunggil jaman kaliyan tumurunipun surat punika), mesthi botenipun saged ngucapaken tetembungan ingkang kados makaten punika. Nalika nandhang kawelasasih wau Kanjeng Nabi angesokaken raosing panggalihipun wonten ing ngarsaning Pangéran Gustinipun makaten: “Dhuh Pangéran kawula! keparenga kawula amadulaken wonten ing ngarsa paduka ing bab ringkihing kakiyatan kawula tuwin asor kawula tumrap para manusa. Paduka punika Pangéranipun para titiyang ringkih, sarta paduka punika Pangéran kawula. Badhé paduka pasrahaken dhateng sinten jasad kawula punika? Punapa dhateng tanganipun titiyang sanès ingkang sami ngepang ing kawula? Punapa mengsah ingkang sampun paduka paringaken duk wonten ing griya punika badhé nguwaosi ing kawula? Kawula ngungsi wonten ing ngarsa paduka .......... “ (Muir). Lah, mangga punika kula aturi nandhing kaliyan wahyu ingkang dipun tampi déning Kanjeng Nabi nalika punika, ingkang anerangaken bilih mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi punika ringkih lan sakedhik cacahipun, sarta tumunten badhé dipun damel asor; lah ing ngriku tamtu badhé terang jingglang lir péndah raina, bilih sumber ingkang ngetukaken wahyunipun Kanjeng Nabi Suci punika mesthi boten wonten ing dalem 1552 Jin Juz XXIX 26 Ingkang-Anguningani barang tan-katon! Panjenengané ora amedharaké wawadi-Né marang sapasapa, 27 Kajaba marang sapa kang pinilih dadi utusan;2586 lah sayekti Panjenengané anglampahaké pangawal ing sangarepé dhèwèké lan saburiné, 28 Amurih Panjenengané angudanènana, yén dhèwèké temen anekakaké ayahaning Pangérané, lan Panjenengané iku anglimputi apa kang ana ing dhèwèké, sarta Panjenengané iku anyathet wulanganing samubarang.2587 panggalihipun Kanjeng Nabi piyambak, jalaran manahipun tiyang satunggal mesthi boten sagedipun angedalaken raos nalangsa margi nandhang kawelasasih tuwin apes, sasarengan kaliyan raos yakin ingkang kalangkung déning sanget dhateng kamenanganipun ingkang wekasan. 2586. Para juru-pambangun ingkang kajanjèkaken dhateng kaum Muslimin badhé rawuh ing saben wiwitaning abad, punika rèhning wakiling para utusan, inggih ugi kaparingan wahyu ing bab wadoswadosipun wekdal ingkang badhé dhateng; hikmahipun, supados anjumenengaken iman ingkang sajati wonten ing manahipun manusa, akalayan tandha-tandha yekti ingkang kagelar lumantar para juru-pambangun wau. Nanging kapèngetana bilih gaib (utawi wawados) ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki punika, ingkang dipun karsakaken khusus dhateng wedharing karsanipun Pangéran, ingkang wonten ing ayat candhakipun kasebut risalah utawi ayahaning Pangéran, awit punika dhawuh pangandika ingkang kawahyokaken lumantar para andika nabi. Nanging wawados ingkang kawedharaken dhateng para juru-pambangun ing dalem Islam, punika awujud piweca-piweca sanès risalah utawi ayahan, awit Quran Suci punika wedharing karsanipun Pangéran ingkang sampurna sarta sampun mengku sadaya prakawis ingkang perlu kanggé nuntun ing para manusa, dados wontenipun risalah utawi ayahan anyar sampun boten dipun betahaken. Wondéné piweca-piweca ingkang kawedharaken dhateng para Muslimin ingkang tulus, punika namung mengku maksud kanggé anetepaken kayektèning ayahan ingkang wekasan inggih punika Quran Suci. 2587. Mangga kula aturi mèngeti ceplosipun tetembunganipun wahyu punika; mangka wahyu punika tumurunipun nalika jaman Kanjeng Nabi ngalami kawontenan ingkang ngalitaken manah, kados ingkang sampun katerangaken ing 2585. Kaselak mokal manawi tetembungan makaten punika boten mijil saking Pangéran ingkang-mahakawasa. Ayahan boten kénging boten mesthi dhumawah, Allah anglimputi sadaya barang. ______________ SURAT 73 AL-MUZZAMMIL (Ingkang akekemul) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 20 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Kanjeng Nabi kadhawuhan salat. Salat, tiyang Islam dipun wajibaken. Katerangan gerban Surat punika kanamakaken mirid pratélan ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak, ingkang nerangaken Kanjeng Nabi: kang akekemul. Tegesipun ingkang warni-warni tembung wau, kapratélakaken wonten ing tafsiripun ayat wau, nanging nitik bab ingkang kawarsitakaken wonten ing surat punika dhawuh sembahayang, dados mèmperipun tembung Muzzammil punika ateges tiyang ingkang cacawis badhé sembahyang. Surat punika dipun bukani dhawuh dhateng Kanjeng Nabi supados sembahyang ing wanci dalu, dipun pungkasi kalayan dhawuh umum dhateng sadaya para mukmin, supados tansah sami kèmutan sembahyang. Péranganipun ingkang wingking ruku’ ingkang kaping sapisan wau, dhawuh dhateng Kanjeng Nabi supados sabar nandhang panganiayaning mengsah-mengsahipun ingkang sampun mesthi tumunten badhé nampèni siksanipun ingkang satrepipun, kados déné raja Fir’aun nalika milawani Kanjeng Nabi Musa. Surat ingkang sampun punika boten namung anjanjèkaken pangayoman kémawon, nanging kados déné ingkang kacetha kalayan terang wonten ing ayat 9, Kanjeng Nabi punika kadhawuhan nyuwun pangayoman sarana tansah sembahyang. Tumurunipun surat punika kagolong jaman Makkah wiwitan, sarta para mufassirin umumipun sami amastani bilih surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh piyambak. Nanging pamanggih ingkang limrah mastani manawi ayat ingkang wekasan piyambak, inggih punika ruku’-ipun ingkang kaping kalih surat punika, punika tumurun-ipun ing Madinah, awit ing ngriku nyebutaken perang ing marginipun Allah. Mirsanana ugi 2595, ing ngriku katerangaken bilih pratélan wau saged ugi piweca, awit saking punika saged ayat wau ugi kagolong nunggil ing jaman wiwitan. RUKU’ 1 Kanjeng Nabi kadhawuhan salat 1-9. Salat ing wanci dalu punika perlu. 10-19. Mengsah (ingkang ngalang-alangi salat) dipun pèpèngeti. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 É, sira kang akekemul!2588 2588. Ing ngriki Kanjeng Nabi kasebut Muzzammil tiyang ingkang akekemul. Katrangan ingkang limrah nerangaken sababipun Kanjeng Nabi kasebut makaten wau jalaran nalika mentas tampi wahyu 1554 Ar. kajaba Ingkang akekemul Juz XXIX 2 Tangia salat ing wengi kuranga ya sathithik, 3 Saparoné, utawa kurangana sathithik saka samono, 4 Utawa iku wuwuhana, sarta macaa Quran kalawan runtut abecik, 5 Sayekti Ingsun bakal andhawuhaké sabda antep marang sira.2589 6 Sayekti, tangi bengi iku dalan kang kukuh dhéwé kanggo ngidak, sarta laku kang jejeg dhéwé kanggo ambeneraké pangucap.2590 7 Sayekti, sira iku ing wayah awan panyambut gawénira suwé. 8 Lan diéling marang asmaning Pangéranira sarta disumungkem marang Panjenengané kalawan tuhu-tuhu. 9 Pangéraning wétan lan kulon – ana sesembahan kajaba Panjenengané – mulané sira alapa Panjenengané minangka pangayoman. ingkang sapisanan, utawi mentas kajumenengaken rasul, Kanjeng Nabi ngemuli sariranipun, nanging wonten malih katranganipun ingkang warni-warni. Rgh nerangaken bilih punika tembung silihan ingkang nyanépakaken tiyang ingkang nganggep gampil dhateng satunggaling prakawis. Kalbi tuwin Farra nerangaken bilih tembung wau mengku teges cacawisan badhé sembahyang (Rz). ‘Ikramah nerangaken bilih ateges tiyang ingkang kasangkutan ing prakawis ageng, awit zaml punika tegesipun ‘amal (Rz). Kalayan suraosipun sadaya, langkung-langkung ingkang kasebut kantun piyambak punika, sadhéngah pandhèrèk sami dipun tuju ing dhawuh lumantar Kanjeng Nabi Suci. 2589. utawi sabda anteb, punika gathukipun kaliyan tegesing tembung muzzammil manut anggènipun negesi Ikramah kasebut ing nginggil. Margi kasangkulan ing wajib nuntun jagad sawegung, nyata punika sabda ingkang anteb. 2590. Ing ngriki kasebutaken punapa sababipun déné ing wanci dalu kadhawuhaken anjungkung sembahyang. Inggih punika margi sembahyang ing wekdal dalu makaten margi ingkang mitayani piyambak kanggé angidak, inggih punika ngidak angicak-icak sawarnining awon, tuwin lampah ingkang jejeg piyambak kanggé angleresaken pangucap. Dados anjungkung sembahyang ing wanci dalu makaten mengku hikmah ngleresaken pandamel tuwin ngleresaken pangucap. Surat 73 Kanjeng Nabi kadhawuhan salat 1555 10 Lan disabar marang apa calathuné, sarta dhèwèké singkirana kalawan sumingkir kang pantes. Ar. lan 11 Lan Ingsun tokna baé mangkono uga wong kang padha anggorohaké kang sarwa mubra-mubru sarta dhèwèké padha sumenèkna sadhéla. 12 Sayekti, Ingsun kagungan balenggu gedhé sarta geni murup, 13 Tuwin pangan kang nyereti lan siksa kang nglarani. 14 Ing dinané bumi lan gununggunung gonjang-ganjing, sarta gunung-gunung dadi (kaya) undhukundhukan wedhi longsor.2591 15 Sayekti Ingsun wus angirimaké utusan marang sira, saksi tumrap marang sira, kaya déné anggon-Ingsun wus angirimaké utusan marang Fir’aun.2592 16 Ananging Fir’aun ora ambangun-turut marang utusan mau, mulané dhèwèké Ingsun patrapi kalawan patrapan kang abot. 2591. Manawi ayat 12-14 punika dipun cundhukaken kaliyan ayat 11, ingkang andhawuhaken dhateng Kanjeng nabi supados maringi inah dhateng para andaga ing sawatawis wekdal kanggé nglajeng-nglajengaken anggènipun sami adamel wisuna, tétéla manawi ayat-ayat wau wigatos mangandikakaken kawontenan sangsara ingkang badhé dipun sandhang déning para titiyang, ingkang ing samangkénipun kaparingan inah ing sawatawis wekdal, ngraosaken kamuktèn lan kawibawanipun; lan ugi wigatos mangandikakaken, bilih rekaos ingkang mesthi kasandhang selebetipun mencaraken yakti, punika mesthi badhé sirna larut samangsa yakti sampun wiwit jumeneng. Mirsanana ugi 1604. 2592. Wonten ing ayat punika – inggih punika èwoning wahyu ingkang sepuh piyambak – saminipun Kanjeng Nabi Suci kaliyan Kanjeng Nabi Musa kasebutaken kalayan tetembungan ingkang terang gamblang. Dados da’wah utawi pangakenipun Kanjeng Nabi jumeneng nabi kados ingkang kajanjèkaken wonten ing Pangandharing Torèt 18: 18, ingkang wonten ing ngriku kalayan ceplos kasebutaken “kaya” Kanjeng Nabi Musa, punika wontenipun sampun wiwit nalika Kanjeng Nabi winisuda jumeneng utusan. Punapa punika boten nama anggumunaken ingatasipun Kanjeng Nabi punika boten naté maos kitab Torèt? Lah inggih awit saking punika mila Quran Suci punika wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang tumurun ing pawingkingipun, kasebut kang ambeneraké barang kang sadurungé, liripun rawuhipun anjangkepi wahananing piweca ing kina, ingkang kayektènipun katetepaken kados makaten wau. 1556 Ingkang akekemul Juz XXIX 17 Lah kapriyé olèhmu bakal anjaga awakmu, manawa kowé padha maido, ing dinané, kang andadèkaké bocah-bocah padha uwanen? 18 Langit dadi sigar marga saka iku; janjining Panjenengané iku salawasé masthi kalaksanan.2593 19 Sayekti iki pépéling, mulané sapa sing gelem, angalapa dalan marang pangérané. RUKU’ 2 Salat tiyang Islam dipun wajibaken Ar. lan 20 Sayekti Pangéranira angudanéni, yèn sira iku anindakaké salat mèh rong prateloning wengi, lan (kala-kala) saparoné, lan (kala-kala) saprateloné, mangkono uga sapérangané para kang nyartani sira; lan Allah iku angukur wengi lan rina. Panjenengané uninga, yèn sira ora 2593. Kula aturi mèngeti kados punapa terang lan ceplosipun tetembunganipun ayat-ayat punika. Ing jaman wiwitan mila (kados déné jaman tumurunipun dhawuh punika), titiyang Quraisy sampun dipun paringi pèpènget bab prakawis nasib awon ingkang mesthi badhé dipun sandhang. Anggènipun anggigirisi dinten wau kapangandikakaken ngantos kados saged adamel laré-laré alit sami uwanen tuwin langit sigar-biyak. Nadyan dipun anggepa pangandika punika namung mligi nerangaken kawontenan ing dinten kiyamat, pratélan ingkang angka satunggal wau boten saged dipun suraos kalayan walaka, jalaran ing dinten kiyamat laré-laré boten badhé kadamel uwanen rambutipun. Milanipun para mufassirin sami angakeni manawi pratélan wau istingarah, ingkang nyanépakaken anggènipun anggigirisi dinten wau. Ing basa Arab manawi nerangaken dinten ingkang anggigirisi / punika wonten ingkang makaten ungelipun: dina kang bisa andadèkaké bocah-bocah padha uwanen kuncungé (Rz). Pratélan istingarah (sanépa) kakanthèkaken kaliyan pratélan langit sigar, punika dados bukti ingkang cetha bilih pratélan langit sigar punika ugi kedah kasuraos éntar. Malah menggah ing sajatos-jatosipun, manawi makaten punika anggènipun nyuraos, pratélan wau lajeng saged mathuk mengku kalih-kalihipun, inggih punika dinten kiyamat tuwin leburipun para mengsah ing gesang sapunika punika. Kosokwangsulipun, manawi kasuraos kalayan wantah, salah satunggal kémawon boten saged mathuk. Tetembungan bangsanipun langit ginulung (21: 104), langit sigar (kados déné ing ngriki tawin ing 82: 1), langit binuka tutupipun (81: 11), tuwin sapanunggilanipun, punika menggah ing sajatos-jatosipun mangandikakaken sirnanipun barang-barang lami ginantosan ing barang-barang anyar, ingkang sinartan ing kawontenan ingkang anggigirisi tuwin kawontenan ura-uru. Dados pratélan wau mathuk kanggé nembungaken leburipun satunggaling bangsa ing jagad punika, tuwin inggih mathuk kanggé nembungaken barang-barang gagrag ingkang anyar babar pisan, ingkang badhé dipun wontenaken sasarengan kaliyan kiyamat. Mirsanana ugi 1665 tuwin 2677. Surat 73 Ar. iku Salat dipun wajibaken 1557 bisa mangkono iku, mulané Panjenengané bola-bali (wilasa-Né) marang sira;2594 lah sira padha macaa Quran apa kang gampang (tumrapé sira). Panjenengané anguningani, yèn sawenèhira masthi ana sing lara, lan sawenèhé manéh lulungan ing bumi angupaya nugrahaning Allah, tuwin sawenèhé manèh perang ing dadalaning Allah2595 mulané padha macaa Qurân apa kang gampang (tumraping sira), lan anjumenengna salat, lan awèha zakat, lan angaturana marang Allah atur-atur kang becik,a lan sabarang kabecikanmu kang dhisik-dhisik kang tumrap marang awakira, iku bakal sira temu ana ing ngarsané Allah, iku pituwas kang luwih becik lan luwih gedhé; lan padha nyuwuna pangapura marang Allah; sayekti Allah iku Aparamarta-Mahaasih. 2594. Péranganipun ingkang sapisan ayat punika boten mengku dhawuh paréntah dhateng para angèstu supados anjungkung sembahyang ing wanci dalu kalayan katamtokaken dangunipun; wangsul namung nyebutaken, bilih Kanjeng Nabi Suci tuwin para ingkang sami nyartani panjenenganipun sok anjungkung sembahyang ing wanci dalu ngantos kalih pratigan dalu. Tarkadhang sapalih dalu, tuwin tarkadhang sapratigan dalu. Dados nama boten teges manawi winastan bilih péranganipun ingkang sapisan ayat punika kasuwak déning peranganipun ingkang angka kalih. Satunggaling pratélan boten saged winastan kasuwak. Wondéné péranganipun ayat ingkang kantun, punika namung anyebutaken, bilih nadyan Kanjeng Nabi Suci lan para sahabatipun ingkang sami nyarempeng anjungkung sembahyang ing wanci dalu ngantos sapérangan ageng (boten kados para mengsah, manggung langen suka), suprandéné boten sadaya titiyang Muslimin saged nulad tindak wau; milanipun titiyang Muslimin kapangandikan, kénging sami sembahyang ing wanci dalu namung ing sakacunggahipun sarta boten dados sasanggèn. Sira ing dhawuh ingkang mungel “sira ora bisa mangkono iku,” punika ingkang dipun karsakaken titiyang muslimin umumipun. Kapèngetana bilih ing ngriki wonten tembung taba (kriyanipun tembung taubah), ingkang jawinipun Panjenengané bali wilasané, mangka boten wonten rembag prakawis dosa ingkang tumrap tiyang ingkang sami kaparingan wilasa déning Pangéran wau. Punika anedahaken bilih tembung taubah punika wonten ing Quran Suci anggadhahi teges langkung jembar katimbang tembung tobat ing basa jawi. 2595. Pepérangan kasebutaken wonten ing dhawuh punika, punika ingkang cepak kémawon dumunung pratélan ingkang asifat piweca, kados déné ingkang pinanggih ing pinten-pinten panggènan wonten ing Quran Suci. Dados kasebutipun prakawis punika, punika boten teka lajeng dados bukti bilih ayat punika boten tumurun ing Makkah. _____________ SURAT 74 AL-MUDDATSTSIR (Ingkang manganggé) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 56 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Kanjeng Nabi kadhawuhan aparing pèpènget. Pèpèngetipun. Katerangan gerban Surat ingkang sampun mangandikakaken Kanjeng Nabi, kados pundi anggayuh kasampurnan punika. Ing ngriki Kanjeng Nabi dipun dhawuhi medal saking anggènipun miyambak perlu nyampurnakaken ing sanès. Para mufassirin sami sarujuk amastani bilih surat punika dhawah angka kalih menggah ing urut-urutan ing tumurunipun, sarta kawontenan-kawontenan ingkang gagandhèngan kaliyan tumurunipun surat punika kasebut wonten ing hadits-hadits ingkang kénging pinitados. Dangunipun letipun antawising tumurunipun wahyu ingkang rumiyin piyambak kaliyan tumuruning wahyu ingkang ongka kalih punika ngantos watawis wekdal nem wulan, sarta wekdal punika misuwuripun kasebut fathrah utawi komplang. Pantes pinèngetan, jaman nem atusan taun sadèrèngipun rawuhipun Kanjeng Nabi, punika inggih jaman fathrah utawi komplang, awit nem abad kapétang wiwit jaman rawuhipun Kanjeng Nabi Isa dumigi jaman rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. ing jagad punika boten wonten nabi ingkang rawuh; fathrah-ipun Kanjeng Nabi ingkang boten dangu wau saged ugi minangka pèpènget-ènget jaman nem abad sadangunipun jagad sawegung ngentos-entosi rawuhing panutupipun para nabi lan agung-agunging para nabi, Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw. inggih punika nabinipun sadaya umat saha sadaya jaman dados boten namung nabining umat satunggal utawi jaman satunggal kémawon. Wekdal fathrah punika sakalangkung anggènipun angregiyeg tumrapipun Kanjeng Nabi, sarta Panjenenganipun sakalangkung sungkawa margi wahyu komplang boten tumurun wau. Nanging sapisan malih sasampunipun wekdal komplang wau pundhat wawangenipun, malaikating Pangéran ngrawuhi panjenenganipun malih; Kanjeng Nabi ngemuli sariranipun kalayan pangagemanipun; nanging sanès karsaning Pangéran panjenenganipun lastantun miyambak, sami nalika panjenenganipun kadhawuhan jumeneng saha memèngeti. Tiyang ingkang manganggé wau tansah ngrasuk busana meleng dhateng Pangéran; ing sapunika panjenenganipun kadhawuhan ngèndeli anggènipun remen miyambak. Surat punika ing sagemblengipun terang manawi kagolong ing jaman Makkah wiwitan nanging inggih cetha boten katurunaken sapisan rampung, namung kémawon boten wonten titikanipun manawi wonten péranganipun ingkang tumurunipun wonten ing Madinah. Hadits satunggal thil ingkang nerangaken pahamipun Jabir, riwayat Abu Salamah bin Abdirrahman, bilih surat punika wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak, punika sampun boten wonten semang-semangipun manawi klèntu. Leres “rumiyin piyambak”, nanging rumiyin piyambak ing sasampunipun Fathrah, ing sasampunipun wekdal komplanging wahyu, boten kok ingkang rumiyin piyambak ing antawising wahyu ingkang katampi déning kanjeng Nabi sadaya. Wondéné wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak, punika sampun umum dipun akèni ayat-ayat ing wiwitaning surat ingkang kaping 96. _____________ Surat 74 Kanjeng Nabi kadhawuhan amèmèngeti 1559 RUKU’ 1 Kanjeng Nabi kadhawuhan aparing pèpènget 1-7. Kanjeng Nabi kedah pèpènget sarta kedah sabar. 8-31. Para ingkang milawani sarta kados pundi pandumipun. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 O, sira kang-manganggo!2596 2 Ngadega lan apépélinga,2597 3 Sarta angegungna Pangéranira, 4 Tuwin angresikna sasandhanganira,2598 5 Apa déné angedohna jejember, 6 Lan aja wèwèh akanthi pangarah tampa pakolèh kang luwih akèh2599 7 Lan tumrap Pangéranira disabar. prakaraning 8 Amarga samangsa salumprèt tiniyup, 2596. Al-Muddatstsir punika tiyang ingkang manganggé ditsâr, panganggé (LL). Sawenèh ngulami anggènipun nyuraos tembung punika walaka, sawenèhipun malih éntar. Manut ingkang sami nyuraos éntar tegesipun tiyang ingkang manganggé busana kenabian utawi tiyang ingkang mempen, kados déné kawontenanipun Kanjeng Nabi nalika wonten ing guwa Hira’ (Rz). 2597. Kula aturi nyundhukaken kaliyan dhawuh ingkang kamot wonten ing surat ingkang sampun; ing ngriku Kanjeng Nabi Suci kadhawuhan anjungkung ngibadah, murih panjenenganipun saged anggayuh kasampurnan ing ngriki panjenenganipun dipun dhawuhi andhatengaken ayahan saha maringi pèpènget, dados adamel sampurna ing tiyang sanès. 2598. Nucèni panganggé punika boten namung ingkang magepokan kaliyan susuci kalayan patrap lahir kémawon, nanging ugi susucining manah, kados déné ingkang katerangaken ing ayat candhakipun, ingkang andhawuhaken supados panjenenganipun sumingkir saking sawarnining jejember. Katerangan makaten punika dipun ajengi déning para mufassirin ingkang kathah-kathah (Rz). 2599. Utawi: manawa sira mènèhaké pawèwèh, poma sira aja ngarep-arep bakal tampa kang luwih akèh saka wong kang kepotangan kabecikan karo sira; utawi: barang satitik kang sira tindakaké iku aja sira étung akèh. 1560 Ingkang-Manganggé Juz XXIX 9 Lah ing kono dina iku dina rekasa 10 Tumrap para kafir (dina) kang gampang, dudu 11 Togna baé Ingsun dhéwé karo wong kang wus Ingsun-titahaké, 12 Lan wus Ingsun bandha kang ombèr, paringi 13 Apa déné anak-anak kang ketungkulan, 14 Tuwin prakarané Ingsun tata sarwa tumata; 15 Éwadéné dhèwèké isih angajap Ingsun wuwuhana.2600 16 Ora pisan-pisan! sayekti dhèwèké iku amilawani timbalan-timbalan-Ingsun. 17 Ingsun bakal anibakaké siksakang-nusahaké marang dhèwèké.2601 2600. Pratélan punika mathuk kasuraos umum, nanging mèh sadaya para mufassirin sami mèngeti lalampahanipun Walid bin Mugirah mligi magepokan kaliyan pangandika punika. Rz nyebutaken hadits ingkang ngandharaken lalampahanipun Walid wau. Abu Jahl tuwin para panuntuning panganiaya dhateng Kanjeng Nabi Suci sanès-sanèsipun sami kalempakan perlu ngrembag nama punapa ingkang badhé kanggé anjuluki Kanjeng Nabi Suci, awit ing mangsa haji, titiyang kathah boten sami golongrembagipun jujuluk punapa ingkang mligi kanggé anjuluki ing panjenenganipun. Sawenèh tiyang usul supados Kanjeng Nabi dipun juluki: juru-nganggit-kidung, nanging Walid mangsuli bilih pangandikanipun Kanjeng Nabi punika boten maya-maya kados ginemipun juru-nganggit-kidung. Tiyang sanèsipun usul supados dipun wastani juru-tenung, nanging Walid inggih ambantah, dupèh Kanjeng Nabi Muhammad boten naté dora pangandikanipun, mangka para juru tenung, asring goroh. Tiyang sanès malih usul supados panjenenganipun dipun sebut tiyang éwah, nanging punika ugi boten cocog kaliyan kawontenaning sugengipun Kanjeng Nabi. Walid lajeng madal pasilan, kanca-kancanipun nginten manawi piyambakipun badhé ngrasuk Islam. Abu Jahl nututi perlu badhé pitakèn dhateng piyambakipun bab prakawis punika; Abu Jahl dipun cariyosi bilih sasampunipun kamanah lebet, piyambakipun angsal pupuntoning pamanggih, bilih Kanjeng Nabi punika satunggaling sâhir, jawinipun: juru kemayan, cariyosipun: jalaran “inggih juru-kemayan, ingkang sok amisahaken bapak kaliyan anak, sadhèrèk kaliyan sadhèrèkipun, tiyang jaler kaliyan rabinipun.” Urut margi-marginipun kitha Makkah lajeng dipun undhang-undhangaken bilih Kanjeng Nabi punika sâhir. Lah inggih lalampahan punika ingkang dipun karsakaken wonten ing ayat-ayat candhakipun punika. 2601. tegesipun aku andadèkaké dhèwèké nindakaké barang kang angèl Surat 74 Kanjeng Nabi kadhawuhan amèmèngeti 1561 18 Sayekti, dhèwèké mikir-mikir sarta anetepaké, 19 Ananging muga siniku, kapriyé anggoné netepaké, 20 Manéh, muga siniku, kapriyé anggoné netepaké; 21 Banjur angawasaké, 22 Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit, 23 Banjur mungkur sarta gumedhé, 24 Banjur calathu: Iki ora liya kajaba kemayan tutur-pinajaraké;2602 25 Iki ora liya kajaba mung guneming wong. 26 Dhèwèké bakal Ingsun cemplungaké naraka 27 Lan apa kang meruhaké sira, naraka iku apa? 28 Ora ana sabarang sing diisihaké, lan ora ana kang ora linebur. Ut. anggesengaké 29 Iku angowahaké kaananing manusa. 30 Ing kono ana sangalas (sing anjaga).2602A utawi kang ngrekasakaké. Ingkang dipun karsakaken nasib ingkang dipun sandhang déning Walid; anakipun jaler ingkang tiga ngrasuk Islam, sanèsipun sami tilar donya, kasugihanipun wiwit susut, wasananipun piyambakipun piyambak pejah kalayan nandhang camah ingkang sanget tuwin nandhang kemlaratan. 2602. Sihr ing ngriki mengku teges sami kados déné ingkang kawengku wonten ing pangandika- nipun Kanjeng Nabi inggih punika wicara luwes katranganipun ingkang panjang bab tembung punika kula aturi mirsani ing 148. Mila Quran winastan kemayan awit Quran punika kagungan daya panarik ingkang adamel kélu. 2602A. Kedah dipun pèngeti bilih wonten ing ayat candhakipun punika kasebut sanépa apa kang 1562 Ar. mitra Ar. kalawan a. 44, 1099, 1297, 1312 Ingkang-Manganggé Juz XXIX 31 Lan ora liya kajaba malaikat kang Ingsun dadèkaké panjaganing geni, sarta wilangané ora liya kajaba mung Ingsun dadèkaké coba tumrap para kang padha kafir, supaya para kang padha kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman padha wuwuh imané, apa déné (supaya) ora padha semang-semang para kang kaparingan Kitab lan para mukmin, sarta supaya para kang sajroning atiné ana lalarané sarta para kafir padha calathu: Apa ta karsaning Allah adamel sanépa iki? Iya kaya mangkono iku anggoné Allah andadèkaké sasaré sapa kang dadi karsa-Né, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi karsa-Né,a lan ora ana kang weruh wadya balané Pangéranira kajaba Panjenengané; lan iki ora liya kajaba pépéling tumrap para manusa.* RUKU’ 2 Pèpèngetipun Ut. dhemi a. 2099 32 O, pramanaknab rembulané, 33 Sarta wengi nalikané oncat, 34 Tuwin gagat-bangun, nalikané sumilak; 35 Sayekti, iki salah sawijining (kacilakan) kang gedhé 36 Pépéling tumrap para manusa, dikarsakaké Allah kalawan sanépa iki? Quran namung mangandikakaken ing kono ana sangalas. Para mufassirin anggadhahi pamanggih bilih sangalas punika malaikat sangalas utawi golongan sangalas, utawi tataran sangalas (Rz). Déné mila cacahipun katamtokaken samanten wau, punika miturut pahamipun margi saking tiyang kalayan boten saleres leresipun anggènipun migunakaken anggota sangalas, ingkang paprincènipun kasebutaken déning para mufassirin wau (Rz). * Surat 74 Pèpèngetipun 1563 37 Tumrap sira apa sing arep maju utawa (arep) kèri.2603 38 Sarupaning jiwa iku kaiket karo sabarang panggawéné 39 Kajaba para kang ana ing tangan tengen, 40 Ana sajroning patamanan, bakal padha takon-takonan. 41 Prakara wong kang padha dosa: 42 Punapa marginipun sampéyan wonten ing salebeting naraka? 43 Bakal padha mangsuli: Kula punika sami sanès golonganipun tiyang ingkang sami salat; 44 Lan kula boten naté nyukani tedha tiyang miskin; 45 Sarta damel kula omong lalahan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lalahan. 46 Tuwin damel kula anggorohaken dinten wawales, Ar. yakin 47 Ngantos dhatengipun pejah kula. 2603. Wulan utawi qamar punika kados déné ingkang sampun kula terangaken wonten ing 2388, minangka pasemoning panguwaosipun bangsa Arab. Dalu ing ayat candhakipun punika minangka pasemonipun kabodhoan ingkang anglimputi bangsa Arab. Kabodhoan Punika badhé sirna, nanging sareng kaliyan sirnanipun kabodhoan wau, badhé sirna ugi panguwaosipun titiyang Makkah. Papadhanging yakti badhé sumunar anelahi, nanging boten kok atanpa kacilakan ageng tumrap para titiyang ingkang boten purun majeng; lah punika minangka pèpènget. Kosokwangsulipun, titiyang ingkang purun majeng, boten badhé kedayan punapa-punapa, boten badhé ketaman kacilakan ingkang sakalanglung ageng wau, awit para titiyangipun tangan tengen sami badhé wonten ing taman, margi saben jiwa mesthi nanggel sabarang ingkang katindakaken. Piweca sacara makaten wau, inggih punika ingkang mecakaken badhé leburipun titiyang Makkah, punika taksih kalajengaken ngantos dumugi ing wekasaning surat. 1564 Ingkang-Manganggé Juz XXIX 48 Mulané safangaté para jurusafangat ora bakal maédahi marang dhèwèké. 49 Lah apa ta karanané, déné dhèwèké maléngos saka pépéling. 50 Kaya déné kuldi kang kagèt, 51 Kang anggeblas singa barong? angoncati 52 Balik dhèwèké, siji-sijiné, padha angajab padha diparingana dhéwé-dhéwé lembaran kang ginelar.2604 53 Ora pisan-pisan! balik dhèwèké padha ora wedi marang akhirat. 54 O, Sayekti, iku sawijining pépéling.2605 55 Lah sapa sing gelem, angélingana iku. 56 Lan ora bakal padha angélingi, kajaba sing dadi kaparenging Allah.2605A Panjenengané iku pantes kinawedèn lan pantes aparing pangapura. 2604. Saben tiyang saking èwonipun para titiyang wau akajeng ambok inggih piyambakipun tampi wahyu piyambak saking langit. Bab prakawis punika sampun marambah-rambah kaucapaken déning para titiyang wau: Généa Allah ora ngandika marang aku? (2: 118). 2605. Quran punika kasebut tadhkirah. Déné tegesipun sami kémawon kaliyan dhikr inggih punika pépéling, nanging mengku suraos ingkang langkung lebet malih, inggih punika nedahaken kaluhuran lan kamulyan tumrap para ingkang sami andhèrèk Quran. 2605A. Quran sampun marambah-rambah andhawuhaken, bilih Pangéran boten meksa ing manusa nganggé margi punika utawi punika. Quran namung maringi ancer-ancer pundi margi ingkang leres pundi ingkang lepat. Ing salajengipun gumantung ing pamilihipun satunggal-satunggaling tiyang. Dalasan ing ngriki ugi kasebutaken kalayan terang gamblang: Lah sapa sing gelem, angèlingana iku (ayat 55). Ing 76: 3 wonten dhawuh pangandika: Sayekti Ingsun anuduhaké dadalané, apa dhèwèké arep sukur apa arep angafiri, sakarepé. Ing Quran Suci kathah ayat-ayat ingkang kados makaten punika. Manawi makaten, lah kados pundi tegesipun dhawuh pratélan ingkang mungel lan ora bakal padha angélingi kajaba sing dadi kaparenging Allah punika? Pratélan punika teluk dhateng Surat 74 Pèpèngetipun 1565 angger-anggering Pangéran ingkang sampun naté katerangaken. Tiyang ingkang kinarsakaken ing Allah katuntun dhateng margi ingkang leres tuwin kinarsakaken “éling,” punika tiyang ingkang purun ambikak manahipun purun anampèni. Mangga kula aturi mèngeti, kirang gamblang punapa kateranganipun ayat-ayat nginggilipun ingkang anggambaraken kawontenanipun ingkang mligi titiyang ingkang mirengaken kémawon dhateng juru-pèpènget boten purun: Lah apa ta karanané déné dhèwèké maléngos saka pépéling, kaya déné kuldi kang kagèt, kang anggeblas angoncati singa barong ? (ayat 49-51). Keparengipun Allah piyambak, punika sampun angger-angger, sanès barang ingkang éwah gingsir, molah-malih, dados boten panjenenganipun angénggokaken tiyang saking “éling,” manawi tiyang wau pancèn purun sayekti nampèni kasunyatan. Asring kasebutaken ing Quran Suci, Pangéran karsa anuntun ing sawenèh tiyang lan ngèndelaken sawenèhipun dumunung ing sasar, punika cocog kaliyan angger-anggeripun Pangéran. Menggah ing sajatos-jatosipun dhawah punika satunggaling piweca, bilih Allah badhé kepareng andadosaken tiyang ingkang ing sapunika sami maléngos punika sami purun émut, sarta bab punika taksih kalajengaken wonten ing surat candhakipun. Kateranganipun pratélan saminipun punika ingkang kasebut ing 76: 30, kula aturi mirsani 2633A. ____________ SURAT 75 AL-QIYÂMAH (Kiyamat) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (20 ruku’, 40 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Kanyataanipun Kiyamat. Titiyang pejah sami badhé tangi. Katerangan gerban Surat punika taksih nglajengaken bab ingkang kawarsitakaken wonten ing telas-telasaning surat ingkang sampun, inggih punika: Quran punika pèpènget ingkang badhé nyengkakaken ing ngaluhur dhateng para ingkang sami andhèrèk. Minangka buktinipun, dinten gesangipun malih ruhani, utawi Kiyamat, ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika, lan jiwa ingkang netah awakipun piyambak, kagem sumpah ingkang wigatos mengku teges bilih kaluhuranipun para angèstu punika badhé tinengeran ing gesangipun malih sadaya para titiyang ingkang ing sapunikanipun pejah menggah ing ruhaniyahipun sarta netahipun dhateng awakipun piyambak para titiyang ingkang boten sami purun ngalap piguna dhateng pèpènget. Kalayan ingkang makaten wau, surat punika wigatos mangandikakaken gesangipun malih tiyang pejah. Déné tumurunipun surat punika, punika kagolong ing jaman Makkah sepuh, sarta kénging katamtokaken ing kiwatengenipun taun ingkang kaping sakawan wiwit Kanjeng Nabi tetep dados utusan. RUKU’ 1 Kanyataanipun Kiyamat 1-5. Buktinipun kiyamat. 16-19. Anggènipuna angempalaken Quran tuwin panataning urut-urutanipun punika pakaryaning Wewedharipun sabdaning Pangéran. 20-30. Kasusahan ageng. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2438 b. 1219, 2732 1 Sayekti, Ingsun apasaksia dina kiyamat 2 Lan sayekti, Ingsun anguwuh saksi osik-piduwungb,2606 2606. Kiyamat ing ngriki ateges kiyamatipun ruhani bangsa Arab, tuwin ugi ateges kiyamat ageng. Tegesipun ingkang sakawit qiyâmah punika tangi. Rgh nerangaken makaten: “Al-qiyâmah punika Surat 75 Kanyatasnipun kiyamat 1567 3 Apa manusa ngira, yèn Ingsun ora bakal anglumpukaké babalungé? Ut. awaké sakojur 4 O, iya malah drijiné pisan Ingsun bisa agawé sampurnané.2607 5 Nanging manusa iku niyaté arep anggorohaké barang kang ana ngarepé. 6 Dhèwèké takon: Kapan ta dina kiyamat iku? 7 Nanging nalika pandelengé wus baliwur,2608 asalipun ateges tanginipun satunggaling tiyang kalayan sami sanalika.” Sapunikanipun Al-qiyâmah punika dados istilah utawi basanipun agami, tegesipun kiyamat ageng, nanging tegesipun ingkang asal boten ical, sarta ugi mengku teges gesangipun malih tiyang ingkang pejah ruhaniyahipun. Lâ ingkang wonten ing wiwitaning ayat punika lan ayat candhakipun, punika nunggil teges kaliyan / ingkang wonten ing 4 : 65, tuwin ing kidungipun Imraul Qais: Miturut Kf, lâ tumrap ingkang kados makaten makaten punika kanggé jawinipun kanggé ngantebaken sumpah. Waw tumrap tumrap wonten ing ukara warni kalih ing ngiggil punika, punika mengku suraos uqsimu, dados rarangkèn warni kalih wau sami. 2607. Atanpa waton babar-pisan manawi para mengsah maiben dhateng kuwaosipun Allah adamel satunggaling umat dados umat ingkang ageng. Panjenenganipun rak inggih kuwaos ta anggesangaken malih balung aking? (inggih punika sanépanipun Kanjeng Nabi manut panyawangipun para mengsah). Malah langkung malih, panjenenganipun kuwaos andadosaken tiyang saged anggayuh kasampurnan, nyampurnakaken sadaya anggotaning badanipun, dalasan ngantos dumugi pucuking drijinipun pisan. Tembung banân punika ingkang sakawit namung ateges driji, utawi pucuking driji; nanging tembung punika ugi kanggé nembungaken sadaya anggotaning badan (Abu-Ishaq, M-LL), mila lajeng kénging dipun jarwani ugi badan sakojur. Suprandéné nadyan dipun lastantuna pisan tegesipun ingkang sakawit, inggih punika driji, suraosipun taksih tetep sami, jalaran kalangkunganipun manusa punika gumanthung wonten ing tanganipun, langkung-langkung wonten ing wawanguning driji-drijinipun, ingkang saumpamia tanpa punika, tangèh lamun manusa saged majeng. Tetembunganipun ingkang angsal banâ punika tegesipun dudunung; mila driji kasebut banân, miturut Msb: “jalaran sadaya kawontenan ingkang dipun anggé nglajengaken gesangipun manusa, punika tumatanipun sarana drijidriji wau” (LL), utawi manawi miturut Rgh tuwin TA, jalaran kalayan driji-driji wau manusa umangsah prang tuwin rumeksa awakipun. Dados ayat kakalih punika wigatos mecakaken lalampahan wigatos ing wekdal ingkang badhé dhateng tumrap Kanjeng Nabi Suci, ayat sambetipun nyethakaken bab prakawis punika: Nanging manusa iku niyaté arep anggorohaké barang kang ana ing ngarepé, terangipun, piyambakipun boten purun ngandel bilih ingkang makaten punika saged kelampahan. 2608. Lah ing ngriki kasusulan sawenèh tandha-tandhanipun dinten kiyamat tegesipun pandeleng dadi blawur, utawi manawi miturt Rz, dhèwèké dadi bingung; sarta tembung bariqa thok, tanpa karaketan tembung sanès, punika inggih sampun ateges kados makaten wau, inggih punika dhèwèké dadi bingung lan ora bisa weruh dadalané kang bener, utawi dhèwèké dadi giris (Q, TA-LL). Dados sawenèh bilai ageng ingkang saged adamel bingungipun mengsah, punika kawengku 1568 Kiyamat Juz XXIX 8 Lan rembulané wus surem,2609 9 Sarta srengéngéné lan rembulané wus dikumpulaké,2610 10 Ing dina iku manusa bakal padha calathu: mlayu menyang ngendi? 11 Ora pisan-pisan! ora bakal ana pangungsèn! 12 Ing dina iku bakal mung marang Pangéranira dununging palereman. 2611 13 Ing dina iku manusa iku bakal diwartani sabarang panggawéné kang didhisikaké lan (sabarang) kang dikèrèkaké.2612 wonten ing tembung wau. Sawenèh mufassirin wonten ingkang gadhah paham, bilih ingkang makaten punika tandha-tandhanipun tiyang ingkang sampun celak kaliyan ngajalipun (Rz). 2609. Rembulan surem, punika mengku teges sirnaning panguwaosipun titiyang Makkah (nalika lumawan Kanjeng Nabi Suci) utawi sirnaning panguwaosipun bangsa-bangsa Semetic umumipun (ing jaman pawingkingipun); mirsanana 2388. 2610. Surya lan rembulan dipun kempalaken, mengku teges surya lan rembulan sirna cahyanipun (Rz), manawi punika dipun suraos risakipun ingkang wekasan solar system (planit-planit ingkang kagolong dhateng surya kita, dalah surya lan rembuan kita), lajeng sampun terang tegesipun. Nanging kajawi punika sajakipun taksih mengku teges sanèsipun malih sacara ngibarat, inggih punika sirnaning panguwaosipun nagari Persi, ingkang mawi pesamon surya, sasarengan kaliyan sirnaning panguwaosipun titiyang Makkah. Mirsanana 1930, ing ngriku katerangaken bilih ambrukipun titiyang Makkah lan titiyang Persi punika wiwit lan wekasanipun sarengan (nunggil jaman). Kedah dipun pèngeti bilih ayat-ayat punika sadaya ugi mengku karsa mangandikakaken Kiyamatipun tiyang pejah ing saumumipun; nanging kanyataaning wahananipun, ingkang sacara ngibarat kelampahan ing gesang sapunika ugi, punika kakarsakaken dados tandha kayektèning janji bab akhirat; sarta bab punika kacethakaken wonten ing dhawuh sambetipun. Para mufassirin ingkang sami nganggep tandha-tandha punika dados tandha-tandhanipun pejah ingkang sampun andungkap, sami gadhah panyuraos surya lan rembulan kakempalaken punika mengku teges pecating jiwa dhateng akhirat (jiwa kasanépakaken rembulan, akhirat kasanépakaken surya, awit ing gesang ingkang badhé dhateng sawarnining semangsemang sampun boten wonten malih). 2611. Ayat punika, lan ayat kakalih ingkang sampun, punika kénging kanggé titikan bilih ingkang dipun karsakaken punika terang bab prakawis ambrukipun babar pisan para mengsah; jalaran ayat wau andhawuhaken dhateng mengsah ingkang kiyat, bilih dintenipun sampun dhateng, samangsa piyambakipun sampun boten angsal palereman malih kajawi marang Pangéranira, inggih punika ngayom dhateng Kanjeng Nabi Suci. 2612. Kang didhisikaké ingkang dipun karsakaken pandamel awon ingkang sampun dipun lampahi, mangka kedahipun boten kénging dipun lampahi. Kang dikèrèkaké, pandamel saé ingkang boten dipun lampahi mangka kedahipun dipun tindakaken. Surat 75 Kanyatasnipun kiyamat 1569 14 O, manusa iku saksi-premati tumrap marang awaké dhéwé, 15 Sanajan ta angandhakaké alangané,2613 16 Aja sira ngobahaké lidhahira kanggo anggégé iku.2614 17 Sayekti anggoné angumpulaké iku sarta pamacané, iku tanggungan-Ingsun.2615 2613. Manusa punika mesthi saged ambédakaken antawising leres lan lepat; éwadéné manusa ajegajegan pijer “damel pawadan” kanggé anilar margi ingkang leres tuwin nganggé margi ingkang boten leres. 2614. Déning sawenèh tiyang ayat 16-19 punika kanggep boten wonten sambetipun kaliyan dhawuh ing ngiggil lan ing ngandhapipun. Tuwan Rodwell nganggep ayat 16-19 punika parenthetical (ukara ingkang sumesel). Nanging kados déné ingkang sampun kula terangaken nalika nafsiri ayat ingkang wiwitan ing surat punika, menggah ing sajatosipun ingkang dados jejering rembag punika bab prakawis Quran. Déné mawi nyebutaken dinten kiyamat, punika namung kanggé pasaksèn, bilih para ingkang sami andhèrèk Quran, punika mesthi badhé dipun tangèkaken lantaran Quran wau, lan badhé menang kaliyan mengsah-mengsahipun. Déné sasambetanipun pangandika, melokipun mawi cara sanès. Ayat-ayat ingkang sampun mangandikakaken rekaos ingkang mesthi dipun sandhang déning para titiyang ingkang boten purun nebihi margi ingkang boten leres. Mesthi kémawon Kanjeng Nabi kepéngin sanget sageda para titiyang wau sami langkung dhamang dhateng prakawis punika, awit saking punika panjenenganipun ngantos-antos sanget supados tumunten dipun paringana dhawuh pèpènget ingkang mawi tembung ingkang langkung cetha malih. Milanipun Kanjeng Nabi lajeng kaparingan dhawuh sampun ngantos anggégé punika, jalaran sapisan para titiyang wau inggih saged ambédakaken antawisipun leres lan lepat, kaping kalihipun, Kanjeng Nabi kedah narimah dhateng dhawuh-dhawuh ingkang saben-saben kawahyokaké dhateng panjenenganipun. Milanipun lajeng wonten pratélan kados déné ing ayat-ayat candhakipun, inggih punika pamaosipun lan klempakanipun Quran ing sagemblengipun, miwah kateranganipun ingkang cumeplos tumrap para mengsah, punika prakawis ingkang sampun katamtokaken déning Allah mesthi badhé kelampahan; Kanjeng Nabi kedahipun boten prihatos margi saking punika. Pratélan ing ngriki punika kacocogna kaliyan 20 : 113, 114 mangké rak dados cetha katrangan punika. “lan kaya mangkono anggon-Ingsun anurunaké Quran basa Arab sarta ing jeroné Ingsun amijang-mijangaké pangancam-pangancam, supaya dhèwèké padha anjaga dhiriné saka ing ala utawa supaya dadia pépéling tumrap marang dhèwèké ....... Lan aja anggégé marang Quran ing sadurungé sampurna kawedharé marang sira, sarta calathua: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing wewah kawruh dhateng kawula.” Kedah dipun pèngeti ugi bilih sareng panglawan dhateng Kanjeng Nabi saya sanget, pèpènget saya langkung cetha. 2615. Boten wonten pasaksèn ingkang langkung cetha malih ngungkuli dhawuhing ayat punika, bilih manut pangakening Quran ingkang nglempakaken ayat-ayating Quran dados surat, surat dados sagemblenging kitab, punika boten prabéda lan tumurunipun, katindakaken piyambak déning Kanjeng Nabi Suci atas tuntunananipun Pangéran. Dados Kitab Quran punika wiwit sakawit mila, kakarsakaken badhé tinata tuwin kinlempakaken dados satunggal. Tuwan Rodwell, ingkang dhateng panatanipun Quran ingkang asli, ingkang sampun urut boten patosa purun anggatosaken, nalika nafsiri ayat punika kapeksa suka katerangan makaten: "Badhéa kados pundi kémawon kita mesthi lajeng angsal pupuntoning pamanggih, bilih wiwit ing sakawit mila Muhammad sampun damel rancangan badhé ngundhangaken satunggaling Kitab ingkang sampun sinerat.” Nanging dhawuhing Quran mengku suraos langkung jembar malih, inggih punika nglempakipun Quran punika badhé katindakaken kalayan sampurna atas tuntunanipun Pangéran, sarta “klempakan”, punika mesthi mengku ugi bab panataning 1570 Kiyamat Juz XXIX 18 Mulané samangsa iku wus Ingsun waca, lah sira turuta wacan iku. 19 Tumuli, sayekti tanggunganIngsun anggoné nerangaké iku. 20 O, ananging sira iku padha anresnani urip ing donya iki, 21 Lan anglirwakaké akhirat. 22 Ing dina iku rai-rai ana kang padha mancorong, 23 Anyawang marang Pangérané;2616 24 Lan, ing dina iku, rai ana kang padha suntrut, 25 Padha weruh, yèn bilai gedhé ditibakaké marang dhèwèké.2617 26 O, nalikané wus tumeka ing tenggok, Ut. juru tenungé 27 Sarta dicalathoni: sapa tukangé nambani?2618 urut-urutaning pépéranganipun. Cekakipun, Quran punika boten kénging winastan kitab, manawi pépéranganipun ingkang pinten-pinten punika boten tinata kaurutaken dados satunggal. Kosokwangsulipun, manawi uruting tumurunipun dhawuh dipun anggé guru nalika nata ngurutaken pepéranganipun dhawuh, klempakanipun mesthi boten kapangandikakaken mligi, kadamel béda kaliyan bab prakawis tumurunipun, kados déné ingkang kawengku wonten ing dhawuh ingkang mungel pamacané punika. 2616. Ing dina iku punika ateges dintening kamenanganipun yakti tuwin dinten kiyamat. Tembung anyawang marang pangérané punika inggih anggadhahi teges warni kalih; tumrap ingkang sapisan mengku suraos nyuwun ganjaranipun dhateng Pangéran, tumrap ingkang ongka kalih punika nugraha ingkang luhur piyambak, inggih punika nyumerepi dhateng Pribadinipun Pangéran wonten ing akhirat. Kedah dipun pèngeti, nyawang dhateng Pangéran, punika boten teka lajeng ateges bilih Pangéran badhé ngaggem badhan wadhag, punika boten. Sanès mripat wadhag ingkang badhé kanggé ningali dhateng Pangéran, nanging sarana mripat ruhani ingkang badhé dipun paringaken dhateng para titiyang tulus bénjing ing dinten kiyamat. 2617. Kapèngetana bilih bilai ageng punika ugi andhawahi piyambakipun wonten ing gesang sapunika; ingkang makaten punika ugi minangka mintonaken kayektèning bilai ing akhirat. 2618. Man Râqin punika gadhah teges warni kalih. Sapisan dipun tegesi sapa kang munggahi kalawan iku?, terangipun: malaikating sih wilasa apa malaikating siksa kang munggah kalawan iku? Surat 75 Titiyang pejah badhé tangi 1571 28 Sarta dhèwèké yakin yèn iki (wayahé) pisah, 29 Tuwin bilai (ing donya iki) dikumpulaké karo bilai (ing delahan);2619 30 Ing dina iku, marang Pangéranira tujuning playu. RUKU’ 2 Titiyang pejah sami badhé tangi 31 Dhèwèké ora gelem nampani kasunyatan sarta ora salat,2620 32 Ananging anggorohaké lan maléngos, 33 Banjur lumaku marang pandhèrèké kalawan kumalungkung. Ut. cilaka Ut. cilaka 34 Cedhak marang sira (kabilaèn) lan cedhak (temenan), 35 Manèh (saiba ta) cedhaké marang sira lan cedhak (temenan).2621 (TA-Rz). Kaping kalihipun kénging dipun tegesi: endi juru-tenungé kang saiki bisa nulak karusakan? Jalaran para titiyang wau sami kumandel sanget dhateng para jurunipun tenung tuwin para dhukun préwangan, bilih nyata sami saged nulak karisakan ingkang badhé andhawahi piyambakipun. Satunggaling juru-kidung anggubah kidung makaten: “Dhemi Kang Mahamulya, Kang Langgeng, temen kowé weruh temenan yèn dhukun préwangan kang peng-pengan iku ora bisa nulak ing pepesthèn.” Ingkang kula pilih teges ingkang angka kalih, awit bilai lan kasusahan ingkang kapangandikakaken punika terang manawi mengku karsa siksanipun para titiyang ingkang sami nindakaken awon nalika sami ngalami leburipun. 2619. Kateranganipun tembung sâq ingkang ateges bilai, kula aturi mirsani 1855. Teges punika cocog kaliyan suraosing dhawuh ing ngriki. 2620. Para mengsah kapangandikakaken kados déné tiyang satunggal, ngantos saterusipun. Punika boten ateges bilih ingkang dipun sasmitakaken ing pangandika punika satunggaling tiyang ingkang tartamtu, kados pangintenipun sawenèh tiyang saged. Pratélan kados makaten punika mathuk tumrap sadhéngah mengsah. 2621. Dipun riwayataken bilih Abu Jahl naté wicanten dhateng Kanjeng Nabi bilih panjenenganipun lan Pangéranipun boten kuwaos damel pituna punapa-punapa dhateng piyambakipun (Rz). Mengsah ingkang gumedhé punika dipun paringi pèpènget, bilih bilai sampun celak sanget. Utawi, 1572 Kiyamat Juz XXIX 36 Apa manusa ngira yèn dhèwèké ditogaké baé nglambrang tanpa sedya?2622 37 Apa dhèwèké mauné dudu nutfah wijining urip kang tinètèsaké 38 Banjur dadi getih anjendhel; tumuli Panjenengané anitahaké (dhèwèké) sarta andadèkaké sampurna. 39 Banjur Panjenengané andadèkaké iku dadi rong jinis, jinis lanang lan jinis wadon. 40 Apa Panjenengané ora bisa anguripaké wong mati.2623 tegesipun punika, Cilaka kowé! Ing ngriki para mufassirin sami angakeni bilih dhawuh ngantos ambal kaping kalih punika nedahaken bilih para mengsah kaancam kalayan siksa tikel kalih, inggih punika ing gesang sapunika punika tuwin ing akhirat (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun, siksa tikel kalih punika kapangandikakaken wonten ing sagemblengipun surat punika, kados déné ingkang sampun kula terangaken wonten ing tafsiripun ayat-ayat ingkang sampun; ing dhawuh ngriki bab prakawis punika kadhawuhaken langkung cetha malih. 2622. Dhawuh punika wigatos dhawuh anggatosaken, bilih gesang punika boten teka baèn-baèn sarta manusa punika tanggel dhateng pandamelipun – piwulang ingkang ing jaman sapunika ugi pinaiben, kados déné pamaibenipun titiyang Arab kala samanten. 2623. “Anggesangaken tiyang pejah” punika boten namung ateges gesang sasampuning pejah kémawon, nanging ugi ateges gesangipun malih bangsa ingkang sampun pejah menggahing ruhaninipun. ____________ SURAT 76 AL-INSÂN utawi AD-DAHR (Manusa) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 31 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Panggayuhing kasampurnan Golongan sanès badhé dipun degaken. Katerangan gerban Surat ingkang sampun, sampun anerangaken kayektènipun kiyamat ingkang ateges gesangipun ruhaniyahipun manusa; lah surat punika marsitakaken panggayuhipun manusa dhateng kasampurnan, inggih ingkang dados maksudipun ingkang sajati tumrap gesang wau. Awit saking punika, surat punika kanamakaken Manusa, malah tembung punika kasebut ing ayatipun ingkang wiwitan piyambak. Ruku’ ingkang sapisan nerangaken kados pundi anggènipun manusa katitahaken saking kamulanipun “boten wonten”, lajeng piyambakipun katedahaken dhateng margining kasampurnan. Salajengipun katerangaken bilih tumrap panggayuhing kasampurnan, punika wonten tataran kalih. Tataran ingkang sapisan nyirep babar pisan sadaya tumiyungipun dhateng awon utawi tataran kagayuhipun suci saking dosa; nanging punika sanès pantoging purug ingkang kedah katuju déning para ingkang sami lalampah wonten ing margining ruhani. Déné pantoging purug wau taksih wonten ing ngrikanipun malih. Lah inggih punika ingkang wonten ing panggènan sanès katembungaken “margi ingkang nyengkrèk” sarta ingkang wonten ing ngriki kasasmitakaken kalayan cekak. Ingkang sami lalampah kedah samekto ngrampungi damel sakalangkung déning angèl tuwin nindakaken pandamel pangurbanan wonten ing margining Allah ingkang ngédab-édabaken. Tataraning kasampurnan warni kalih wau, ingkang satunggal sinebut kâfûr,déné satunggalipun sinebut zanzabîl. Ruku’ ingkang kaping kalih nerangaken, manawi para ingkang dipun pangandikani Kanjeng Nabi punika boten sami purun nampèni wasitanipun lan sami purun ambudidaya badhé anggayuh kasampurnan ingkang kasuprih déné Kanjeng Nabi supados samia anggayuh, Allah mesthi badhé yasa umat ingkang kadhawuhan anggentosi para titiyang wau; jalaran Quran, punika rèhning wahyuning Allah ingkang Maha Luhur ingkang sampurna, mesthi inggih badhé kadumugèn sedyanipun ingkang katuju. Déné sedya wau boten sanès kajawi mamrih ing manusa sageda anggayuh kasampurnan. _____________ 1574 Manusa Juz XXIX RUKU’ 1 Panggayuhing kasampurnan 1-4. Dumadosing manusa sarta panedah dhateng margi leres. 5-16. Kasampurnan tataran wiwitan; ing ngriku awon dipun tindhes. 17-37. Kasampurnan tataran kaping kalih; ing ngriku satuhu manusa adamel saé. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Temen wus tumeka marang manusa sawijining waktu, nalikané dhèwèké dudu barang kang kocap. Ut. pilih angungkuli titah liyané Ut. angarepi angemohi 2 Sayekti Ingsun anitahaké manusa saka nutfah kang campur: Dhèwèké bakal Ingsun coba, mulané Ingsun dadèkaké bisa ngrungu, bisa andeleng. 3 Sayekti Ingsun anuduhaké dalané, apa dhèwèké arep sukur apa arep angafiri, sakarepé.2624 4 Sayekti, Ingsun anyadhiyakaké ranté lan balenggu sarta geni murub tumrap para kafir.2625 5 Sayekti, para wong tulus padha ngombé saka pinggan kang campurané kafur,2626 2624. Margi ingkang leres sampun ketedahaken kalayan cetha awéla-wéla; gumanthung ing manusa piyambak, punapa piyambakipun purun ngambah margi wau, dadosipun nama purun ngaturaken panuwun, punapa nebihi margi wau, nama boten purun ngaturaken panuwun. Utawi teges ingkang kasebut wonten ing margin punika ugi kénging dipun anggé. 2625. Kados pundi gathukipun ranté-ranté punika kaliyan pandamelipun manusa piyambak, katranganipun kula aturi mirsani 2559. 2626. Tembung kafur, punika manawi dipun anggé tumrap prakawis ingkang gagandhèngan kaliyan kawontenanipun tiyang tulus, punika ririmbagan saking tembung kafr, tegesipun nutupi utawi nyirep. Déné maksudipun: nyirnakaken babar pisan katresnan donya saha nyirep ingkang kalayan sampurna sawarnining pépénginan donya tumrap para titiyang ingkang sampun necep pingganing katresnan dhateng Allah, tuwin kalayan setya tuhu lan ikhlas medhot saking sawarnining sasambetan sanèsipun. Tiyang, punika manawi saya tumiyung dhateng Allah mesthi inggih saja tebih saking pépénginan ingkang asor; milanipun tiyang tulus, ingkang ngemungaken dhateng Allah suméndhénipun, punika manahipun mesthi suci saking hawa nafsu ingkang murub angalad-alad, sarta pépénginanipun ingkang asor dados sirep babar pisan lir péndah wisa sirna déning kapur barus (camphor). Surat 76 Panggayuhing kasampurnan 1575 6 Tuk, kang dadi ombènombèné para kawulaning Allah; dhèwèké padha angilèkaké iki kalawan ili (kang becik). 7 Dhèwèké padha anetepi ubaya sarta wedi marang dina, kang alané sumebar angambra-ambra. 8 Sarta awèh pangan, amarga saka tresnané ing Panjenengané, marang wong miskin sarta bocah yatim apa déné wong tawanan: 9 Anggonku awèh pangan marang kowé iku mung karana Allah, sarta ora angarep-arep piwales sarta panarima saka ing kowé: 10 Sayekti aku iki padha wedi marang Pangéranku tumrap dina kang kebak bilai lan kasusahan. 11 Mulané Allah bakal angayomi dhèwèké saka alaning iku sarta andadèkaké dhèwèké nemu kepènak lan seneng, 12 Sarta aparing ganjaran taman lan sutra marang dhèwèké, amarga saka anggoné padha sabar, Ar. ana ing kono ora 13 Ana ing kono padha aléléyangan ana ing katil dhuwur: ora andeleng (panasing) srengéngé sarta adem kang anjekut. 14 Lan ayomé angeyubi dhèwèké sarta woh-wohé dipantiyungaké acedhak, gampang rinanggèh, Tumrap kamajenganipun ruhani manusa, ingkang makaten punika saweg tataran ingkang wiwitan; awit manusa boten saged minggah dhateng tataraning kasampurnan ruhani ingkang langkung inggil malih, manawi piyambakipun dèrèng saged nyirep ingkang kalayan ambabar pisani tumiyungipun dhateng awon. Suci ing dosa, punika miturut Quran Suci, sanès pantoging kasampurnan, nanging saweg tataran ingkang sapisan tumraping margi ingkang ngener dhateng pantog wau. 1576 Manusa Juz XXIX 15 Sarta dilarihi nganggo wadhah salaka tuwin pinggan kang bakalé gedhah, 16 (Bening kaya) gedhah kang bakalé salaka; ukurané manut ukuran.2627 17 Lan ana ing kono diparingi ombèn kang campurané jaé,2628 18 (Saka) sumberan ing kono kang dijenengaké Salsabil. a. 2360 Ar. kowé ngira dhèwèké 19 Nonoman kang tetep enoméa (kang) bakal anglarihi dhèwèké; iki, yèn kosawang, prasasat mutiara sinebar.2629 20 Samangsa sira andeleng ing kono, sira andulu sarwa-nugraha sarta karaton kang gedhé.2630 2627. Terangipun, satunggal-satunggaling tiyang badhé angsal punika manut wawrating pandamelipun. 2628. Zanjabîl punika camboraning tembung zana-a tuwin tembung jabal. Pérangan ingkang sapisan ateges minggah, ingkang angka kalih redi. Dados tembung camboran zanjabîl punika tegesipun minggah redi. Lah samangké kawuningana; wiwit nandhang sakit sanget margi ketaman ing sasakit ingkang mawa wisa, dumugi wangsul pulih waluya jati, punika wonten tataran kakalih. Ing tataran ingkang wiwitan, wijining wisa kasirnakaken babar pisan, kimatipun sasakit ingkang anggigirisi suda-suda, babaya ingkang ngancam gesang sirna. Nanging ringkihipun margi nandhang sakit, dèrèng saged ical sasarengan kaliyan icalipun wisa. Milanipun samangsa tiyang ingkang sakit wau pulih kakiyatanipun, wangsul waluya jati, punika nama ngambah tataran ingkang kaping kalih. Badanipun seger malih lan kiyat, piyambakipun boten namung wonten ing papan ingkang radin kémawon keconggahipun lumampah kalayan jejeg, nanging dalasan minggah redi ingkang andeder piyambakipun wantun lan kiyat, sarta kalayan gembira lan seneng piyambakipun minggah ngantos mencit tanpa mawi ajrih-ajrih. Pangéran Ingkang-Mahaluhur mangandikakaken bab tiyang ingkang tulus sayektos, bilih sami kaparingan ombèn-ombèn pinggan ingkang cinampuran zanjabil, punika ingkang dipun karsakaken inggih tataran punika. Déné terangipun, sasampunipun para tulus sami angsal kakiyatan ruhani ingkang anyekapi, para tulus wau lajeng kawasa nginggahi margi ing paredèn ingkang nyengkrèk andeder, saged ngrampungi ing damel tumrap pandamelan ingkang sakalangkung déning angèl, tuwin nindakaken pandamel pangurbanan ingkang angédab-édabaken wonten ing marginipun Allah. Gagandhèngan kaliyan bab prakawis punika, perlu dipun èngeti ugi bilih zanjabil (jaé) punika oyodipun satunggaling tataneman ingkang sakalangkung migunani sanget kanggé mewahi angeting badan. Dipun namakaken makaten wau ingkang katuju anggènipun gadhah daya makaten punika, jalaran jaé makaten suka kakiyatan saha ngangetaken badan ingkang ringkih, ngantos kados déné anjalari ing tiyang saged minggah andeder. 2629. Bab prakawis tegesipun mukhalladun, mirsanana 2430. Éwah gingsir lan risak, punika wontenipun namung ing gesang sapunika punika. 2630. Karaton ageng kaparingaken dhateng para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci wonten ing gesang sapunika punika. Surat 76 Turunan sanès badhé dipun degaken 1577 21 Dhèwèké dienggon-enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang mas, apa déné bakal rinengga ing gelang salaka, lan Pangérané aparing ngombé dhèwèké ombèn-ombèn kang suci.2631 22 Sayekti iki pituwas tumrap marang sira, lan budi-dayamu bakal winales. RUKU’ 2 Turunan sanès badhé dipun degaken 23 Sayekti, Ingsun andhawuhaké Quran marang sira kalawan dhumawuh saka sathithik. 24 Mulané disabar angentèni pancasaning Pangéranira,2632 sarta aja manut marang wong dosa utawa wong kang ora weruh ing panarima ing antarané dhèwèké. 25 Lan élinga marang asmaning Pangéranira ésuk lan soré. 26 Sarta sujuda marang Panjenengané ing sapéranganing wengi, tuwin mahasucékna Panjenengané ing (sapéranganing) wengi kang suwé. Ut. kang owah gingsir Ut. nusahaké 27 Sayekti, dhèwèké iki padha dhemen marang kauripan donya iki lan anglirwakaké dina kang abot ing pamburiné. 2631. Wontenipun ing donya ngriki sami gesang suci, milanipun wonten ing akhirat sami badhé angsal ombèn-ombèn ingkang suci. 2632. Punika anedahaken bilih nugraha ingkang kasebutaken wonten ing ruku’ ingkang sampun, punika badhé wonten ugi gumelaripun wonten ing gesang sapunika punika. Pancasaning Pangéran badhé adamel ambrukipun sagolongan lan badhé anjumenengaken golongan sanèsipun. 1578 Manusa Juz XXIX 28 Ingsun anitahaké dhèwèké sarta Ingsun anguwataké kadadéané, lan samangsa Ingsun angarsakaké, bakal Ingsun salini kaum sapadhané dhèwèké.2633 29 Sayekti, iki pépéling, mulané sapa sing gelem, angalap dadalan marang Pangérané. 30 Lan ora bakal sira gelem, kajaba yèn Allah angarsakaké;2633A sayekti, Allah iku Angudanèni, Wicaksana. 2633. Ayat ingkang sampun nyebutaken dinten ingkang nusahaken, ayat punika nyebutaken umat sanès badhé dipun dadosaken gegentos; cetha manawi piweca tumrap ing gesang sapunika. Inggih awit saking punika mila wonten ing ayat sambetipun, ingkang makaten wau kasebut pèpènget. 2633A. Nitik suraosing dhawuh, terang manawi ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki punika para angèstu. Ayat ingkang sampun nyebutaken bilih sapa sing gelem, angalap dadalan marang Pangérané; ayat candhakipun mangandikakaken para angèstu: Panjenengané anglebokaké sapa sing dadi karsa-Né marang sajeroné wilasa-Né. Suraosipun: rèhning para angèstu ingkang sajati saha murni punika sampun sumarah ingkang kalayan ambabarpisani dhateng karsanipun Pangéran, sarta sampun suméndhé sayektos, mila piyambakipun punika sampun boten gadhah kakajengan piyambak, sarta sadaya pépénginanipun sarwa laras kaliyan kaparenging karsanipun Allah. Inggih awit saking punika mila para angèstu wau sami kalebetaken dhateng wilasanipun Pangéran. Nadyan dipun anggepa pratélan umum, tegesipun ingkang sajatos dhawuh wau meksa terang. Surat punika binukanan kalayan pratélan ingkang terang gamblang makaten: Sayekti ingsun anuduhaké dalané apa dhèwèké arep sukur apa arep angafiri, sakarepé. Dados manusa makaten boten kok dipun peksa déning Pangéran supados nganggé margi salah satunggal ingkang tartamtu, awon utawi saé, punika boten. Wekasaning surat inggih terang: Sayekti iki pépéling, mulané sapa sing gelem, angalap dadalan marang Pangérané. Suprandéné nadyan sampun wonten pratélan ingkang terang gamblang wau, meksa wonten pangandika malih: Lan ora bakal sira gelem kajaba yèn Allah angarsakaké; punika rak sami kémawon kaliyan andhawuhaken bilih pamilihipun manusa punika mesthi atanpa guna manawi boten dados karsanipun Allah. Prakawis angka satunggal ingkang kedah dipun èngeti inggih punika ayat kakalih jèjèr boten saged jèn ta acecengkahana. Ayat angka 29 sampun cetha lan gumathok, bilih manusa punika boten kapeksa nganggé satunggaling margi: Sapa sing gelem, angalap dadalan marang Pangérané. Awit saking punika dhawuh sambetipun pratélan punika, boten saged yèn ta dipun werdèni ingkang ngantos ngorakaken (saking lingga ora) pratélan ingkang rumiyin. Pantes pinèngetan ugi, pangandika ingkang mèh sami tetembunganipun kaliyan punika kesebutaken malih wonten ing surat 81, sarta ing ngriku ugi karumiyinan kalayan dhawuh saminipun ingkang wonten ing ngriki punika. Ing 81 wau ayat angka 27 lan 28 makaten: iku ora lija kajaba pépéling tumrap sakèhing bangsa-bangsa, tumrap sapa-sapa ing antaranira kang kepéngin alaku becik. Dhawuh pangandika punika kasambetan dhawuh pratélan: Lan ora bakal sira padha kapéngin, kajaba yèn Allah, Pangéraning ngalam kabèh, angarsakaké (81 : 29). Dhawuh ambalan-ambalan punika amratandhani bilih dhawuh ingkang mungel sapa sing gelem angalap dadalan marang Pangérané punika boten kénging dipun supèkaken samangsa merdèni dhawuh pratélan ingkang mungel ora bakal sira gelem kajaba yèn Allah angarsakaké. Menggah ing sajatos-jatosipun pratélan ingkang angka kalih punika kawengku déning ingkang sapisan, lan inggih sebab saking punika déné ngantos ambal kaping kalih pratélan ingkang angka kalih wau karumiyinan ing pratélan ingkang sapisan. Kalayan gampil kula sadaya saged nyumerepi bilih wonten prakawis Surat 76 Turunan sanès badhé dipun degaken 1579 31 Panjenengané anglebokaké sapa sing dadi karsa-Né marang sajroning wilasa-Né; lan tumrap marang nganiaya Panjenengané anyedhiyakaké siksa kang nglarani. kakalih ingkang kabetahaken kanggé nuntun manusa: sapisan, pèpènget wau katampi déning manusa. Saupami boten wonten keparenging Allah anurunaken pèpènget, yekti manusa boten saged gadhah pamilih punapa-punapa. Lah inggih punika ingkang dipun karsakaken ing dhawuh ora bakal sira gelem kajaba yèn Allah angersakaké punika; terangipun, pamilihipun manusa nganggé margi ingkang pundi kémawon mesthi atanpa guna, manawi Allah boten langkung rumiyin kepareng nedahaken margi tuwin nurunaken pèpènget. Perlu katerangaken pisan bilih ing Quran Suci sawarnining barang saé punika kasebut asli saking Allah. Kadosta wonten dhawuh ingkang makaten: “Sabarang becik kang tumeka ing sira, o, manusa!, lah iku saka ing Allah, lan sabarang ala kang tumeka ing sira, lah iku saka ing sira dhéwé” (4 : 79). Pangandikanipun Kanjeng Nabi Ibrahim kasebutaken makaten: “sarta manawa aku lara lah Panjenengané iku ingkang maringi waras aku” (26 : 80); ing ngriku Kanjeng Nabi Ibrahim mastani sasakit punika asal saking pandamelipun piyambak, nanging nyarasaken, sinebut saking Allah. Dados, nadyan dhawuh ingkang saweg karembag punika dipun suraos pisan mengku teges bilih pamilihing manusa nampèni pèpènget punika boten kelampahan wonten manawi boten atas keparengipun Allah, pratélan makaten punika meksa namung mengku teges, bilih kasaénan ingkang kagayuh ing manusa wau, winastan saking Allah. Mirsanana ugi 2650A. ______________ SURAT 77 AL-MURSALÂT (Ingkang kautus) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 50 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Temahanipun angemohi. Temahanipun angemohi – tutugipun. Katerangan gerban Surat punika kénging winastan wewahanipun surat ingkang sampun, awit bab ingkang katerangaken wonten ing surat ingkang sampun punika: kados pundi anggènipun para tulus anggayuh kasampurnan – margi piyambakipun punika sami purun nampèni ayahan – déné ing surat punika ingkang kacethakaken bab nasibipun para titiyang ingkang sami angemohi. Kang Kautus punika para rusul (utusan); manawi ayahan ingkang kaampil dipun emohi, mesthi badhé mahanani temahan kang awon. Tembung AlMursalât utawi Ingkang kautus ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak, punika lajeng kanggé namakaken surat punika. Kirang langkung ing taun ingkang kaping sakawan ing sasampunipun Kanjeng Nabi jumeneng dados Utusan, tumurunipun surat punika. RUKU’ 1 Temahanipun angemohi 1-6. Para utusan kautus, supados anucèni sarta aparing pèpènget. 7-40. Tiyang ingkang angemohi dipun pidana. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Amramanaknaa para kang diutus kalawan (anggawa) kabecikan, 2 Tumuli para kang padha ambuncang cangkok (panggorohan), Ut. anguripaké, nyegeraké 3 Sarta para kang anyebaraké (wijining kabecikan), 4 Tuwin kang padha anyilahnyilahaké, Surat 77 Temahanipun angemohi 1581 5 Apa déné para kang padha awèh pépéling, 6 Kanggo anucèni utawa apépéling: 7 Sayekti, apa kang diancamaké marang sira, temen bakal kalakon.2634 Ut. ilang soroté 8 Lah, samangsa lintang-lintang wus disirnakaké, 9 Lan samangsa langit wus sinigar, 10 Lan samangsa gunung-gunung wus binuncang kaya lebu,2635 2634. Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing 2099, sumpah punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng sawenèh wutah gumelaring kawontenan ingkang sampun boten kénging pinaiben malih, ingkang mangka kanggé pipiridan dumugining wosing rembag. Déné tumrap ing ngriki, ingkang dados wos: barang ingkang kaancamaken dhateng mengsah, inggih punika leburipun mengsah (kados déné ingkang kasebutaken wonten ing ayat 12), punika boten kénging boten mesthi badhé kelampahan saèstu. Déné sisifatan ingkang katerangaken wonten ing nem ayat ingkang wiwitan, punika mathuk tumrap para andika nabi ingkang mengsah-mengsahipun inggih dipun lebur. Bab punika cethanipun nithik ing ayat 11 kasebutaken bilih para rasul punika sami tinamtu ing wanci, ingkang tegesipun titimangsaning leburipun para mengsah-mengsahipun rasul-rasul wau. Para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci sami kadhawuhan supados sami nglimbang-nglimbang kados pundi anggènipun para andika nabi ingkang sampun-sampun sami mencaraken yakti. Ing ayat ingkang sapisan para utusan wau kapangandikakaken kautus kalayan ambekta ma’ruf, kasaénan. Ing ayat ingkang angka kalih, kalayan “ambuncang cangkok” panggorohan ingkang wonten ing ngajengipun. Ing ayat ingkang angka tiga, kalayan nyebar-nyebaraken wijining kasaénan utawi anggesangaken bumi ingkang pejah. Ing ayat angka sakawan, ing wasananipun saged anjumenengaken panyilah (farq utawi furqâan) ingkang anyilahaken antawising kasanyutan lan panggorohan, sarta sami maringi pèpènget bilih sagolongan wonten ingkang kénging pinuwung lan sagolongan malih dipun pèpèngeti. Panglimbang-limbang bab prakawis para andika nabi ingkang sampun-sampun makaten punika, kedahipun mahanani para mengsah lajeng angsal pupuntoning pamanggih, bilih rèhning angger-anggering Pangéran kados ingkang tumindak nalika jamanipun para nabi wau ugi tumindak tumrap Kanjeng Nabi Suci, mila leburipun para mengsah wau rak inggih prakawis ingkang sampun mesthi kelampahanipun, boten prabéda lan ingkang kasandhang déning para titiyang ing sadèrèngipun ingkang sami mengsahi nabinabinipun. 2635. Lintang-lintang sami sirna (ayat 8), punika tumrap bangsa Arab tandha badhé dhumawahing bilai (2371). Langit sigar (ayat 9) ugi nedahaken ingkang makaten wau, awit langit punika kaanggep pangayoman. Kula aturi mirsani 21 : 32, Lan Ingsun wus andadèkaké langit minangka payon kang rineksa. Lan mirsanana 2593. Redi-redi binuncang, tegesipun sirnaning titiyangipun ageng saking ing antawisipun para titiyang wau, mangka titiyang ageng wau sami dipun tedhani pangayoman samangsa sami nandhang kasusahan. Kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat candhakipun, sadaya wau kelampahanipun manawi sampun dumugi titining mangsanipun para andika rasul, inggih punika samangsa sampun dumugi wahyaning masakalanipun leburing para mengsahipun. 1582 Ingkang kautus Juz XXIX 11 Lan samangsa para utusan ginawé wus tumeka wayahé kang tinamtokaké, 12 Marang dina endi pancasan iku tinamtokaké? 13 Marang dina putusan. 14 Lan apa kang ngertèkaké ing sira, dina putusan iku apa? 15 Bilai ing dina iku tumrap wong kang padha anggorohaké. 16 Apa Ingsun ora wus anglebur umat kang dhisik-dhisik? 17 Banjur Ingsun tungka umat kang kèri-kèri. 18 Para wong dosa bakal Ingsun gawé kaya mangkono uga. 19 Bilai ing dina iku tumrap wong kang padha anggorohaké.2636 20 Apa sira iku ora Ingsun titahaké saka banyu kang ina? 21 Banjur Ingsun papanaké ana ing palereman kang aman, 22 Tumeka mangsa kang tinamtu. 23 Lan Ingsun anamtokaké ukurané – saiba ta sampurnané anggon-Ingsun anamtokaké ukurané samubarang. 2636. Kula aturi mèngeti tetembunganipun ayat punika lan ayat titiga ingkang sampun, kirang cetha punapa. Turunan utawi bangsa ingkang sampun-sampun sami dipun lebur, margi saking durakanipun, turunan sanès dipun tetepaken dados gegentosipun. Nasib kados makaten punika ugi mesthi badhé dipun sandhang déning para titiyang Makkah ingkang duraka. Dinten leburipun, punika dinten pancasan. Surat 77 Temahanipun angemohi 1583 24 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 25 Apa Ingsun ora andadèkaké bumi kanggo angumpulaké. 26 Kang urip lan kang mati,2637 27 Lan andadèkaké ana ing kono gunung kang dhuwur-dhuwur sarta Ingsun aparing ngombé sira banyu tawa? 28 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 29 Lungaa marang apa kang sira gorohaké. 30 Lungaa marang aling-aling kang acawang telu, 31 Ora angayomi lan ora maédahi tumrap panulaké urubing geni. Ut. wit gedhé 32 Sayekti, iku anyiprataké paletik prasasat kadhaton. Ut. wit kurma 33 Iku kaya déné unta kuning.2638 2637. Punika anedahaken bilih sadaya manusa wadhag, punika pejah punapa gesang sami kémawon, mesthi tetep wonten ing bumi; dados pangandel bilih Kanjeng Nabi Isa minggah dhateng langit sap ingkang kaping sakawan, punika pangandel klèntu. 2638. Kathah èmperipun cawang titiga aling-alinging naraka, punika ingkang dipun karsakaken sisifatan tigang prakawis ingkang kasebutaken wonten ing ayat-ayat sambetipun. Ing dhawuh ngriki sinebut dzill, ingkang limrahipun ateges ayang-ayangan, nanging ambok manawi kémawon langkung cèples kaliyan suraosing dhawuh manawi dipun tegesi aling-aling (naraka). Déné sisifatan tigang warni wau inggih punika: boten angayomi, boten saged nulak urub lan malah anyiprataken pletik tegesipun barang ingkang dipun anggé ngaling-alingi utawi ngayomi satunggaling barang (M-LL). ‘ Mila ukara punika lajeng ateges Si Suta uripé ana ing pangayo- mané si Naya (S, Q, Msb-LL). Dados barang ingkang pancènipun kénging dipun anggé pangayoman déning para titiyang wau tétéla manawi atanpa guna (boten saged angayomi) tuwin ugi boten saged nulak bilai malah kapara dados tuking kasusahan. Pletik kasanépakaken kados déné qasr, kadhaton tuwin unta ingkang ulesipun kuning, punika mengku teges bilih katresnan ingkang langkung ing wates dhateng barang-barang wau, ingkang badhé maujud dados pletik bénjing ing dinten kiyamat. 1584 Ingkang kautus Juz XXIX 34 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 35 Iki dina sing dhèwèké ora bakal guneman. 36 Lan idin ora bakal diparingaké marang dhèwèké, mulané prasaben alangan. 37 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 38 Iki dina pancasan: Ingsun angumpulaké sira karo umat kang dhisik-dhisik. 39 Lah manawa sira duwé upaya, tamakna upayanira marang Ingsun.2639 40 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. RUKU’ 2 Temahanipun angemohi 41 Sayekti para kang anjaga dhiriné (saka ing ala) (bakal dumunung) ing (panggonan kang) ayom lan akèh sumber-sumberané. 42 Sarta wowohan, endi kang dikapéngini. 43 Padha mangana lan ngombéa kalawan énak, amarga saka apa kang wus padha sira lakoni. 44 Sayekti kaya mangkono iku anggon-Ingsun angganjar wongwong kang nglakoni kabecikan. 2639 . Sampun wiwit jaman wiwitan mila (kados jaman tumuruning dhawuh punika) para mengsah tinantang ngecakaken upayanipun dhateng kanjeng Nabin Suci. Kaid ugi ateges perang utawi campuhan dados dhawuh punika kénging dipun tegesi mulané manawa kowé padha arep merangi, lah perangana aku saiki. Surat 77 Temahanipun angemohi 45 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 46 Padha mangana lan angrasakna bungah sawatara suwéné; sayekti sira iku wong dosa. 47 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 48 Lan nalikané padha didhawuhi: Padha tumundhuka, dhèwèké padha ora tumundhuk. 49 Bilai ing dina iku tumrap wong-wong kang anggorohaké. 50 Lah, sawisé iki, marang pawarta endi dhèwèké bakal padha angèstu. _____________ 1585 SURAT 78 AN-NABA’ (Bayawara) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 40 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Dinten pancasan. Dinten pancasan. Katerangan gerban Margi siksanipun para kafir punika sampun mesthi, para kafir sami pitakèn: Bénjing punapa dhumawahipun? Lah inggih siksa wau, Bayawara punika, ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika sarta ingkang dados rembag wonten ing surat punika. Surat punika kaanggep salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh tumurun ing jaman Makkah wiwitan. RUKU’ 1 Dinten pancasan 1-5. Pawartos. 6-16. Kamurahan ingkang kaparingaken dhateng manusa. 17-20. Ngalamatipun dinten pancasan. 21-30. Naraka. JUZ XXX Kalawan asmaning Allah, Ingkang-mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Padha takon-tinakon prakara apa dhèwèké? Ut. ayahan 2 Prakara agung,2640 bayawara 2640. Tembungipun ingkang asli kang ingkang ugi kasebut wonten ing 38: 67 sampun katerangaken wonten ing 2150, bayawara ageng punika piweca ambrukipun babarpisan mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci. Sawenèh mufassirin nyuraos punika ateges Quran Suci; mufassir sanèsipun kanabianipun Kanjeng Nabi Muhammad, sanèsipun malih dinten kiyamat (Rz) teges ingkang kantun piyambak punika cocog sanget kaliyan ingkang angka satunggal, déné teges sanèsipun ingkang kalih, punika inggih sampun terang. Miturut Rgh, naba’ punika pawartos ingkang migunani sanget ingkang saged ngangsalaken seserepan utawi panginten-inten. Teges punika ugi cocog kaliyan katrangan warni tiga ing nginggil wau sadaya. Surat 78 Dinten pancasan 1587 3 Kang ing dalem prakara iki dhèwèké padha pasulayan? 4 O, tumuli dhèwèké bakal padha weruh; 5 O, sayekti dhèwèké bakal tumuli padha weruh. 6 Apa Ingsun ora wus andadèkaké bumi gumelar, Ut. papathok, papantèk 7 Sarta gunung-gunung minangka gegeneng (ing kono)?2641 8 Lan Ingsun anitahaké sira ajodhon-jodhon, 9 Lan Ingsun andadèkaké turunira dadi ngaso(-nira), 10 Lan Ingsun andadèkaké wengi minangka tutup, 11 Lan Ingsun andadèkaké rina dadi wayahé ngupa-jiwa 12 Lan Ingsun angedegaké ana ing dhuwurira pipitu kang kukuh, 13 Lan Ingsun agawé diyan kang sumorot,2642 . 2641. Bumi kasebut mihâd, redi kasebut autâd. Rgh nerangaken Mihâd punika papan ingkang kadamel waradin kanggé lumampah; lan panjenenganiun nerangaken tetembungan punika ateges aku nyadhiyakaké iku lan ngrata iku. Panjenenganipun ugi nerangaken bilih tembung punika sami kaliyan ingkang kadhawuhaken ing 2 : 22, ing ngriku bumi kapangandikakaken dados firâsy, papan jembar. Watid (manawi jama’ autâd), punika pathok ingkang katanjebaken ing siti utawi ing tembok; redi kasanépakaken kados déné pathok ing lumahing bumi. Menggah ing sajato-jatosipun watid punika sadhéngah barang ingkang nyongat saking lumah; kadosta untu, punika winastan: (wantahipuin pathoking cangkem). Watid ugi ateges anggota ingkang nongol sanèsipun sirah (LA-LL). 2642. Pipitu kang kukuh ing ayat ingkang sampun, punika ambokmanawi kémawonn planitinipun solar system pipitu ingkang ageng-ageng. Tembung saduwurira punika cetha anedahaken bilih bumi punika piyambak, punika kalebet golonganipun; déné surya, punjering solar system kapangandikakaken wonten ing tembung diyan kang sumorot. 1588 Bayawara Juz XXX 14 Lan Ingsun anurunaké banyu saka ing mendhung kalawan gumrojog, 15 Perlu Ingsun anggo angetokaké wiji-wiji lan tutuwuhan, 16 Apa déné pakebonan kang ketel. 17 Sayekti, dinané pancasan iku (dina) kang tinartamtu waktuné:2643 a. 789 18 Dinané slomprèt tiniyup,a banjur sira bakal padha teka byukbyukan. 19 Sarta langit bakal dibedhah, dadi banjur ana lawang-lawangé. 20 Lan gunung-gunung bakal binuncang, dadi kaya endheg amun-amun.2644 21 Sayekti, naraka wis sumadhiya, 22 Pangungsèn tumrap wongwong kang andaluya, 23 Padha manggon ana ing kono lawas.2645 2643. Dinten pancasan punika sampun dipun alami déning mengsah ing gesang sapunika wonten ing papan paprangan ing Badr; dados punika dumunung mintonaken kayektèning dinten pancasan ing gesang ing bénjing. 2644. Pratélan ingkang kasebut wonten ing ayat 18 dumugi ayat 20 punika pratélan ingkang mengku piweca ingkang adiluhung, bab tempukipun wadyabala (ayat 18) wonten ing paparangan Badr, bab jawah deres (ayat 19) tuwin bab tiwasipun para gugununganipun titiyang Quraisy (ayat 20). Déné sadaya punika inggih badhé kelampahan bénjing ing dinten kiyamat ageng, punika prakawis ingkang sampun genah, boten perlu dipun rembag malih langit dipun bikak, kalayan éntar ateges tumurunipun siksa ingkang dipun ancamaken. 2645. Huqub, ingkang jama’-ipun ahqâb, punika mengku teges wolung dasa taun, utawi pitung dasa taun, utawi setaun, utawi pinten-pinten taun, utawi wekdal ingkang dangu (mirsanana LL, ingkang nyebutaken wawaton warni-warni tumrap satunggal-tunggalipun teges wau). Badhéa nganggé teges ingkang pundi kémawon, tembung punika mratandhakaken kalayan cetha lan sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih siksa naraka punika boten teterusan tanpa wangenan, punika boten. Tembung ingkang mengku teges wekdal ingkang winates dipun agem mangandikakaken tumraping siksa naraka, mangka tembung bangsanipun ingkang kados makaten wau boten naté kagem mangandi- Surat 78 Dinten pancasan 1589 24 Ana ing kono ora bakal ngrasakaké adhem sarta ombènombèn, 25 Kajaba wédang mulak-mulak sarta banyu adhem anjekut kang banget, 26 Wawales kang trep (karo dosané).2646 27 Sayekti dhèwèké iku padha ora wedi marang pétungan, 28 Sarta anggorohaké marang timbalan-timbalan-Ingsun kalawan banget. 29 Lan samubarang iku Ingsun cathet ana ing tulis; 30 Mulané padha rasakna! amarga Ingsun ora amuwuhi apa-apa marang sira, kajaba siksa.2647 kakaken tumrap nugrahanipun gesang kasuwargan, punika cetha anedahaken manawi nugrahanipun gesang kasuwargan punika boten wonten telas-telasipun, wangsul siksa naraka wonten pungkasanipun. Sawenèh mufassir, karana badhé nyingkiri pakèwed, déné siksa naraka teka namung ing salebetipun wekdal ingkang ingkang winates, mastani manawi ayat punika kasuwak. Mufassir sanèsipun gadhah pamanggih bilih pratélan wau boten tumrap para titiyang kafir, wangsul namung tumrap titiyang Muslimin ingkang gadhah dosa (nanging punika pamanggih ingkang boten kénging dipun ugemi manawi kacundhukaken kaliyan ayat 27 lan 28). Wonten malih ingkang mastani, bilih ingkang wonten ing salebetipun wekdal ingkang winates punika anggènipun sami boten ngraosaken asrep tuwin ombèn. Nanging katrangan wau sadaya boten wonten perlunipun lan boten maremaken, jalaran siksa ing naraka winates dangunipun, punika sampun laras sanget kaliyan ruhipun Quran Suci ing sagemblengipun tuwin inggih sampun laras kaliyan pratélan-pratélanipun Quran wonten ing panggènan sanès. Mirsanana 1201. 2646. Pratélan bilih siksa naraka punika wawales kang trep, punika suka papadhang ingkang nelahi ing babagan piwulangipun agami Islam bab naraka. Prayogi dipun pèngeti bilih narakanipun piyambak, punika sampun warni-warni anggènipun namakaken, sarta siksa punika inggih warni-warni anggènipun mangandikakaken. Cekakipun, kawontenanipun siksa ingkang béda-béda, punika kabekta saking dosa ingkang inggih béda-béda kawontenanipun dados rèhning menggah ing sajatos-jatosipun siksa punika wohing dosa, milanipun siksa punika inggih laras utawi timbang kaliyan dosanipun. Minangka tuladha upaminipun siksa ingkang kapangandikakaken ing ngriki, punika tumrap para tiyang ingkang sinebut andaluya utawi tiyang ingkang nglangkungi wates anggènipun andaga (LL). Siksaning anggènipun nglangkungi wates, inggih trep, inggih punika ombèn-ombèn utawi swasana ingkang bentèr sanget utawi ingkang asrep sanget, terangipun malih: laduk ing bentèr tuwin laduk ing asrep. Prayogi katerangaken pisan bilih tembung gassâq punika ateges barang ingkang kalangkung déning asrep ngantos boten kiyat sinandhang (Rz). Tembung punika ugi dipun werdèni sanès malih, nanging teges ingkang kula anggé punika langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh. 2647. Rèhning para titiyang punika salebetipun sami andaluya tansah wewah-wewah awonipun, 1590 Bayawara Juz XXX RUKU’ 2 Dinten Pancasan 31-36. Ganjaranipun para angèstu. 37-39. Pangungsèn punika namung Gusti Allah piyambak. 40. Para kafir badhé sami kaduwung. 31 Sayekti, kadarbé para kang anjaga dhiriné, (saka ing ala) kabegjan iku,2648 32 Patamanan lan kebon anggur, a. 2148A Ut. kebak 33 Sarta kang anom-anom aseger2649 apapantaran umuré,a 34 Lan pinggan kang suci.2650 35 Ana ing kono ora bakal padha ngrungu tembung lalahan sarta gogorohan. 36 Ganjaran saka Pangéranira, apaparing kang trep pétungé:2651 mila piyambakipun inggih badhé angsal siksa ingkang satrepipun, inggih punika siksa ingkang tansah wewah-wewah. Dhawuh punika boten kok anyebutaken bilih ingkang makaten punika tumindak ing salami-laminipun, jalaran ing panggènan sanès kadhawuhaken: “Lan sing sapa atindak ala, dhèwèké mung winales sapadhane iku, sarta dhèwèké bakal ora padha kinaniaya” (6 : 161). Dados siksa ingkang wewah-wewah punika namung ing sadanguning pandamelipun awon tiyang ingkang atindak awon wau dèrèng telas. 2648. Kapèngetana, kados déné ingkang katerangaken ing Quran Suci marambah rambah, ganjaraning kasaénan punika kabegjan. Inggih punika kabegjan déné sampun saged anggayuh maksuding gesang ing sapunika punika, tuwin anggayuh èsthi ageng ingkang dados tujuan ing akhirat. Inggih kabegjan punika ingkang lajeng dados suwarga tumrapipun manusa. 2649. Tembung Ka’aba punika manawi kanggé nembungaken payudaranipun laré èstri: wantahipun mengku teges tumuwuhipun dados ageng (menter-menter), samangsa laré èstri wau ngajengaken ngancik diwasa. Laré èstri winastan Kâ’ib (manawi jama’ Kawâ’ib) samangsa laré èstri wau ngajengaken ngancik diwasa, utawi mèh diwasa, tuwin payudaranipun wiwit mindhak ageng (LL). Nanging kedah dipun pèngeti bilih tembung kawâ’ib utawi atrâb wau boten karumiyinan lan boten kasambetan ing tembung jâriyak (jawinipun laré èstri); milanipun, dados tembung sifat, tembung kawâ’ib punika namung mengku teges ingkang asuraos kang anom-anom aseger. Sampun naté kula terangaken wonten ing 2356, punapa sababipun déné sawenèh nugrahanipun suwarga katerangaken mawi tetembungan ingkang limrahipun kanggé nembungaken wanita; nanging rèhning nugraha wau wohing pandamel tulus, kula sadaya boten wenang nyariyosaken punapa menggah ing sajatos-jatosipun nugraha wau. Wondéné pratélan ing ngriki punika ambokmanawi kémawon mengku teges bilih wohing pandamel punika badhé maujud kalayan sampurna kamurnènipun. 2650. Dihâq punika saged ateges suci, awawaton kateranganipun ‘Ikramah, tuwin saged kebak, manut anggènipun merdèni I’Ab (Rz). 2651. Kula aturi mèngeti, siksanipun pandamel awon kasebut piwales kang trep, mila ganjaranipun Surat 78 Dinten pancasan 1591 37 Pangéraning langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing saantarané, Ingkang-Mahamurah; dhèwèké ora bakal padha bisa matur marang Panjenengané. 38 Dinané ruh lan para malaikat padha ngadeg ababarisan; ora bakal padha calathu, kajaba kang diparingi idin Ingkang-Mahamurah, sarta acalathu bener. 39 Iku dina kang satuhu; mulané sapa sing gelem, angalapa pangungsèn marang Pangérané. 40 Sayekti Ingsun aparing pépéling marang sira siksa kang cepak:2652 dinané manusa andeleng apa panggawéning tangan-loroné kang dhisik-dhisik, sarta bakal padha angucap: O, mbok aku iki dadia lebu baé! pandamel saé, punika ugi kasebut paparing kang trep karo pétungé, terangipun manut pandamel saé ingkang sampun katindakaken. 2652. Siksa ingkang dipun pèpèngetaken dhateng para kafir wonten ing sagemblengipun surat punika, punika siksa kang cepak. Boten prabéda lan siksa kang luwih cedhak ing 32: 21, tembung wau mengku teges siksa ing gesang sapunika punika. ______________ SURAT 79 AN-NÂZI’ÂT (Ingkang sami menthang) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (2 ruku’, 46 ayat) Pathinipun: Ruku’ Ruku’ 1. 2. Gegeter ingkang gesang. Bilai ageng. Katerangan gerban Namanipun surat punika pipiridan saking pratélan ingkang nerangaken kawontenanipun para mukmin: menthang sakatogipun; déné ingkang dipun karsakaken: peperangan-peperangan ing tembé wingkingipun tuwin anggènipun sami menthang langkap, dados nerangaken manawi ambrukipun para kafir, siksanipun para kafir ingkang kawarsitakaken wonten ing surat ingkang sampun, punika badhé kelampahan wonten ing paprangan-paprangan. Nasibipun raja Fir’aun, ingkang kelem nalika ngelud para titiyang Israil kasebutaken; déné ruku’ ingkang kaping kalih sasampunipun nyebutaken nugrahanipun Pangéran, lajeng mangandikakaken bilih siksa punika sampun mesthi, inggih ing ngriki inggih ing akhirat. Déné bab prakawis titimangsanipun nalika katurunaken, kénging winastan kalayan yakin bilih surat punika kagolong ing jaman Makkah sepuh. RUKU’ 1 Gegeter ingkang ageng 1-14. Kuwasaning mengsah badhé remuk wonten ing paprangan. 15-26. Wuwulang ing pandumipun Fir’aun. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Mramanaknaa sarosa menthang, para kang 2 Lan kang padha mesat maju kalawan gambira, 3 Lan kang padha ambalap rikat, 4 Banjur kang padha andhisiki lumaku ana ngarep, Surat 79 Ut. pangrancang angrancang perang Gegeter ingkang ageng 5 Banjur para kang mranata ing rèh,2653 padha 6 Ing dina nalikané oregan bakal geter,2654 oreg- 1593 7 Apa kang masthi bakal kalakon, bakal nungka.2655 2653. Langkung rumiyin mangga sami nglimbang-nglimbang tegesipun lugu ayat gangsal punika. Nâzi’ât punika jama’-ipun tembung Nâzi’ rimbagan saking tembung naza’a tegesipun nyendhal, / Tegesipun menthang gandhéwa (Q-LL). Garqan mengku teges sakayangipun, ugi manawi gagayutan kaliyan gandhéwa, awit ukara makaten ateges menthang gandhéwa sakayangé (LL). “Miturut ISh igrâq punika ateges nglepasaken jemparing ngantos tebih sarana mentang (gandhéwanipun) ing sakayangipun. Miturut Usaidu-l-Ganawi, ateges menthang gandhéwa ngantos tangsul ingkang dipun ubet-ubetaken wonten ing mripat-itikipun jemparing, ngantos dumugi sirahipun ingkang saking tosan, punika dumugi pérangan ingkang kagepok ing tangan (LL). Nasyatha tegesipun cukat ing damel (trengginas), utawi medal (TA-LL). Sabh ateges plajengipun kapal, suku ngajeng kadlojoraken mangajeng (kados déné tanganipun tiyang manawi nglangi) (TA-LL), lan ateges tandang ingkang cukat (Mft-LL). Tembung sanès-sanèsipun boten sisah katerangaken. Ing wiwitanipun surat-surat Makkiyah ingkang sepuh-sepuh asring sanget nyebutaken sacara piweca lalampahan-lalampahan ingkang kelampahan ing Madinah ing pawingkingipun, kalayan mengku karsa kanggé pasaksèn ing kayektèning pratélan-pratélan ingkang kapangandikakaken. Para kang sarosa menthang punika tiyang ingkang manah, kang padha mesat maju kalawan gambira punika panahipun, kang padha ambalap rikat tuwin kang padha andhisiki lumaku ana ngarep punika kapal. Kang padha mranata ing rèh punika para malaikat utawi para panuntun tukang ngawat-awati, déné prakara punika sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi punika kamenanganipun titiyang Muslimin tuwin leburipun mengsah, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat-ayat tutugipun. Sabagéan kathah katrangan punika cocog kaliyan kateranganipun Abu Muslim, kados déné ingkang kasebutaken déning Rz, sarta katerangan punika ingkang langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh lan kaliyan wiwitaning surat sanès-sanèsipun ingkang nyebutaken panunggilanipun punika. 2654. Rajafa tegesipun gègèr utawi oreg (Q-LL), nanging tegesipun kaum utawi papanthan sampun samapta badhé perang (Lth, O, Q-LL). Rèhning tembung radjifah punika boten kasambetan kaliyan tembung sifat punapa kémawon, mila inggih saged tembung wau mengku teges papanthan ingkang sampun samapta perang lan ateges bumi oreg. Teges ingkang sapisan punika langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh, punapa malih manawi dipun èngeti bilih ing ayat-ayat ingkang sampun mawi nyebutaken tukang nglepasaken jemparing tuwin kapal-kapal; suprandéné teges wau cekap kula dèkèk wonten ing margin. Wondéné teges ingkang dipun anggé, punika inggih ngener dhateng pupuntoning pamanggih, bilih ingkang kapangandikakaken sacara mecakaken wonten ing dhawuh ngriki, punika inggih perang, jalaran bumi geter utawi bumi gègèr punapa oreg, punika suraosipun inggih gègèr utawi oregipun ingkang ngenggèni. Perang, punika langkung adamel oreg wonten ing bumi katimbang lan lindhu. Mirsanana 33: 11 ing ngriku titiyang Muslimin kapangandikakaken manawi digonjingaké kalawan gonjing kang abanget, margi titiyang Muslimin sami dipun perangi tur perang ageng-agengan. 2655. Tembung ingkang dipun jarwani apa kang mesthi kelakon, punika namung satembung, inggih punika ar-râdifah, awit inggih teges wau tegesipun ingkang wantah lingganing tembung, asal saking tembung radifa, ingkang jawinipun teka ing sapungkuré utawi nungka ing saburiné (LL). Malah sajatosipun râdifah punika wonten ing bab tembung ridf dipun tegesi temahanipun satunggaling prakawis déning para saged ahli kawruh basa (S, O, Q-LL). Déné barang ingkang mesthi kelampahan ing pawingkingipun, punika icaling panguwaosipun golongan mengsah ing Makkah, utawi leburipun mengsah; sarta inggih punika sajakipun, maksudipun ingkang sajatos piweca-piweca ingkang kamot 1594 Ingkang sami menthang Juz XXX 8 Ati ing dina iku bakal padha trataban, 9 Mripaté padha andhingkluk. 10 Padha calathu: apa aku iki bakal padha dibalèkaké temenan marang kahanan(-ku) wiwitan?2656 11 Apa! nalika aku wis padha dadi balung kang gapuk? 12 Padha calathu: yèn mangkono, iku rak bali sing agawé kapitunan. 13 Ananging iku mung petak sapisan baé, 14 Lah mara delengen, dhèwèké padha tangi. 15 Apa ora wus tumeka marang sira caritané Musa? Ut. ping pindo a. 1579 16 Nalika Pangérané anguwuh dhèwèké ana ing jujurang suci Thuwa:a 17 Lungaa menyang (enggoné) Fir’aun; sayekti, dhèwèké iku dadi ambalasar. 18 Banjur calathua: Punapa paduka kagungan kepéngin anucèni sarira paduka: 19 Sarta kula badhé anuntun paduka dhateng Pangéran paduka, supados paduka ajriha. 20 Banjur panjenengané angatonaké tandha kang gedhé marang dhèwèké. wonten ing ayat-ayat punika, nitik ayat kakalih sambetipun punika mawi nyebutaken manah sami trataban lan mripat sami andhingkluk. 2656. Padha calathu, punika mengsah ingkang wicanten. Punika boten ateges bilih anggènipun sami wincanten kados makaten wau samangsa sadaya, wangsul anggènipun wicanten makaten wau ing sapunika punika ugi, awit para titiyang wau sami tukang maiben ing wontenipun kiyamat. Surat 79 Bilai ageng 1595 21 Ananging dhèwèké anggorohaké (kasunyatan) sarta ora ambangun turut. 22 Tumuli dhèwèké bali kalawan ririkatan. 23 Banjur angumpulaké (wongwong) tumuli anguwuh, 24 Calathuné: Aku iki pangéranira kang-mahaluhur. 25 Ananging Allah amatrapi dhèwèké kalawan pidana ing akhirat sarta ing uripé kang dhisik.2657 26 Sayekti ing dalem (prakara) iku temen ana wuwulang tumrap wong kang wedi. RUKU’ 2 Bilai ageng 27-33. Kamurahanipun Pangéran dhateng manusa. 34-41. Dhatengipun bilai. 42-46. Wancining pancasan. 27 Apa sira kang luwih kuwat dumadiné, apa langit? Iki kang yasa Panjenengané. 28 Panjenengané andhuwuraké dhuwuré2658 banjur anyampurnakaké kadadéané. 2657. Quran Suci tansah anyethakaken dhadhawuhanipun sarana nyebutaken nasib ingkang kasandhang déning umat ingkang sampun-sampun. Kawontenanipun calon siksanipun titiyang Makkah kacethakaken sarana nyebutaken tuladhanipun raja Fir’aun, mengsahipun Kanjeng Nabi Musa, ingkang sarupinipun kaliyan kanjeng Nabi Suci kasebutaken wonten ing 73:15, tuwin ing panggènan sanès. Cetha sanget Quran anggènipun nyebutaken siksanipun raja Fir’aun, inggih punika: siksa akhirat tuwin siksa ing gesang ingkang rumiyin (donya). Inggih kados makaten ugi calon siksanipun golongan mengsah ing Makkah, milanipun nasibipun raja Fir'aun wau kedahipun dados wuwulang ingkang cumeplos tumrap para titiyang Makkah, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat candhakipun. 2658. Samk tegesipun jembaring satunggaling barang wiwit dhasar dumugi ing pucakipun, kosokwangsulipun ‘umq, ingkang tegesipun: jembaring satunggaling barang wiwit puncak dumugi ing dhasaripun (Rz). Milanipun samk makaten ateges inggilipun, déné ‘umq, lebetipun. Manut Rz, nginggilaken inggilipun, punika ngisarahi inggilipun ingkang kalangkung déning sanget. 1596 Ingkang sami menthang Juz XXX 29 Sarta adamel peteng wenginé lan angedalaken padhanging(-rainané). 30 Lan bumi sawisé iku, digelar.2659 31 Saka ing kono Panjenengané angedalaké banyuné sarta (tutuwuhaning) pangonané. 32 Lan gunung-gunung, Panjenengané (sing) angukuhaké, 33 Pasadhiyan tumrap marang sira lan tumrap marang rajakayanira. 34 Ananging samangsa gedhé2660 tumeka; bilai 35 Dinané manusa padha éling apa kang wus ditindakaké, 36 Lan naraka dipintonaké tumrap sapa sing andeleng. 37 Wondéné wong kang ambalasar, 2659. Punika pratélan ingkang cetha, bilih bumi punika katitahaken sasampunipun langit. Pratélapratélan ingkang kasebutaken ing panggènan sanès boten kénging dipun werdèni ngantos cecengkahan kaliyan pratélan ingkang terang gamblang punika. 2660. Thâmmah punika ateges bilai ingkang ngungkuli sanès-sanèsipun (Q, Har-LL), utawi ateges barang ingkang sakalangkung ageng utawi sakalangkung anggirisi (TA-LL). Limrahipun ath-thâmmah punika namung kasuraos Kiyamat thok, nanging yektinipun ath-thâmmah punika ugi mathuk dipun suraos ateges sadhéngah bilai ageng, upaminipun kémawon, bilai ageng ingkang andhawahi satunggaling umat ing sagemblengipun. Kados déné ingkang sampun kula terangaken, tembung bangsanipun ingkang kados makaten punika, manawi kagem wonten ing Quran Suci, mengku teges rangkep, ateges bilai ingkang klampahan wonten ing gesang-gesang sapunika punika tuwin bilai ingkang langkung ageng malih, ingkang badhé kalampahan wonten ing akhirat. Malah sajatosipun ayat 36 anedahaken bilai ingkang dipun karsakaken punika langkung anteb dhateng bilai ing gesang sapunika, jalaran ing ngriku kapangandikakaken bilih ing dinten wau naraka badhé dipun damel gumelar tumrap tiyang ingkang ningali, boten tumrap sadaya tiyang, dados punika naminipun namung gumelar sapérangan, kados déné ingkang sok asring kelampahan ing gesang punika. Wondéné nerakanipun gesang ing bénjing, ing akhirat, kapangandikakaken wonten ing ayat 39. Surat 79 Bilai ageng 1597 38 Sarta milih kauripan donya, 39 Lah sayekti naraka – iku panggonan(-é). 40 Déné wong kang wedi anggoné ngadhep ing ngarsaning Pangéran sarta anahan jiwané saka pépénginan asor,2661 41 Lah sayekti suwarga – iku panggonan(-é). Ut. kapan kalakoné 42 Dhèwèké padha takon marang sira prakara wayahé endi katemtuané? 43 Tumrap prakara apa? sira iku wong kang angélingaké prakara iku. 44 Marang Pangéranira pantoging tujuné prakara iku. 45 Sira iku mung juru pépéling tumrap wong kang wedi marang prakara iku 46 Ing dinané dhèwèké andeleng iku, kaya-kaya olèhé manggon ora liya kajaba sasoré utawa saésuk. 2661. Mekak andurusi pépénginan ingkang asor, punika tuk ingkang baku piyambak kanggé angetukaken suwarga. ____________ SURAT 80 ‘ABASA (Panjenenganipun mrengut) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (42 ayat) Katerangan gerban Surat punika kawiwitan kalayan nerangaken satunggaling lalampahan ingkang nrenyuhaken manah, inggih punika satunggaling tiyang wuta ingkang nyaru wuwus Kanjeng Nabi, nalika panjenenganipun saweg nengah-nengahi ngandikakaken kaliayan para pinisepuh Quraisy sawatawis, ingkang lajeng mahanani Kanjeng Nabi mrengut nalika dipun saru wuwus wau. Punika lajeng kanggé namanipun surat punika. Menggah ing sajatos-jatosipun surat punika nerangaken, bilih para pandhèrèk ingkang mlarat-mlarat tur asor, punika margi saking anggènipun purun nampèni yakti mesthi badhé sinengkakaken ing ngaluhur, milanipun Kanjeng Nabi kedah boten prihatos manawi para titiyang luhur boten sami purun anggapé piwulangipun, jalaran para Muslimin ingkang asor punika sami badhé sinengkaaken ing ngaluhur, déné para titiyang luhur ingkang sami angemohi piwulang mesthi badhé dhumawah asor. Dados surat punika wigatos mangandikakaken kaluhuran ingkang kasuprih déning Quran badhé ginayuh ing para pandhèrèkipun, tuwin kemengan-kemenanganing para pendhèrèkipun ing tembé wingkingipun. Surat punika kaanggep salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh piyambak, sarta rèhning makaten pawartos ingkang kaundhangaken ingkang magepokan kaliyan prakawis ingkang badhé kelampahan ing wekdal ingkang badhé dhateng, punika pantes pinèngetan ingkang kalayan mligi. RUKU’ 1 1-10. Mrengutipun Kanjeng Nabi dhateng tiyang wuta. 11-16. Para ingkang nampeni kasunyatan badhé dipun dadosaken minulya. 17-32. Kamurahanipun Pangéran dhateng manusa. 33-42. Petak ingkang sakalangkung banter. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Dhèwèké mrengut lan maléngos, 2 Amarga ana wong nekani dhèwèké.2662 wuta 2662. Tetembunganipun ayat-ayat punika piyambak sampun anedahaken, bilih ayat-ayat wau nyariyosaken satunggaling lalampahan ingkang nyata kelampahan saèstu. Cariyosipun tiyang wuta punika kasebut wonten ing hadits ingkang kénging pinitados sanget, dados sampun boten wonten sababipun malih semang-semang dhateng wontenipun lalampahan wau. Déné tiyang wuta wau Ibnu Ummi Maktum (Abdullah bin Syuraih), ingkang sowan dhateng Kanjeng Nabi nalika Kanjeng Nabi Surat 80 Panjenenganipun mrengut 1599 3 Lan apa ta kang meruhaké sira, yèn dhèwèké iku arep anucèni jiwané. saweg nengah-nengahi nerangaken piwulangipun agami Islam wonten ing kalempakanipun para panuntun Quraisy, kalayan kagungan pangajeng-ajeng manawi tiyang ageng-ageng punika purun ngrasuk Islam, lajeng mahanani alangan-alangan ingkang makèwedi Islam sirna. Tiyang wuta wau nyaru wuwus nyela-nyela nyuwun dipun wulangi barang ingkang sampun kawahyokaken Allah dhateng Kanjeng Nabi Suci. Kanjeng Nabi boten rena dipun rigoni makaten punika, panjenenganipun mrengut lan maléngos. Kanjeng Nabi lajeng tampi wahyu punika. Lalampahan punika anedahaken bilih wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi Suci punika boten mijil saking panggalihipun Kanjeng Nabi piyambak; jalaran sapisan Kanjeng Nabi boten anindakaken pandamel ingkang kénging winastan pangrengkuh ingkang kirang saé dhateng tiyang sanès ingkang murugaken panjenenganipun lajeng rumaos kaduwung, (kados déné pangintenipun tuwan Rodwell), punika boten. Yektinipun Kanjeng Nabi boten migatosaken dhateng tiyang ingkang nyaru wuwus ing kalaning panjenenganipun dèrèng rampung anggènipun medhar pangandika, punika rak nama namung samesthinipun kémawon. Kanjeng Nabi boten andukani tiyang ingkang nyela-nyela wau margi saking tindakipun, wangsul Kanjeng Nabi namung boten rena lan boten maringi wangsulan dhateng tiyang wau, kados déné ingkang kacetha kalayan terang wonten ing dhawuhipun Quran punika. Kaping kalihipun, saupami inggih panjenenganipun punika rumaos kaduwung déné boten maringi wangsulan dhateng titiyang wuta, cekap panjenenganipun punika lajeng nimbali kémawon tiyang wuta lan nyrawungi ingkang langkung saé dhateng piyambakipun. Saboten-botenipun, saupami prakawis makaten punika kasarahaken wonten ing pamanggihipun tiyang, rak inggih boten teka panjenenganipun piyambak malah nacad tindakipun tur kalayan ajeg-ajegan. Badhéa kados punapa kémawon boten sarjunipun tiyang dhateng pandamelan piyambak ingkang sampun katindakaken, mesthi botenipun piyambakipun remen panacad dhateng tindakipun wau dipun damel cacariyosan ingkang rinten dalu kawaos marambah-ramah déning titiyang ingkang manut piyambakipun. Dados awit saking punika tétéla bilih wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi, punika boten mijil saking panggalihipun Kanjeng Nabi piyambak. Kanggé nedahaken ikhlas, murni saha luhuring panggalihanipun Kanjeng Nabi, cekap kaaturaken bilih panjenenganipun boten naté kagungan panggalih badhé ngunthet dhawuh ingkang kados makaten punika, wangsul malah angundhangaken dhawuh punika, boten prabéda lan anggènipun angundhangaken dhawuh-dhawuh ingkang ngemot pangalembana dhateng panjenenganipun. Prayogi dipun pèngeti bilih bubudènipun Kanjeng Nabi ingkang baku piyambak punika tresna dhateng tiyang miskin. Kathah lalampahan-lalampahan ingkang kasebut wonten ing dalem hadits, kadosta panjenenganipun kepareng nindakaken padamelanipun satunggaling tiyang èstri ingkang sampun sepuh, sarta dalasan nalika panjenenganipun sampun jumeneng dados pangagengipun nagari Madinah, panjenenganipun taksih karsa ambektakaken bebektanipun tiyang ingkang kawratan boten kiyat ambekta piyambak. Siti Khadijah, ingkang garwa Kanjeng Nabi, priyantun putri ingkang sakalangkung raket kaliyan Kanjeng Nabi wiwit duk kalanipun panjenenganipun taksih taruna, nyebutaken bubudènipun Kanjeng Nabi punika wonten ing pangandikanipun ingkang wigatos nglipur dhateng Kanjeng Nabi, makaten: “Gusti Allah boten badhé ngasoraken jengandika, jalaran jengandika setya dhateng tatangsuling gotrah, jengandika remen mulyakaken tatamu tuwin jengandika remen ngupaboga kanggé para ingkang sami kikirangan sarta jengandika remen mitulungi sadaya tiyang ing nalikanipun nandhang kasusahan ingkang sanget (Bkh). Panjenenganipun punika wiwit duk kalanipun taksih timur dumugi yuswa sepuh, lan wiwit duk kalanipun panjenenganipun taksih dados tiyang limrah ing Madinah ngantos dumuginipun jaman panjenenganipun ngasta papréntahan ingkang ngerèh saindhenging tanah Arab, sakalangkung tresna dhateng tiyang pakir miskin. Malah boten namung kandheg samanten kémawon, nanging panjenenganipun piyambak punika milaur dipun golongaken kaliyan titiyang miskin, inggih nalika sugengipun, inggih nalika sédanipun. Dalasan nalika bandhanipun tanah Arab umpuk-umpukan wonten ing sangandhaping sampéanipun Kanjeng Nabi, sarta nalika para garwanipun kepéngin angsal bagéan saking bandha ingkang umpuk-umpukan wau, panjenenganipun tetep sumedhiya ngurbanaken sawarnining kasenengan, waton panjenenganipun lastantun dados tiyang miskin. 1600 Panjenenganipun mrengut Juz XXX 4 Utawa arep angalap éling, nganti pépéling iku maédahi marang dhèwèké? 5 Déné wong sing rumasané ora butuh (marang sira), 6 Lah sira malah angadhepaké dhèwèké. 7 Lan ora cacad ing atasé sira yèn dhèwèké ora anucèni jiwané.2663 8 Wondéné wong kang anekani sira, iku nyrempeng, 9 Lan dhèwèké wedi, 10 Lah marang dhèwèké, apa sira bakal anglirwakaké? 11 O, sayekti, iku (sumbering) kaluhuran. 12 Mulané sapa sing gelem, angalapa éling marang iku. 13 Ing sajroning Kitab kang minulya, 14 Linuhuraké, sinucèkaké. 15 Ing tangané para juru tulis, 16 Minulya, tulus.2664 2663. Manawi para panuntun Quraisy boten sami luwar saking jejembering dosa, sanès lepatipun Kanjeng Nabi; milanipun boten kénging, karana para panuntun Quraisy wau, panjenenganipun lajeng nglirwakaken tiyang papa, ingkang sowan panjenenganipun kanthi tuhu-tuhu nyuwun dipun luwari saking babandaning dosa. 2664. Ayat nenem wiwit ayat 11 dumugi 16, punika menggah ing sajatos-jatosipun panglipur dhateng Kanjeng Nabi Suci, gandhèng kaliyan prakawis ingkang kasasmitakaken wonten ing sadasa ayat ingkang wiwitan, inggih punika, bilih para panuntun boten badhé purun manah pèpèngetipun Kanjeng Nabi tuwin boten purun nganggep kautusipun Kanjeng Nabi, mila Kanjeng Nabi kedah nengenaken tiyang miskin, ingkang badhé sinengkakaken ing ngaluhur déning Quran. Ayat-ayat punika Surat 80 Panjenenganipun mrengut 1601 17 Binendon manusa iku! saiba ta olèhé ora weruh ing panarima! 18 Saka barang apa ta kadadéané? Ut. angruntutaké karo 19 Saka nutfah, Panjenengané (kang) andadèkaké lan aparing kakuwatan marang dhèwèké.2665 20 Déné (prakara) dalan – Panjenengané anggampangaké tumrap dhèwèké, 21 Tumuli Panjenengané amatèkaké dhèwèké banjur anamtokaké kuburé, 22 Tumuli, samangsa Panjenengané angarsakaké, (banjur) anangèkaké dhèwèké. 23 O, dhèwèké iku ora anindakaké apa kang didhawuhaké marang dhèwèké. mangandikani Kanjeng Nabi bilih Quran punika tadhkirah, ingkang limrahipun dipun jarwani pépéling; nanging mangga kula aturi mirsani 855, ing ngriku katerangaken bilih tembung dhikr, ingkang menggah ing sajatosipun sami kaliyan tembung tadhkirah, punika mengku teges tuking kaluhuran. Menggah ing sajatos-jatosipun, suraosing dhawuh ing ngriki punika nyethakaken teges punika. Awit ayat 15 lan 16 kalayan terang nyebutaken bilih calon ingkang nyerati Quran punika sami tiyang tulus ingkang badhé ingaji-aji wonten ing jagad. Bab prakawis punika boten namung kenyataan wonten ing sariranipun para titiyang ingkang sami nyerati Quran Suci ing jaman wiwitan kémawon, kadosta Bagéndha Abu Bakr, Bagéndha ‘Umar, Bagéndha ‘Utsman lan Bagéndha ‘Ali, nanging dalasan ing babadipun Quran ing pawingkingipun wonten ugi para nata gung binathara ingkang mengkoni karajan ageng-ageng sami ngupaboga sarana nyerat kitab Quran. Dados piweca wau minangka panglipur dhateng Kanjeng Nabi, murih panjenenganipun boten sungkawa margi para titiyang ingkang sugih-sugih tuwin para panuntun boten purun nganggep panjenenganipun, awit tiyang miskin ingkang purun nganggep panjenenganipun punika badhé sinengkakaken ing ngaluhur alantaran Quran Suci. 2665. Qaddarahu punika tarkadhang sok mengku teges sami kaliyan tegesipun tembung aqdarahu, inggih punika ngiyataken, ndamel kiyat, suka kekiyatan (Msb, Q, LL). Ambokmanawi ing ngriki mengku teges, bilih Gusti Allah boten namung anitahaken kémawon ing manusa, nanging ugi maringi kekiyatan lan kasagedan, murih piyambakipun saged majeng-majeng manawi piyambakipun purun. Utawi inggih kénging dipun tegesi kados déné ingkang kasebut ing margin. Manawi nganggé teges punika, suraosipun Gusti Allah mrenahaken manusa dumunung wonten ing sawenèh laladan, ingkang wonten ing ngriku piyambakipun saged tumuwuh majeng-majeng, kados déné anggènipun Allah mrenahaken titah sanès-sanèsipun. Punika boten lajeng ateges, bilih Allah namtokaken pun anu lan pun anu nindakaken pandamel saé punika utawi punika, pun anu lan pun anu nindakaken pandamel awon punika utawi punika, punika boten. 1602 Panjenenganipun mrengut Juz XXX 24 Lah, bok manusa iku andeleng marang pangané. Ar. Déné 25 Rak Ingsun angesokaké banyu gumlogok 26 Tumuli Ingsun amecah bumi asigar, 27 Banjur ing kono anukulaké wiji-wiji, Ingsun 28 Lan anggur sarta woh kang mupangati 29 Sarta zaitun lan kurma, 30 Lan pakebonan kang kakayoné ketel 31 Sarta woh-wohan lan pasuketan, 32 Pasadhiyan tumrap marang sira lan marang rajakayanira. 33 Ananging samangsa jumalerit tumeka,2666 petak 34 Dinané wong aninggal lumayu saduluré, 35 Lan biyungé sarta bapakbapaké, 36 Tuwin rabiné sarta anakanaké lanang – 37 Sarupané wong-wong iku ing dina iku padha duwé urusan dhéwé-dhéwé. 2666. Shakhkhah punika rimbagan saking ingkang tegesipun (suwanten) adamel budheging kuping margi saking serunipun, mila wantahipun tembung wau ateges pambengok ingkang ambudhegaken margi saking serunipun (SQ-LL). Awit saking punika tembung wau lajeng kanggé nembungaken dinten kiyamat. Nanging tembung wau ugi ateges sadhéngah bilai utawi kacilakan (Q-LL), utawi bilai ageng (TA-LL). Surat 80 Panjenenganipun mrengut 1603 38 Rai-rai ing dina iku (akèh kang) padha bingar, 39 Gumuyu, gambira. 40 Lan (akèh) ing dina iku rai kang padha reget anjalebut, 41 Peteng iku.2667 anglimputi (rainé) 42 Yaiki wong-wong kang para kafir lan padha duraka. 2667. Rai-rai bingar ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika ateges bingah; déné rai kalimputan pepeteng utawi cemeng punika ateges susah utawi prihatos. _____________ SURAT 81 AT-TAKWÎR (Anglempit) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (29 ayat) Katerangan gerban Namanipun surat punika mirid saking pratélan ingkang kasebut ing ayat ingkang wiwitan piyambak: surya ginulung (tegesipun kula aturi mirsani 2668). Surat punika ugi mangandikakaken kalayan dhapur piweca bab kaluhuran ingkang badhé ginayuh déning Islam, tuwin ambrukipun babar pisan sadaya ingkang milawani Islam. Kathah prakawis-prakawis ingkang kelampahan nalika jaman sugengipun Kanjeng Nabi, ingkang kapangandikakaken ing surat punika; nanging ugi kathah prakawisprakawis ingkang kelampahanipun taksih bénjingipun ing jaman ingkang badhé dhateng ingkang kasebutaken, makaten ugi prakawis-prakawis ingkang sinipatan kalayan cetha wonten ing jaman kita samangké, inggih kasebutaken déning surat punika. Wosipun anyebutaken sadaya wau, wigatos mangandikakaken bilih menangipun ingkang wekasan Islam wonten ing tanah Arab, sarta lumèbèripun dhateng saindhenging jagad, punika prakawis ingkang yakin piyambak. Surat punika èwonipun dhawuh ingkang katampi Kanjeng Nabi ingkang sepuh piyambak. Bab prakawis tumurunipun ing jaman wiwitan wau, sampun boten wonten semang-semangipun malih. Pratélan ingkang wingking piyambak, ingkang andhawuhaken bilih Quran punika pèpènget tumrap ngalam sadaya, liripun tumrap sadaya umat tuwin sadaya jaman, punika pantes pinèngetan kalayan mligi. Kalawan asmaning Ingkang-Mahamurah, Mahaasih. Ut. linempit Allah, Ingkang 1 Samangsa sréngéné tinutupan.2668 2668. Tigawelas ayat ingkang wiwitan punika ngemot tandha-tandha kalihwelas warni ingkang limrahipun kasuraos tandha-tandhanipun kiyamat. Nanging paham kula punika pratélan-pratélan ingkang rnengku piweca, kalayan tetembungan ngibarat, wigatos mangandikakaken telukipun ingkang wekasan mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi ingkang kiyat-kiyat (kalebet ugi titiyang ingkang nunggil jaman kaliyan panjenenganipun, ingkang sami ngawaki piyambak milawani dhateng panjenenganipun, tuwin titiyang ingkang tebih letipun kaliyan jaman sugengipun, ingkang sami asikep mengsahi dhateng yakti ingkang kawulangaken déning panjenenganipun). Wosipun kasebutaken wonten ing dhawuh ingkang mungel sayekti iku temen tembungé utusan kang minulya, kang kasinungan kakuwatan, kang kudu dienut. Wiwit ayat 19 saterusipun mengku suraos, bilih kelampahanipun sadaya punika mesthi badhé saged anetepaken manawi Kanjeng Nabi punika pranyata utusan ingkang minulya lan boten ringkih kados pangintenipun mengsah, wangsul kasinungan kakiyatan, sarta panjenenganipun punika mesthi badhé tinurut. Surya ginulung punika mengku teges bilih wekdal mujuripun para mengsahing Islam badhé telas, sarta lajeng badhé dumunung wonten ing salebeting pepetengipun rekaos tuwin kasusahan. Surat 81 Anglempit 1605 2 Lan samangsa lintang-lintangé dadi peteng,2669 3 Lan samangsa gununggunungé padha ginuncang,2670 4 Lan samangsa unta-unta linirwakaké,2671 5 Lan samangsa sato galak padha dibuyaraké,2672 Ut. sagarasagara Ut. digawé rob 6 Lan samangsa nagara-nagara padha diobong,2673 2669. Lintang-lintang dados peteng punika ateges peteng ndhedhet lilimengan, awit samangsa surya surup, cahyanipun lintang-lintang mitulungi manusa. Nanging ing ngriki kadhawuhaken bilih boten namung papadhanging raina kémawon ingkang badhé sirna, nanging dalasan papadhang ingkang alit-alit, ingkang dipun alap papadhang déning para ingkang sami lalampah ing wanci dalu ingkang peteng ndhedhet, inggih badhé surem, ngantos para titiyang wau boten sami angsal papadhang sakedhik-kedhika. 2670. Redi-redi binuncang tegesipun titiyang ageng para panuntunipun mengsah sami sirna. Mirsanana 1604. 2671. Punika pipiridan kawontenanipun perang ingkang anggigirisi, suraosipun samangsa wonten peperangan ageng, unta-unta dipun umbar kémawon tanpa wonten juru pangènipun. Tembung: . tegesipun aku ngeculaké unta tanpa ana juru-pangoné kang ngulat-ulataké (Msb-LL). Utawi, margi saking ‘isyâr utawi unta èstri (ingkang sampun wawrat sadasa wulan) punika bandha ingkang sakalangkung kathah aosipun tumrap ingkang gadhah, manawi ngantos dipun umbar kémawon, punika nandakaken wonten bilai ingkang anggigirisi; utawi margi saking ingkang dipun betahaken wonten ing paprangan punika kapal, sanès unta. Nanging inggih prayogi dipun terangaken pisan, bilih tetembungan saminipun ingkang kados makaten punika ugi kasebut wonten ing satunggalmg hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang miturut pangandika hadits wau unta-unta linirwakaken punika dados salah satunggaling tandha-tandhanipun dinten akhir, inggih punika ing kalanipun Islam nemahi asor, sarta nalikanipun Masih dipun jumenengaken saking antawisipun tiyang Muslimin, perlu supados anjumenengaken kamenanganipun Islam kaliyan agami sanès-sanèsipun ing jagad. Tembungipun pangandika hadits wau makaten jawinipun unta-unta yekti bakal linirwakaké banjur ora dinggo lumaku rikat (dhateng pundi-pundi). Sajakipun terang manawi ingkang dipun karsakaken wonten ing pangandika hadits punika jaman wontenipun tutumpakan ingkang langkung rikat kanggé tiyang kekésahan. Wontenipun kréta latu (sepur) ing jagad punika, langkung-langkung ing tanah Arab piyambak inggih wonten, punika tétéla mratandhani bilih piweca punika sampun katuhonan wahananipun. Dados kados sampun terang manawi piweca-piweca ingkang kaundhangaken wonten ing ngriki punika magepokan kaliyan jamanipun Kanjeng Nabi Suci tuwin ugi jaman ingkang badhé dhateng. Prayogi dipun pèngeti bilih unta-unta linirwakaken punika boten yèn ta kelampahan ing dinten kiyamat. 2672. Hasyarahu tegesipun ambuyaraké (LL). Sato galak sami kabuyaraken punika ugi gagayutan kaliyan perang, awit samangsa tiyang kathah nglempak badhé tempuk perang wonten ing saganten-wedhi, sato galak mesthi sami lumajeng sasaran. 2673. Ing ngriki kula boten nganggé jarwan ingkang limrah-limrah, teges ingkang kelimrah dipun anggé déning para tukang anjarwani kula sukakaken wonten ing margin. Suprandéné badhé kula terangaken langkung rumiyin. Manawi dipun tegesi mawi teges ingkang sampun kelimrah, prayogi 1606 Anglempit Juz XXX 7 Lan samangsa wong-wong padha kinumpulaké,2674 8 Lan samangsa kang dipendhem urip-uripan dinangu; dipun pèngeti tembung ingkang dipun agem punika mèh sami kaliyan ingkang kagem wonten ing 52: 6; . ing ngriku kasebutaken saganten rob, ingkang mengku suraos ambrukipun panguwaosing mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, kalayan mendhet pipiridan nasib ingkang kasandhang déning mengsahipun Kanjeng Nabi Musa, inggih punika sami kelem wonten ing samodra rob. Béda malih kaliyan ingkang sampun, tembung bahr punika wonten ing paribasan Arab ateges sirna; sababipun déné ateges makaten awit sirna ingkang boten saged dipun kinten-kintenaken langkung rumiyin, punika langkung asring pinanggih wonten ing saganten katimbang ing dharatan, jalaran ing saganten boten wonten pitulungan ingkang sumadhiya ing sawanci-wanci, kejawi punika tumrap ing jaman kina tiyang ingkang lalayaran wonten ing saganten punika sakedhik sanget pangajeng-ajengipun saged wangsul kanthi wilujeng, dados saganten rob punika tumrap piyambakipun mèh sami tegesipun kaliyan “mesthi sirna.” Ing basa Arab wonten ungel-ungelan makaten: déning TA ungel-ungelan wau dipun jarwani makaten: É, juru-pituduhing wengi kowé nyalèwèng saka dadalan sing bener, sirna sing ana, yèn ora / iya bangbang wétan (LL). Makaten ugi tembung ing 82: 3 punika ugi saged dipun terangaken plek kados makaten punika, déné tembungipun fujjirat sami tegesipun kaliyan tembung sujjirat ing ngriki. Katranganipun Ka’b bilih al-bîhar utawi saganten ing ngriki ateges naraka (LL), punika ngiyataken pamanggih ingkang kagelar ing ngriki, inggih punika: manawi teges wau dipun anggé, saganten rob punika ateges sirnanipun mengsah. Katranganing teges sanèsipun malih (mirsanana tegesipun tembang sujjirat ing wingking) makaten: nalika sagara-sagara padha diobong; déné suraosipun nyasmitani latu ageng angalad-alad ing pundi-pundi panggènan ing saganten, ngantos saganten wau kados dipun besmi. Latu ageng wau kelampahan wonten ing tanah Arab nalika jaman sugengipun Kanjeng Nabi, sarta ing jaman sapunika ugi jagad ketaman latu ageng ingkang kados makaten wau, ingkang nyata saèstu saganten kados tinunu, inggih punika nalika prang Éropah (lan prang donya ingkang kaping kalih. Peny.). Déné jarwan ingkang kula anggé, punika inggih sami déné adhadhasar kateranganing teges ingkang wantah. Tembung bihâr punika jama’-ipun tembung bahr sarta tembung bahrah (TA-LL); déné bahrah punika sami kaliyan tembung baldah, utawi ardl (S, Q, TA, I’As) jawinipun nagari utawi kitha utawi désa, “sarta jama’-ipun, inggih punika bihâr punika dipun anggé nembungaken nagari, kitha utawi dhusun” (TA-LL). Kula aturi mirsani ugi IAs, panjenenganipun nerangaken: jawinipun bangsa Arab mastani nagari-nagari lan kitha-kitha punika bihâr. Tembung bahrah (inggih punika mufrad-ipun bihâr) lan tembung buhairah (tasgir-ipun bahrah), punika wonten ing hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi ugi kanggé nyebut nagari Madinah. Dados sampun terang, bilih nagari punika ugi dados tegesipun ingkang wantah tembung bihâr, boten prabéda lan saganten, punika tegesipun wantah bihâr wau. Wondéné tembung sujjirat dipun tegesi diobong (LL) punika dipun rujuki déning para mufassirin; latu punika minangka pasemonipun peperangan ingkang tumunten badhé kelampahan wonten ing nagari-nagari Arab margi saking anggènipun sarosa milawani yakti. Katranganipun latu ingkang dados pasemonipun peperangan, mirsanana 5: 64. Tegesipun sujjirat satunggalipun inggih punika dicampur; déné maksudipun inggih campuripun dados satunggal wonten ing paprangan, kados déné ingkang kacetha ugi wonten ing dhawuhing ayat candhakipun bab ngempalipun tiyang dados satunggal. Katranganing teges ingkang pundi kémawon ingkang dipun anggé, meksa mengku teges salah satunggal, sirnanipun mengsah ingkang kiyat, utawi peperangan. 2674. Maksudipun, nalika saben golongan sami badhé dipun kempalaken kaliyan ingkang dipun enut (TA-LL) nalika cacawis badhé peperangan. Surat 81 Anglempit 1607 9 Amarga saka dosa-dosa apa dhèwèké pinatènan,2675 10 Lan samangsa sinebar,2676 kitab-kitab 11 Lan samangsa langit binuka tutupé,2677 12 Lan samangsa naraka diurubaké,2678 13 Lan samangsa taman dicedhakaké,2679 2675. Ingkang dipun karsakaken ing ngriki inggih punika adat tata-cara ingkang kelimrah wonten ing antawisipun titiyang Arab sadèrèngipun jaman Islam, inggih punika mendhem gesang-gesangan anakipun ingkang medal èstri, margi kuwatos kalirèn utawi kuwatos nandhang ina. Déné pandhangan punika mengku karsa mangandikakaken wekdal sirnanipun adat tata-cara ingkang biadhab wau, margi tanah Arab kawradinan Islam. 2676. Shuhuf punika jama’-ipun tembung shahifah, ingkang jawinipun dlancang utawi wacucal ingkang dipun serati. Sajakipun ingkang dipun karsakaken punika bab sumiyaripun Quran Suci ingkang kaserat dados sakitab utawi sapérangan-sapérangan, awit inggih punika ingkang kasebut kitab kang minulya ing 80: 13 punika. Murih kelampahanipun punika, perlu langkung rumiyin kekiyatanipun mengsah sinapu tapis. Punika ugi saged mengku karsa mecakaken wekdal ingkang badhé dhateng ing tembé wingkingipun. Nalika jaman majeng-majengipun jagad Islam, boten sakedhik lalabetanipun jagad Islam anggènipun mencaraken serat-serat (literature), sarta sadaya fihak sami angakeni bilih gesangipun malih kawruh ing Éropah, ingkang mahanani sumiyaripun serat-serat lan dlancang ngantos kathah sanget, punika inggih wohing panyurungipun Islam nyinau kawruh. Dados sajakipun piweca punika mengku maksud warni kalih, inggih punika sapisan mecakaken jamanipun Kanjeng Nabi Suci, kaping kalihipun mecakaken jaman, ingkang wonten ing basanipun piweca sinebut jaman akhir. Kelampahanipun ingkang kalayan angédab-édabi piweca-piweca punika ing jaman kita samangké, punika dados pasaksèn ingkang sampun boten kénging pinaiben malih, bilih Quran Suci punika pranyata asli saking Pangéran, awit ngemungaken Allah Ingkang-Mahawikan Pribadi, ingkang saged amedharaken wawadosing wekdal ingkang badhé dhateng ingkang sakalangkung lebet punika, tur kanthi terang gamblang anggènipun mahyakaken, kawimbuhan malih anggènipun mahyakaken wau ing wekdal ingkang taksih nyamut-nyamut kaliyan jaman kelampahanipun. 2677. Katranganipun ukara punika saha ukara-ukara saminipun punika, mirsanana 2593. Langit binuka tutupipun punika tegesipun: siksa binuka ngeblak. Mila mengku suraos makaten, awit langit makaten kénging winastan minangka pangayoman murih boten ketaman ing kacilakan; utawi margi bilai ingkang ageng-ageng punika winastan tumurun saking langit. Suraos kados makaten punika ugi , tumrap ing ukara-ukara bangsanipun ingkang kados makaten punika, kadosta jawinipun nalika langit wus belah (82: 1) tuwin nalika langit (utawi mendhung) sigar (84: 1). Kula aturi nyundhukaken kaliyan 21: 32 lan 105, lan kula aturi mirsani 1665. 2678. Naraka dipun urubaken, punika ateges kadamel samekta nampèni para ingkang sami milawani ing yakti, ingkang sami badhé dipun siksa wonten ing gesang sapunika utawi mengku teges mubaling peperangan, ingkang boten kénging boten mesthi badhé nglebur mengsah-mengsahipun yakti. 2679. Suwarga dipun celakaken, punika ateges kelampahanipun sapérangan piweca-piweca bab ganjaranipun para angèstu, awit para angèstu sami kaparingan janji bilih badhé angsal suwarga ing gesang sapunika tuwin ing gesang ing bénjing. Menangipun kaliyan para kafir, punika dados pratandha bilih suwarga ingkang kajanjèkaken punika sampun celak 1608 Anglempit Juz XXX 14 (Lah ing kono) sarupaning jiwa bakal weruh apa kang wus dicepakaké dhéwé.2680 a. 2438 b. 2606 15 Lah, temen,a Ingsun apasaksib kalawan lintang-lintang, 16 Kang lumaku turut dalané (lan) andhelik,2681 17 Lan wengi nalikané angoncati, 18 Sarta gagat-bangun nalikané sumirat,2682 19 Sayekti, iku temen tembungé utusan kang minulya, 20 Kang kasinungan kakuwatan, (sarta) adrajad kinurmatan ana ngarsané Kang-kagungan-singangsana, Ut. panutan Ut. tuhu pinracaya 21 Wong kang kudu dienut, sarta tinuhu-tuhu marang apa kang dipracayakaké (marang awaké).2683 2680. Sabda pangandikanipun Kanjeng Nabi ingkang katujokaken dhateng titiyang kafir ingkang tiwas wonten ing paprangan Badr, saged suka katrangan dhateng dhawuh punika ingkang tumrap gesang samangké: “Sayekti aku kabèh wis padha nyipati yèn sabarang kang dijanjèkaké déning Pangéran marang aku kabèh iku nyata. Apa kowé kabèh iya wis nyipati kanyataané barang kang dijanjèkaké déning Pangéran marang kowé kabèh?” 2681. Al-khunnas punika jama’-ipun khanis (saking tembung khanasa, jawinipun bali), tegesipun bali, mengku teges lintang-lintang ing saumumipun, awit lintang-lintang wau sami singidan samangsa serap, utawi margi lintang-lintang wau sami boten katingal manawi raina (S-LL), utawi ateges planitplanit (Saturnus, Yupiter, Mars, Venus, tuwin Mercurius), margi munduripun planit-planit wau (S, QALL). Alkunnus punika jama’-ipun kânis (saking tembung kanasa, jawinipun: ménda wanan lumebu ing kinas, inggih punika ing papan pandhelikanipun), tegesipun wedhus alasan kang lumebu ing papan pandhelikané (S-LL), mengku teges lintang-lintang ingkang sami singidan wonten ing panggènan serapipun (TA-LL), utawi ateges planit-planit, inggih margi kados makaten kawontenanipun wau (TA-LL). Sumpah mawi lintang-lintang ingkang lumampah turut marginipun tuwin ingkang sami andhelik, punika ugi wigatos, dhawuh anggatosaken dhateng kacilakaan-kacilakaan ingkang badhé andhawahi para ingkang sami milawani ing yakti. Kula aturi mirsani 2371. 2682. Dalu angoncati tuwin gagat bangun sumirat punika sampun terang, inggih punika pepetenging kabodhoan sirna, gentos surya Islam sumorot nyunaraken cahyanipun. 2683. Limrahipun para mufassirin sami nyuraos bilih ingkang dipun karsakaken ing ayat 19-21 punika malaikat Jibril, awit manut pahamipun, ingkang kapangandikakaken wonten ing 23 punika Surat 81 Anglempit 1609 22 Lan ora pisan mitranira iku wong owah. 23 Lan sayekti temen Panjenengané andeleng sarirané dhéwé ana ing cakrawala kang cetha.2684 24 Lan ora pisan Panjenengané iku angumpetaké barang ghaib,2685 25 Sarta ora pisan iku tembungé sétan kang dibendoni,2686 26 Lah menyang endi anggonira arep padha lumayu?2687 27 Iku ora liya kajaba pépéling tumrap sakèhing bangsa-bangsa, Jibril. Nanging pangandikanipun Quran punika kados sampun boten wonten malih suraosipun kajawi nuding Kanjeng Nabi Suci piyambak, ingkang kalayan cetha kapangandikakaken kancanira. Panjenenganipun punika wonten ing tanah Arab nyata sampun misuwur al-amin, jawinipun kang pinracaya. Anggènipun Kanjeng Nabi inggih mutha’, kang tinurut, punika inggih sampun kapangandikakaken wonten ing panggènan sanès, inggih punika ing 4: 64, “anggon-Ingsun angutus utusan iku ora liya kajaba supaya dienut kalawan idining Allah.” Kanjeng Nabi kasinungan kekuwatan tuwin minulya, punika asuraos mecakaken sugengipun ing wekdal ingkang badhé dhateng lan menangipun ingkang wekasan kaliyan mengsah-mengsahipun. 2684. Kanjeng Nabi nguningani sariranipun piyambak wonten ing cakrawala ingkang terang, punika ngisarahaken prabanipun ingkang gumebyar anelahi; bab punika kula aturi nyundhukaken kaliyan 53: 7, lan kula aturi mirsani ugi 2376. 2685. Kanjeng Nabi (sanès malaikat Jibril) ingkang ing ngriki kadhawuhaken sanès tukang ngumpetaken gaib ingkang cukeng punika, wigatos anedahaken bilih sabarang ingkang sampun kelampahan rumiyin-rumiyin punika mengku piweca-piweca adiluhung babagan wekdal ingkang badhé dhateng. Kados déné ingkang sampun kula terangaken ing ngajeng, sajatosipun surat punika binukanan kalayan piweca-piweca bab kacilakan ingkang calon badhé andhawahi para mengsah, déné péranganipun ingkang wekasan mangandikakaken kalayan cetha kamenangan saha kaagungaipun Kanjeng Nabi ing wekdal ingkang badhé dhateng. 2686. Punika sanès tembungipun sétan, terangipun: punika sanès pethèkipun juru tenung; terangipun malih: piweca-piwecanipun Quran punika mesthi badhé dipun tetepi punapa mesthinipun. Katranganipun tuwan Sale pantes pinèngetan: “Ayat punika minangka wangsulan dhateng pangawonawonipun para titiyang kafir, ingkang sami mastani bilih Quran punika namung panunggilanipun pethèk utawi kemayan; awit para titiyang Arab sami gadhah panginten bilih para juru-tenung utawi juru-kemayan punika sami angsal katerangan saking sétan-sétan, jalaran sétan-sétan wau tansah sami mireng-mirengaken ing sakacunggahipun saking para titah ingkang sami dudunung wonten ing langit.” Kedah dipun èngeti, samangsa Quran mangandikakaken sétan mireng-mirengaken kalayan salinthutan, punika ingkang dipun karsakaken namung mangandikakaken piyandel Arab jaman kina wau. Wonten ing panggènan pundi kémawon Quran boten naté nyebutaken piyandel punika kalayan pangandika ingkang anedahaken bilih Quran tumut angakeni pangandel Arab kina wau. Kosok wangsulipun, malah kathah pasaksèn-pasaksèn ingkang nedahaken bilih Quran nulak piyandel wau. 2687. Samangsa piweca-piweca iku dituhoni wahanané, sira ora bakal oleh pangayoman. 1610 Anglempit Juz XXX 28 Tumrap sapa-sapa ing antaranira kang kapéngin alaku bener.2688 a. 2633 29 Lan ora bakal sira padha kapéngin kajaba yèn Allah, Pangéraning ngalam kabèh, angarsakaké.a 2688. Mangga, punapa boten éndah lan terang temenan dhawuhipun Quran punika? Quran punika tuking kamulyan tumrap sadaya bangsa ing jagad, suprandéné sagedipun kados makaten punika manawi manusa purun andhèrèk pitedahipun; milanipun lajeng sinambetan ing dhawuh: tumrap sapa-sapa ing antaranira kang kapéngin alaku bener. _______________ SURAT 82 AL-INFITHÂR (Belah-Sigar) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH Katerangan gerban (19 ayat) Surat punika namanipun mirid saking pratélan ing ayat-ayat ingkang wiwitan: langit belah (sigar), sarta kénging winastan surat punika jodhonipun surat ingkang sampun. Awit surat ingkang sampun, sasampunipun nyebutaken sawenèh tandha-tandha, lajeng nyaring wosipun, inggih punika menangipun Islam ingkang wekasan; déné surat punika, nyebutaken kamenangan wau wonten ing ayat-ayatipun ingkang wiwitan, sarta mangandikakaken ugi para mengsah badhé tanpa daya babar pisan margi saking kamenangan wau. Déné titimangsaning tumurunipun surat punika, boten kathah bédanipun kaliyan surat ingkang sampun. Kalawan asmaning Ingkang-Mahamurah, Mahaasih. Ut. mendhung Allah, Ingkang 1 Samangsa langité wis belah, 2 Lan samangsa lintanglintangé wis pating salebar, Ut. sagarasagara 3 Lan samangsa kali-kali padha dibludagaké, 4 Lan samangsa kubur-kubur binukak,2689 2689. Kawan ayat ingkang wiwitan punika mangandikani kula sami, kados pundi anggesangaken ruhani punika. Langit belah punika ateges dhumawahipun pidana dhateng mengsah (mirsanana 2593), utawi manawi samâ ing ngriki dipun tegesi mendhung, kados déné teges ingkang kaserat wonten ing margin punika, saged mengku teges: nalika mendhung wis belah lan anurunake banyu marang bumi kang mati; déné suraosipun: wahyu, ingkang dipun sanépakaken kados déné jawah punika. Lintang-lintang wis pating salebar punika saged mengku suraos sirna; manawi makaten lajeng mengku maksud bilai andhawahi para mengsah (mirsanana 2371); utawi saged mengku suraos mangandikakaken sumebaripun guru-guru Islam, ingkang kasanépakaken kados déné lintang-lintang. Maksudipun: boten kénging boten mesthi badhé dhateng masakalanipun para tukang mulang-mulangaken yakti sami sumebar wonten ing tanah Arab, salajengipun lajeng mradini saindhenging jagad. Kali-kali padha dibludagaké punika cocok kaliyan ingkang kasebutaken kalayan sanépa wonten ing panggènan sanès ing Quran Suci, inggih punika ing 13: 17 “Panjenengané anurunaké banyu saka ing méga, banjur jurang-juranging kali padha mili banyu samurwaté ......... kaya mangkono Allah anggoné damel sanépa.” Lèpèn-lepèn ambludag punika para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi ingkang tulus, ingkang 1612 Ut. dilakoni, dilirwakaké Belah-Sigar Juz XXX 5 Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikaké lan kang dikèrékaké.2690 6 O, manusa! apa kang anyinthung sira saka Pangéranira, Ingkang- Minulya, 7 Kang anitahaké sira banjur anyampurnakaké sira banjur andadèkaké sira sarwa timbang? 8 Panjenengané amangun sira ing dalem rupa apa kang dadi karsa-Né. 9 O, nanging sira padha anggorohaké marang pancasan, 10 Lan sayekti, temen ana kang padha anjaga marang sira, 11 Para juru nulisi minulya, 12 Padha meruhi apa kang padha sira lakoni.2691 margi kapenuhan ngélmu kapangéranan, lajeng ambanjiri pasiten ingkang garing ing tanah Arab lan ing sajawinipun tanah Arab kalayan ngélmunipun wau. (Nanging kula aturi mirsani ugi 2673). Kubur-kubur sami kabikak punika mengku suraos kiyamat ruhani badhé katindakaken déning Kanjeng Nabi, awit kalayan cetha sampun kadhawuhaken bilih tiyang ingkang risak budipakertinipun punika dumunung ing kubur (35: 22). Dados ayat sakawan punika sadaya wigatos mangandikakaken éwah-éwahan ageng, ingkang badhé kelampahan wonten ing tanah Arab déning piwulangipun Kanjeng Nabi. Déné dhawuh-dhawuh wau ugi mengku maksud ingkang lebet malih, inggih punika wigatos mangandikakaken kiyamat ageng, kiyamatipun tiyang pejah, punika sampun genah, boten perlu pinaiben malih. 2690. Ayat punika ngiyataken prakawis ingkang sampun katerangaken wonten ing tafsir ingkang sampun. Qaffal gadhah paham bilih sumerepipun jiwa ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki punika badhé wewah-wewah samangsa sampun ngajengaken dinten kiyamat (Rz). Nanging gumelaripun ingkang langkung sampurna malih badhé kelampahan wonten ing gesang sasampunipun pejah. 2691. Pandamelipun manusa dipun serati lan angedalaken woh, punika salah satunggaling piwulangipun agami Islam ingkang mangka tatales. Mesthi kémawon ingkang makaten punika boten teka ateges bilih para malaikat sami lenggah ngadhep méja ingkang wonten wadhahipun mangsi, sarwi ngasta kalam, kados déné juru-serat makaten, lajeng anyatheti bilih pun anu nalika wanci makaten nindakaken pandamel saé anu utawi pandamel awon anu, punika boten. Punika nama damel kisruh dhateng piwulangipun Quran. Tembung nulis, kitab, lan juru-nulisi, punika namung kanggé anedahaken bilih sadhéngah pandamel punika rineksa lan rinimatan murih wontena tabetipun; déné mila dipun tembungaken makaten wau, jalaran sasumerepipun manusa, seratan punika cara ingkang saé piyambak kanggé ngrimati barang ingkang sampun kelampahan. Kados pundi caraning anggènipun nyerat lan Surat 82 Belah-Sigar 1613 13 Sayekti, para tulus iku temen bakal padha ana sajroning nugraha, 14 Lan sayekti, para duraka temen bakal padha ana sajroning geni murub, 15 Bakal padha mlebu mrono ing dinané pancasan 16 Lan ora bakal dhèwèké padha oncat saka ing kono. 17 Lan apa kang meruhaké ing sira, apa dina pancasan iku? 18 Manèh apa kang meruhaké ing sira, dina pancasan iku apa? 19 Dinané ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathithik-thithika marang jiwa (liyané); lan ing dina iku sagunging préntah ana astaning Allah. ngrimati, sinten malaikatipun ingkang tinanggenah ing wajib nyerati lan ngrimati wau, punapa déné kados punapa badhé wujuding kitab ingkang badhé dipun anggé pasaksi lumawan tiyang ingkang lepat punika sadaya kawontenan ingkang mrojol saking pangawruh kita ing samangké punika. Nanging bab prakawis sadaya tindak kita rinimat, ingkang wohipun mesthi kita seksèni kalayan jangkep langkep punika kasunyatan ingkang sampun boten saged pinaiben malih. Manawi ponogram (gramapun) saged mèngeti tetembungan kula plek kados nalika kula ucapaken, kathik kanthi cara ingkang kala rumiyin-rumiyinipun dèrèng kasumerepan, punapa nama anèh manawi anggènipun nyatheti tindak kita punika katindakaken mawi sawenèh cara ingkang ing samangké dèrèng saged kita kantak-kantakaken? ______________ SURAT 83 AT-TATHFÎF (Ingkang sami nglirwakaken) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (36 ayat) Katerangan gerban Surat punika nglepataken para titiyang ingkang sami lirwa ing wajib, mila lajeng kanamakaken makaten wau. Kosokwangsulipun, para titiyang ingkang sami netepi kawajiban-kawajibanipun, mesthi badhé jinunjung ing ngaluhur. Dados surat punika taksih nglajengaken bab-bab ingkang kawarsitakaken wonten ing surat-surat ingkang sampun. Punapa sababipun para tulus sami raharja? Jalaran para tulus wau sami netepi kawajiban-kawajibanipun tuwin nuhoni prajanjian-prajanjianipun. Punapa sababipun para tiyang lepat sami kapitunan tuwin risak? Awit para titiyang wau sami tiyang ingkang lirwa ing wajib tuwin boten nuhoni prajanjian-prajanjianipun. Surat punika mulangaken jejeg saha adil ing dalem bab prakawis sasatungan kaliyan tiyang sanès. Tumurunipun kagolong ing jaman Makkah wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Cilaka tumrap kang padha nglirwakaké,2692 2 Kang samangsa naker saka wong liya, (tumrap awaké dhéwé), panakeré genep, 2692. Al-muthaffifîn punika boten namung ateges titiyang ingkang nyuda taker utawi migunakaken timbangan lan takeran palsu kémawon. Muthaffif (rimbagan mufrad, manawi ingkang kagem wonten ing dhawuh ngriki jama’) punika isim fa’il (kriya wacaka) asli saking tembung kriya thaffafa, jawinipun ngurangi (TA-LL) kalayan mengku suraos ing saumumipun, mila lajeng wonten ukara ‘ jawinipun dhèwèké ngurangi krabaté kang tunggal saomah utawi dhèwèké nyuda waragading krabaté kang tunggal saomah (TA-LL). Makaten ugi tetembungan , tegesipun dhèwèké menèhi wong mau luwih sathithik katimbang olèh-olèhané dhèwèké saka wong mau (TA-LL). Pangandikanipun Bagéndha ‘Umar ingkang dipun riwayataken déning IAs, saged suka papadhang bab panganggénipun tembung thaffafa. Wonten satunggaling tiyang nindakaken sembahyang boten wonten ing wekdalipun; nalika dipun dangu déning Bagéndha ‘Umar piyambakipun lajeng ngaturaken sabab-sababipun; Bagéndha ‘Umar lajeng ngandika thaffafta, ingkang déning IAs katerangaken mengku teges naqashta jawinipun: kowé wis nglirwakaké barang kang mesthiné kudu kok tindakaké. Dados muthaffifîn punika tiyang ingkang lirwa, inggih punika nglirwakaken kawajibanipun. Naker saka wong liya tuwin naker tumrap wong liya, ing ayat kakalih candhakipun, punika ugi kedah kasuraos ing saumumipun. Surat 83 Ingkang sami nglirwakaken 1615 3 Lan samangsa anaker utawa nimbang tumrapa wong liya dikurangi, 4 Apa iku padha ora ngira, yèn dhèwèké bakal tinangèkaké. 5 Tumrap dina kang gedhé, 6 Dinané manusa padha ngadeg angadhep Pangéraning ngalam kabèh? 7 O, Sayekti, kitabé para duraka iku temen ana ing pakunjaran.2693 8 Lan apa kang meruhaké sira, pakunjaran iku apa? 9 Kitab kang katulis. 10 Cilaka ing dina iku tumrap para kang anggorohaké, 11 Kang padha anggorohaké marang dina pancasan. 12 Lan ora bakal anggorohaké iku kajaba sarupané kang mlangkah wates, wong dosa; 2693. Déning sawenèh ngulami sijjîn punika dipun anggep namanipun satunggaling panggènan ingkang sakalangkung asor kawontenanipun; nanging kasebutipun tembung punika wonten ing satunggaling hadits kalayan dipun ater-ateri al, punika mratandhani bilih tembung punika tembung aran ingkang boten tartamtu dados namanipun satunggaling barang utawi kawontenan ingkang sampun , gumathok (IAs). LA nerangaken sijjîn punika sami kalayan sijn, jawinipun pakunjaran. Lan inggih teges punika ingkang dipun pilih déning Zy, A’Ub tuwin Mubarrad (Rz). Nanging pakunjaran punika kedah boten kasuraos griya pakunjaran (sepiran utawi buèn), awit Quran piyambak sampun anerangaken wonten ing ayat-ayat candhakipun, punapa ta pakunjaran punika. Kapangandikakaken bilih punika kitab kang katulis. Wondéné sababipun déné kitab kang katulis, utawi pèngetan ingkang minangka kanggé nyatheti pandamelipun para ingkang atindak awon winastan pakunjaran, jalaran kitab wau ngunjara anggota nindakaken kasaénan ingkang kanggé kados déné wonten ing salebeting pakunjaran, lan malih wohing tindakipun ingkang awon punika ngalang-alangi kamajenganipun. Kula aturi mirsani ayat 14 lan 15, ing ngriku kapangandikakaken bilih tindakipun para ingkang sami atindak awon punika dados bolot wonten ing rnanahipun, lan ing salajengipun para titiyang wau sami kasebutaken manawi sami kaling-kalingan saking Pangéranipun. 1616 Ingkang sami nglirwakaken Juz XXX 13 Samangsa dhèwèké diwacakaké timbalan-timbalan-Ingsun calathuné: Dongèngan wong kuna. 14 O, balik malah apa kang sabené ditindakaké, dadi kaya bolot ing atiné 15 O, sayekti ing dina iku dhèwèké padha kaling-kalingan saka Pangérané.2694 16 Sayekti, banjur padha lumebu ing geni murub. 17 Banjur didhawuhaké: Iki kang padha kogorohaké biyèn. 18 O, sayekti, kitabé para tulus iku temen ana ing panggonan kang luhur.2695 19 Lan apa kang meruhaké sira, panggonan kang luhur iku apa? 20 Kitab kang katulis, 21 Para kang kaparek (ing Allah) bakal aneksèni iku. 2694. Ing ngriki katerangaken siksanipun tiyang duraka punika kaling-kalingan saka Pangérané. Ingkang makaten wau inggih menggah ing siksanipun wonten ing gesang sapunika punika, lan inggih menggah ing nerakanipun ing akhirat, kados déné ingkang kasebutaken kalayan terang wonten ing ayat candhakipun. 2695. Sawenèh amastani bilih ‘illiyyun punika jama’-ipun ’illiy, sawenèhipun malih mastani jama’-ipun ‘illiyyah, sawenèhipun malih mastani bilih tembung wau boten wonten mufrad-ipun (TA-LL). Boten prabéda lan tembung sijjin, sawenèh ngulami nganggep manawi tembung, ‘illiyyin punika tembung aran ingkang sampun gumathok namanipun satunggaling barang. Nanging ngulami sanès malih gadhah paham (paham ingkang leres), bilih tembung punika mengku teges: (saking tembung ‘alâ, jawinipun inggil) jawinipun dhuwur-dhuwuré panggonan lan mulya-mulyané pangkat lan kang abanget dhéwé anggoné nyedhakaké (manusa) marang Allah ana ing omah akhirat (IAs). Nanging kapèngetana, bilih boten prabéda lan tembung sijjin, tembung ‘illiyyûn wau sanès namanipun satunggaling panggènan, nanging namanipun seratan (ayat 20); Q tuwin Az inggih kados makaten punika anggènipun nerangaken. Dados panggonan kang luhur, punika cathetaning pandamel saé, ingkang murugaken manusa saged sumengka ing ngaluhur lan ngrantasi ranté ingkang ngiket piyambakipun kaliyan pépénginan ingkang asor. Surat 83 Ingkang sami nglirwakaken 1617 22 Sayekti, para tulus iku temen bakal padha ana sajroning nugraha, 23 Ana ing katil dhuwur (kambi) anyawang-nyawang; Ar. sira weruh 24 Katon ing rainé cahyaning nugraha. 25 Padha pinaringan ngombé ombèn-ombèn bening, kang diecap. Ut. lak 26 Tutupé (mawa) kasturi; mulané para sing nyrempeng angarah, lah angaraha iku. 27 Lan campurané arupa banyu kang turun marang dhèwèké saka ing dhuwur,2696 28 Tuk kang dadi ombènombèné para kang kaparek (maring Allah). 29 Sayekti, para kang padha dosa iku gawéné angguguyu para kang padha angèstu. 30 Lan samangsa padha angliwati dhèwèké, padha kedhèpkinedhèpan. 31 Lan samangsa padha bali marang golongané, baliné kalawan agiyak-giyak. 2696. Limrahipun tasnîm punika kaanggep tembung aran ingkang dados namanipun satunggaling barang ingkang tertamtu. Nanging manawi angèngeti rembagipun tembung sijjin lan ‘illiyyûn ing ngajeng, anggènipun negesi Zy: banyu kang tumurun marang dhèwèké saka ing dhuwur (LL), punika langkung prayogi. Toya ingkang tumurun saking nginggil, punika menggahing ruhani ateges ma’rifat ing Allah (Rz), jalaran inggih saking tuk punika, ombèn-ombèn ingkang dipun ombé déning titiyang ingkang keparek dhateng Allah (ayat 28). Wondéné kawontenanipun ombèn-ombèn tuwin toya ing akhirat, punika boten saged katerangaken, margi nugraha ing suwarga punika kapangandikakaken déning Kanjeng Nabi Suci: “Durung kasumurupan ing mripat, durung rinungu ing kuping, lan durung kumrenteg ana ing ati.” 1618 Ingkang sami nglirwakaken Juz XXX 32 Lan samangsa angingetaké dhèwèké, acalathu: Satuhu iki padha sasar. Ar. lan 33 Mangka ora padha diutus supaya angreksa marang dhèwèké. 34 Ananging ing dina iki para kang angèstu padha angguguyu para kafir;2697 35 Ana ing katil dhuwur (kambi) anyawang-nyawang. 36 Sayekti, para kafir kaparingan pituwas miturut apa kang wus padha dilakoni. 2697. Para angèstu anggugujeng punika boten kénging kasuraos walaka. Tembung dlâhikah, ingkang tegesipun wantah gumujeng, punika ugi kasebut wonten ing panggènan sanès tumrap rairainipun para titiyang tulus (80: 39), sarta namung ateges sumunaring pangajeng-ajeng wonten ing rainipun. Dados tumrap ingkang makaten punika, gumujeng punika namung medharaken kawontenan bingah, ingkang mesthinipun anjalari tiyang lajeng gumujeng. Kawontenanipun titiyang mukmin lan titiyang kafir ingkang gilir-gumantos, punika menggah ing sajatos-jatosipun kelampahan wonten ing gesang sapunika punika, sarta sanadyan titiyang Muslimin punika gadhah wewenang anggugujeng titiyang, ingkang ing sawatawis wekdal anggugujeng dhateng para titiyang Muslimin, suprandéné titiyang Muslimin boten purun tumindak makaten, nanging malah mintonaken sihipun dhateng piyambakipun. Punika anedahaken bilih pangandika ingkang mangandikakaken para angèstu wonten ing akhirat sami anggugujeng, punika inggih mengku suraos éntar. Maksudipun kaluhuranipun para angèstu, punika kados déné para mengsah-mengsahipun, nalika sami ngalami kaluhuran, inggih punika nalika sami anggugujeng para angèstu. _____________ SURAT 84 AL-INSYIQÂQ (Sigar) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (25 ayat) Katerangan gerban Surat punika ugi kanamakaken mirid pratélan ing ayat ingkang wiwitan piyambak, inggih punika: mendhung sigar. Ingkang kawarsitakaken sami kaliyan ingkang kawarsitakaken ing surat ingkang sampun, inggih punika ganjaranipun para tulus, sarta kawontenanipun ingkang awon para ingkang sami manggung wonten ing dalem awon, ugi kadhawuhaken. Surat punika kaanggep salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh sanget. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. Ut. langité 1 Samangsa mendhung sigar,2698 2 Sarta angéstokaké marang Pangérané tuwin dinadèkaké bisa (mangkono).2699 Ut. diratakaké 3 Lan nalika buminé ginelar,2700 2698. Gangsal ayat ingkang wiwitan surat punika mangandikakaken kawontenan limrah ing dalem ngalam punika, inggih punika tumurunipun jawah tuwin tumuwuhipun thuthukulan, minangka kanggé kupiya bab pambangunan ingkang badhé dipun wontenaken déning wahyuning Pangéran. Kateranganipun tembung as-samâ’ ingkang ateges mendhung, kula aturi mirsani 33. Ing Quran Suci samangsa as-samâ’ lan al-ardl punika kapangandikakaken sareng, asring sanget mengku suraos dhawuh anggatosaken dhateng kawontenan-kawontenan ing ngalam kados makaten punika; milanipun tegesipun ingkang limrah cekap kula serat wonten ing margin; déné manawi teges ingkang wonten ing margin punika ingkang dipun anggé, suraosipun kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing 2593. 2699. tegesipun angéstokaké dhèwèké (LL). Mendhung utawi langit angéstokaken dhateng Pangéranipun ing ayat punika, sarta bumi angéstokaken dhateng Pangéranipun ing ayat 5, punika tegesipun ambangun-turut dhateng dhawuh-Ipun. Pangandika warni kalih wau kasambetan ing tembung huqqat, suraosipun bilih sadaya wau dipun damel saged angéstokaken tuwin ambangun-turut dhateng dhawuh-dhawuhipun Pangéran, terangipun: pancèn sampun dados kudrat tumitahipun déné sami sumarah ingkang ambabar pisani dhateng dhawuhipun Pangéran punika. 2700. Maddahu tegesipun nyènèng, anggelar, anjèmbrèng, njèrèng (LL). Bumi dipun gelar tegesipun sami kaliyan ébah lan mbedhodhok ing 22: 5 tuwin 41: 39, “Lan sawenèhing tandha-tandhaNé, yaiku déné sira andeleng bumi iku meneng baé, nanging samangsa Ingsun anurunaké banyu ing 1620 Sigar Juz XXX 4 Lan angetokaké apa isiné sarta dadi kosong, 5 Sarta angèstokaké marang Pangérané tuwin didadèkaké bisa (mangkono). 6 O, manusa! sayekti sira iku kudu nyarempeng kang mantheng (supaya tumeka) marang Pangéranira, nganti sira katemu (karo) Panjenengané.2701 7 Ana déné wong kang kitabé diparingaké marang tangané tengen, Ar. dhèwèké 8 Iki bakal diétung kalawan pétungan kang gampang, 9 Sarta bakal bali marang wargané kalawan seneng. 10 Wondéné wong kang kitabé diparingaké ing saburining gegeré, Ar. dhèwèké 11 Iki bakal angundang-undang (tekaning) bilai, 12 Sarta malebu ing geni murub. kono, banjur obah sarta mbedhodhok” (41: 39). Mirsanana 2210, ing ngriku katerangaken bilih tegesipun punika nukulaken thuthukulan; déné maksudipun tumrap ing ngriki lan dhawuh nginggil wau, kalayan éntar mengku teges bilih wahyuning Pangéran punika kawasa anggesangaken ruhaniyahipun manusa. Tegesipun bumi dipun gelar punika kacethakaken wonten ing ayat sambetipun: lan angetokaké apa isiné lan dadi kosong, inggih punika: bandha ingkang sumimpen wonten ing dalem bumi kawedalaken margi saking tumuruning jawah. Manawi teges satunggalipun ingkang kasebut wonten ing margin punika ingkang dipun anggé, bumi dipun waradin punika ateges titiyang ageng ingkang sami nganggep awakipun piyambak santosa kados déné redi, dipun sirnakaken ngantos tapis; déné bumi angéstokaken dhateng Pangéran, punika mengku teges bilih ing wasananipun para manusa sami badhé ambangun-turut dhateng dhawuh-dhawuhipun Pangéran. Makaten punika manawi dhawuh pratélan punika kita suraos mengku teges ingkang tumrap gesang ing sapunika punika. Déné bab prakawis risakipun ingkang wekasan bumi lan langit, sampun boten perlu katerangaken malih. 2701. Punika bobontosanipun prakawis angsal-angsalaning panglimbang-limbang dhateng suraosing dhawuhipun ayat gangsal ingkang wiwitan wau. Tiyang punika kedah nyarempeng murugi dhateng Pangéranipun. Tiyang ingkang tumindak makaten punika, wekasanipun badhé manggih kabingahan (ayat 9), déné tiyang ingkang manggung andurusi kasenenganipun dhateng gesang sapunika (ayat 13), ing tembé wingkingipun mesthi badhé manggih kasusahan (ayat 11). Surat 84 Sigar 1621 13 Sayekti, dhèwèké iku biyèn ana ing (kalangané) para wargané padha seneng. 14 Sayekti, dhèwèké nyana, yèn ora bakal bali. padha 15 O! sayekti Pangérané iku tansah amirsani marang dhèwèké. a. 2438 16 Lan temen, Ingsun apasaksia kalawan méga layung, 17 Lan wengi sarta apa kang dibereg. 18 Tuwin rembulan, dadi purnama,2702 nalikané 19 Sayekti sira bakal lumebu ing sawijining kahanan saka ing kahanan liyané.2703 20 Lah, apa ta karanané, déné dhèwèké padha ora angèstu, b. 978 21 Sarta samangsa diwacakaké Quran padha ora sumungkem?b 22 O, para kang padha kafir padha anggorohaké. 2702. Ayat 16-18 wigatos andhawuhaken migatosaken dhateng kawontenanipun kudrat sanèsipun malih, ingkang lèrègipun nedahaken sirnaning panguwaosipun bangsa Arab. Syafaq, utawi méga layung ing ngriki punika ateges surupipun suryaning panguwaosipun bangsa Arab, daluning kasangsaran ingkang ing samangké badhé andhawahi piyambakipun, ngukut kakantunaning papadhang ingkang taksih wonten tilas-tilanipun ing nalika punika. Nanging piyambakipun boten teka lastantun ing salamilaminipun klelep wonten ing salebeting pepeteng, awit rembulan (Kanjeng Nabi) sampun andhadhari sarta tumunten badhé ngancik purnama, samangsa bangsa Arab medal aneluk-nelukaken jagad. 2703. Dhawuh punika nyethakaken malih suraosipun ayat titiga ingkang sampun. Kawontenanipun ingkang sapisan: kawontenan kuwaos, ingkang ing samangké susut déning rawuhipun Kanjeng Nabi; sanépanipun kados déné layung, ingkang wontenipun namung ing sawatawis wekdal lajeng sirna. Lajeng tinungka ing daluning sangsara, ingkang anyirnakaken babar pisan papadhang, liripun anyirnakaken tilas-tilasing panguwaos ingkang taksih wonten. Punika lajeng tinungka malih ing kawontenan anyar, ing ngriku rembulan (pralampitanipun bangsa Arab), andadari kalayan cahyanipun ingkang gumebyar anelahi. Para mufassir sami nyuraos ayat punika dados piweca ingkang mecakaken kamenanganipun Kanjeng Nabi ingkang wekasan (Rz). 1622 Sigar 23 Lan Allah iku luwih udani marang apa kang disingidaké. 24 Mulané padha siksa kang anglarani, wartanana 25 Kajaba para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé becik; iki padha olèh ganjaran kang tanpa pedhot. _______________ Juz XXX SURAT 85 AL-BURÛJ (Lintang-lintang) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (22 ayat) Katerangan gerban Surat punika namanipun mirid saking pratélan ing ayat ingkang wiwitan piyambak, inggih punika langit kebak lintang-lintang, kanggé nyasmitakaken suburipun bangsa Arab. Babad lalampahan ing kina nedahaken, manawi piyambakipun angemohi nabinipun, lintanging kabegjanipun mesthi surem sareng kaliyan anggènipun angemohi wau. Wonten ing antawisipun jaman Makkah wiwitan surat punika kénging kagolongaken wahyu ingkang sepuh. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Amramanaknaa langit, kebak lintang-lintang, 2 Sarta dina pangancam, 3 Apa déné saksi lan kang sinaksènan2704 Ar. mitraning 4 Tiniban bebendu para kang ana jugangan.2705 2704. Ayat titiga ingkang minangka bubuka punika nandhing kawontenaning mengsahipun Kanjeng Nabi ingkang sakawit kaliyan kawontenanipun ingkang wekasan kados déné ingkang sampun kawecakaken déning Kanjeng Nabi. Langit kebak lintang-lintang, punika maksudipun umat utawi bangsa ingkang subur makmur; kateranganipun kula aturi mirsani 2371. Dina Pangancam, punika kosokwangsulipun kawontenan subur makmur tumrap bangsa wau, inggih punika dinten ambruking panguwaosipun, awit inggih prakawis punika ingkang marambah-rambah dipun ancamaken punika. Saksi, punika nabinipun umat, déné kang sineksènan punika titiyang ingkang angemohi Nabi wau (Rz). Dados pangandika punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng nasib ingkang kasandhang déning mengsah-mengsahipun para andika Nabi ingkang sampun-sampun, sarta wigatos mangandikani titiyang Arab, bilih lintanging kabegjanipun pinasti badhé sirna. 2705. Para mufassirin nyariyosaken cacriyosan warni tiga, ingkang miturut pahamipun katuju ing dhawuhing ayat punika. Ingkang misuwur piyambak inggih punika bab panganiaya ingkang katindakaken déning Dhu Nuwas, ratu ing Yaman ingkang nganggé agami Yahudi, dhateng titiyang Nasrani sawatawis (Rz). Nanging Al-Bagawi gadhah paham bilih ingkang dipun karsakaken punika anggènipun sang raja Nebukhadnezar nyemplungaken ing pawon murub Syadrakh, Mesyakh tuwin Abednego (Dan. 3: 19-21) nanging pamanggih kula inggih saged ingkang dipun karsakaken dhawuh 1624 Lintang-lintang Juz XXX 5 Ing geni kang dipakani uruburub, Ut. ngadhepaké 6 Nalikané padha lungguh ana ing kono, Ut. dadi saksi meruhi 7 Sarta padha nungkuli apa panggawéné tumrap marang para wong mukmin. 8 Lan olèhé anandukaké wawales iku ora liya kajaba amarga saka déné dhèwèké padha angèstu ing Allah-Ingkang-Kinawasa, Ingkang-Pinuji, 9 Kang-kagungan karatoning langit-langit lan bumi; lan Allah iku marang samubarang: Saksi. 10 Sayekti, para kang anguber anganiaya para mukmin lanang lan mukmin wadon, (sarta) ora banjur mratobat, bakal padha olèh siksa naraka sarta bakal padha olèh siksa obong. Ar. ngisoré 11 Sayekti, para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal padha olèh patamanan kang ing jeroné kaliné padha mili, iku pakolèh kang gedhé. 12 Sayekti kawasané Pangéranira iku temen gedhé. 13 Sayekti, Panjenengané iku Kang-amurwani (jagad) sarta (banjur) andadèk-dadèkaké (sabarang). punika mecakaken wontenipun wadyabala Arab ingkang sakalangkung ageng, ingkang merangi kaum Muslimin, ngantos kaum Muslimin kapeksa pacak baris wonten ing salebeting jugangan karana rumeksa dhiri, inggih punika nalika perang Ahzab utawi perang Khandaq. Dhawuhipun ayat 7, langkung-langkung malih ayat 10, nedahaken kalayan terang, bilih ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang sami nganiaya para angèstu, jaler lan èstri. Latu murub ingkang tansah dipun pakani urub-urub punika boten kedah dipun suraos walaka, jalaran latu punika ateges peperangan. Surat 85 Lintang-lintang 1625 14 Lan Panjenengané iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang-Mahatresna. Ut. Gustining a. 895 15 Ingkang-kagungan singangsana,a Ingkang-Minulya, 16 Ingkang-kawasa-Anindakaké sabarang karsa-Né. 17 Apa ora wus tumeka marang sira caritaning wadyabalané 18 Fir’aun lan Tsamud? 19 O, para kang padha kafir padha anggorohaké. 20 Lan Allah iku anglimput dhèwèké saka sarupaning sisihé. 21 O, Iku Quran Minulya, 22 Ing blèbèkan kang rineksa.2706 2706. Tembung lauh, utawi blèbèkan ing ngriki punika sami kaliyan alwâh (manawi mufrad: lauh) ingkang kagem nyebutaken kitab ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa (7: 145, 150, 154). Nanging ingkang tumrap kitabipun Kanjeng Nabi Musa kasebutaken namung wonten ing blèbèkan, wangsul ingkang tumrap kitab Quran kapangandikakaken bilih wonten ing blèbèkan kang rineksa, sarta ing ngriku “Quran” dipun raketi ing tembung sifat minulya, ingkang mengku suraos bilih tiyang ingkang sami andhèrèk ing Quran badhé dipun damel luhur saha minulya. Déné tegesipun dhawuh, inggih punika: Quran Suci badhé rineksa saking sawarnining panyerang. Ing ngriki tuwin ing pundi kémawon ing Quran Suci boten wonten ingkang nyebutaken bab prakawis lauh mahfûdz ingkang isi seratan pepesthènipun Pangéran. Suprandéné nadyan inggih dhateng lauh mahfûdz ingkang makaten wau ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika, suraosipun tetep sami kémawon, inggih punika: Quran badhé rineksa sawetahipun. Dados salah satunggaling surat Makkiyah ingkang sepuh-sepuh sampun nyebutaken janji bab rineksanipun Quran Suci saking sawarnining karisakan. Rz ugi gadhah . paham bilih makaten punika suraosipun jawinipun iki Quran kang minulya, kang rineksa saka owah-owah lan saka gonta-ganti. ________________ SURAT 86 AT-THÂRIQ (Ingkang dhateng ing wanci dalu) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (17 ayat) Katerangan gerban Surat punika nerangaken sapinten genging rekaos ingkang dipun panggih déning Kanjeng Nabi nalika paring papadhang dhateng bangsanipun ingkang kalimput ing pepeteng punika, ingkang inggih awit saking punika mila panjenenganipun sinebut tiyang ingkang dhateng ing wanci dalu wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak (ingkang lajeng kanggé namanipun surat punika); wondéné maksudipun inggih punika: tiyang ingkang dhatengipun nyarengi wekdal peteng ndhedhet lilimengan tuwin tiyang ingkang kedah nothok kori ingkang katutup. Nanging panjenenganipun dipun paringi panglipur, bilih kiyamat ruhani mesthi badhé kelampahan. Jaman sadèrènging rawuhipun Kanjeng Nabi, jagad sawegung punika klelep wonten ing salebeting kabodhoan, sarta wanci dalu punika ngantos nem atus taun dangunipun, mila sanès pakaryan gampil-gampilan, badhé anggigah jagad saking anggènipun tilem kepatos ngantos samanten dangunipun punika. Surat punika kagolong dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan sanget, sarta surat punika mratandhani bilih Kanjeng Nabi uninga bilih pakaryanipun punika awrat temenan. Déné ayat 15 lan 16 nyebutaken upaya, punika boten teka anedahaken bilih ayat wau tumurunipun ing wekdal ingkang langkung akhir, awit kajawi upaya badhé nyédani Kanjeng Nabi punika pancèn sampun wonten nalika jaman wiwitan sanget, ayat-ayat wau saged mengku suraos piweca. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Mramanaknaa langit lan kang teka ing wayah bengi; Ar. apa 2 Lan apa kang bakal meruhaké sira kaya apa agungé kang teka ing wayah bengi iku? 3 (Yaiku) lintang kang padhangé nembus pepeteng;2707 2707. Thâriq (saking tembung tharq ingkang tegesipun ingkang sakawit thothok-thothok) punika asalipun mengku teges ingkang dhateng ing wanci dalu, jalaran tiyang ingkang dhateng ing wanci dalu punika mesthi ketutupan kori, dados kedah nothoki kori wau (IAs). Kang teka ing wayah bengi punika Kanjeng Nabi. Tumurunipun Quran punika kapangandikakaken ugi kelampahan ing dalu ingkang binarkahan (24: 3 tuwin 97: 1). Déné sababipun, awit Kanjeng Nabi Suci punika rawuhipun ing nalika peteng ndhedhet lilimengan wradin ing salumahing bumi, sarta ing kalanipun sagung para manusa Surat 86 Ingkang dhateng ing wanci dalu 1627 4 Siji-sijining jiwa iku ora ana kang tanpa pangawal.2708 5 Mulané, manusa amaspadakna, awaké iku apa sing digawé. 6 Sing digawé saka banyu kang mancrut, 7 Metu saka ing antaraning geger lan iga.2709 8 Sayekti, Panjenengané iku temen kawasa ambalèkaké iku (dadi urip). ambetahaken sanget nothok konten ingkang tinutup rapet tur sinlorokan kiyat tumrap piyambakipun. Pantes pinèngetan bilih Kanjeng Nabi ‘Isa nyanépakaken rawuhipun kados déné dhatengipun pandung: “Saupama kang duwé omah weruha ing wayah giliraning kemit ping pira mesthi tekané maling, tamtu dielèki ...... Mulané kowé uga padha dirumanti, awit bakal rawuhé putraning manusa ing wayah kang ora konyana” (Mat. 24: 4l, 44). Prayogi ugi dipun wewahi katrangan bilih ath-Thâriq punika ugi dipun anggé namakaken lintang panjer énjing (S, O, Q-LL), awit lintang wau jumedhulipun ing wanci wekasaning dalu. Nanging nadyan nganggéa teges punika tembung punika ugi kanggé nembungaken tiyang ageng utawi sesepuhing pancer, kados déné susumbaripun Hindun nalika prang Uhud, ingkang nirokaken susumbaripun Az-Zarqa Al-Iyadiyah ingkang sampun dados sekar lathi, nalika Sang Kisra . merangi Iyad, makaten: jawinipun: “Aku kabèh padha anaké wadon lintang panjer ésuk, aku padha ora teluk marang kang agandrung, aku padha lumaku ana sadhuwuré babantal. Tegesipun aku kabèh padha anaké wadon tutawaning pancer, sesepuhing pancer dipun sanépakaken kados déné lintang menggah ing luhuring kalenggahanipun” (O, TA-LL). Ing ayat ingkang angka tiga, “kang teka ing wayah bengi” punika kasebut jawinipun lintang kang padhangé nembus pepeteng (ingkang dipun karsakaken tegesipun aththâriq satunggalipun), maksudipun: ingkang rawuh ing wanci dalu punika lintang ingkang prabanipun gumebyar anelahi, ngantos sawarnining pepeteng sirna déning cahyanipun. 2708. Sanajan dhawuh punika dhawuh umum, ingkang mengku suraos bilih pandameling manusa rinumat murih manusa boten saged sumingkir saking wohing tindakipun wau, nanging dhawuh punika ugi mengku panglipur tumrap dhateng Kanjeng Nabi, inggih punika bilih para mengsahipun boten badhé saged adamel pituna dhateng panjenenganipun, sarta manawi sampun dumugi masakalanipun mesthi sami badhé lebur. Bab punika kacethakaken malih wonten ing wekasaning surat. . 2709. ingkang tegesipun banyu kang mancrut, punika tirta pulanghyun. Tetembungan antarané geger lan iga punika tetembungan kanggé ambasakaken prakawis ingkang kirang prayogi kasebut kalayan barès-kurès. Tetembungan saminipun punika ugi kasebut wonten ing satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci makaten: sing sapa bisa mènèhi aku tanggungan ing bab prakara barang kang ana ing antarané uwangé loro lan barang kang ana ing antarané sikilé loro, aku iya mènèhi tanggungan suwarga tumrap dhèwèké. Ing ngriki tetembungan antarané sikilé loro punika tetembungan ingkang kanggé ambasakaken barang ingkang boten prayogi kasebut barès-barèsan. Prakawis pagedhongan ingkang magepokan kaliyan saluluting jalu lan wanita utawi ingkang magepokan kaliyan pépénginan dhateng karonsih, wonten ing Quran Suci boten naté kasebut kalayan tetembungan ingkang walaka barès-kurès. 1628 Ingkang dhateng ing wanci dalu Juz XXX 9 Ing dinané barang-barang kang sumingid bakal ginelar,2710 10 Ora bakal dhèwèké duwé kakuwatan lan ora bakal duwé panulung. a. 2099 11 Mramanaknaa mendhung kang ngesokaké udan,2711 12 Sarta bumi kang mlethèk (metu thukulané); 13 Sayekti, iku temen sabda pancasan,2712 14 Lan dudu guguyon iku. Ut. mangun perang Ut. mangun perang 15 Sayekti, dhèwèké ngrancang rancangan, padha 16 Lan Ingsun (iya) ngrancang rancangan. 17 Mulané para kafir srantèkna, dimèn sumené sawatara suwéné.2713 2710. Kula aturi mèngeti katrangan gagambaranipun dinten kiyamat punika. Barang-barang ingkang sumingid punika wohing pandamelipun tiyang, awon utawi saé: sadaya wau badhé dipun damel cumetha awewentahan awujud taman lan wowohan utawi awujud ranté lan latu. 2711. Raj’ tegesipun mathor, utawi jawah (Zy-Rz), sarta murad punika dipun rujuki déning para mufassirin ingkang kathah-kathah. Déné gathukipun teges punika kaliyan asalipun tembung, ingkang jawinipun bali, warni-warni kateranganipun: “Jalaran Pangéran anurunaken jawah wau wongsalwangsul, utawi jalaran mendhung punika nginggahaken toya saking saganten lajeng dipun wangsulaken dhateng bumi” (Bd-LL). 2712. Tembung kang mutus punika Quran Suci. Boten prabéda kados déné toya jawah, saben tumurun mesthi anjalari bumi saged anukulaken thuthukulan, lah makaten ugi tumuruning wahyunipun Pangéran, punika tinamtu kawasa anggesangaken malih bangsa ingkang sampun pejah sarta sawarnining pambudidaya ingkang milawani wahyuning Pangéran wau mesthi boten badhé angsal damel saged ngalang-alangi kamajenganipun. Dhawuh ing ayat angka 10 ora bakal dhèwèké duwé kakuwatan lan ora bakal duwé panulung, punika ugi mengku karsa mangandikakaken leburipun para titiyang kafir. 2713. Sawarnining semang-semang ing bab suraosipun surat punika saged sirna déning ayat titiga ing nginggil, inggih punika ayat ingkang mangandikakaken upayanipun mengsah sumedya nglebur Kanjeng Nabi, tuwin janjining Pangéran bilih para mengsah tumunten badhé linebur. ____________ SURAT 87 AL-A’LÂ (Ingkang Mahaluhur) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (19 ayat) Katerangan gerban Sasampunipun dhawuh anggatosaken dhateng rekaos-rekaos ingkang dipun alami ing Kanjeng Nabi, surat punika anjanjèkaken bilih rekaos wau sadaya badhé dipun damel gampil; Ingsun bakal anggampangaké dadalanira marang kahanan kang gampang. Namanipun surat punika mirid saking dhawuh ingkang maréntahaken Kanjeng Nabi supados mahasucèkaken Pangéran Ingkang-Mahaluhur, minangka anedahaken bilih panjenenganipun badhé anggayuh kaluhuran. Ayat ingkang wekasan nyebutaken kitab sucinipun Kanjeng Nabi Ibrahim lan Kanjeng Nabi Musa, punika boten namung nedahaken bilih Quran Suci punika menggah ing piwulangipun ingkang baku cocog kaliyan kitab suci ingkang rumiyin-rumiyin, nanging ugi anedahaken bilih kitab suci wau sami nyebutaken piwecapiweca bab rawuhipun Kanjeng Nabi. Surat punika kagolong wahyu ingkang katampi Kanjeng Nabi ing Makkah nalika jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Mahasucèkna asmaning Pangéranira, Ingkang-Mahaluhur, 2714 2 Kang anitahaké banjur nyampurnakaké, 3 Lan Kang agawé (sabarang) kalawan mawa ukuran, banjur anuntun (tumuju marang sedyaning dumadiné),2715 2714. Mahasucèkaken Ingkang-Mahaluhur punika ngisarahi bilih Kanjeng Nabi piyambak badhé sinengkakaken ing ngaluhur. 2715. Nyampurnakaken titah ing ayat-ayat punika mengku teges bilih titah wau anggènipun katitahaken kalayan manut sarat-saratipun kawicaksanan; lan inggih punika tegesipun ingkang sajati tembung sawwâ. Ayat ingkang angka tiga nyebutaken bilih sadaya barang punika katitahaken manut pepesthèn (ukuran) kalayan trep, ngantos boten saged yèn ta nglangkahana saking wates wau. Allah lajeng nedahaken sadaya titah dhateng margining kasampurnan ingkang tinamtu tumrap titah wau. Sagemblenging dhawuh mengku karsa ingkang mligi, bilih Kanjeng Nabi pranyata sampun saged anggayuh pantoging kasampurnanipun, déné ayat kakalih candhakipun marsitakaken wutah gumelaring 1630 Ingkang-Mahaluhur Juz XXX 4 Lan Kang angetokaké thuthukulan, 5 Iku banjur didadèkaké garing amblabuk warnané. 6 Ingsun bakal agawé sira maca, banjur sira ora bakal lali, 7 Kajaba barang kang dikarsakaké déning Allah;2716 sayekti Panjenengané iku angudanèni kang gumelar lan sabarang kang sumingid. 8 Lan Ingsun bakal anggampangaké dadalanira marang kahanan kang gampang,2717 kawontenan, bilih boten prabéda lan thuthukulan punika ing sasampunipun sawatawis wekdal lajeng dados garing, lah makaten ugi mengsahipun Kanjeng Nabi ugi badhé sinapu ngantos tapis. 2716. Illa (kajaba) ing ngriki punika suraosipun: Kanjeng Nabi Suci mesthi boten badhé nglirwakaken (utawi kesupèn) dhateng sabarang ingkang sampun kawulangaken déning Allah dhateng panjenenganipun, wangsul panjenenganipun badhé nglirwakaken barang-barang ingkang manut karsanipun Allah kedah dipun lirwakaken. Nis-yân punika boten namung ateges kesupèn kémawon, nanging ugi ateges nglirwakaken kalayan jaragan. Rgh nerangaken bilih nis-yân punika kénging kanggé nembungaken barang ingkang katindakaken kalayan jaragan. Panjenenganipun nerangaken bilih nis-yân punika wonten warni tiga, ingkang kantun piyambak katerangaken makaten . jawinipun: kalayan jaragan, ngantos sumingkir babar pisan saking manah. Sarta nadyan nis-yân dipun tegesana kesupèn, ayat angka 6 punika, kados déné pamanggihipun Rgh, tanggelan saking ngarsanipun Allah, bilih Kanjeng Nabi sampun pinasthi boten badhé kesupèn dhateng kasunyatan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Dados tembung kang dikarsakaké déning Allah, punika ingkang dipun karsakaken boten kok barang ingkang sampun dipun mangertosi déning Kanjeng Nabi saking ngarsanipun Allah, nanging barang ingkang pancèn kedah dipun supèkaken, utawi dipun lirwakaken déning Kanjeng Nabi, margi wahyuning Pangéran sampun maringi barang ingkang langkung saé malih minangka gegentosipun. Ing dhawuh ngriki boten wonten ingkang nyebutaken piwulang bab nasikh-mansukh (suwak-sinuwak). Kula aturi nyundhukaken kaliyan 2: 106, lan mirsanana 152. Saya lepat sanget manawi kakinten, bilih pundi ayat ingkang kedah dipun supèkaken Kanjeng Nabi, punika ugi lajeng kasingkiraken saking seratanipun (seratan ingkang kaserat tumunten kémawon ing sasampunipun ayat-ayat wau katurunaken), utawi kasingkiraken saking pangènget-èngetipun para sahabat ingkang boten sakedhik cacahipun, ingkang sami ngapilaken ayat-ayat wau lan maos ayat-ayat wau wonten ing salebetipun sembahyang. Menggah ing sajatos-jatosipun, surat punika kagolong dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan, dados nadyan dipun anggéa dalil bilih ing jaman pawingkingipun suwak-sinuwak badhé dipun betahaken, ing jaman tumurunipun surat punika suwak-sinuwak boten kabetahaken. 2717. Dhawuh punika mecakaken kamenanganipun Kanjeng Nabi tuwin icalipun rekaos ingkang dipun alami déning Islam. Surat 87 Ingkang-Mahaluhur 1631 9 Mulané pépélinga, sayekti pépéling iku migunani.2718 10 Sapa-sapa sing wedi, bakal ngalap pépéling. 11 Lan wong kang cilaka bakal angedohi, 12 (Yaiku) kang bakal nyemplung geni gedhé; 13 Ana ing kono banjur ora mati lan ora urip.2719 14 Sayekti bakal begja sapa sing anucèni dhiriné, 15 Lan angegungaké asmaning Pangérané sarta salat. 16 Nanging kowé malah padha milih kauripan donya iki, 17 Mangka akhirat iku luwih becik lan luwih lawas. 18 Sayekti, iki temen (kasebut) ana ing kitab kuna-kuna, 19 Kitabé Ibrahim lan Musa.2720 2718. Kateranganipun tembung in, ingkang ateges qad, jawinipun sayekti, mirsanana LL. Ing ngriku dipun sukani tuladha kathah, saking Quran, saking kitab-kitab Arab lan saking kidung-kidung Arab. 2719. Ing naraka boten wonten ingkang nama gesang, jalaran gesang punika ngemungaken tumrap para tulus kémawon. Pejah inggih boten wonten, awit pejah punika tegesipun satunggaling kawontenan lerem babar pisan. 2720. Nengenaken milih kasaénan ing akhirat katimbang kaliyan sawatawis wekdal ing gesang sapunika punika, punika kasunyatan agung ingkang kawulangaken déning sadaya para Nabi. Nanging ing ngriki mengku karsa nuding piweca-piweca bab Kanjeng Nabi Suci, ingkang kalayan cetha pinanggih wonten ing wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Ibrahim tuwin Kanjeng Nabi Musa; mirsanana 168 tuwin 70. Utawi, ingkang katuding ing dhawuh punika tatalesing agami ingkang énggal, ingkang umum dados sadaya agami ingkang ageng-ageng. _____________ SURAT 88 AL-GÂSYIYAH (Lalampahan ingkang sanget ribed) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (20 ayat) Katerangan gerban Lalampahan ingkang sanget ribed, ingkang kasebutaken ing ayat 1, tuwin ingkang kanggé namanipun surat punika, punika siksanipun para mengsah ing donya punika tuwin siksanipun ing akhirat. Titimangsaning tumurunipun ing kiwa-tengenipun taun ingkang kaping sakawan sasampunipun Kanjeng Nabi dados utusan. Saged-sagedipun mastani ingkang kalayan radi patitis namung anggolongaken surat punika èwonipun wahyu Makkiyah jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Apa ora wus tumeka marang sira wartané lalakon kang banget ribedé?2721 2 (Sawenèhing) rai ing dina iku padha andhingkluk, 3 Alaku rekasa, kangèlan, 4 Lumebu ing geni murub, 5 Diombèni umob. saka sumberan 6 Ora bakal olèh pangan, kajaba eri. 7 Kang ora marakaké lemu lan ora marakaké luwé. 2721. Sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih “Lalakon kang banget ribedé” punika kiyamat. Nanging ugi nyata bilih siksanipun mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, punika ugi lalampahan ingkang sanget ribed ing gesang sapunika punika. Gagambaranipun golongan kakalih ing dhawuh candhakipun, punika mathuk kanggé anggambaraken mengsah ingkang remuk tan mangga puliha lan boten angsal damel, kaliyan para angèstu ing kalanipun angsal kamenangan. Surat 88 Ut. seneng Lalampahan ingkang sanget ribed 1633 8 (Sawenèhing) rai ing dina iku padha bingar, 9 Banget senengé amarga saka anggoné tumandang, 10 Ana ing taman kang linuhung, 11 Ana ing kono sira ora bakal ngrungu gunem lalahan, 12 Ing kono ana tuké kang mili, Ut. kathilé panglinggihané 13 Ing kono ana dhamparé kang tinata dhuwur, 14 Sarta pinggan-pangunjukan kang wus tumata, 15 Tuwin bantal kang tumata ababanjengan, wus 16 Apa déné babut kang wus gumelar. Ut. unta 17 Lah apa ta dhèwèké padha ora angawasaké marang mendhung, kapriyé anggoné tinitahaké?2722 18 Lan marang langit, kapriyé anggoné ginawé dhuwur, Ut. anyeblokaké 19 Sarta marang gunung, kapriyé anggoné ingedegaké dhuwur, 20 Apa déné marang bumi, kapriyé anggoné ginawé gumelar. 2722. Ibil, punika miturut Abu ‘Amr Ibnu ‘Ala ateges méga ingkang ngandhut toya jawah (TALL). Rèhning teges punika langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh, mila inggih teges punika ingkang kula anggé, dados boten nganggé teges ingkang sampun kelimrah, inggih punika unta. Mendhung kasebutaken sareng kaliyan langit, inggih punika panggènanipun mendhung, tuwin kaliyan redi-redi, ingkang ngasrepaken uwab ngantos saged andhawahaken toya, tuwin bumi ingkang angsal piguna saking toya wau, punika cocog kaliyan ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing panggènan sanès pinten-pinten. 1634 Lalampahan ingkang sanget ribed 21 Mulané apépélinga, amarga sira iku mung juru-pépéling. 22 Sira dudu pangawal tumrap marang dhèwèké; 23 Ananging sapa-sapa ambalik sarta angafiri, sing 24 Allah bakal aniksa dhèwèké kalawan siksa kang gedhé. 25 Sayekti, marang Ingsun paraning baliné, 26 Banjur, pétungané dhèwèké, sayekti pengétungé atas tanggungan-Ingsun. _____________ Juz XXX SURAT 89 AL-FAJR (Gagat-bangun) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (30 ayat) Katerangan gerban Gagat-bangun ingkang wigatos, ingkang lajeng kanggé namanipun surat punika, punika énjingipun tanggal kaping sapisan wulan Dhulhijjah, utawi wulan haji, awit wontenipun jiyarah haji punika andadosaken wigatosipun kitha Makkah anggènipun dados pusering dadagangan tuwin andadosaken para ingkang sami dudunung ing ngriku sami gesang kalayan seneng, déning dadagangan ing saindhenging tanah Arab nglempak wonten ing ngriku. Ing ngriki pèpènget kaparingaken bilih kitha wau mesthi badhé kadhawahan siksa kados déné kitha-kithanipun umat ingkang sampun-sampun, kadosta kitha-kithanipun kau ‘Ad, Tsamud lan sanès-sanèsipun ingkang sampun kalebur. Surat punika èwonipun wahyu ingkang sepuh, sanajan meksa inggih wonten satunggaling pengarang ingkang anggadhahi pamanggih bilih surat punika wahyu Madaniyah. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Maspadaknaa gagat bangun, 2 Lan wengi sapuluh, 3 Sarta kang ganep lan kang ganjil, 4 Apa déné wengi nalikané oncat.2723 2723. Wonten pamanggih warni-warni, punapa ingkang dipun karsakaken gagat-bangun, dalu sadasa, tuwin jangkep lan ganjil punika. Paham kula punika nyebutaken wigatosipun nagari Makkah (ingkang wonten ing wiwitaning surat candhakipun dipun sebut kutha iki), awit nagari Makkah makaten déning para ingkang sami ziyarah mriku saking saindhenging tanah Arab dipun dadosaken punjer, ingkang lajeng mahanani kitha Makkah dados pusering dadagangan. Gagat bangun lajeng ateges gagat bangunipun tanggal sapisanipun wulan Dhulhijjah; dalu sadasa ateges sadasa dalu ingkang wiwitan, dinten ingkang kaping sadasa dados dinten riyadi kurban; ganep ateges kalih dinten sasampunipun dinten ingkang kaping sadasa wulan Dhulhijjah, ingkang ing wekdal punika kanggé nindakaken sawenèh saking upacaranipun ngibadah haji; ganjil ateges dinten ingkang kaping tigawelas, ingkang ugi dados dinten ingkang kanggé nindakaken sawenèh upacaranipun haji, nanging kasebutaken piyambak kalayan mligi, jalaran sinten ingkang purun kénging bidhal ing sontenipun dinten ingkang kaping kalihwelas. Mirsanana 2: 203. Nagari Makkah, punika margi dados ajanging ngibadah haji, lajeng boten namung dados kitha pusering agami ing tanah Arab kémawon, nanging ugi dados pusering 1636 Gagat bangun Juz XXX 5 Sayekti ing kono ana supatané tumrap kang padha duwé akal. 6 Apa sira ora andeleng, kapriyé garapé Pangéranira marang (bangsa) ‘Ad, Ar. awaké gedhé-gedhé a. 1819 7 (Bangsa) Irâm,2724 kang duwé yayasan dhuwur-dhuwur,a 8 Kang ing nagara (liyané) sapadhané iku ora dianakaké? b. 914 9 Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jujurang,b c. 2132 10 Lan (marang) Fir’aun), kang andarbèni wadyabala,c 11 Kang atindak ambalasar ana ing nagara-nagara, 12 Sarta ana ing kono agawé karusakan gedhé? 13 Mulané Pangéranira andhawahaké sapéranganing siksa ma- rang dhèwèké.2725 14 Sayekti Pangéranira iku temen angawasaké.2726 dadaganganipun tanah Arab, awit saking punika makmuripun gumantung ing wontenipun ngibadah haji wau. Lah inggih prakawis punika ingkang dipun pèpèngetaken dhateng titiyang Makkah punika; ing ayat-ayat candhakipun piyambakipun sami dipun pangandikani kawontenanipun umat ingkang sampunsampun, ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sami dipun lebur margi saking durakanipun. 2724. Miturut satunggaling cacriyosan, Iram punika namanipun embahipun ‘Ad, ingkang ing salajengipun lajeng dados namanipun pancer (mirsanana 903). Miturut cacriyosan sanès malih, Iram punika namanipun kitha ingkang dipun dunungi (Rz). 2725. Sauth punika ingkang sakawit ateges campuripun satunggaling barang kaliyan sanèsipun (Rgh). Lajeng ateges pecut, nanging ing ngriki ateges pérangan utawi panduman (S, Q-LL), déné suraosipun: para titiyang wau sami angsal siksa sapérangan wonten ing donya ngiki, sapérangan sanèsipun badhé andhawahi piyambakipun bénjing ing sasampunipun pejah (akhirat). Utawi cocog kaliyan tegesipun ingkang sakawit, tembung wau kénging dipun muradi teges campuripun siksa warniwarni ingkang kasadhiyakaken tumrap piyambakipun (LL). 2726. Pangéran mirsani, punika mengku suraos nyebataken siksa ingkang calon badhé dipun patrapaken dhateng titiyang Makkah; Pangéran mirsani pandamelipun para titiyang Makkah wau sarta tumunten badhé matrapi piyambakipun. Surat 89 Gagat bangun 1637 15 Wondéné manusa iku, samangsa Pangérané anyoba marang awaké, nuli amaringi kamulyan lan kamuktèn, banjur calathu: Pangéranku amulyakaké aku. 16 Nanging samangsa dicoba (liyané) banjur rijekiné dicumpi, banjur calathu: Pangéranku anginakaké aku.2726A 17 Ora! nanging kowé padha ora ngregani bocah yatim, 18 Sarta padha ora akon awèh pangan wong miskin,2727 19 Lan kowé padha mangan warisan kalawan angebèki.2728 20 Lan kowé padha dhemen bandha kalawan dhemen kang kaliwat-liwat. 21 O! samangsa bumi rinemuk ajur-mumur, 2726A. Ingkang kapratélakaken wonten ing ayat 15 punika kawontenanipun mluwah-mluwah titiyang Makkah, déné ing ayat 16 punika asoripun titiyang Makkah wau, ingkang badhé kelampahan ing gesang sapunika punika ugi, jalaran kados déné ingkang kapratélakaken wonten ing ayat-ayat sambetipun, para titiyang wau sami atindak dédé dhateng tiyang miskin utawi tiyang ingkang ringkih, saking anggènipun ngangsa badhé angumpuk-umpuk bandha. 2727. Ayat 17 lan 18 (tuwin ayat 19 ugi) punika anedahaken kados punapa anggènipun mrihatosaken Kanjeng Nabi dhateng laré yatim, tiyang miskin, tuwin para ringkih, ngantos panjenenganipun memèngeti mengsahipun ingkang kiyat saha sugih-sugih, bilih anggènipun sami boten mraduli dhateng para laré yatim tuwin para titiyang miskin punapa déné anggènipun sami atindak dédé dhateng titiyang ingkang ringkih, punika mesthi badhé mahanani piyambakipun sami kadhawahan ing pancasanipun Pangéran wau. Wiwit-wiwitan ngantos dumugi wekasan, kados makaten punika kawontenanipun Kanjeng Nabi, dados juru-ambélani para ringkih tuwin para kinaniaya ingkang sajati. Nalika panjenenganipun sampun ngasta panguwaos, téori ingkang sampun kawulangaken ing sadèrèngdèrèngipun wau lajeng kémawon dipun tindakaken saèstu, inggih punika sarana nyudhiyakaken papancèn tumrap para laré yatim tuwin para titiyang miskin saking bandhaning praja (Baitul Mal), dados punika kaliyan wontenipun Angger-angger ingkang mranata ingonipun para titiyang miskin tuwin para titiyang pikun (Poor Laws and Old Age Pension) ateges ngrumiyini tigawelas abad. Mirsanana 9: 60. 2728. Ing antawisipun bangsa Arab, tiyang èstri lan laré alit punika boten angsal panduman saking bandha warisan, jalaran para èstri lan para laré alit wau sami boten saged merangi mengsah. 1638 a. 268 Gagat bangun Juz XXX 22 Lan Pangéranira rawuha akanthi para malaikat ajèjèr-jèjèr, 23 Sarta ing dina iku naraka dicedhakaké.2729 Ing dina iku wong bakal éling, nanging apa gunané éling iku?2730 24 Dhèwèké bakal calathu: O, mbok aku iki biyèn duwéa ngamal kanggo urip aku saiki. 25 Ananging ing dina iku ora ana wong siji-sijia, kang niksa kalawan (apa-apa kaya) siksa-Né. 26 Lan ora ana wong siji-sijia, kang nalèni kalawan (apa-apa kaya) tatali-Né.2731 27 É, jiwa kang anteng! 28 Balia marang Pangéranira, rena (marang Panjenengané), angrenakaké (Panjenengané). 29 Mulané lumebua ing golonganing kawula-Ningsun, 30 Lan lumebua ing Ingsun.2732 taman- 2729. Bumi remuk ajur mumur, Pangéran rawuh kadhèrèkaken para malaikat, naraka dipun katingalaken, punika sami déné wigatos anyebutaken péranganing siksa ing gesang sapunika tuwin ing gesang ing bénjing. Bumi remuk, malaikat sami rawuh, lan naraka dipun katingalaken, punika sampun sami kelampahan wonten ing paprangan-paprangan ageng, ingkang dipun wiwiti déning titiyang kafir piyambak, nanging ingkang wasananipun malah anjalari remukipun babar pisan para kafir wau, lan sirnanipun saking lumahing bumi. Kedah dipun pèngeti bilih para malaikat sami rawuh perlu biyantu dhateng titiyang Muslimin wonten ing paprangan-paprangan punika marambah-rambah kapangandikakaken wonten ing Quran Suci. Latu tegesipun peperangan. 2730. “Éling” punika sakedhik sanget gunanipun tumrap tiyang, manawi barang ingkang dipun pèpèngetaken dhateng piyambakipun punika sampun dhumawah. 2731. Saben tiyang mesthi tinangsulan déning wohing pandamelipun; sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih punika pranyata siksa ingkang boten wonten ingkang ngungkuli lan “tatangsul” ingkang boten wonten ingkang nyamèni. 2732. Ayat-ayat ingkang minangka panutupipun surat punika marsitakaken tataran ingkang luhur piyambak tumrap kamajenganipun ruhani manusa, inggih punika tataranipun manusa tentrem marem Surat 89 Gagat bangun 1639 kaliyan Pangéranipun, lan ngemungaken wonten ing ngarsa-Nipun kémawon piyambakipun saged manggih katentreman, kabingahan lan kasenengan. Inggih tataran punika, tataraning gesang ingkang kita tembungaken gesang kasuwargan. Kaikhlasan, katemenan lan katulusanipun tiyang ingkang mulus saha sampurna, dipun paringi ganjaranipun déning Pangéran Ingkang-Mahaluhur, sarana maringi tiyang wau suwarga wonten ing bumi punika. Tiyang sanès ngajeng-ajeng suwarga ingkang kacalonaken badhé dipun paringaken ing bénjing, nanging piyambakipun lumebet suwarga ing gesang sapunika punika ugi. Lah inggih tataran punika ugi, tiyang rumaos lan kraos saèstu bilih sembahyang saha panembah ingkang ing sakawit katingal kados déné sasanggèn, punika menggah ing sajatos-jatosipun tedha ingkang dipun betahaken sanget tumrap kamajenganing jiwanipun, sarta bilih punika tatalesing kamajenganipun ruhani. Piyambakipun lajeng sumerep, bilih wohing panyarempengipun punika boten namung badhé dipun undhuh wonten ing gesang ing tembé (ing akhirat) kémawon. Ruh ingkang nalika wonten ing tataran ingkang kaping kalih namung saged netah tiyangipun ingkang gesangipun boten suci, boten gadhah daya mekak utawi nyirnakaken babar pisan tumiyungipun tiyang dhateng awon, sarta dèrèng kawasa anetepaken tiyang tetep teguh wonten ing tatalesing katulusan, ing sapunika dumugi wonten ing tataraning kamajengan ingkang wonten ing ngriku panyarempengipun saged angsal damel tur boten sakedhik. Peperangan kaliyan tumiyungipun dhateng dosa sampun boten wonten malih, wawatekanipun tiyang lajeng santun babar pisan, sarta pangadatanipun ingkang sampun-sampun kabangun kalayan sampurna. _____________ SURAT 90 AL-BALAD (Kitha) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (20 ayat) Katerangan gerban Kitha ingkang kasebutaken wonten ing ayat ingkang sapisan, ingkang lajeng kanggé namanipun surat punika, punika kitha Makkah, inggih punika kitha ingkang wonten ing surat ingkang sampunsampun kaparingan pèpènget badhé kadhawahan siksa kados déné ingkang andhawahi umat ingkang sampun-sampun. Nanging kitha Makkah wau calon kithanipun Kanjeng Nabi, sarta ing ayat ingkang angka kalih wonten piweca ingkang terang, bilih badhé dhateng masakalanipun para Muslimin boten dipun kaniaya malih wonten ing kitha ngriku, wangsul malah sami badhé uwal saking sawarnining sasanggèn; punika terang manawi ingkang dipun karsakaken punika: papréntahanipun para Muslimin badhé jumeneng wonten ing ngriku. Dados ing ngriki punika wonten piweca ingkang terang bab badhé bedhahipun kitha Makkah déning Kanjeng Nabi, sarta ingkang makaten punika perlu, jalaran Kanjeng Nabi punika tiyang ingkang mamrih kabegjanipun para mlarat, para ingkang kinaniaya tuwin para laré yatim. Sadaya kémawon sami sarujuk amastani bilih surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh sanget, ngantos kaanggep tumurun nalika taun ingkang sapisan sasampunipun Kanjeng Nabi tetep dados utusan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2606 b. 2438 1 Sayektia kutha iki2733 – Ingsun apasaksib 2 Lan sira iku bakal linuwaraké saka ing kawajiban ana ing kutha iki2734 – 2733. Kutha iki punika ingkang dipun karsakaken kitha Makkah (Rz), ingkang nalika jaman tumurunipun surat punika Kanjeng Nabi dudunung wonten ing ngriku. Wontenipun kitha Makkah punika piyambak, sampun dados saksi ing mahakawasa tuwin mahawikanipun Pangéran, langkunglangkung tumrap tiyang Arab, awit piyambakipun mangertos tur kalayan yakin bilih maèwu-èwu taun kapengker Kanjeng Nabi Ibrahim sampun nyuwun dipun paringi kitha ing ara-ara samun wau, ingkang wonten ing ngriku panjenenganipun nilar tedhak turunipun satunggal cawang. Kajawi punika kitha Makkah punika ugi dados saksi ing kayektènipun Kanjeng Nabi Suci, awit jumenengipun satunggaling nabi saking tedhak turunipun Kanjeng Nabi Isma’il, punika ugi kalebet salah satunggaling barang ingkang dipun suwun déning Kanjeng Nabi Ibrahim. Mirsanana 168. 2734. Tembung punika ukara seselan (parenthetical). Hill punika tembung tembung lingga, tegesipun sami kaliyan tembung halâl, ingkang jawinipun dumunung wonten ing Surat 90 Kitha 1641 3 Sarta ana kang duwé anak lan kang dianakaké.2735 Ar. ing dalem angèl Ut. prakosa 4 Sayekti Ingsun nitahaké manusa supaya angalahaké kang angèl-angèl.2736 5 Apa dhèwèké ngira, yèn ora ana kang nguwasani awaké? 6 Bakal calathuné: Aku ngemos-emos bandha akèh.2737 kawontenan kosokwangsulipun haram, dados ateges mardika saking kawajiban utawi tanggelan dhateng satunggaling barang. Limrahipun para tukang anjarwani Quran ing basa sanès anggènipun anjarwani ayat punika béda-béda, kadosta: sira dudunung ana ing kutha iki, sira manggon ana ing nagara kéné lan sapiturutipun. Nanging jarwan makaten punika boten leres, awit tembung halla ingkang tegesipun nazala, mampir, utawi manggèn, utawi mondhok wonten ing satunggaling panggènan, punika lingganipun hulul utawi hull (LL), sanès hill, kados déné ingkang wonten ing ngriki punika. Sawenèh mufassir ugi wonten ingkang nemahi lepat makaten punika. Déné teges ingkang kula anggé punika . cocog kaliyan tegesipun tembung hill ingkang sajati, awit ukara punika jawinipun kowé luwar saka kawajiban utawi tanggungan marang bab prakara iku. Manawi makaten pratélan punika lajeng mengku suraos piweca, ingkang mecakaken bilih Kanjeng Nabi badhé dipun uwalaken saking kawajiban ing babagan kasucianipun tanah Makkah, awit panjenenganipun dipun idini lumebet mriku kalayan rudapeksa (Bd), kados déné ingkang kelampahan nalika bedhahipun nagari Makkah. Pancèn menggah ing sajatos-jatosipun dhawuh punika nyebutaken lalampahan punika. Wonten satunggaling hadits dhawuh pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang ngiyataken paham punika, inggih punika nalika mangandikakaken bab kasucianipun nagari Makkah Kanjeng Nabi / ngandika makaten jawinipun lan nadyan silih aku diluwaraké saka kawajiban ing bab prakara iku, iku iya mung sadhéla ing wayah awan. Sawenèh mufassir gadhah paham tegesipun ayat wau: sira ginawé kaidèn ana ing kutha iki. Suraosipun: Kanjeng Nabi dipun anggep kalal (kénging) dipun kaniaya wonten ing tanah suci Makkah, mangka wawaleripun tanah suci Makkah boten kénging katerak, ngantos dalasan satonipun galak boten kénging dipun bedhag lan tatanemanipun boten kénging dipun pecoki (Bd). 2735. Kang duwé anak punika boten sanès kajawi Kanjeng Nabi Ibrahim, luluhuripun bangsa Arab; déné kang dianakaké punika manawi boten Kanjeng Nabi Isma’il, ingkang nalika masang tatalesing padaleman suci ing Makkah ngréncangi ingkang rama, Kanjeng Nabi Ibrahim, inggih Kanjeng Nabi Suci piyambak, awit panjenenganipun punika ingkang kasuwun wonten ing donganipun Kanjeng Nabi Ibrahim. Kanjeng Nabi Ibrahim lan Kanjeng Nabi Isma’il, sami dados pasaksi ing kayektènipun Kanjeng Nabi Suci. 2736. Kabad tegesipun kasusahan utawi rekaos. Sajakipun dhawuh punika ngisarahi kawontenanipun para mengsah ingkang kiyat, ingkang wonten ing ayat sambetipun kapangandikakaken kalayan tetembungan ingkang langkung umum, ingkang lèrègipun sami, inggih punika sami gadhah panganggep bilih “boten wonten satunggal punapa ingkang nguwaosi” piyambakipun. Dados dhawuh punika nyebutaken sacara amecakaken bab prakawis kasusahan ingkang calon badhé dipun sandhang déning para titiyang wau, sarta inggih prakawis punika jatos-jatosing prakawis ingkang katuju wonten ing surat punika. Nanging dhawuh punika ugi kénging dipun suraos sacara umum, maksudipun: bilih tumitahipun manusa wonten ing gesang sapunika punika boten kénging boten mesthi mawi cacampuhan kaliyan rekaos warni-warni, suprandéné sampun kados makaten kémawon, piyambakipun meksa gadhah panganggep bilih boten wonten satunggal punapa ingkang nguwaosi piyambakipun. 2737. Ingkang dipun maksud pratélan punika kawontenanipun ingkang wekasan para mengsah, 1642 Kitha Juz XXX 7 Apa dhèwèké ngira, yèn ora ana sing meruhi? 8 Apa Ingsun ora wis maringi mripat loro marang dhèwèké, 9 Sarta ilat siji lan lambé loro, 10 Apa déné wus nuduhaké dadalan loro marang dhèwèké?2738 11 Ananging dhèwèké ora niyat njajal munggah ing dalan pagunungan kang sumengka, 12 Lah apa ta kang ngertèkaké sira, dalan pagunungan kang sumengka iku apa? 13 (Ya iku) mardikakaké kawula, 14 Utawa awèh dinaning paceklik, pangan ing 15 Marang bocah yatim kang isih ana alurané, 16 Utawa marang wong miskin kang nglesod ing lebu.2739 inggih punika ing kalanipun para titiyang wau sami nyipati bilih prakawis ingkang dipun labuhi Kanjeng Nabi pranyata angsal kamenangan. Mangka sampun kathah sanget bandha ingkang dipun awut-awut déning para titiyang wau kanggé milawani panjenenganipun. Dadosipun lajeng sami wicanten bilih anggènipun sami mengsahi ing Kanjeng Nabi punika menggah ing sajatos-jatosipun namung nama ambucal bandha blaka. Ing 8: 36 ugi wonten pratélan ingkang kados makaten punika: “Sayekti kang padha kafir iku padha nanjakaké bandhané kanggo ngalang-alangi (wong akèh) saka dadalané Allah; mulané dhèwèké iya bakal padha nanjakaké iku, tumuli iku, dadi kesusahan kang abanget ingatasé dhèwèké.” 2738. Najd punika tegesipun (Rgh) utawi miturut ngulami sanès (Rz), jawinipun margi ingkang pratéla. Miturut satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, sarta para mufassirin sami sarujuk amastani bilih margi kakalih . ingkang pratéla punika lan tegesipun marginipun saé tuwin marginipun awon (Rz). Margi kakalih punika dipun tedahaken dhateng manusa, piyambakipun mardika milih pundi ingkang dipun senengi mripat kakalih (ayat 8) kénging dipun anggé déning manusa kanggé amilahaken antawisipun awon lan saé, makaten ugi piyambakipun saged migunakaken ilat lan lambé kakalih (ayat 9) kanggé pitakèn, manawi piyambakipun piyambak boten sumerep. 2739. Tindak saé dhateng para ingkang sami sangsara, para miskin lan para laré yatim, punika winastan dalan pagunungan kang sumengka. Déné sababipun, jalaran nindakaken pandamel wau angèl Surat 90 Kitha 1643 17 Sabanjuré dhèwèké iku wilangané para kang padha angèstu sarta weling-wineling alaku sabar tuwin weling-wineling welasan. 18 Ya tengen. iki wonging tangan 19 Déné para kang angafiri marang timbalan-timbalan-Ingsun, iku wonging tangan kiwa. 20 Geni nungkeb angrukub dhèwèké. sanget. Mitulungi tiyang miskin tuwin laré yatim punapa déné mardikakaken réncang tumbasan asring dipun sebat-sebutaken, punika ngatingalaken bubudènipun Kanjeng Nabi ingkang sajati, ingkang déning satunggaling tiyang ingkang nyumerepi panjenenganipun kanthi raket winastan tiyang ingkang madosaken tedha tumrap titiyang ingkang boten gadhah tedha. Ngemungaken agami Islam piyambak, agami ingkang majibaken mardikakaken kawula réncang tumbasan, lan ngemungaken Kanjeng Nabi Muhammad saw. piyambak, pendhirining agami ingkang mintonaken conto ingkang minulya bab mardikakaken sadaya réncang tumbasan kagunganipun lan mitulungi mardikanipun réncang tumbasan sanès-sanèsipun. Para guru-guruning agami Nasrani bengak-bengok nyariyosaken bilih agami Nasrani tukang milawani pangawulan lan nacad agami Islam déné boten tumandang nyirnakaken pangawulan. Malah wonten tiyang ingkang mastani, bilih dhawuh-dhawuh bab kautamènipun mardikakaken kawula ingkang wonten ing surat-surat Makkiyah punika kasuwak déning dhawuh-dhawuh ingkang tumurun kantun (mirsanana Wherry). Pranyata punika rembag ingkang sulaya blejed kaliyan nyatanipun, awit 9: 60 (èwoning dhawuh ingkang tumurun kantun piyambak) nyebutaken pranatan-pranatan ingkang cetha, sawenèhipun inggih punika nanjakaken sapéranganipun bandha Baitu-l-Mal kanggé nebus kamardikanipun réncang tumbasan. ______________ SURAT 91 AS-SYAMS (Surya) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (15 ayat) Katerangan gerban Kanjeng Nabi punika Surya-nipun para titiyang tulus (tembung punika lajeng kanggé namanipun surat punika), ingkang sareng malethèk manusa lajeng angsal pitedah dhateng marginipun kasampurnan; nanging ngemungaken tiyang ingkang purun nucèni awakipun piyambak kémawon, ingkang saèstu angsal kabegjan, déné tiyang ingkang dados bandhanganing karisakan, mesthi boten badhé saged anggayuh ingkang kasedya. Minangka tuladha katerangaken kawontenanipun kaum Tsamud. Boten prabéda lan surat ingkang sampun, surat punika èwonipun dhawuh ingkang sepuh. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahasih. a. 2099 1 Mramanaknaa srengéngé lan padhangé,2740 2 Sarta rembulan nalika angalap papadhangé,2741 Ut. srengéngé 3 Sarta raina nalika amlethèkaké iku,2742 2740. Asy-syams utawi surya punika wonten ing basa Arab muannats (kaanggep barang ingkang asifat èstri wonten ing dalem paramasastra), déné al-qamar, rembulan, punika mudhakkar (jaler), dados kaliyan basa Inggris, upaminipun, kosokwangsul. Dluha, nadyan limrahipun kanggé mastani wanci énjing ing sasampunipun mlethèk surya, nanging ugi ateges papadhang, sarta inggih punika tegesipun dluha ing ngriki. 2741. Talâ-hâ punika wantahipun ateges manut dhèwèké; nanging miturut Rgh (tumrap satunggaling barang ingkang manut satunggalipun) ingkang makaten punika tarkadhang menggah ing awak-awakanipun, lan tarkadhang ing dalem anggènipun niru ing kawontenanipun. Mila anggèning panjenenganipun nerangaken talâ-hâ ing ayat punika ateges: manut sarana niru utawi ing dalem pangkatipun, awit rembulan punika ngalap papadhang saking surya. Farra nganggep teges makaten punika tegesipun ingkang sajatos tembung wau, awit panjenenganipun nerangaken makaten: satunggal manut satunggalipun ing dalem satunggaling prakawis, tegesipun anjupuk saka dhèwèké (Rz). Dados tegesipun ingkang sajatos dhawuh wau: nalika dhèwèké (rembulan) ngalap papadhang saka srengéngé. 2742. Para mufassirin sami sarujuk amastani dlamir (tembung purusa) ingkang wonten ing jallâ-hâ punika wangsul dhateng ad-dunyâ, donya, sanajan ta boten kasebutaken wonten ing ngriki: awit kados déné kateranganipun Kf, tumrap ingkang kados makaten punika sampun cetha suraosipun, kados déné Surat 91 Ut. srengéngé Ut. Ingkangyasa Ut. Ingkanganggelar Ut. Ingkangnyampurnakaké Surya 1645 4 Tuwin wengi nalika anutupi iku,2743 5 Lan langit sarta yasané, 6 Sarta bumi tuwin gumelaré, 7 Apa déné jiwa tuwin sampurnané,2744 8 Banjur Panjenengané aparing weruh kalawan ilham nyimpangé saka ing bener sarta Panjaganing dhiriné (saka ing ala);2745 ukara jawinipun: adhem banget, suraosipun ésuk iki adhem banget, sanajan tembung “ésuk” wau boten kasebutaken wonten ing tetembungan wau (Rz). 2743. Dlamir ingkang wonten ing tembung yagsyahâ punika ugi wangsul dhateng ad-dun-ya (donya) sanajan inggih wonten sawenèh mufassir ingkang merdéni dlamir wau wangsul dhateng surya. 2744. Mâ ing ayat 5-7 kula suraos mashdariyah, milanipun kula jarwani kados makaten wau. Pakèwed ingkang dipun cungulaken déning Kf punika sajatosipun sanès pakèwed saèstu, awit alhamahâ ing ayat 8 punika kénging kasuraos jejeripun: Pangéran. Malah dipun anggepa mâ wau mâ mausûlah, meksa inggih sampun genah manawi tegesipun punika inggih kados ingkang kaserat wonten margin punika; ing tiga-tiganipun ayat wau mâ wangsul dhateng Pangéran, jalaran wonten ing basa Arab mâ punika boten namung asring dipun pigunakaken kados déné man kémawon, kados déné ing 4: 22, nanging mâ punika malah mengku suraos mratélakaken luhuripun jejer ingkang dipun sebut, dados dhawuh pratélan wau sami kaliyan makaten ungelipun: dhemi langit lan Dhat Ingkang-Mahakawasa Kang gawé iku. Ing ayat punika, inggih punika ayat 7, punika ingkang dipun dhawuhaken supados dipun gatosaken bab kasampurnanipun jiwa, makaten ugi kabetahanipun ruhani lan budipakerti pun jiwa. Wondéné nem ayat ingkang wiwitan, punika ingkang dipun pangandikakaken bab kabetahanipun wadhag pun jiwa. Pangéran Ingkang-Mahaluhur sampun anitahaken surya tuwin papadhangipun, rembulan, raina lan dalu, langit ingkang inggil tuwin bumi ingkang jembar, sadaya murih dipun alap piguna déning manusa. Suprandéné sadaya wau namung dumunung kanggé nyampedi kabetahanipun wadhag manusa. Kanggé kasampurnanipun jiwa, kabetahanipun ruhani inggih kedah dipun jangkepi; bab punika kasebutaken wonten ing ayat 8-10. 2745. Ayat punika gathukipun pratélan ingkang kasebut ing ayat ingkang sampun bab prakawis kasampurnanipun jiwa, awit ayat wau nedahaken dhateng margining kasampurnan. Sasambetanipun wau kapratélakaken kalayan fâ, ingkang dipun pigunakaken minangka ta’qîb. Nyampurnakaken jiwa punika asarana ilham, awit ilham punika adamel cetha pratélanipun margi kakalih, fujur, utawi marginipun panyimpang saking yakti, inggih punika margi awon tuwin taqwâ utawi marginipun bekti (marginipun panjagi saking awon), inggih punika margi saé. Sagedipun kasampurnan kagayuh, punika kedah sarana nebihi margi awon lan ngambah margi saé. Tuwan Rodwell lan tuwan Palmer anggènipun anjarwakaken ayat punika klèntu. Tuwan Rodwell anggènipun anjarwakaken makaten: sarta aniyupaké marang dhèwèké durakané lan bektiné. Tuwan Palmer: sarta mulang ing dhèwèké dosané lan bektiné. Kula wastani klèntu awit pratélan kados makaten punika boten namung cengkah kaliyan Quran ing sagemblengipun kémawon, nanging ugi cecengkahan piyambak aliyas boten mantuk sarta boten teges. Manawi cara jarwan wau dhawuh punika lajeng mengku suraos, manawi tiyang tilar pandamel awon lan nindakaken saé, punika Gusti Allah ingkang niyup (ngajani) piyambakipun tumindak makaten wau; makaten ugi manawi piyambakipun nilar saé lan nindakaken awon, punika inggih Allah ingkang mulang piyambakipun supados tumindak kados makaten punika; lah punika cetha nglengkara sanget. Ayat kakalih sambetipun ugi anggorohaken pratélan makaten wau. Makaten ugi dhawuh punika boten perlu dipun wewahi tetembungan sagedipun kasumerepan tegesipun ingkang saèstu, kados déné lekas- 1646 Surya Juz XXX 9 Sayekti begja sapa-sapa sing ngresiki jiwané, 10 Lan temen kapitunan sapasapa sing angregedi jiwané.2746 11 Bangsa Tsamud anggorohaké kasunyatan kalawan pambalasaré,2747 12 Nalika wongé kang cilaka banget jumedhul (anggawa piala), 13 Banjur utusaning Allah calathu marang dhèwèké: Unta wadon kagunganing Allah iku (togna baé) sarta ombènana. ipun, tuwan Sale, mawi nyeselaken tetembungan indriya kang bisa amilah-milahaké lan kakuwatan kanggo milih, ingkang boten kasebut wonten ing dhawuhipun ingkang asli. Al-hama-ha tegesipun niyup marang dhèwèké (LL), dados dhawuh wau cocog kaliyan dhawuh ing 90: 10, “Lan Ingsun wus anuduhaké dadalan loro marang dhèwèké.” Kula amewahi tembung ilhâm (wisik) jalaran ilhâm makaten tegesipun mesthi wisik ingkang dipun isarahaken utawi dipun tiyupaken déning Pangéran, kados déné kateranganipun Rgh: “punika namung tartamtu isyarah ingkang dipun isyarahaken déning Allah.” Rz nerangaken niyupaken wisik saé lan awon punika tegesipun mangertosaken lan nyumerepaken manusa dhateng kakalihipun wau, sarta panjenenganipun inggih anerangaken bilih katerangan makaten punika dipun ajengi déning Ibnu ‘Abbas tuwin para mufassirin ingkang kénging pinitados sanget. 2746. Zakkâ-hâ punika saking zakâ, tegesipun wewah, dados asalipun tembung wau ateges ngundhakaké utawi ngrembakakaké iku (Msb, TA-LL), déné dassâ-hâ punika saking tembung dassa-hû, asalipun ateges ngumpetaké utawi nyingidaké iku. Zakkâ-hâ tegesipud ingkang kaping kalih ngresiki iku, dassâ-hâ ngrusak iku. Tembung kakalih punika dipun agem, punika menggah ing sajatos-jatosipun anedahaken bilih indriya-indriya ingkang perlu kanggé anggayuh kasampurnan punika sampun kaparingaken dhateng saben tiyang, nanging sawenèh tiyang wonten ingkang purun nuwuhaken indriya-indriya wau sarana anggegesang indriya-indriya wau, sawenèhipun malih, wonten ingkang ngrisak indriya-indriya wau sarana ngèndelaken kémawon indriya-indriya wau lastantun sumingid, boten purun ambabar indriya-indriya wau kanggé kasaénanipun piyambak. Kapèngetana, angger-anggeripun Quran bab karahayon punika makaten: ingkang murugaken manusa dumugi ing punjer ingkang katuju, punika manawi manusa purun ngresiki jiwanipun saking sawarnining rereged; kosokwangsulipun sinten ingkang ngrisak jiwanipun sarana manggung wonten ing dalem piawon, mesthi boten badhé saged anggayuh maksuding gesangipun ingkang sajati. Ayat punika paring pitedah ingkang terang, bab kawontenanipun ingkang sajati panggalihipun Kanjeng Nabi. 2747. Ayat punika maringi conto bab kawontenanipun para titiyang ingkang ing wekasanipun boten angsal damel margi risaking gesangipun, sarwi maringi pèpènget dhateng para titiyang Makkah, manawi piyambakipun sami kelajeng-lajeng anggènipun ngambah margi ingkang awon sarta boten purun wangsul dhateng katulusan, boten purun nanggapi pangajakipun Kanjeng Nabi, nanging malah nyiya-nyiya Kanjeng Nabi kados déné kaum Tsamud nyiya-nyiya Nabinipun, wekasanipun mesthi badhé nemahi nasib kados déné ingkang dipun sandhang déning kaum Tsamud wau. Manawi piyambakipun purun manut miturut dhateng Kanjeng Nabi, piyambakipun mesthi badhé saged anggayuh ing kasampurnan; nanging manawi sami nulayani panjenenganipun, piyambakipun mesthi badhé nandhang karisakan kados déné umat ingkang sampun-sampun, ingkang sami manggung wonten ing dalem awon, nglirwakaken pèpèngeting Nabinipun. Surat 91 Ar. dhèwèké Ar. dhèwèké Ar. Pangérané Ar. dhèwèké Surya 1647 14 Ananging bangsa Tsamud anggorohaké dhèwèké sarta matèni untaning Allah; mulané Pangéran anumpes bangsa Tsamud amarga saka dosané, sarta digawé lèsèh (padha karo lemah). 15 Lan Panjenengané ora kuwatir marang wasanané.2748 2748. Allah boten badhé mraduli angsal-angsaling siksa ingkang andhawahi satunggaling umat, manawi umat wau pancèn sampun mungguh kadhawahan ing siksa wau. Kalebet wasananing siksa, inggih punika anak-anakipun sami tinilar anggana tanpa wonten ingkang ngayomi lan ingkang rumeksa. _____________ SURAT 92 AL-LAIL (Dalu) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (21 ayat) Katerangan gerban Maksudipun surat punika badhé anedahaken bilih Daluning kakapiran lan kabodhoan (ingkang lajeng kadadosaken irah-irahanipun surat punika) badhé sumisih lan kagentosan ing papadhanging raina; awit tumrap panyarempengipun manusa dhateng maksud ingkang mawarni-warni, punika wonten pipilahanipun makaten: para ingkang nyarempeng badhé anjumenengaken kasaénan mesthi badhé manggih sakéca, déné ingkang sami andurusi awon mesthi badhé manggih rekaos. Surat punika ugi èwoning dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan. Katrangan ingkang nyariyosaken bilih tumurunipun surat punika margi lekasipun Bagéndha Abu Bakr tuwin Umayyah bin Khlaf, punika namung saged dipun anggep kalayan mengku suraos bilih sahabat Abu Bakr lan Umayyah wau wonten ing babading Islam jaman wiwitan conto ingkang melok minangka tuladhanipun tiyang ingkang nyarempeng dhateng kasaénan (Bagéndha Abu Bakr) lan tiyang ingkang nyarempeng dhateng awon (Umayyah bin Khlaf). Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Mramanaknaa wengi nalika ametengi, 2 Lan raina nalika padhang sumilak anelahi, 3 Sarta tumitahing lanang lan wadon, 4 Sayekti jangkahira iku (tumuju marang ancas) warna-warna.2749 2749. Ayat ingkang angka sakawan punika nerangaken angsal-angsalaning panglimbang-limbang kawontenan ingkang kasebutaken wonten tigang ayat ingkang wiwitan wau. Dalu nutupi sadaya barang, raina madhangi sadaya barang wau; kakalih punika dados minangka pasaksèn, bilih boten prabéda lan gilir gumantosipun pepeteng lan papadhang punika mahanani kawusanan ingkang béda-béda, lah makaten ugi panyarempengipun manusa dhateng kasaénan – kasanépakaken papadhanging raina – lan panyarempengipun dhateng awon – kasanépakaken pepetenging dalu – punika mesthi inggih ngawontenaken woh ingkang boten sami. Tumitahipun jaler lan èstri – ingkang mengku teges tumitahipun sagung titah ingkang asifat gesang, awit sadaya titah ingkang asifat gesang Surat 92 Dalu 1649 5 Ana déné wong kang wèwèh sarta anjaga dhiriné (saka ing ala), 6 Tuwin amisinggihaké kang becik, 7 Lah iku bakal Ingsun gampangaké marang kawusanan kang gampang. 8 Déné wong kang kumed sarta rumasa ora butuh (marang Allah), 9 Apa déné anampik marang kang becik, 10 Lah iku bakal Ingsun gampangaké marang kawusanan kang angèl. 11 Lan bandhane ora bakal makolehi marang dheweke samangsa dhèwèké rusak.2750 12 Sayekti nuduhaké dalan iku tanggungan Ingsun, 13 Lan sayekti akhirat sarta donya iku Ingsun kang kagungan,2751 14 Mulané Ingsun apépéling marang sira, geni kang muladmulad; punika mesthi jaler lan èstri tumitahipun – punika ugi dados pasaksi tumrap kasunyatan ingkang makaten wau, jalaran ing ngriku satunggal-satunggalipun ugi nyarempeng dhateng satunggaling tuju ingkang dipun ener, sarta satunggal-satunggalipun ngundhuh wohipun miturut panyarempengipun 2750. Conto kakalih ingkang kawarsitakaken wonten ing ayat-ayat punika anggambaraken tiyang ingkang purun nampèni lan tiyang ingkang angemohi ing Kanjeng Nabi Suci. Ingkang angka satunggal angsal-angsalanipun sakéca, ingkang angka kalih rekaos, aliyas kacilakan. Manawi kasuraos ayat-ayat punika mengku karsa mangandikakaken Bagéndha Abu Bakr lan Umayyah bin Khalf, kados déné kateranganipun Qaffal, kakalihipun wau namung minangka conto; kawusananipun ingkang angka satunggal: sakéca, Bagéndha Abu Bakr kajumenengaken khalifah ingkang ngasta papréntahanipun tanah Arab; ingkang angka kalih cetha cilaka wasananipun bandhanipun boten migunani punapapunapa dhateng piyambakipun nalika pancasanipun Pangéran dhumawah. 2751. Akhirat ing ngriki punika mengku teges gesang sasampuning pejah tuwin gesang ing sapunika ing tembé wingkingipun; déné donya ing ngriki gesang sapunika ing wekdal ingkang sampun-sampun. 1650 Dalu Juz XXX 15 Ora bakal mlebu mrono kajaba kang banget cilaka, 16 Kang anggorohaké (kasunyatan) sarta amaléngos. 17 Lan bakal diedohaké saka ing iku wong kang anggoné anjaga dhiriné (saka ing ala), 18 Kang mèwèhaké bandhane, anucèni dhiriné. 19 Ora (karana) ana wong kang duwé panggawé becik kang masthi diganjar. 20 Kajaba angupaya pirenaning Pangérané,2752 Ingkang-Mahaluhur 21 Lan dhèwèké bakal tumuli seneng. 2752. Ngemungaken pirenaning Pangéran thok nugraha ingkang kedah dipun ajeng-ajeng déning manusa, awit saking punika mila punika dados maksud tujuanipun gesang tumrap tiyang Islam, sami ugi punapa ingatasing suwarganipun ing bénjing, punapa suwarganipun ing gesang sapunika punika. Punika cocog kaliyan dhawuh ing 9: 72 èwoning dhawuh ingkang tumurun kantun piyambak: “Sarta kabèh iku kang becik dhéwé yaiku pirena saka ing Allah; mangkono iku pakolih kang gedhé.” Para ingkang sami kagungan pakareman nedah-nedahaken sulayanipun wahyunipun Kanjeng Nabi ingkang tumurun ing jaman wiwitan kaliyan ingkang tumurun ing jaman ingkang kantun-kantun, samia manah dhawuh punika. Maksud lan tujuanipun Islam, punjer ingkang kadhawuhaken supados dados ener. Ing tujuanipun manusa, tetep namung satunggal lan boten sontan-santun, sanajan sugengipun Kanjeng Nabi ngalami kawontenan ingkang warni-warni cakrikipun. ______________ SURAT 93 ADL-DLUHÂ (Wanci énjing) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (11 ayat) Katerangan gerban Surat punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng pencaring papadhangipun surya Islam, awit saking punika mila surat punika kanamakaken adl-dluhâ, jawinipun wanci énjing. Kalih surat ingkang sampun mangandikakaken sacara ngibarat, bab rawuhipun Kanjeng Nabi Suci kadi déné malethèkipun surya. Ngibarat wau taksih dipun lajengaken wonten ing ngriki. Boten prabéda lan soroting surya punika anggènipun sumorot penuh ambalerengi boten sami sanalika ing sasampunipun surya malethèk, lah makaten ugi yakti, punika sumorotipun ingkang kalayan penuh anelahi inggih kalayan sarenti. Sadaya fihak nganggep bilih surat punika kalebet panunggilanipun surat ingkang tumurun nalika jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Mramanaknaa wayah ésuk, 2 Lan wengi nalika kalimputan ing peteng. Ut. ninggal 3 Pangéranira ora négakaké sira sarta ora rengu,2753 2753. Nadyan soroting surya ing wanci énjing punika dèrèng penuh ambalerengi, suprandéné manawi dipun tandhing kaliyan pepetenging dalu, nama sampun wonten éwah-éwahan. Makaten ugi kawontenanipun Kanjeng Nabi Suci. Nalika Kanjeng Nabi énggal-énggalan jumeneng dados utusan, nadyan kayektènipun punika sampun cetha pratéla katitik saking wontenipun papadhang ingkang sumorot ing tanah Arab déning rawuhipun, suprandéné manawi katandhing kaliyan pepeteng ndedhet lilimengan ingkang nglimputi jazirah Arab ing nalika jaman sadèrènging panjenenganipun rawuh, kayektènipun wau nama dèrèng sumorot kados surya ing wanci tengangé; kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat candhakipun, sumoroting papadhangipun Kanjeng Nabi ingkang kalayan gumebyar anelahi punika calon kelampahanipun boten sami sanalika, nanging kalayan sarenti saking sakedhik. Para mufassirin sami ngandharaken hadits warni-warni, ingkang suraosipun kémawon nerangaken, Bilih tumurunipun ayat punika nalika Kanjeng Nabi boten katurunan wahyu ngantos sawatawis dangu, miturut Bkh kalih utawi tigang dinten, miturut salah satunggalipun hadits-hadits wau, para titiyang kafir sami wicanten bilih Allah wis téga karo Muhammad lan wis ora remen marang dhèwèké (Rz). Bab prakawis tumurunipun wahyu dhateng Kanjeng Nabi mawi antawis, punika nyata: sarta saged ugi tumurunipun ayat punika minangka panglipur dhateng panjenenganipun, bilih komplanging wahyu punika boten teka margi Pangéran boten rena. Utawi saged ugi dhawuh punika mengku suraos umum, 1652 Wanci énjing Juz XXX 4 Lan sayekti, kang bakal kalakon iku luwih becik tumrap ing sira tinimbang sing wis kalakon.2754 5 Lan Pangéranira bakal énggal apaparing marang sira, supaya sira rena. Ut. anguningani 6 Apa Panjenengané ora nemu ing sira iku bocah lola,2755 banjur aparing pangayoman? Ut. anguningani 7 Sarta (apa ora) anemu ing sira ora bisa weruh, banjur anuduhaké dalan?2756 bilih Kanjeng Nabi mesthi boten badhé dipun tégakaken, wangsul pakaryanipun saya dangu malah saya kiyat lan menang wekasanipun, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat-ayat candhakipun punika. 2754. Kados makaten punika yakti, inggih punika, nadyan majengipun punika kalayan anggremet, tur mawi cacampuhan ingkang anderpati kaliyan wadyabalaning panggorohan, yakti wau mesthi terus majeng-majeng. Saben angsal damel énggal, punika mesthi langkung saé tumrap Kanjeng Nabi katimbang lan ingkang sampun, sarta bab punika boten namung pinanggih nyata nalika jaman sugengipun Kanjeng Nabi kémawon, nanging nadyan dumugi ing dinten sapunika ugi inggih tetep nyata, sarta badhé tansah tetep nyata ing salami-laminipun. 2755. Bagéndha ‘Abdullah, ingkang rama Kanjeng Nabi, séda nalika kirang langkung tigang wulan sadèrèngipun Kanjeng Nabi miyos. Siti Aminah, ingkang ibu, séda nalika Kanjeng Nabi yuswa nem taun. Ingkang éyang, Bagéndha ‘Abdul Muththalib, inggih punika ingkang ngitik-itik Kanjeng Nabi ing sasampunipun séda ingkang ibu, séda let kalih taun malih. Wiwit ing wekdal wau Kanjeng Nabi dipun itik-itik déning Bagéndha Abu Thalib, pamanipun, ingkang sugengipun meningi nalika Kanjeng Nabi tampi ayahaning Pangéran ambagun sagung para manusa. 2756. Tumrap para juru-nyebaraken agami Nasrani ayat punika dados bukti pamungkas, bilih Kanjeng Nabi punika “dosa.” Babar pisan piyambakipun boten purun manah dhawuhipun Quran Suci ing panggènan sanès. Dlall ing ngriki punika boten ateges sasar; bab punika kacetha ing dhawuh ing 53: 2 ingkang mungel makaten: “ora sasar mitranira.” Tiyang ingkang kapangandikakaken boten naté sasar wonten ing satunggaling panggènan, tangèh lamun wonten ing panggènan sanès kasebut sasar, mangka dhawuh kakalih wau kagolong dhawuh ingkang tumurunipun kirang langkung nunggil jaman, namung surat 93 langkung sepuh katimbang lan surat 53. Makaten ugi ayat kakalih wau inggih boten cecengkahan. Ingkang murugaken klèntu, punika manawi suraosing tembung ingkang momot boten dipun gatosaken saèstu, sarta puguh mathok bangkrong anggènipun negesi tembung wau, boten praduli punapa laras kaliyan suraosing dhawuh punapa boten. Déné katrangan ingkang nyariyosaken bilih nalika Kanjeng Nabi dèrèng jumeneng Nabi dados tukang nembah brahala, punika dora. Kathah hadits-hadits ingkang kénging dipun gondhèli, ingkang nyariyosaken bilih ngantos nalika panjenenganipun taksih timur andhèrèk ingkang paman dhateng nagari Syam, panjenenganipun sampun ngatingalaken gethingipun ingkang sanget dhateng lampah panembah-brahala. Kathah cariyos lalampahanipun Kanjeng Nabi nalika taksih timur ingkang dipun cariyosaken déning ingkang paman, Abu Thalib, ingkang suka pasaksèn kiyat bilih Kanjeng Nabi boten remen sanget dhateng lampah panembah-brahala. Bagéndha Abu Thalib punika kalangkung déning tresna dhateng Kanjeng Nabi, ngantos nalika para titiyang Quraisy sami milawani panjenenganipun, Bagéndha Abu Thalib wau tumut anduwa panglawaning bangsanipun sadaya. Bagéndha Abu Thalib naté ngandika dhateng Bagéndha ‘Abbas, sadhèrèkipun kakung, bilih panjenenganipun dèrèng naté mrangguli Kanjeng Nabi Muhammad saw. ngandika dora, makaten ugi inggih dèrèng naté nyipati Kanjeng Nabi kasinungan kabodhoan Surat 93 Ut. anguningani Wanci énjing 1653 8 Lan (apa ora) nemu ing sira kacingkrangan, banjur anyukupi?2757 (jahiliyât); Kanjeng Nabi boten naté tumut dolanan kaliyan laré-laré sanèsipun. Sapunika sumangga sami nimbang-nimbang suraosing dhawuh, gathukipun kaliyan dhawuh ing nginggil lan ing ngandhapipun. Ayat 6, 7 lan 8 sambet rapet kaliyan ayat 9, 10 lan 11 satunggal sami satunggal. Ayat 6 mangandikani Kanjeng Nabi bilih panjenenganipun piyambak punika yatim, pupuntoning dhawuh, supados Kanjeng Nabi inggih boten anyiya-nyiya laré yatim kapacak wonten ing ayat 9. Makaten ugi ayat 8, mangandikakaken nugrahaning Pangéran ingkang sampun anguwalaken panjenenganipun saking anggènipun kikirangan; pupuntoning dhawuh kapacak wonten ing ayat 11, inggih punika panjenenganipun inggih kedah angundhangaken nugrahanipun Pangéran ingkang sampun kaparingaken dhateng panjenenganipun wau. Dados sampun terang bilih ayat 6 punika sambet rapet kaliyan ayat 9, ayat 8 kaliyan ayat 11, milanipun ayat 7 lan ayat 10 punika mesthi inggih nunggil ingkang karembag. Ayat 10 kalayan terang mangandikakaken tiyang ingkang nedha dipun tuntun dhateng yakti, utawi tiyang papriman limrah ingkang ambetahaken pitulunganipun ngasanès, margi awakipun piyambak boten saged nindakaken punapa-punapa utawi boten saged nyambut damel punapa-punapa (mirsanana tafsir sambetipun). Kalayan mengku teges punika Kanjeng Nabi punika inggih sâil. Leres panjenenganipun boten naté nembah brahala, nanging tanpa pitulungipun Allah panjenenganipun boten saged ngupados margi piyambak kanggé ambangun umatipun, ingkang sakalangkung déning sanget dipun prihatosaken. Dados panjenenganipun punika boten pirsa ing margi saking moganipun piyambak, déné tembung dlall punika tegesipun tiyang ingkang bingung lan boten sumerep ing margi saking moganipun piyambak, jalaran tembung kriya dlalla (ingkang lingganipun dlâll) punika ateges dhèwèké bingung lan ora weruh eneré sing bener (Ibnu-s-Sa’id, TA-LL). Dados suraosipun dhawuh wau makaten: Allah uninga bilih Kanjeng Nabi ngupados margi, nanging panjenenganipun boten saged damel margi piyambak, milanipun Allah lajeng nuntun panjenenganipun sarana cahya Ilahi. Kalayan sacara makaten punika Kanjeng Nabi dipun dhawuhi sampun ngantos sengol dhateng sadhéngah tiyang ingkang nedha, sarta supados maringi pitulungan dhateng piyambakipun, kados déné anggènipun Gusti Allah sampun mitulungi ing panjenenganipun. Utawi dlall punika ugi ateges tiyang ingkang ketungkul (TA-LL) nalika ngupadosi sawenèh prakawis, kados déné para putranipun Kanjeng Nabi Ya’qub anggènipun mastani ingkang rama: dumunung ing dlalâl (Rgh) jawinipun ketungkul ing tresna dhateng Kanjeng Nabi Yusuf. Dados saged ugi dhawuh punika ateges bilih Kanjeng Nabi kalangkung anggènipun anjungkung ngupadosaken margi ingkang leres tumrap jagad ngantos panjenenganipun ketungkul. Rz anggènipun nerangaken dhawuh punika ngantos warni kalihdasa. Kajawi ingkang sampun kaandharaken ing nginggil, katranganipun Rz ingkang angka satunggal prayogi dipun pèngeti wonten ing ngriki. Katrangan wau adhadhasar wawatonipun Ibnu ‘Abbas, Hasan, Dk tuwin sanès-sanèsipun, inggih punika dlall punika ateges gâfil, jawinipun boten mangertos kenabian tuwin pranatanipun syara’; sarta katrangan punika cocog kaliyan dhawuh ing 42: 52: “Lan iya kaya mangkéné iki anggon-Ingsun amahyokaké kitab-winahyu marang sira saka paréntah-Ingsun; mauné sira ora weruh kitab iku apa, mangkono uga iman, nanging iku Ingsun dadèkaké papadhang. Ingsun agem anuntun para kawula-Ningsun endi kang dadi kapareng-Ingsun.” Ayat ingkang kapethik ing nginggil punika ugi ngiyataken katrangan ing ngajeng, awit bakuning katrangan wau sami kaliyan suraosing dhawuh ing 42: 52, inggih punika bilih Kanjeng Nabi boten mangertos kados pundi anggènipun badhé anuntun titiyang sanès dhateng margi ingkang leres, nanging panjenenganipun mrihatosaken sanget dhateng para titiyang wau, milanipun Allah anedahaken margi dhateng panjenenganipun. 2757. Kanjeng Nabi kacingkrangan, lan dipun uwalaken saking anggènipun kacingkrangan, punika ingkang dipun karsakaken boten namung kawontenanipun Kanjeng Nabi tumrap prakawis kadonyan utawi prakawis arta kémawon (manawi kapara nyata prakawis punika kalebet ingkang dipun karsakaken ing dhawuh), nanging ugi kacingkranganipun Kanjeng Nabi menggahing ruhani lan anggènipun kaluwaraken saking kacingkrangan punika. Utawi inggih saged ugi ingkang dipun karsakaken punika anggènipun Kanjeng Nabi ing sakawit piyambakan lan anggèning ing pawingkingipun kathah tiyang ingkang anggolong dhateng panjenenganipun tumut biyantu makarya kaliyan panjenenganipun (Rz). 1654 Wanci énjing Juz XXX 9 Mulané, marang bocah yatim aja sira nindhes.2758 10 Lan marang wong anjaluk aja sira sengol.2759 11 Sarta marang nugrahaning Pangéranira sira angundhangna.2760 2758. Boten wonten panutan sanès ing jagad punika ingkang ngantos samanten anggènipun migatosaken ngupakara laré yatim, kados Kanjeng Nabi Muhammad saw. Ing antawising hadits pangandikanipun ingkang kathah punika, wonten satunggal ingkang makaten: Sing sapa ngupakara bocah yatim iku karo aku kaya déné loro iki (sarwi ngacungaken drijining astanipun kalih iji kadèmpètaken) Hadits sanèsipun mangandikakaken makaten: Samangsa bocah yatim iku nangis, eluhé tètès marang astané Pangéran Ingkang-Mahamurah (Rz). 2759. Limrahipun tembung sâil ing ayat punika dipun muradi mengku teges tiyang papriman. Nanging wong anjajaluk, utawi wong kang tatakon, punika jarwan ingkang langkung prayogi, awit raosing tembung ingkang asli, ingkang wiyar punika taksih kawengku wonten ing jarwan wau. Hasan . jawinipun wong kang tatakon prakara anggènipun muradi tembung wau ateges kawruh, sarta murad punika dipun kiyataken déning lalampahan ingkang kaandharaken wonten ing ayat wiwitaning surat 80 (Rz). Langkung-langkung malih murad punika laras kaliyan maksudipun ingkang baku kautusipun Nabi, inggih punika mencaraken ngélmu sajati, 2760. Ni’mat utawi nugraha punika boten sanès kajawi wahyuning Pangéran, awit sampun dipun akeni wonten ing sagemblenging Quran Suci, wahyu punika nugrahanipun Pangéran ingkang ageng piyambak. Menggah ing sajatos-jatosipun inggih nugraha gung tanpa sama punika, ingkang tansah dipun undhang-undhangaken ing salaminipun Kanjeng Nabi sugeng. Mujahid ngandika: nugraha wau inggih Quran punika (Rz). ____________ SURAT 94 AL-INSYIRÂH (Anjembaraken) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (8 ayat) Katerangan gerban Surat punika, boten prabéda lan surat-surat ingkang sampun, ugi paring panglipur dhateng Kanjeng Nabi. Panjenenganipun boten badhé lastantun teterusan nandhang rekaos, wangsul tumunten badhé manggih sakéca. Bab punika kathah titikanipun, inggih punika dhadhanipun Kanjeng Nabi binuka utawi jinembaraken tumrap yakti (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika). Sasanggèn ingkang sakalangkung awrat, ingkang babasan mèh adamel remuking pengkeranipun Kanjeng Nabi, tuwin prihatosipun Kanjeng Nabi ingkang sanget, mrihatosaken sagung para manusa, sampun kabirat déning paparingipun Pangéran wahyu dhateng panjenenganipun. Sajatosipun surat punika sasambetan rapet kaliyan surat ingkang sampun, awit kakalihipun sami déné anedahaken bilih Kanjeng Nabi nandhang prihatos ingkang sakalangkung sanget margi risakipun sagung para manusa, sarta wahyuning Pangéran, ingkang wasananipun nuntun astanipun Kanjeng Nabi, nedahaken lampahipun tuwin ngicali prihatosipun ingkang sanget. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Apa Ingsun ora wus anjembaraké dhadhanira,2761 2761. Punapa tegesipun utawi anjembaraken dhadha, punika saged cetha manawi dipun cocogaken kaliyan donganipun Kanjeng Nabi Musa ing 20: 25, ingkang ing ngriku inggih wonten tetembunganipun ingkang kados makaten wau inggih punika: “Dhuh Pangéran kawula! mugi Tuwan anjembaraken dhadha kawula.” Tetembungan ingkang kados makaten punika ugi kasebut wonten ing 6: 126, tur sami tegesipun: “Mulané, sapa sing dikarsakaké déning Allah bakal katuntun ing dalan bener, Panjenengané anjembaraké dhadhané marang Islam, sarta minangka kosokwangsulipun dhawuh punika wonten sambetipun makaten: “Lan sapa sing dikarsakaké bakal kasasaraké, Panjenengané andadèkaké dhadhané rupak lan sesak.” Wonten satunggaling hadits ingkang nyariyosaken bilih nalika Kanjeng Nabi taksih timur, nalika taksih dados momonganipun inyanipun Kanjeng Nabi, malaikat Jibril ambedhèl dhadhanipun Kanjeng Nabi lan masuh panggalihipun. Sahihipun hadits punika manut panliti-priksanipun Qadli taksih dados pitakenan (Rz). Nanging manut pamanggih kula dalasan panaliti-priksa wau pisan tuwuh saking kalèntu tampi, jalaran lalampahan ingkang sami plek kados makaten wau kacariyos inggih kelampahan malih nalika Kanjeng Nabi sampun kapasrahan ayahanipun Pangéran (sampun kajumenengaken rasul). Milanipun tétéla manawi lalampahan wau kasyf, utawi luyut ingkang terang, ingkang tegesipun sami plek kaliyan tegesipun anjembaraken dhadha ingkang kasebut wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang sampun kapethik ing nginggil. AH nerangaken: “Anjembaraken dhadha punika tegesipun nyunari dhadha kalayan kawicaksanan tuwin adamel momotipun dhadha 1656 Ut. anjembaraken Anjembaraken Juz XXX 2 Lan angènthèngaké momotanira, 3 Kang angebot-eboti gegerira,2762 Ut. sebutanira 4 Sarta anjunjung kaagunganira?2763 kanggé nampeni wahyu ingkang badhé dipun dhawuhaken dhateng panjenenganipun.” Makaten punika paham ingkang limrah, nanging kados langkung prayogi manawi tetembungan wau dipun tegesi ingkang langkung jembar, inggih punika kajawi ingkang sampun katerangaken wau, ugi (kadamel momot kanggé) cacampuhan anderpati ingkang badhé dipun alami déning Kanjeng Nabi salebetipun ajak-ajak ing manusa dhateng tauhid tuwin kanggé nandhang kasusahan ingkang saged ugi badhé tuwuh awit saking panganiayanipun para titiyang kafir. Rgh inggih kados makaten wau anggènipun nerangaken, inggih punika dipun jembaraken kalayan cahya Ilahi tuwin katentreman. Jembaring dhadha ingkang mengku suraos kados makaten punika, wonten ing sugengipun Kanjeng Nabi ing pawingkingipun pinanggih kathah sanget conto-contonipun, kadosta: (1). Saben Kanjeng Nabi dipun kaniaya déning mengsah-mengsahipun, Kanjeng Nabi lajeng andonga nyuwunaken pangapunten mengsah-mengsahipun wau, mangka Nabi sanès-sanèsipun, kadosta Kanjeng Nabi Nuh (71: 26) tuwin Kanjeng Nabi Musa (10: 88) sami nyuwun leburing mengsah-mengsahipun. (2). Nalika sampun kelampahan panjenenganipun saged ambedhah nagari Makkah, saèstu panjenenganipun ngapunten mengsah-mengsahipun, dalasan mengsahipun ingkang ageng-ageng; pranyata punika dèrèng naté kelampahan wonten ing babad, inggih babad umum, inggih babad suci (babadipun para andika Nabi). (3). Kanjeng Nabi sakalangkung momot budipakertinipun. (4). Salebetipun nandhang cobi ingkang sakalangkung ageng, kalangkung déning sanget kasabaranipun Kanjeng Nabi, sarta panjenenganipun boten naté nglairaken tembung panggresah ingkang nandhakaken kirang sabaripun, kados déné para Nabi sanès-sanèsipun, kadosta tetembungan: Éli, Éli, lama sabakhtani, ingkang dipun pisambataken déning Kanjeng Nabi ‘Isa. (5). Samangsa manggih babaya ingkang sakalangkung ageng, sumarahipun Kanjeng Nabi dhateng Pangéran sakalangkung sampurna lan ambabar pisani. (6). Marambah-rambah panjenenganipun mintonaken kasantosaning panggalihipun ingkang sakalangkung sanget. (7). Panjenenganipun sakalangkung mituhu lan jangkep langkep anggènipun netepi kawajibanipun ingkang mawarni-warni punika, kadosta kawajibanipun anggènipun dados guru lan juru-pitedah ruhani, ingkang yasa undhang-undhang, juru-kukum, sénapatining prang ingkang mandhégani wadyabalanipun dhateng peperangan, ratu lan ingkang ngasta pusaraning papréntahan, priya ingkang ambeg tresna dhateng ingkang garwa, rama ingkang asih dhateng putra, mitra, juru-angayomi kawigatosanipun para miskin tuwin para laré yatim, tuwin kawajibanipun manawi nindakaken prakawis sanès-sanèsipun. Cekakipun, Kanjeng Nabi jembar dhadhanipun, punika tegesipun luhur panggalihipun. 2762. Momotan ingkang ngawrat-awrati pengkeranipun Kanjeng Nabi, punika tegesipun sungkawanipun Kanjeng Nabi margi prihatos kados pundi anggènipun badhé ngentas umatipun saking salebeting kabodhoan lan gugon-tuhon. Kula aturi nocogaken kaliyan 26: 3: “bokmanawa sira bakal matèni awakira dhéwé marga susah jalaran dhèwèké ora padha angèstu.” Dhawuh punika ugi saged mengku teges mangandikakaken sungkawanipun Kanjeng Nabi, kados pundi anggènipun badhé nyangkul sasanggèn kenabian ingkang awrat punika (Rz), (kula aturi nocogaken ugi kaliyan panyuwunipun Kanjeng Nabi Musa ing 20: 26 “Lan mugi tuwan anggampilaken tumrap kawula prakawis kawula,” ingkang kaunjukaken sasarengan kaliyan nalika nyuwun kajembaraken dhadhanipun). Utawi saged mengku teges mangandikakaken anggènipun Kanjeng Nabi kareksa saking sawarnining dosa tuwin kasucèkaken saking sawarnining rereged. Déné momotan punika tegesipun ngicali kasusahan margi prihatos, kalayan tembung mubâlagah, tegesipun tetembungan ingkang mawi dipun langkung-langkungi, kados déné ukara: jawinipun: aku wus ngilangi rekasaning jiyarah saka kowé, sanajan boten jiyarah saèstu, dados inggih boten rekaos barang (AH). 2763. Punika piweca ingkang terang, bilih Kanjeng Nabi badhé sinengkakaken ing ngaluhur, awit Surat 94 Anjembaraken 1657 5 Lah sayekti kalawan angèl tekaning gampang. 6 Sayekti kalawan angèl tekaning gampang. 2764 7 Mulané samangsa sira wis luwar, lah banjur nyrempenga,2765 8 Lan marang Pangéranira iku mligi dadia tujunira. dhawuh punika kadhawuhaken nalika panjenenganipun taksih piyambakan lan boten kasumerepan ing ngakathah. Kateranganipun dhikr ingkang mengku teges kaagungan, mirsanana 855. Tembung dhikr punika dipun tegesana panebut pisan, meksa sami kémawon suraosipun ayat punika. 2764. Laras kaliyan dhawuhipun ayat 4, gampang ing ngriki ingkang dipun karsakaken kamenanganipun wekasan Kanjeng Nabi Suci, déné angèl, punika cobi warni-warni ingkang kasandhang déning Kanjeng Nabi nalika ing wekdal wau, sanajan dhawuh punika ugi wigatos mahyakaken angger-anggering kudrat ingkang limrah, inggih punika bilih rekaos punika mesthi dipun tut wingking ing gampil. Dhawuh pratélan punika dipun ambali kaping kalih; punika anedahaken bilih Islam badhé ngalami rekaos lan cobi ingkang ageng kaping kalih, sarta ugi kaping kalih ing wasananipun Islam badhé angsal kamenangan. Ing Quran Suci tuwin ing hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci wonten ingkang mratélakaken kalayan terang titik-titikanipun cobi tuwin rekaos ingkang badhé dipun alami déning Islam ing jaman akhir, ingkang agengipun sami kaliyan nalika jaman lahiripun. Dhawuh punika kadhawuhaken ambal kaping kalih, punika ambokmanawi kémawon mengku karsa nyebutaken prakawis wau, makaten ugi mengku karsa nyebutaken badhé kamenanganipun Islam kaliyan agami sanès-sanèsipun ing jagad. 2765. Tembung faraga punika sagedipun genah tegesipun kedah dipun raketi tembung sanès / malih. Kadosta jawinipun wis ludhang, utawi wis rampung, saka pagawéané. tegesipun wis ngrampungaké prakarané tegesipun mijèkaké awaké muhung tumrap dhèwèké (LL). Rèhning tembung faragta ing ayat punika boten dipun raketi tembung bangsanipun ingkang kados makaten wau, mila para mufassirin lajeng sami suka katrangan warni-warni. Sawenèh wonten ingkang negesi rampung anggènipun nindakaken prakawis kadonyan, sawenèhipun malih negesi rampung anggènipun sembahyang, sawenèhipun malih negesi rampung anggènipun nindakaken sembahyang ingkang wajib, lan sapiturutipun (Rz). Paham kula, luwaripun kanjeng Nabi wau luwar saking sungkawa, dados wangsul dhateng prakawis ingkang sampun kapangandikakaken ing ayat-ayat ingkang sampun, awit ayat-ayat wau sadaya anedahaken bilih sungkawanipun Kanjeng Nabi sampun kasirnakaken babar pisan. Milanipun, rèhning ing sapunika panjenenganipun sampun luwar saking sadaya prihatos lan sungkawanipun, panjenenganipun kadhawuhan nyarempeng ambangun umatipun sarta ngemungaken Pangéran piyambak ingkang kedah kadadosaken tujuan ingkang kaener. Tembung fârig, ingkang ugi ririmbagan saking tembung wau, ingkang kasebut ing 28: 10 bab ibunipun Kanjeng Nabi Musa punika ugi ateges luwar saking sungkawa; mirsanana 1872. _____________ SURAT 95 AT-TIN (Elo) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (8 ayat) Katerangan gerban Saréngatipun Kanjeng Nabi Musa (ingkang mawi pasemon Tîn – Elo – ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika), ingkang dados aking kados déné Tîn ingkang kapratélakaken ing Injil, katandhing kaliyan saréngat Islam, ingkang mawi pasemon Zaitun (ingkang jalaran boten Wétan boten Kilèn, lisahipun badhé saged madhangi jagad ing salami-laminipun). Karsanipun surat punika, tatandhingan punika badhé kanggé anedahaken, bilih manusa punika katitahaken saged anggayuh tataraning kaluhuran ingkang inggil piyambak, janji piyambakipun purun manut lan nindakaken piwulang ingkang leres; kosokwangsulipun, piyambakipun badhé keplorod dados asor-asoring titah, manawi piyambakipun boten angsal tuntunaning piwulang ingkang leres, utawi manawi sasampunipun angsal tuntunan ingkang leres wau boten lajeng purun nglampahi. Kados makaten wau anggènipun nyebutaken dhawuh punika bab kasampurnan ingkang badhé ginayuh ing bangsa Arab ingkang remen gugon-tuhon punika lantaran Kanjeng Nabi Suci, boten prabéda lan kawontenanipun satunggaling bangsa ingkang sakalangkung asor ngantos dados réncang tumbasan ing Mesir, kadadosaken bangsa ingkang maréntah déning Kanjeng Nabi Musa. Nanging dhawuh punika ugi mengku pèpènget, bilih boten prabéda lan bangsa Bani Israil, ingkang margi boten lastantun anggènipun netepi piwulang ingkang adiluhung, ingkang sampun anjalari piyambakipun manggih kaluhuran, lajeng keplorod malih dados asor, lah makaten ugi titiyang Muslimin, boten wurung badhé nemahi nasib ingkang kados makaten wau, manawi piyambakipun boten lastantun anggènipun agogondhèlan pranataning lampah ingkang minulya, ingkang sampun anjalari piyambakipun saged anggayuh kaluhuran lan kamulyan. Surat punika kagolong panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan, kados déné surat sanès-sanèsipun nginggilipun, sanajan boten kirang-kirang pamanggih ingkang mastani bilih surat punika katurunaken ing Madinah; nanging pamanggih wau boten perlu dipun ugemi sanget-sanget, jalaran boten wonten watonipun. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Mramanaknaa marang elo lan marang zaitun, 2 Lan marang gunung Sinai, 3 Sarta marang kutha kang sinantosakaké iki.2766 2766. Tîn lan zaitun punika pasemonipun saréngat ingkang katurunaken ing redi Sina tuwin saréngat ingkang katurunaken ing kitha suci Makkah. Ayat kakalih candhakipun nyethakaken bab Surat 95 Elo 1659 4 Sayekti, temen Ingsun anitahaké manusa ing dalem becikbeciking dumadi. 5 Banjur Ingsun balèkaké dadi asoring asor, 6 Kajaba kang padha angèstu lan anindakaké panggawé becik, amarga iku bakal olèh ganjaran kang tanpa pedhot.2767 prakawis punika. Kedah dipun pèngeti bilih Kanjeng Nabi Muhammad katandhing kaliyan Kanjeng Nabi Musa punika sampun kasebutaken wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan sanget, kadosta dhawuh punika tuwin dhawuh ing 52: 1-6 lan 73: 15. Sadaya para mufassir Bébel sami angakeni, bilih wit tîn punika dados pasemonipun saréngat Yahudi, sarta inggih punika maksudipun Kanjeng Nabi ‘Isa nglaknati wit tîn ingkang lajeng dados aking punika. Yèn ta boten mengku teges makaten punika, lalampahan wau nama lalampahan ingkang boten saged dipun terangaken kajengipun. Kacariyosaken wonten ing Mat. 21: 19, bilih ing satunggaling dinten, wanci énjing uthuk-uthuk, Kanjeng Nabi ‘Isa rawuh saking Betani; nalika punika panjenenganipun keraos ngelih, mila lajeng marepeki satunggaling wit tîn perlu badhé metiki wohipun. Nalika panjenenganipun mirsa bilih wit wau boten wonten punapa-punapanipun kajawi namung ronipun, panjenenganipun lajeng nglaknati wit wau, sami sanalika wit wau lajeng garing. Dalasan para mufassir Bébel sami angakeni, bilih lekasipun Kanjeng Nabi ‘Isa wau ateges anggènipun angemohi para titiyang Yahudi. Pancèn tindakipun Kanjeng Nabi ‘Isa wau mengku teges, bilih para titiyang Yahudi punika serupi kaliyan wit tîn, wonten godhongipun nanging boten wonten wohipun; malah dalasan ronipun wau pisan, ingkang tumrap para titiyang Yahudi dados pasemoning pandamelipun lahir bangsa pangibadah, ing sapunika inggih garing. Anggènipun angemohi titiyang Yahudi wau kasebutaken langkung cetha déning Kanjeng Nabi ‘Isa wonten ing dalem sanépanipun pakebonan anggur (Mat. 21: 33), ingkang pinungkasan ing dhawuh: “Karatoning Allah bakal pinundhut saka ing kowé, banjur kaparingaké marang sawijining bangsa kang angetokaké wohé” (Mat. 21: 43). Dhawuh sabdanipun Quran Suci mangandikani kula sami, bilih “bangsa kang angetokaké wohé” wau kaum Muslimin. Prayogi dipun terangaken pisan bilih Nabi Yeremiyah ugi nyanépakaken bangsa Yahudi kados déné woh tîn kalih wakul, woh tîn ingkang saé ateges para tulus ing antawisipun bangsa Yahudi, woh tîn ingkang awon ateges para duraka (Yer. Bab 24). Wondéné wit zaitun, sampun genah sawenèh tafsir Bébel mastani manawi ugi dados pasemonipun bangsa Yahudi. Nanging Quran Suci wonten ing ngriki ngagem wit zaitun wau dados pasemonipun saréngatipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. Sarta bab punika wonten ing satunggaling dhawuh ingkang tumurunipun langkung kantun dipun terangaken saha dipun cethakaken “sanépané papadhangé kaya déné cagak kang ing dhuwuré ana damaré, damar iku ana ing sajroning gedah, gedahé iki kaya déné lintang kang gumebyar, diurubaké asal saka ing wit zaitun kang binarkahan, ora wétanan lan ora kulonan” (24: 35). Ing ngriki kalayan terang Islam kawarna kadi déné wit zaitun, awit saking punika lisahipun inggih kedah kaanggep dados pasemonipun Islam. Tatandhingan punika anedahaken, bilih angger-angger (saréngat) ingkang katurunaken ing redi Sina punika sampun pejah, kados déné wit tîn ing sanépanipun Kanjeng Nabi ‘Isa, nanging papadhang anyar, ingkang kaurubaken saking wit zaitun ingkang binarkahan, boten saged pejah ing salami-laminipun, jalaran papadhang wau boten kagolong étan lan boten kagolong kilèn, wangsul kakarsakaken kanggé sadaya manusa tumrap sadaya jaman, wangsul saréngat Musa kawatesan ing wekdal lan panggènan. Dados ing dhawuh punika wonten isyarah utawi sasmita bab kautusipun Kanjeng Nabi kanggé ing sajagad. 2767. Angsal-angsalanipun nglimbang-nglimbang ing kautusipun Kanjeng Nabi Musa lan kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. punika namung sawarni, satunggal, inggih punika angsal 1660 Elo Juz XXX 7 Lah sawisé (iki) sapa kang bisa maido marang sira prakara putusan? 8 Apa Allah iku dudu becikbeciking juru-hukum?2768 pupuntoning pamanggih, bilih manusa punika titah ingkang sakalangkung saé piyambak; terangipun: tumitahing manusa punika kinanthènan ing kasantikan utawi kakiyatan ingkang langkung ing sasamining tumitah kanggé sarananing majeng-majengipun. Nanging manusa inggih saged ngloropaken awakipun piyambak, ngantos dados asoring asor, kados déné para manembah-brahala, ngantos purun sujud dhateng barang-barang pejah kadosta séla, utawi kados déné titiyang Israil, ngantos purun nglirwakaken dhawuh-dhawuh ingkang kaparingaken dhateng piyambakipun lumantar Nabi-Nabi. Sadaya para Nabi wiwit Kanjeng Nabi Musa dumugi Kanjeng Nabi ‘Isa, tuwin Kanjeng Nabi Suci Muhammad, sami migatosaken sanget bilih manut miturut dhawuhipun Pangéran punika tuking kaluhuranipun manusa ingkang sajati. Dhawuh punika ngemot angger-angger ingkang umum tumrap kamajenganipun manusa saha piweca bab tataraning kasampurnan ingkang sakalangkung inggil, ingkang badhé dipun gayuh déning bangsa Arab lantaran Kanjeng Nabi Suci, punapa déné nasib ingkang badhé dipun sandhang déning para mengsah ing Makkah, ingkang badhé dipun dadosaken asor lan ina wonten ing nagari-nipun, manawi boten sami purun nanggapi pangajakipun Kanjeng Nabi. Ngemungaken gambaring pangangen-angen ingkang kajèrèng sacara okol-okolan kémawon, ingkang saged numrapaken dhawuh punika dhateng bab prakawis dhumawahipun Adam ing dosa tuwin angsalangsalaning anggènipun dhumawah ing dosa. Katundhungipun Adam saking suwarga punika boten saged winastan asoring asor, sarta wontenipun barang ingkang dipun kajawèkaken, inggih punika para angèstu, punika anedahaken bilih dhawuh punika wigatos anyebutaken kawontenanipun limrah para manusa. 2768. Ayat kakalih punika lan nginggilipun saayat, punika wigatos anyebutaken pancasanipun Pangéran ingkang calon badhé dhumawah dhateng para ingkang sami ngemohi ing Kanjeng Nabi. Pancasan wau pancasanipun tiyang duraka tumrap wonten ing gesang sapunika punika tuwin tumrap gesang ing bénjing. _____________ SURAT 96 AL-’ALAQ (Rah anjendhel) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (19 ayat) Katerangan gerban Umum angakeni bilih gangsal ayat ingkang wiwitan ing surat punika wahyuning Pangéran ingkang katampi déning Kanjeng Nabi Suci rumiyin piyambak. Nanging ing tatananing urut-urutanipun surat, dhawuh punika kapapanaken wonten ing panggènanipun samangké punika. Déné sababipun, awit suratsurat ingkang sampun, punika migatosaken kasampurnan lan kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh ing Kanjeng Nabi, tuwin kasampurnan lan kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh déning pandhèrèkipun lumantar panjenenganipun – inggih punika gagayuhan ingkang boten saged dipun gayuh déning ikhtiyaripun manusa piyambak. Milanipun, dhawuhipun ingkang wiwitan surat punika andhawuhaken dhateng panjenenganipun, supados nyuwun pitulungipun Pangéran. Surat punika kasebut Rah anjendhel margi wontenipun pratélan ing ayat angka kalih, bilih Allah anitahaken manusa saking rah anjendhel, ingkang mengku sasmita, bilih boten prabéda lan kawujudanipun manusa ingkang éndah punika tuwuh saking asal kamulan ingkang ina, lah makaten ugi Kanjeng Nabi Suci, saking kawontenanipun ingkang asor, badhé jinunjung anglenggahi kaluhuran ingkang sakalangkung inggil. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Macaa kalawan asmaning Pangéranira, Kang anitahaké.2769 Ut. katresnan 2 Panjenengané anitahaké manusa saka getih-anjendhel.2770 2769. Awawaton Bkh tuwin hadits sanès-sanèsipun ingkang kénging pinitados, sadaya sampun sami sarujuk amastani, bilih gangsal ayat ingkang wiwitan ing surat punika wahyu ingkang rumiyin piyambak katurunaken dhateng Kanjeng Nabi wonten ing guwa Hira’, nadyan inggih wonten ingkang mastani bilih surat Fatihah tumurun langkung rumiyin, utawi ayat-ayat ing wiwitaning surat ingkang angka 74 punika wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak. Pratélan ingkang angka kalih punika sampun katerangaken lepatipun wonten ing purwakanipun surat 74, déné pratélan ingkang sapisan (ingkang mastani surat Fatihah wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak), punika inggih boten kiyat waton-watonipun. Dhawuh ingkang mungel kalawan asmaning Pangéranira punika tegesipun kalawan pitulunging Pangéranira. Kawontenan-kawontenan ingkang nyartani tumurunipun wahyu ingkang sapisan punika, kasebut wonten ing hadits-hadits ingkang kénging pinitados. Miturut hadits-hadits wau, wangsulanipun Kanjeng Nabi ingkang wiwitan dhateng malaikat ingkang ngampil dhawuh punika, inggih punika bilih panjenenganipan boten saged maos. Punika nandhakaken kalayan tanpa wonten semang-semangipun malih, bilih Kanjeng Nabi punika pranyata boten saged maos lan boten saged nyerat. 2770. ‘Alaq punika tegesipun getih anjendhel lan ugi ateges sih lan katresnan (TA-LL). Teges 1662 Rah anjendhel Juz XXX 3 Macaa, lan Pangéranira iku Ingkang-Mahamulya,2771 4 Kang mulang (nulis marang manusa) kalawan qalam,2772 5 Mulang marang manusa apa kang durung weruh. 6 O, sayekti manusa iku ambalasar temenan, 7 Déné teka rumasané awaké ora butuh.2773 ingkang rumiyin (getih anjendhel) punika ingkang kelimrah dipun anggé negesi, awit ing panggènan sanès-sanèsipun ing Quran Suci wonten ingkang nyebutaken ‘alaqah tumrap tumitahipun manusa. Dipun tegesi makaten punika boten wonten pakèwedipun, awit punika anedahaken bilih asal kamulanipun manusa punika sepélé, salajengipun nyasmitakaken bilih saking asal asor Kanjeng Nabi badhé jinunjung ing ngaluhur. Teges satunggalipun wau ugi kula pèngeti wonten ing margin. Wonten satunggaling hadits ingkang nerangaken bilih Allah Ingkang-Mahaluhur ngandika: Ingsun remen yèn ta kasumurupana, mulané Ingsun anitahaké manusa. Dados tumitahipun manusa, utawi ingkang langkung trep: tumitahipun manusa sampurna, kalayan manut citraning Pangéran, punika awit saking sifatipun Pangéran Mahatresna. Sifat punika dados tatalesipun ngélmu tasawwuf Islam. Pamanggih kula, manusa punika mengku sasmita ingkang mligi: Manusa sampurna, utawi Kanjeng Nabi. 2771. Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing katrangan angka 5, Rabb punika Ingkang-Ngitik-itik; rèhning makaten mila tiyang utawi barang saged anggayuh tataran saking ngandhap dumugi nginggil, minggah-minggah, ngantos dumugi pantoging kasampurnanipun. Dados , ing dalem dhawuh punika mengku isyarah ingkang nyasmitani pucaking kamulyan tuwin kaluhuran ingkang kakarsakaken calon badhé dipun gayuh déning Kanjeng Nabi. 2772. Kalam kasebutaken wonten ing dhawuh ingkang katurunaken dhateng Kanjeng Nabi ingkang rumiyin piyambak, punika mengku teges ingkang lebet, inggih punika kanggé anedahaken bilih Kanjeng Nabi Suci badhé ngalami manawi kalam punika “dados babantu ingkang kiyat kanggé mencaraken ngélmu bab kasawijènipun Pangéran” (Rodwell). Kajawi punika ugi mengku suraos bilih kalam punika badhé dipun pigunakaken kalayan mligi kanggé ngreksa wahyuning Pangéran ingkang badhé dipun turunaken dhateng Kanjeng Nabi – utawi kanggé ngreksa barang ingkang dèrèng naté dipun ngertosi ing sadèrèng-dèrèngipun déning tiyang sampurna, ingkang ing sapunika kinarsakaken badhé dipun paringi piwulang (ayat 5). Nyata, kalam punika boten sakedhik lalabetanipun tumrap sumiyaripun Islam, makaten ugi tumrap kanggé rumeksa Quran saking sawarnining karisakan. Nyerat lan kalam asring dipun sebutaken wonten ing Quran Suci, langkung-langkung gagandhèngan kaliyan wahyuning Pangéran ingkang kaampil déning Kanjeng Nabi Suci, punika angéram-éramaken sanget, manawi angèngeti, bilih migunakaken seratan punika boten namung nama langka kémawon wonten ing jazirah Arab, nanging dalasan tiyang ingkang andhawuhaken sabda wau piyambak, boten saged nyerat lan boten saged maos. 2773. Wiwit dhawuh punika dumugi telas-telasanipun surat déning sawenèh hadits dipun tumrapaken dhateng Abu Jahl, jalaran inggih piyambakipun punika tiyang ingkang ngawisi Kanjeng Nabi sembahyang wonten ing sacelakipun Ka’bah. Nanging kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing panggènanipun dhawuh-dhawuh ingkang kados makaten punika, dhawuh ingkang mengku suraos umum. Boten saged winatesan namung tumrap sawenèh tiyang ingkang sampun katamtokaken. Sampun boten wonten semang-semangipun malih Abu Jahl punika pancèn dados conto ingkang melok, ingkang anggambaraken tiyang ingkang sisifatanipun katerangaken wonten ing dhawuh punika, awit Surat 96 Rah anjendhel 1663 8 Sayekti, marang Pangéranira bali iku. 9 Apa sira weruh wong kang menging, 10 Sawijining salat?2774 abdi samangsa 11 Apa sira weruh, yèn dhèwèké iku ana ing dalan bener, 12 Utawa akon njaga diri (saka ing ala)? 13 Apa sira weruh, yèn dhèwèké iku anggorohaké lan maléngos? 14 Apa dhèwèké ora weruh, yèn Allah iku amirsani? 15 O, manawa dhèwèké ora marèni, masthi bakal Ingsun tangani bathuké,2775 16 Babathuk doracara, babathuk dosa. 17 Lah dimèn dhèwèké anekakaké rowangé rerembugan, 18 Ingsun iya bakal anekakaké para prajurit suraya.2776 piyambakipun punika panuntuning mengsahipun Kanjeng Nabi ing Makkah, sarta kawusananipun Abu Jahl wau dados tepa tuladha tumrap sadaya panuntun awon tuwin panuntun damel wisuna. 2774. Ing dalem dhawuh ingkang boten winatesan sinten ingkang katuju punika mengku sasmita ingkang mligi dhateng Kanjeng Nabi. 2775. Bathukipun para panuntun Quraisy ingkang sami mengsahi Kanjeng Nabi, Abu Jahl kalebet èwonipun, sami kapupuh nalika prang Badr. 2776. An-nâdi tegesipun al-majlis, jawinipun parepatan. Dâru-n-nadwah ing Makkah (ugi asal saking tembung nada) punika namanipun balé agungipun bangsa Arab, dipun anggé papanipun para pinisepuh sami parepatan perlu ngrembag prakawis ingkang wigatos-wigatos, ingkang magepokan kaliyan bangsa Arab ing sagemblengipun, prakawis perang lan sapanunggilanipun. Rz anggancaraken . makaten Tumplaken dadi siji wong-wong kang koanggep mulya lan bisa nandhingi, supaya mitulungi sira. Zabâniyah punika “tumrap bangsa Arab nalika kina,” ateges syurath 1664 a. 978 Rah anjendhel Juz XXX 19 O, aja sira manut dhèwèké, sarta sumujuda tuwin mareka (ing Allah).a (LL, makaten ugi Kf, Bd, Rz), “ingkang manut suraosipun ing kina kanggé anembungaken para prajurit prawira, utawi manut suraosipun ing jaman ingkang kantun-kantun kanggé nembungaken para pangiringipun pangageng pulisi ingkang sami asikep dadamel (S). Punika tegesipun ingkang sakawit (LL). Dados ayat kakalih punika kalayan terang mangandikakaken peperangan, ingkang ing ngriku fihak kalih-kalihipun sami badhé ngedalaken titiyangipun ingkang kiyat-kiyat supados sami ngaben tiyasa. Zabâniyah dipun tegesana malaikating siksa, meksa mathuk tumrap ing alam kakalih, inggih punika wonten ing gesang sapunika punika tuwin ing akhirat. Rz nerangaken: “kacariyos punika piweca saking Allah bilih piyambakipun wonten ing donya punika badhé dipun glandhang kados déné segawon, sarta piyambakipun nyata sampun angsal siksa makaten wau nalika wonten ing prang Badr; kacariyos malih bilih dhawuh punika piweca bilih bénjing ing akhirat malaikating siksa badhé angglandhang piyambakipun dhateng naraka.” Ugi kacariyosaken bilih ing satunggaling wekdal Abu . Jahl naté umuk sarwi nantang Kanjeng Nabi Suci: “Lan ing jujurang ora ana wong kang duwé parepatan kang gedhé saliyané aku.” Salajengipun kacariyosaken bilih dhawuh ing ayat 17 punika mengku suraos nuju prakawis punika (AH), ingkang ugi lajeng murugaken dhawuh panantang punika mathuk kanggé tumrap ing gesang sapunika punika. _____________ SURAT 97 AL-QADR (Kaagungan) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (5 ayat) Katerangan gerban Wahyu Quran ingkang katurunaken rumiyin piyambak, ingkang kasebut wonten ing surat ingkang sampun, mathis sanget menggah ing urut-urutanipun dipun sambeti ing surat ingkang ngandharaken nalika wahyu Quran wiwit katurunaken. Daluning kaagungan (salah satunggalipun dalu sadasa ing wekasanipun wulan Ramadlan), punika ingkang neksèni rumiyin piyambak sumoroting papadhang ingkang pinasthi badhé nyunari saindhenging jagad. Tumurunipun wahyu ingkang rumiyin piyambak wonten ing daluning Kaagungan, ingkang salajengipun kagem namakaken surat punika, punika mengku pitedah bilih wahyuning Pangéran ingkang minulya piyambak, ing samangké sampun katurunaken dhateng ngalam donya, sarta kaagunganing wahyunipun Pangéran punika punapa déné kaagunganipun ingkang nampèni wahyu wau, mesthi badhé kajumenengaken wonten ing jagad punika. Surat punika sampun genah kalebet éwonipun dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan sanget. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Sayekti, iku anggon-Ingsun anurunaké ana ing wengi kang agung.2777 2777. Lailatu-l-qadr, ingkang kula jarwani wengi kang agung, lan ingkang wantahipun ateges bengining kaagungan utawi kaluhuran, punika satunggaling dalu ingkang misuwur ing wulan Ramadlan, inggih punika dalunipun wulan Ramadlan wau ingkang kaping 21, utawi 23, utawi 25, utawi 27, utawi 29, utawi saged ugi ingkang langkung cepak salah satunggalipun dalu titiga ingkang kasebut kantun piyambak wau ing 44: 3 dalu wau kasebut wengi kang binarkahan. Nitik dhawuh ing 2: 185, tétéla bilih Quran Suci punika katurunaken ing wulan Ramadlan, sarta nitik dhawuh ing nginggil punika, tétéla manawi tumurunipun wau ing wanci dalu ingkang agung. “Tumurun” punika mesthi kémawon ateges “tumurunipun ingkang rumiyin piyambak,” awit kitab Quran ing sagemblengipun, punika anggènipun katurunaken sapérangan-sapérangan ing salebetipun wekdal tigalikur taun. Déné tembung “Quran” punika kénging kanggé mastani sapérangan utawi sagemblengipun kitab. Inggih awit saking punika déné i’tikâf, utawi mempen wonten ing masjid, punika kadhawuhaken wonten ing sadasa dinten ing wekasaning wulan Ramadlan. Menggah ing sajatos-jatosipun, wigatosipun lailatu-l-qadr punika kabekta saking dalu wau dalu tumurunipun ing jagad wahyuning Pangéran ingkang sakalangkung sampurna piyambak tuwin sakalangkung binarkahan piyambak. Kanjeng Nabi Musa siyam kawandasa dinten sadèrèngipun tampi wahyu (Pangentasan 24: 18), lan Kanjeng Nabi ‘Isa inggih siyam kawandasa dinten sadèrènging panjenenganipun kajumenengaken dados Nabi (Mat. 4: 2), punika anedahaken bilih tumurunipun wahyu punika sinartan siyam; awit saking punika saben taun titiyang Muslimin kadhawuhan siyam tigangdasa dinten, sarta nugrahanipun Pangéran ingkang mirunggan 1666 Kaagungan Juz XXX 2 Lan apa kang mangertèkaké sira, wengi kang agung iku apa? 3 Wengi kang agung iku luwih becik tinimbang sèwu sasi.2778 4 Ing kono para malaikat sarta ruh padha tumurun kalawan idining Pangérané, tumrap sarupaning prakara,2779 5 Rahayu! iku nganti tumeka metuning gagat bangun.2780 kajanjèkaken dhateng titiyang Muslimin badhé dipun paringaken wonten ing dinten-dintenipun siyam ingkang wekasan. Nanging lailatu-l-qadr punika mengku teges sanèsipun malih ingkang lebet. Rawuhipun satunggaling Nabi punika limrahipun wonten ing jaman peteng; inggih awit saking punika mila ing Quran Suci jaman wau asring kasanépakaken dalu. Nanging rèhning ing salebetipun pepeteng punika wonten nugrahaning Pangéran ingkang tumurun, awujud utusanipun Pangéran, mila dadosipun dalu wau dalu ingkang binarkahan lan linuhung. Dados, jaman rawuhipun satunggaling rasul utusanipun Pangéran, punika sacara ngibarat kénging kawastanan lailatu-l-qadr. Ing 44: 3 dalu wau pinasti dados dalu ingkang binarkahan, tur kinanthèn ing dhawuh pratélan bilih ing ngriku “sarupaning prakara kawicaksanan sinilahaké,” punika anedahaken kalayan terang, bilih tegesipun ingkang satunggal tembung wau, punika adhadhasar dhawuhipun Quran Suci piyambak, awit inggih salebetipun wekdal rawuhipun Nabi wau, kawicaksanan sajati kajumenengaken kalayan pratéla. 2778. Sèwu wulan punika kirang langkung sami kaliyan 83 taun, jangkepipun saabad kirang 17 taun. Wonten hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang mangandikakaken, bilih ing saben wiwitaning abad badhé wonten Mujaddid, utawi juru-pambangun, ingkang rawuh wonten ing antawisipun kaum Muslimin. Tegesipun ingkang langkung lebet lailatu-l-qadr ingkang sampun katerangaken wonten ing katrangan ingkang sampun, dipun kiyataken malih déning kawontenanipun juru-pambangun wau, ingkang ing salebetipun kawontenan limrah, makarya ngantos watawis kalihdasanan taun laminipun, awit saking punika dados wekdal punika langkung saé lan langkung migunani manawi katimbang kaliyan kakantunanipun ingkang wolungdasa taun, ingkang boten karawuhan juru-pambangun. 2779. Para malaikat lan “ruh” sami tumurun, punika ugi anedahaken bilih lailatu-l-qadr punika mengku teges ingkang langkung lebet malih, awit sanajan inggih saged ugi satunggaling dalu ing wulan Ramadlan kapiji ing nugrahanipun Pangéran ingkang ageng, “para malaikat lan ruh” tumurun saking langit, punika langkung mligi magepokan kaliyan ayahanipun satunggaling tiyang ingkang katimbalan ing Pangéran ingandikakaken ambangun jagad, jalaran inggih kados makaten punika Allah anggènipun mitulungi pakaryanipun tiyang pipilihan-Ipun wau. Déné katerangan tegesipun ruh, mirsanana 653, 2181. 2780. “Rahayu,” punika sisifatanipun ingkang miyambaki lailatu-l-qadr ingkang baku piyambak. Rahayu punika tumedhak dhateng manahipun para ingkang sami bekti tur ingkang sajati, awujud katentremanipun manah, ingkang lajeng mahanani para titiyang wau pantes tampi nugrahanipun Pangéran. Teterusan “nganti tumeka metuning gagat-bangun,” punika sampun terang sanget manawi “dalu” wau dipun suraos wantah. Déné manawi boten katampi walaka, gagat bangun punika ateges juru-pambangun sampun ngajengaken badhé séda, inggih punika duk kalanipun yakti lir péndah papadhanging raina, sampun gumelar cetha awéla-wéla. ____________ SURAT 98 AL-BAYYINAH (Pasaksèn Ingkang Terang) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (8 ayat) Katerangan gerban Rèhning sami-sami wahyuning Pangéran wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi punika wahyu ingkang kinawasa piyambak, mila wonten ing ngriki panjenenganipun kasebut Pasaksèn ingkang terang (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika), inggih punika ingkang anyilahaken antawising yakti lan panggorohan (leres lan lepat), awit kados déné ingkang kacetha wonten ing surat punika, wahyu ingkang katampi déning Panjenenganipun wau mengku sadaya piwulangipun ingkang murni tuwin enggel kitab suci ingkang rumiyin-rumiyin. Saged ugi dhawuh punika sanès èwonipun dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan, nanging kados sampun boten wonten semangsemangipun malih, bilih dhawuh punika katurunaken ing Makkah, makaten pamanggihipun ngulami ingkang sabagéan kathah. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Para kang padha kafir saka golongané pandhèrèking kitab sarta (saka golonganing) para musyrik ora bisa pilah nganti tekaning tandha yekti marang dhèwèké:2781 2781. Dhawuh punika wonten angèlipun tumrap ing tembung munfakkîn, ingkang limrahipun mesthi dipun raketi ing tembung ingkang dados lésanipun pipilahan ingkang kapangandikakaken. . Upaminipun ukara ukara jawinipun: barang iki pilah karo barang (sijiné), tuwin jawinipun: aku pipisahan karo kowé (TA-LL). Para mufassirin sami pakèwed anggènipun badhé ngisèni ukara ingkang boten kasebutaken wau, sarta limrahipun sami . gadhah pamanggih bilih sambetipun tembung munfakkîn punika tembung saka kakafirané. Nanging punika ugi nukulaken pakèwed-pakèwed énggal (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun, boten prabéda lan sadaya ayatipun Quran Suci ingkang wonten ukaranipun ingkang boten dipun sebutaken, ukara kakiranganipun wau sampun dipun sasmitakaken wonten ing suraosing dhawuh. Kang padha kafir saka golongané pandhèrèking kitab sarta saka golongané para musyrik, punika sampun cetha manawi nyasmitakaken titiyang kalih golongan, inggih punika tiyang ingkang kafir dhateng Kanjeng Nabi Suci sarta tiyang ingkang angèstu ing panjenenganipun; sarta tumrap ingkang kados makaten wau, namung kasebutaken satunggal punika sampun cekap. Titiyang saé utawi para angèstu 1668 Pasaksèn ingkang terang Juz XXX 2 Utusan saka ing Allah, kang maca lembaran-lembaran suci,2782 3 Ing jeroné iki (ngemot sakèhing) kitab kang bener.2783 4 Lan para kang wis kaparingan kitab, ora pecah belah, kajaba sawisé tandha yekti tumeka marang dhèwèké.2784 5 Lan dhèwèké iku ora diparéntahi apa-apa kajaba laladi ing Allah, tuhu-tuhu pambangun-turuté marang Panjenengané, tulus, sarta anjumenengaké salat, apa déné awéh zakat, lan mangkono iku agama kang bener. lan titiyang awon inggih punika titiyang kafir, boten saged kapilah-pilahaken, manawi Juru-anyilahaken – al-bayyinah utawi pasaksèn ingkang terang – dèrèng rawuh. Déné bayyinah punika punapa, katerangaken wonten ing ayat candhakipun, inggih punika: utusan saking Allah. 2782 . Kedah dipun pèngeti bilih utusan, punika wonten ing ngriki katerangaken manawi maos lembaran-lembaran suci, dados punika anedahaken kalayan terang bilih Quran punika nalika jaman tumurunipun surat punika sampun dipun serat. Lah manawi wahyuning Pangéran ingkang tumurun ing jaman wiwitan sampun dipun serat kalayan ajeg punika lajeng dados pasaksèn bilih wahyuning Pangéran ingkang tumurun ing jaman ingkang kantun-kantun mesthi inggih lajeng dipun serati. 2783. Kutub, jama’-ipun tembung kitâb, punika tegesipun pranatan utawi serat. Teges ingkang pundi kémawon ingkang dipun anggé, sami kémawon suraosipun dhawuh punika, inggih punika bilih sadaya pitedah leres ingkang pinanggih wonten ing sadhéngah kitab sanès-sanèsipun ingkang asli wahyuning Pangéran, punika mesthi kamot wonten ing Quran Suci, makaten ugi ingkang dèrèng naté kawahyokaken ing sadèrèng-dèrèngipun, nanging ingkang perlu sanget kanggé anuntun manusa, ugi kamot wonten ing Quran Suci. Dados, kitab Quran angundhangaken manawi mengku sadaya bab ingkang saé-saé, ingkang pinanggih wonten ing kitab suci sanès-sanèsipun, sarta malih anjangkepi kakiranganipun. Tembung kutub dipun raketi tembung qayyimah, ingkang jawinipun kang bener, punika kanggé anedahaken bilih kitab suci Quran punika suci saking sawarnining lepat kados ingkang pinanggih wonten ing kitab suci sanès-sanèsipun wau. Makaten ugi tembung muthahharah (kanggé . nyifati Quran), ingkang tegesipun jawinipun sinucèkaké saka panggo- rohan (Rz), punika ugi mengku maksud makaten wau. 2784. Pepecahan dados pinten-pinten golongan ingkang kasebutaken ing ngriki, punika mengku maksud sami kados déné ingkang kapangandikakaken ing ayat 1, utawi mengku maksud, bilih pandhèrèking kitab ing jaman kina pecah-pecah dados pinten-pinten golongan, sawenèh purun nampèni, sawenèhipum angemohi, sawenèh manut miturut ing kasaénan, sawenèhipun manut ing awon, ngantos manawi sampun karawuhan ing tandhayekti ingkang cetha. Dados dhawuh punika wigatos mangandikakaken, bilih pilihanipun awon lan saé, punika kelampahanipun mesthi ing sasampunipun wonten juru-milahaken ingkang rawuh sarta bilih barang ingkang ing samangké kelampahan, punika ugi naté kelampahan ing sadèrèngipun, inggih punika nalika para andika rasul rawuh wonten ing antawisipun para pandhèrèking kitab. Surat 98 Pasaksèn ingkang terang 1669 6 Sayekti, para kang kafir saka golongané pandhèrèking kitab sarta (saka golongané) para musyrik, iku padha ana ing geni naraka, manggon ana ing kono; yaiku alaalaning manusa. 7 Déné para kang padha angèstu lan anindakaké panggawé becik, yaiku becik-beciking manusa. Ar. ngisoré 8 Ganjarané ana ngarsaning Pangérané yaiku patamanan kalanggengan, kang ing jeroné kalikaliné padha mili, manggon ing kono langgeng; Allah rena marang dhèwèké sarta dhèwèké rena marang Panjenengané;2785 mangkono iku tumrap sapa sing wedi marang Pangérané. 2785. Katerangan bab kawontenanipun para sahabat Nabi punika, dados bukti ingkang kiyat, ingkang nélakaken bilih pangawon-awon ingkang sok katumrapaken dhateng para sahabat wau dora. _____________ SURAT 99 AZ-ZILZÂL (Gonjang-ganjing) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (8 ayat) Katerangan gerban Gonjang-ganjing ingkang kapangandikakaken ing ayat ingkang wiwitan ing surat punika, ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika, punika piweca bab bilai ageng ingkang anggonjangganjingaken tanah Arab nalika rawuhipun Kanjeng Nabi Suci tuwin bilai ageng ingkang dèrèng naté wonten saminipun, ingkang anggonjang-ganjingaken saindhenging jagad ing samangké punika. Rèhning nalika jamanipun Kanjeng Nabi, pambangunan punika wontenipun saking angsal-angsalaning bilai-bilai wau, milanipun ing sapunika ugi, ébah-ébahan ruhani ingkang ageng ugi kénging dipun ajeng-ajeng wontenipun. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Samangsa bumi digonjangganjingaké kalawan gonjangganjing kang abanget, 2 Sarta bumi angetokaké momotané, Ar. dhèwèké Ar. dhèwèké Ar. dhèwèké 3 Sarta manusa calathu: Kena ngapa iki? 4 Ing dina iku bumi anjalèntrèhaké pawartané, 5 Sabab déné Pangéranira aparing wewedhar marang bumi.2786 2786. Manawi dipun limbang-limbang kanthi dipun gathukaken kaliyan gesang sapunika punika, piweca-piweca punika wigatos amecakaken jaman nalika bumi angedalaken tiyangipun ingkang pejah, ingkang lajeng kagesangaken malih menggah ing ruhaniyahipun, ing sasampunipun bumi wau dipun gonjang-ganjingaken kalayan sanget, kados déné ingkang kelampahan wonten ing tanah Arab punika. Katranganing tegesipun zalzalah utawi gonjang-ganjing ingkang kados makaten wau, kula aturi mirsani ing 1668. Bumi nyariyosaken pawartosipun, punika ateges dumadosipun kawontenan-kawontenan Surat 99 Gonjang-ganjing 1671 6 Ing dina iku para manusa bakal padha metu aprenca-prenca, perlu padha diweruhaké panggawé-panggawéné. 7 Lah sapa sing nindakaké panggawé becik (sanadiyan mung) bobot samendhang, bakal weruh. 8 Lan sapa sing nindakaké panggawé ala (sanajan mung) bobot samendhang, (iya) bakal weruh.2786 ingkang saged adamel melok sabarang tindak awon lan tindak dédé ingkang katindakaken wonten ing ngriku, kados déné ingkang kacetha ing pangakenipun titiyang Makkah, bilih piyambakipun punika tukang nindakaken pandamel awon. Sawenèh mufassir wonten ingkang mastani bilih ayat-ayat punika wigatos nerangaken tandha-tandhanipun dinten akhir, utawi tanda-tandhanipun dinten pancasan sampun celak. Manawi kasuraos makaten, dhawuh punika mengku teges, bilih lindhu lan babaya sanèssanèsipun badhé anggonjang-ganjingaken bumi. Babaya ingkang maujud lindhu tuwin paperanganpaperangan, ingkang anggènipun anggigirisi ngantos pentog kados déné ingkang kelampahan nalika prang Éropah ing jaman samangké punika (prang donya ingkang kaping sapisan lan kaping kalih, pen), punika sadaya wonten ing babading jagad dèrèng naté kelampahan, sarta saèstu anggonjangganjingaken bumi prasasat ngantos dumugi ing dhasaripun. Punika mratandhani bilih kula sadaya punika ngalami gesang wonten ing jaman ingkang wonten ing serat-serat suci kasebut jaman akhir. Tumrap panyuraos punika bumi angedalaken momotanipun, punika ateges ngedalaken isèn-isènipun ingkang sakalangkung ageng pangaosipun, kadosta pepelikan tuwin wulu wedal sanès-sanèsipun. Mufassir sanès-sanèsipun wonten malih ingkang gadhah pamanggih, bilih dhawuhing ayat punika sadaya namung mathuk kanggé nyifati dinten akhir utawi dinten kiyamat. Nanging nitik wontenipun pratélan bilih manusa wicanten: Kena ngapa iki, punika nandhakaken manawi dhawuhing ayat punika langkung prayogi dipun tafsiri gagandhèngan kaliyan gesang sapunika punika. 2786A. Wohing pandamel awon tuwin pandamel saé ingkang katindakaken ing manusa punika asring dipun pintonaken dhateng piyambakipun wonten ing gesang sapunika punika, sanajan gumelaripun ingkang kalayan sampurna, kelampahanipun wonten ing akhirat. Nanging tumrap para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi tuwin mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, ing gesang sapunika punika ugi sami dipun paringi icip-icip wohing pandameiipun ingkang katindakaken, punika minangka kanggé pasaksèn bilih wontenipun ganjaran tuwin siksa ing akhirat punika ugi nyata saèstu. ____________ SURAT 100 AL-‘ÂDIYÂT (Ingkang nyerang) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (11 ayat) Katerangan gerban Surat punika dipun namakaken Ingkang nyerang, pipiridan saking dhawuh piweca ingkang kasebut ing ayat 1, ingkang nerangaken bilih bilai ageng ingkang kapangandikakaken wonten ing surat ingkang sampun, punika badhé kelampahan sarana peperangan-peperangan. Kanyataanipun bab prakawis punika boten namung ing nalika jamanipun Kanjeng Nabi Suci kémawon, nanging dalasan ing jaman kita samangké inggih tetep nyata, malah kapara langkung pratéla malih. Peperangan-peperangan ing jaman kita samangké, ingkang dèrèng naté wonten saminipun ing sadèrèng-dèrèngipun, punika sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi dados cacala badhé wontenipun pambangunan ruhani ingkang ageng, plek kados déné ingkang naté kelampahan wonten ing tanah Arab tigawelas abad kapengker. Bab ingkang karembag wonten ing surat punika tuwin titimangsa jamaning tumurunipun, kénging kagolongaken kaliyan surat nginggilipun. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 Ut. nyerang 1 Mramanaknaa kang-ambalap kalawan menggos-menggos, 2 Sarta kang-amletikaké geni kalawan panujahé, 3 Lan kang-nyander ing wayah bangun-ésuk, 4 Tuwin kang-anjalari mabulmabuling lebu, Ar. golongan 5 Banjur bisa andhesek sumusup mungsuh; 6 Sayekti, manusa iku marang Pangérané ora sukur,2787 2787. Miturut para mufassirin ingkang sabagéan kathah, pratélan ing ayat 1 dumugi 5 punika mratélakaken unta utawi kapal. Ingkang mastani nerangaken unta punika adhadhasar kateranganipun Bagéndha ‘Ali, ingkang mangandikakaken bilih al-‘âdiyât punika tegesipun unta-unta ingkang sami lumajeng saking Arafah dhateng Muzdalifah, inggih punika namanipun panggènan kakalih ingkang wonten sasambetanipun kaliyan upacara lampah-lampahipun ngibadah haji. tumrap panyuraos punika ateges tempuking tracakipun unta wau kaliyan séla nalika lumajeng ririkatan, Surat 100 Ingkang nyerang 1673 7 Lan sayekti, dhèwèké iku temen anekséni marang prakara iku, Ut. rosa 8 Lan sayekti, dhèwèké iku tresnané marang bandha gedhé temenan. 9 Apa ta dhèwèké ora weruh samangsané apa kang ana ing kubur ditangèkaké, 10 Sarta apa kang ana sajroning dhadha dieblakaké? 11 Sayekti, Pangérané, ing dina iku marang dhèwèké temen waspada.2787A ngantos angedalaken latu. nerangaken plajengipun ingkang rikat sanget dhateng Mina ing wanci énjingipun dinten riyaya kurban. Déné ateges dumugi- nipun wonten ing Muzdalifah, ingkang kasebut al-jam’a, margi para ingkang jiyarah haji sami nglempak wonten ing ngriku (Rz). Déné katrangan satunggalipun ingkang mastani nerangaken kapal, punika awawaton kateranganipun I’Ab, Dk, lan para mufassirin sanès-sanèsipun sabagéan kathah; maksudipun kapal-kapal ingkang dipun anggé wonten ing paprangan, déné suraosing dhawuh, piweca kénging dipun suraos ugi ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika para prajurit piyambak, déné tembung dlab-hâ, ingkang asalipun kanggé nembungaken kapal ingkang menggos-menggos, punika ugi saged ateges ambengok (TA-LL), awit saking punika, saged ateges Mamranakna kang nyerang kalawan ambengok, dados saged mengku teges para prajurit ingkang sami perang, boten ngemungaken ateges kuda peperangan kémawon. Tumrap panyuraos punika, ngedalaken latu punika ateges andon perang, sarta al-mugirât ateges para ingkang sami anempuh; dados manawi kasuraos makaten wau, ayat gangsal iji punika dumunung anerangaken anggènipun titiyang Makkah merangi titiyang Muslimin. Ayat 6 wigatos dhawuh migatosaken anggènipun para titiyang Makkah boten gadhah panarimah, déné ngemohi Kanjeng Nabi Suci. Ingkang dipun karsakaken wonten ing dhawuhing ayat 1 dumugi 5 punika (manawi dipun suraos kados déné katrangan ingkang angka satunggal wau), wigatos nyebutaken bukti kanggé ambuktèkaken ing kayektènipun Kanjeng Nabi. Lumampahipun unta-unta dhateng Makkah kanthi ambekta para titiyang ingkang sami jiyarah haji, punika anggelar kayektènipun Kanjeng Nabi, awit Kanjeng Nabi Ibrahim ingkang nyenyuwun dhateng Pangéran supados nagari Makkah kadadosaken papan kalempakanipun manusa, punika ugi nyuwun supados saking antawising tedhak turunipun wontena ingkang kajumenengaken Nabi wonten ing ngriku. Katrangan warni kalih sanèsipun, punika ugi mengku karsa wigatos ambuktèkaken kayektènipun Kanjeng Nabi; inggih punika badhé gumelar samangsa para titiyang Makkah ingkang boten gadhah panarimah wau merangi ing panjenenganipun; inggih punika ing nalika Kanjeng Nabi andhatengaken yakti dhateng piyambakipun, piyambakipun boten sami purun nampèni nanging malah ngacungaken pedhangipun. 2787A. Pangéran Waspada ing dinten wau, punika ateges bilih siksa mesthi andhawahi para duraka, jalaran tumrap wonten ing donya punika tiyang punika sagedipun sumingkir saking siksa manawi kalepatanipun tiyang wau boten kauningan fihak ingkang wajib. Nanging Pangéran punika ing sawanci-wanci Mahawikan, mila manawi dhawuh punika mawi nyebutaken kalayan mligi ing dina iku, punika perlunipun kanggé nyifati dinten wau dinten dhumawahing siksa, sami ugi, punapa ing gesang sapunika punapa ing akhirat. Makaten ugi dhawuh apa kang ana ing kubur ditangèkaké. Punika mengku karsa wigatos anyebutaken kiyamat ruhani ingkang badhé dumados ing sasampunipun peperangan. SURAT 101 AL-QÂRI’AH (Babaya ingkang anggegeteri) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (11 ayat) Katerangan gerban Babaya ingkang anggegetiri ing surat punika, ingkang lajeng dados namanipun, punika sami kaliyan gonjang-ganjing ing surat nginggilipun let satunggal. Titimangsaning tumurunipun kirang langkung inggih sami. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Babaya anggegeteri! Ar. apa Ar. apa 2 Saiba anggoné anggigirisi babaya kang anggegeteri iku! 3 Lan apa kang mangertèkaké ing sira, saiba anggoné anggigirisi babaya kang anggegeteri iku?2788 4 Dinané manusa padha kaya sulung pating salebar, l 2788. Al-qâri’ah (saking tembung qar’, jawinipun nothok kalayan sora) punika tegesipun babaya ingkang sakalangkung ageng. Tembung punika wonten ing 13: 31 kagem kalayan tanpa karaketan ing al, makaten: “Lan ora bakal lèrèn-lèrèn para kang padha kafir, anggoné padha ketaman babaya kang anggigirisi (Qâri’ah) amarga saka panggawéné ....... nganti tumekané janjiné Allah.” Nitik panganggènipun tembung qâr’iah, nedahaken bilih tembung punika mengku teges salah satunggaling babaya ageng ingkang pijer-pijer andhawahi para titiyang Quraisy punika. Sarta nadyan inggih sampun boten kénging dipun sélaki malih bilih al-qâri’ah punika salah satunggaling nama ingkang dipun anggé namakaken dinten kiyamat, namung sabab dipun raketi al, punika boten saged ngéwahaken tegesipun, wangsul namung murih saya gumathok tegesipun tembung qâri’ah wau. Dados manawi makaten, tembung wau ateges babaya ingkang kajanjèkaken utawi ingkang kaancamaken, sarta ingkang makaten punika mengku kalih-kalihipun, inggih punika babaya ingkang kaancamaken badhé dhumawah nalika ing gesang sapunika punika tuwin ing akhirat. Ing 69: 4 al-qâri’ah ateges babaya ageng ingkang nglebur umat saking lumahing bumi. Surat 101 Babaya ingkang anggegeteri 1675 5 Sarta gunung-gunungé kaya wulu wedhus buyar.2789 a. 859, 1732 6 Sabanjuré, sapa sing timbanging panggawéné becika abot, 7 Lah iku bakal seneng uripé. 8 Déné sapa sing timbanging panggawéné becik ènthèng, 9 Panggonané bakal ana ing jurang jero.2790 10 Lan apa kang meruhaké sira, iku apa? 11 Geni kang murub. 2789. Para mengsahipun Kanjeng Nabi dados kados déné kupu ingkang pating salebar, déné panuntunipun ingkang ageng-ageng, ingkang kasanépakaken kados déné redi. Sami kapracondhang prangipun. Punika wonten ing 13: 31 kasebut babaya ingkang anggigirisi; mirsanana 1282. 2790. Tembungipun asli Hâwiyah punika saking tembung jawinipun nibakaké (LL), déné tegesipun hâwiyah wau panggènan ingkang sakalangkung lebet ngantos boten saged dipun andhapi dhasaripun (TA-LL). Tembung umm ingkang sakawit ateges biyung, salajengipun wonten ing sadaya tegesipun ingkang kaping kalih, raosipun teges ingkang sakawit wau boten kétang sakedhik lastantun. Sawenèh saking tegesipun ingkang kaping kalih ingkang warni-warni punika kadosta tuk, asal, tatales, uger-uger, sarananing gesang ingkang baku piyambak, barang ingkang dipun gambloki barang sanès-sanèsipun, péranganipun ingkang baku satunggaling barang, tiyang ingkang gadhah tanggelan nyukani tedha tuwin lalados ing tiyang kathah (LL). Panggènan ingkang dipun enggèni utawi padunungan, punika ugi winastan umm (Q-LL), awit panggènan wau nyukani pangayoman dhateng tiyang, kados déné biyung dhateng anakipun bayi. Naraka wonten ing ngriki kasebut biyung, punika kanggé anedahaken bilih sasambetanipun manusa kaliyan naraka punika sami kados déné sasambetanipun bayi kaliyan biyungipun; terangipun anggènipun manusa kacemplungaken wonten ing naraka, punika kanthi mengku pamrih murih piyambakipun pantes utawi kongang nglajengaken kamajenganipun wonten ing ngalam ruhani; dados, kados-kados piyambakipun punika kagulawenthah wonten ing pangkonipun naraka, kados déné laré alit kagulawenthah wonten ing pangkoning biyungipun, sarta anggènipun manggèn wonten ing naraka punika namung ing sawatawis wekdal, kados déné laré alit nedha toya sesepaning biyungipun ing sawatawis wekdal. Kf nerangaken: / ananging sawenèh mufassir mastani manawi punika sami kaliyan inggih punika paribasan Arab kanggé mujèkaken tiyang supados ketaman cilaka, mila lajeng kaanggep pratélan wau mengku suraos: Sapa sing timbanging panggawéné becik èntèng, dhèwèké bakal nemahi curna (Kf, Rz). __________ SURAT 102 AT-TAKÂTSUR (Arebat ngajeng angathahaken bandha) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (8 ayat) Katerangan gerban Surat punika mathis sanget dipun namakaken Arebat ngajeng angathahaken bandha, ingkang mirid saking tembung ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak. Wondéné ingkang kasebutaken wonten ing surat punika, inggih punika bandha donya ingkang kathah tuwin kasenenngan donya, punika alangan ageng ingkang sok nyalèwèngaken pamanahanipun manusa saking maksuding gesang ingkang sajati. Awit saking punika, supados manusa punika ngrumaosi ingkang kados makaten wau, perlu sanget manusa dipun tebihaken saking sawenèhipun kasenengan-kasenengan wau. Lah inggih punika sababipun déné kawicaksananipun Pangéran kala-kala sok ngarsakaken babaya-babaya andhawahi manusa. Dados surat punika rapet sanget sasambetanipun kaliyan surat-surat ingkang sampun, ingkang mangandikakaken bab babaya-babaya wau. Kayektènipun prakawis ingkang kasebutaken wonten ing dhawuh punika, wonten ing jagad punika dèrèng naté cumetha kalayan ngégla ngungkuli ing jaman samangké. Surat punika salah satunggaling wahyuning Pangéran ingkang tumurun nalika jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Brangta angakèhaké bandha iku anglénakaké marang sira, 2 Nganti kubur.2791 sira tumeka ing 2791. At-takâtsur punika manut rimbag tafâ’ul, saking tembung al-katsrah, tegesinun kathah, déné tegesipun kajawi mengku teges ungkul-ungkulan kathah-kathahan bandha, lan sapiturutipun, kala-kala sok mengku teges nindakaken satunggaling barang kalayan rekaos, lan tarkadhang sok ateges fi’l piyambak (Rz). Mila at-tâkatsur kula tegesi brongta angakèhaké bandha. Tembung alhâ punika mesthi dipun raketi lésanipun ingkang kagandhèng kalayan tembung ‘an, kanggé nedahaken “nglénakaké” punika nglénakaken saking punapa. Ing dhawuh ngriki lésanipun wau boten dipun sebutaken, awit pratélan punika piyambak sampun cekap kanggé anedahaken bilih ingkang dipun karsakaken punaka nglénakaken saking maksuding gesang ingkang sajati. Miturut Rz, tumeka ing kubur punika tegesipun . pejah awit tiyang ingkang pejah punika katembungaken jawinipun niliki utawi tumeka ing kuburé. Sanajan anggènipun kadhawuhaken pratélan punika sasambetan kaliyan kawontenanipun titiyang kafir Makkah, nanging suraosipun umum anyrambahi, awit boten prabéda lan titiyang Makkah sami léna saking maksuding gesang ingkang sajati déning bandhanipun ingkang sakalangkung kathah, lah makaten ugi bandha ingkang sakalangkung kathah wau tansah adamel lénanipun tiyang, sarta dalasan jagading samangké punika ugi léna déning kathahing bandha wau. Surat 102 arebat ngajeng ngathahaken bandha 1677 3 O, sira bakal énggal weruh, Ar. manèh Ar. ngilmu 4 O, temenan, sira bakal énggal weruh. 5 O, yèn ta kowé weruha kalawan yakining kawruh, 6 Amasthi sira bakal nyumurupi naraka; Ar. mripat 7 Banjur sira masthi nyumurupi iku kalawan yakining pandulu; 8 Tumuli ing dina iku temen sira bakal dinangu prakara nugraha-nugraha(-ning Pangéran).2792 2792. Ayat 5 dumugi 8 punika kasuraos medharaken kayakinan tigang tataran, inggih punika: ilmu-l-yaqîn, ‘ainu-l-yaqîn, tuwin haqqu-l-yaqîn, jawinipun: yakining ngilmu, yakining mripat, tuwin jatos-jatosing yakin. Kalayan ngilmu, inggih punika sarana anglimbang-nglimbang, ing donya ngriki ugi manusa saged angsal kayakinan ing wontenipun naraka (ayat 4 lan 6). Sasampunipun manusa pejah, kalayan mripatipun piyambakipun saged nyumerapi naraka (ayat 7). Nanging cumethanipun ingkang kalayan sampurna naraka punika badhé dipun sipati déning manusa bénjing ing dinten kiyamat (ayat 8), awit kadangu bab prakawis nugraha, punika ateges ngraosaken siksa ingkang margi boten purun migunakaken punapa mesthinipun barang ingkang sampun kaparingaken dhateng manusa. Nanging dhawuh punika ugi kénging kasuraos tumrap ing gesang sapunika punika. Manawi purun manah-manah dhateng kawontenanipun awon, manusa punika saged angsal kayakinan ing wontenipun naraka. Makaten punika yakining ngilmu. Lajeng sarana ningali lalampahan ingkang kasandhang ing ngasanès, piyambakipun saged angsal seserepan ingkang yakin lantaran mripat. Wasana piyambakipun yakin saèstu ing wontenipun naraka, samangsa kacilakan andhawahi piyambakipun. Lah inggih bab prakawis punika ingkang dipun pèpèngetaken dhateng titiyang Makkah. _______________ SURAT 103 AL-’ASHR (Wanci) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (3 ayat) Katerangan gerban Surat punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng pasaksinipun wanci, kanggé nedahaken bilih ingkang saged subur punika ngemungaken para ingkang sami purun nampèni yakti kémawon, para ingkang sami angemohi kapitunan ageng; mila surat punika dipun namakaken Wanci. Wondéné pasaksinipun wanci punika wonten warni tiga. Sapisan wekdal ingkang sampun kelampahan suka pasaksèn bilih ngemungaken tiyang ingkang boten ambèbècèr wekdalipun ingkang kanggé nindakaken kasaénan kémawon, ingkang sami angsal piguna. Kaping kalih, papadhang ingkang madhangi ing sauruting marginipun jaman ingkang sampun kapengker ing kina, suka pitedah dhateng kula sami bilih para titiyang ingkang sami atindak saé tuwin ajak-ajak dhateng kasaénan, punika sami subur gesangipun; kosokwangsulipun para ingkang sami nindakaken awon, mesthi nemahi curna. Kaping tiga, wekdal jamanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. suka pasaksèn papancasan ingkang sakalangkung déning terang, bilih para angèstu tuwin para ingkang sami nindakaken kasaénan sami manggih kabegjan, kosokwangsulipun, mengsah-mengsahipun para angèstu wau sami nandhang kapitunan ingkang pratéla. Surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang tumurun jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. a. 2099 1 Mramanaknaa marang waktu, 2 Sayekti, manusa iku temen ana sajroning kapitunan, 3 Kajaba kang padha angèstu sarta anindakaké panggawé becik, apa déné weling-wineling ing bener sarta weling-wineling ing sabar.2793 2793. ‘Ashr punika tegesipun wanci utawi jaman (TA-LL). Sumangga nganggé teges ingkang angka kalih rumiyin, ingkang déning Fr kaanggep dados tegesipun tembung ‘ashr ing ngriki (LL). Manawi nganggé teges ingkang angka kalih wau, dhawuh pratélan punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng jaman ingkang sampun-sampun, ingkang manawi katiti-priksa saèstu sampun cekap kanggé anedahaken, bilih wekasanipun manusa punika boten sanès kajawi namung karisakan blaka, kajawi manawi piyambakipun purun angèstu tuwin tumindak miturut yakti lan ajak-ajak dhateng tiyang sanès netepi yakti. Ngemungaken yakti piyambak ingkang saged suka gesang sajati dhateng sagung para manusa. Para titiyang Makkah sami dipun paringi dhawuh, bilih kasunyatan ingkang kados Surat 103 Wanci 1679 makaten punika katingal melok wonten ing jaman ingkang sampun kapengker. Manawi tembung ‘ashr dipun tegesi wanci, dhawuh punika lajeng mengku suraos dhawuh migatosaken dhateng lampahing wekdal, ingkang sampun terang anedahaken bilih sok tiyanga ingkang boten purun mempeng anindakaken sawenèh kasaénan ingkang langgeng, menggah ing sajatos-jatosipun piyambakipun punika kécalan sadaya wekdal ingkang sampun kelampahan. Nanging sawenèh mufassir wonten ingkang gadhah paham bilih al-‘ashr punika jamanipun Kanjeng Nabi Suci. Satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang sahih, ingkang nyanépakaken jamanipun Kanjeng Nabi kaliyan ‘ashr, wanci ngasar, ngiyataken paham wau. Wondéné suraosipun jamanipun Kanjeng Nabi punika sampun saged dados bukti ingkang anedahaken bilih sinten ingkang boten purun angèstu lan boten purun nindakaken kasaénan mesthi kapitunan; bukti punika kalayan terang gamblang kagelar déning sugengipun Kanjeng Nabi. Miturut I’Ab, al-insân ing ngriki ateges sagolonganipun para manembah brahala ingkang sakalangkung sanget anggènipun milawani ing Kanjeng Nabi Suci (Rz). Dhawuh ingkang maréntahaken weling-wineling ing yakti, punika dipun sambeti ing dhawuh ingkang maréntahaken weling-wineling ing kasabaran; awit mulangaken yakti punika mesthi mawi manggih rekaos warni-wami, manawi boten sabar lan santosa nalika nandhang rekaos, mesthi boten saged miturut ing yakti. ____________ SURAT 104 AL-HUMAZAH (Tukang ngawon-awon) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (9 ayat) Katerangan gerban Kosokwangsul kaliyan tiyang ingkang kapangandikakaken wonten ing surat ingkang sampun, inggih punika para titiyang ingkang sami angèstu, nindakaken pandamel saé tuwin ajak-ajak dhateng yakti lan kasabaran, tiyang ingkang kapangandikakaken ing ngriki inggih punika tiyang ingkang boten purun nindakaken pandamel saé ingkang langgeng, nanging malah namung manggung ngumpuk-umpuk bandha, boten weling-wineling ing yakti, nanging malah ngraosi awoning ngasanès. Ing ngriki ugi mengku piweca, bilih para tukang ngraosi awon dhateng Kanjeng Nabi, punika ing wasananipun mesthi badhé nemahi cilaka. Dhawuh punika panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Cilaka tumrap sarupaning tukang ngala-ala, tukang nginakaké,2794 Ut. ditikeltikelaké 2 Kang anglumpukaké bandha sarta anganggep iki dadi panulaking bilai;2795 3 Anyana, yèn bandhané iku anglanggengaké awaké.2796 2794. Tukang ngawon-awon lan tukang nginakaken wonten ing ngriki dipun gebyah uyah kalepataken sadaya; nanging dhawuh punika ugi mengku karsa ingkang mligi nyebutaken titiyang Makkah, ingkang nalika sami miwiti milawani Kanjeng Nabi sami ngawon-awon lan nginakaken panjenenganipun, pamrihipun supados para ingkang sami dhateng saking panggènan ingkang tebih-tebih perlu sami jiyarah haji ing Makkah, punika boten sami purun mirengaken piwulangipun Kanjeng Nabi. 2795. ‘Addada-hu, tegesipun nganggep satunggaling barang dados sadhiyan kanggé anjagi sampun ngantos kataman ing kacilakan (S, Q-LL), asal saking tembung al-‘uddah (Rz). Para mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi sami gadhah panganggep, bilih piweca-piwecanipun Kanjeng Nabi bab leburipun para mengsah wau ingkang sampun mèh kelampahan, punika mesthi boten netes, jalaran bandhanipun punika kaanggep sampun nyekapi kanggé milujengaken awakipun saking sadhéngah bilai, ingkang kacalonaken badhé andhawahi piyambakipun. 2796. Suraosipun, piyambakipun gadhah panganggep bilih piyambakipun mesthi badhé lastantun subur makmur, utawi lastantun wonten ing panggènanipun, margi saking bandhanipun wau. Surat 104 Tukang ngawon-awon 1681 4 O, ora, dhèwèké masthi bakal dicemplungaké ing bilai kang ngremukaké,2797 5 Lan apa kang ngretèkaké marang sira, bilai kang ngremukaké iku apa? 6 Yaiku genining Allah kang diurubaké, Ut. nyalad 7 Kang munggah sadhuwuring ati.2798 8 Sayekti, (geni) iku bakal tinutup ngrukub marang dhèwèké, 9 Ing sajroning papathok saka kang dhawa.2799 2797. Dhumawahipun bilai ingkang adamel remuk rempu, ingkang kasasmitakaken wonten ing ayat-ayat ingkang sampun, kalayan ceplos dipun antebaken wonten ing ngriki. Al-huthamah punika asal saking tembung hathima, jawinipun ajur mumur (LL). Nama al-huthamah punika namanipun naraka tataran ingkang angka kalih (Rz), gapuranipun naraka (Q-LL), awit al-huthamah punika ngejur mumur samukawis ingkang kacemplungaken mriku. Tembung punika kula jarwani bilai kang ngremukaké, murih mengku kalih-kalihipun, inggih punika naraka tuwin bilai sanès-sanèsipun ingkang kawecakaken badhé ngejur mumur para tukang ngawon-awon Kanjeng Nabi ingkang sami sugih-sugih punika; déné sababipun mila siksanipun wau kanamakaken makaten punika, awit para titiyang wau sami kajeng badhé ngremuk Kanjeng Nabi tuwin yakti ingkang kaampil. 2798. Kedah dipun pèngeti bilih latuning naraka punika katerangaken manawi munggah sadhuwuring ati punika anedahaken bilih latuning naraka punika asalipun saking salebeting manahipun manusa piyambak. Dados narakanipun manusa punika wonten ing gesang sapunika punika dumunung wonten ing manahipun piyambak, lah ing gesang ingkang badhé dhateng naraka wau badhé maujud langkung cetha awewèntèhan. 2799. Papathok saka kang dawa, inggih sakaning latu ingkang mumbul wonten ing sanginggiling manah. Punika adegipun saking pépénginanipun manusa ingkang dipun uja tanpa mawi wates, temahan margi boten naté saged marem lajeng dados tuking siksa tumrap manusa wonten ing donya punika. _______________ SURAT 105 AL-FÎL (Gajah) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (5 ayat) Katerangan gerban Ingkang kagelar wonten ing surat punika makaten: manawi namung dhateng tetengering Kasawijènipun Allah, ingkang awujud yayasan saking séla, inggih punika Ka’bab, ngantos samanten anggènipun Allah keraya-raya angayomi, ngantos kepareng nglebur wadyabala ingkang sakalangkung kiyat karana punika, mangka ing nalika punika Ka’bah wau kadarbé ing para manembah brahala, lah punapa malih dhateng Nabi-Nipun ingkang pinilih, ingkang kapiji kinèn angundhangaken KasawijènIpun ing saindhenging bawana, boten saya langkung sanget malih anggèning Panjenenganipun kepareng badhé angayomi. Surat punika dipun namakaken Gajah, awit ing antawisipun wadyabala ingkang nempuh punika wonten limanipun punapa. Surat punika panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan, sarta nedahaken bilih sedyanipun mengsah badhé nglebur titiyang Muslimin punika sampun wiwit ing jaman wiwitan mila. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Apa sira ora andeleng, kapriyé garapé Pangéranira marang para kang duwé gajah?2800 2800. Ingkang dipun karsakaken inggih punika panempuhipun Abrahah dhateng kitha Makkah. Déné Abrahah punika adipatinipun raja Habasyah ing jaman ingkang nganggé agami Nasrani. Sedyanipun adipati Abrahah badhé nyirnakaken Ka’bah, supados grengsengipun tiyang Arab dhateng agami pindhah dhateng Sana’aa, ingkang déning adipati Abrahah sampun dipun adegi gréja ageng (Kathedral) ingkang magrong- magrong anjenggarang, makaten ugi mengku pamrih murih dadaganganipun titiyang Arab inggih pindhaha mriku. Wonten ing tanah Arab wadyabala punika misuwuripun winastan Ashâbu l-fîl, jawinipun para kang duwé gajah, margi ing ngriku wonten limanipun satunggal utawi langkung. Taun nalika adipati Abrahah ngrabasa dhateng Makkah wau misuwur winastan taun gajah, inggih punika nyarengi taun Maséhi 570, nunggil taun ugi kaliyan taun miyosipun Kanjeng Nabi Suci. Rumaos boten kecunggah ambélani papan suci saking panempuhipun wadyabala ageng wau, sarta margi boten angsal damel anggènipun ngrembagi adipati Abrahah supados murungaken sedyanipun ingkang nerak wawalering kasucian wau, Bagéndha Abdul Muththalib nyunyuwun dhateng Pangéran kalayan sora, sarwi léndhéan kontening Ka’bah, makaten: “Dhuh Pangéran! mugi Tuwan rumeksa ing padaleman Tuwan; sarta mugi sampun ngantos Kanjeng Salib menang kaliyan Ka’bah.” Para titiyang Makkah sadaya lajeng sami késah dhateng paredèn ing sakubengipun kitha suci, déné adipati Abrahah ing nalika punika makuwon wonten ing satunggaling panggènan watawis lampahan tigang dinten saking Makkah. Ing wekdal wau wadyabalanipun adipati Abrahah ketrajang ing ambah-ambah sawarni sasakit cacar ingkang sakalangkung andrawasi, utawi Surat 105 Gajah 1683 2 Apa Panjenengané ora andadèkaké perangé larut morat-marit, 3 Sarta angutus manuk agolong-golong (supaya mangsa) marang dhèwèké, 4 Anibani dhèwèké kalawan watu atos, 5 Banjur Panjenengané andadèkaké dhèwèké kaya godhong kang dipangan?2801 pageblug sanès, sakalangkung déning sanget ngantos sami lumajeng “larut morat-marit lan sami telas manahipun temah sami pating bilulung,” kathah ingkang boten saged wangsul margi boten sumerep marginipun, temah sami pejah wonten ing jujurang, sapérangan malih wonten ingkang larut ketrajang ing banjir bandhang (mirsanana Life of Muhammad, ing Purwaka, p.c. Déning tuwan Muir) Lalampahan punika kasebutaken wonten ing ngriki kanggé anedahaken kados pundi anggènipun Allah ngreksa Ka’bah saking upayaning mengsahipun ingkang kiyat, dados nglastantunaken panguwaosipun titiyang Quraisy dhateng saindhenging tanah Arab sadaya. Manawi makaten punapa piyambakipun boten lajeng atur panuwun karana nugraha wau, lan lajeng ngabdi ing Pangéraning padaleman wau, kados déné ingkang kasebutaken kalayan cetha wonten ing surat candhakipun? Sajakipun lalampahan punika ugi mengku sasmita, Pangéran Mahaluhur kepareng rumeksa dhateng Ka’bah saking mengsah, mangka ing nalika punika Ka’bah wau dipun anggé nembah brahala, punika minangka kanggé anedahaken bilih anggèn-Ipun rumeksa wau kalayan mengku karsa. Taun punika nyarengi kaliyan taun miyosipun Kanjeng Nabi, punika cetha manawi dumunung anggenahaken karsa wau, awit bangsa Arab punika boten namung mangertos manawi padaleman suci punika kasinungan barkahipun Kanjeng Nabi Ibrahim, nanging ugi mangertos bilih Kanjeng Nabi Ibrahim nyuwun dhateng Pangéran ing rawuhipun satunggaling Nabi saking antawisipun bangsa Arab, ingkang badhé nucèkaken padaleman wau. Dados lalampahan punika kasebutaken punika kalayan mengku pèpènget dhateng para titiyang Quraisy, bilih manawi Pangéran sampun nglebur wadyabala margi sumedya badhé nyirnakaken padaleman-Ipun suci, lah punapa inggih panjenenganipun ngèndelaken kémawon tiyang ingkang sumedya badhé nyirnakaken Nabinipun ingkang suci? 2801. Para mufassirin sami ngandharaken dodongèngan-dodongèngan ingkang aèng-aèng, ingkang nyariyosaken kados pundi anggènipun kasirnakaken wadyabalanipun adipati Abrahah, nanging para ahli babad namung mastani sabab ingkang murugaken wadya wau sami larut morat-marit punika margi ketrajang ing sasakit cacar utawi ketrajang ing pageblug (mirsanana Waqidi lan Hisyami). Quran boten ngandharaken kados pundi sirnanipun wadyabala wau. Peksi-peksi kasebutaken punika namung mengku sedya kanggé anedahaken bilih wadya wau dipun sirnakaken tan mangga puliha sarta peksi-peksi sami nedha wangkenipun, ngelèti daginging wangké lajeng dipun keplèkaken dhateng séla. (peksi-peksi dados pasaksèn leburipun wadyabala, punika kateranganipun sampun kasebutaken wonten ing 1387). Lah inggih awit saking punika mila ing wekasaning dhawuh kasebutaken wangkénipun kados déné ron-ronan ingkang sampun katedha (ing ama). Dodongèngan ingkang dipun sebutaken déning para mufassirin anggumujengaken sanget, boten perlu kula sebutaken ing ngriki. Kajawi punika, dodongèngan-dodongèngan wau boten kasebut wonten ing hadits ingkang kénging pinitados. ______________ SURAT 106 AL-QURAISY (Bangsa Quraisy) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (4 ayat) Katerangan gerban Surat punika sambet rapet kaliyan surat ingkang sampun, sarta menggah ing sajatos-jatosipun surat punika taksih nglajengaken prakawis ingkang karembag wonten ing surat ingkang sampun inggih punika ngèngetaken titiyang Quraisy nugraha gung ingkang sampun kaparingaken dhateng piyambakipun, margi piyambakipun punika dados juru kuncining Ka’bah. Inggih sabab saking punika déné surat kakalih punika tarkadhang sok kawaos dados satunggal, ingkang mahanani sawenèh mufassir gadhah pamanggih bilih surat punika péranganipun surat ingkang sampun. Titimangsa tumurunipun inggih sami. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Minangka pangayomaning bangsa Quraisy2802 2802. “Quraisy” punika namanipun pancer turun Nadir bin Kananah (Rz). Miturut sawenèh tembung Quraisy punika tashgir-ipun (rimbag murih anggadhahi teges alit) tembung qarsy, inggih punika namanipun kéwan ageng ing saganten, ingkang nedha kéwan sanès, nanging awakipun piyambak boten kénging katedha. Makaten punika kateranganipun I’Ab, ingkang kanggé ngiyataken pratélan punika panjenenganipun maos kidung Arab makaten: jawinipun: “Lan Quraisy iku (kéwan) kang urip ing sagara. Mulané wong Quraisy iku kasebut Quraisy” ngulami sanès mastani asaling tembung sanèsipun malih (Rz). Pancer Quraisy punika dudunung wonten ing Makkah sarta dados juru-kuncinipun padaleman suci. Ingkang dipun anggé punjer klempakanipun para ingkang sami ziyarah haji saking pundi-pundi nagari ing tanah Arab; milanipun pancer Quraisy punika wonten ing antawisipun pancer-pancer Arab sadaya, angsal kaurmatan ingkang mligi, inggih margi saking dados juru-kuncining padaleman suci wau. Ayat ingkang wiwitan ing surat punika sasambetan kaliyan surat ingkang sampun, sarta kanthi mengku sedya melokaken sasambetan wau, déné sawenèh sahabat Nabi kala-kala maos surat kakalih punika tanpa mawi kaselanan maos Bismillâh. Dados suraosipun dhawuh punika: Pangéran angreksa Ka’bah lan nyirnakaken mengsahipun Ka’bah, punika nugraha ingkang mligi tumrap titiyang Quraisy, awit punika ugi ateges maringi pangayoman dhateng para titiyang Quraisy wau. Nyata, margi titiyang Quraisy punika juru-kuncinipun Ka’bah, samangsa sami kekésahan wontena ing pundi-pundi panggènan sami dipun aosi, makaten ugi wonten ing salebeting tanah suci, sami angsal kaamanan tanpa wonten ingkang nyamèni, kados déné ingkang kasebutaken wonten ing Quran Suci piyambak makaten: “apa ta padha ora weruh, yèn Ingsun wus andadèkaké slameting tanah suci, mangka wong-wong padha dibandhang kalawan ruda paripeksa saka ing sakiwa tengené?” (29: 67). Saupami Ka’bah punika dipun Surat 106 Bangsa Quraisy 1685 2 Pangayomané sajroning lulungané ing mangsa adhem lan mangsa panas2803 3 Mulané dhéwéké kon padha ngawula marang Pangéraning Padaleman iki, 4 Kang aparing pangan dhèwèké (minangka) panulaking luwé sarta aparing aman minangka pambirating wedi,2804 risak, sayekti titiyang Quraisy ical wigatosipun, sarta akaliyan punika pangayoman ingkang mligi dados bebahanipun inggih tumut ical. 2803. Pangayoman ingkang kasebutaken wonten ing katrangan ingkang sampun, punika tumrap titiyang Quraisy wonten pigunanipun ingkang mligi, kanggé kekésahan mangalèr dhateng tanah Syam lan mangidul dhateng Yaman. Késahipun dagang mangalèr manawi masa katigen, mangidulipun manawi masa rendheng. 2804. Dipun paringi tedha minangka panulaking luwé lan dipun paringi aman minangka pambirating ajrih, punika nugraha mligi warni kalih ingkang kaparingken dhateng titiyang Quraisy lantaran kasucianipun Ka’bah; kelampahanipun ingkang kados makaten punika kabekta saking wontenipun tatacara jiyarah dhateng Makkah punika ngramékaken sanget dadaganganipun para titiyang Quraisy wau, kawimbuhan malih barang-barang ingkang dados kabetahaning gesang kabekta mriku, tur awakipun piyambak aman saking sawarnining kakuwatosan badhé tinempuh, mangka para pancer Arab sanès-sanèsipun tansah dados lésaning panempuh. SURAT 107 AL-MÂ’ÛN (Dana) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (7 ayat) Katerangan gerban Nadyan titiyang Quraisy sami kaparingan nugraha kados déné ingkang kapangandikakaken wonten ing surat kakalih ingkang sampun, suprandéné para titiyang wau sami maiben ing wontenipun pancasan, sarta ngicak-icak wewenangipun para laré yatim lan para titiyang miskin. Inggih margi anggènipun boten sami purun dedana dahteng titiyang miskin wau, mila surat punika dipun namakaken Dana. Lepat manawi kaanggep bilih surat punika katurunaken ing Madinah. Saged ugi, surat punika sepuhipun boten sami kaliyan surat kakalih ingkang sampun, nanging prakawis kagolong èwoning dhawuh ingkang tumurun nalika jaman Makkah wiwitan, punika terang sampun boten wonten semangsemangipun malih. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. Ut. agama 1 Apa sira weruh wong kang anggorohaké marang pancasan ? 2 Lah yaiku wong kang santak marang bocah yatim, 3 Lan ora gelem ajak-ajak awèh pangan wong miskin.2805 4 Mulané, cilaka tumrap wongwong salat, 5 Kang ora tuhu-tuhu ing dalem salaté, 2805. Ad-din ing ngriki ateges pancasan, inggih punika paugeran bilih sadhéngah pandamel mesthi wonten wohipun. Milanipun, tiyang kiyat nindhes dhateng sadhèrèkipun ingkang ringkih lan apes, sarta malih ingkang boten purun nyadhiyakaken sapéranganing bandhanipun kanggé mitulungi sadhèrèksadhèrèkipun ingkang miskin. Punika kaanggep lepat kados déné tiyang ingkang anggorohaken pancasan. Kados punapa anggènipun Kanjeng Nabi tansah rnrihatosaken kawilujenganipun titiyang miskin tuwin laré-laré yatim, saged katitik saking dhawuh punika. Surat 107 Dana 1687 6 Kang padha amurih dineleng ing liyan (lakune becik), 7 Sarta dana.2806 padha anyegah da- 2806. Al-mâ’un punika asal saking tembung ma’n, tegesipun barang alit utawi sapélé (Rz), sarta awawaton Bagéndha Abu Bakr, ‘Ali, I’Ab, ‘Ik, Qtd, Dk tuwin sahabat sanès-sanèsipun, kaanggep mengku teges zakât (jakat), ambokmanawi kémawon margi zakat punika awujud sapérangan alit saking gunggunging bandha sadaya (Rz, Kf, tuwin sanès-sanèsipun). Kacariyos tegesipun ingkang asli tembung punika: kabetahaning balegriya ingkang alit-alit, kadosta: latu, toya, sarem, bendho, kuwali, piring, sapiturutipun (Rz). Teges ingkang angka satunggal wau ingkang langkung prayogi. Wontenipun pratélan ingkang mungel kang padha amurih dineleng ing liyan lakuné becik, punika boten teka dados pracihna bilih péranganing surat punika katurunaken ing Madinah, awit kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat ingkang wiwitan, terang bilih ingkang katuju ing dhawuh punika titiyang kafir. SURAT 108 AL-KAUTSAR (Kasaénan sakalangkung kathah) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (3 ayat) Katerangan gerban Dhawuh punika èwonipun dhawuh ingkang sepuh-sepuh (tumurun ing jaman wiwitan sanget), sarta anjanjèkaken sawarnining kasaénan ingkang mluwah-mluwah dhateng Kanjeng Nabi. Salajengipun dhawuh punika anedahaken bilih mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi badhé kécalan sadaya kasaénan, kalebet ugi kasaénan ingkang sampun kaparingaken dhateng piyambakipun ing donya punika minangka nugraha. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Sayekti, Ingsun wus aparing kabecikan kaliwat akèh marang sira.2807 2 Mulané salata marang Pangéranira sarta kurbana,2808 2807. Al-kautsar, tegesipun kaliwat akèh, mligi tumrap barang saé, sarta miturut Rz, mengku kasaénan tumrap ing donya punika tuwin kasaénan tumrap ing akhirat. Ing suwarga wonten lèpèn ingkang namanipun kautsar, inggih ingkang dados tukipun sadaya lèpèn, punika namung anedahaken bilih kasaénan ingkang sakalangkung kathah, ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi, punika inggih badhé dados tuking kasaénan, liripun, tiyang sanès badhé ngalap kasaénan saking panjenenganipun. Dipun riwayataken I’Ab nerangaken bilih kautsar punika tegesipun kasaénan ingkang sakalangkung kathah; sareng panjenenganipun dipun wangsuli bilih titiyang kathah mastani . manawi kautsar punika lèpèn ing suwarga, panjenenganipun lajeng ngandika: jawinipun: “Iku iya èwoné kabecikan kang kaliwat akèh.” Kasil ingkang sakalangkung angédab-édabi, ingkang dipun gayuh déning Kanjeng Nabi salebetipun ambangun satunggaling bangsa ingkang sampun pejah, inggih punika kawontenan ingkang dèrèng naté wonten saminipun wonten ing babading donya, punika salah satunggaling cakrikipun kasaénan sakalangkung kathah ingkang dipun janjèkaken dhateng panjenenganipun tumrap ing gesang sapunika punika. 2808. Sagedipun saèstu tampi kasaénan mluwah-mluwah ingkang kajanjèkaken badhé dipun paringaken dhateng panjenenganipun, Kanjeng Nabi Suci kadhawuhan salat dhateng Pangéran sarta akurban. Dados dhawuh punika anedahaken bilih sintena kémawon ingkang kepéngin angsal kasaénan wonten ing gesang sapunika punika tuwin kesaénan ing akhirat, kedah sembahyang lan akurban. Surat 108 Kasaénan sakalangkung kathah 1689 3 Sayekti, mungsuhira – iku kang buntung (saka kabecikan).2809 2809. Tembung abtar (saking batr, jawinipun medhot thel satunggaling barang), punika manawi dipun anggé tumrap kéwan, ateges kéwan ingkang dipun kethok buntutipun. Manawi dipun anggé tumrap manusa, tembung wau warni-warni tegesipun, minangka conto kadosta: kaselut ing betah utawi kikirangan, kapitunan, tiyang ingkang kapedhotan sadaya kasaénanipun utawi kapedhotan subur makmuripun, margi boten gadhah turun (LL). Nitik ukaranipun ayat punika, nedahaken bilih pratélan punika minangka wangsulan dhateng mengsah, ingkang sami mastani Kanjeng Nabi punika abtar. Wondéné suraosipun, manawi mengsah pejah mesthi boten badhé wonten ingkang anggentosi; piyambakipun mesthi badhé pinedhot boten angsal damel lan boten saged kadumugen sedyanipun; piyambakipun mesthi boten badhé wonten ingkang mitulungi, sarta piyambakipun mesthi badhé lastantun dumunung ing ina tuwin asor (Rz). Dados ayat punika ngemot piweca, sapisan Kanjeng Nabi mesthi badhé sinung sadaya kasaénan ingkang sakalangkung kathah, kaping kalihipun, mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi badhé pinedhot saking sawarnining kasaénan, boten kadumugèn sedyanipun anggèning milawani Kanjeng Nabi, makaten ugi anak-anakipun boten badhé dados susulihipun ing dalem kakafiranipun tuwin ing dalem anggèning mengsahi Kanjeng Nabi. ____________ SURAT 109 AL-KÂFIRÛN (Para kafir) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (6 ayat) Katerangan gerban Para kafir (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika) wonten ing surat punika dipun pangandikani bilih pandamelipun ingkang awon punika mesthi badhé angsal wawales, déné Kanjeng Nabi badhé ngundhuh ganjaraning pandamelipun. Surat punika kagolong jaman Makkah wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Calathua: O, para kafir! 2 Aku ora manembah marang kang-kosembah, 3 Lan ora (pisan) kowé iku kang-manembah marang Kangdaksembah; 4 Lan ora (pisan) aku iki kang manembah marang kangkosembah. 5 Lan ora (pisan) kowé iku kang-manembah marang Kangdaksembah; 6 Kowé bakal olèh wawalesmu, lan aku bakal olèh wawalesku.2810 2810. Tembung dîn tegesipun wawales utawi ganjaran. Dhawuh punika piweca, inggih punika amecakaken bilih para ingkang ngabdi ing Allah mesthi badhé angsal ganjaran ingkang saé saking Pangéran, déné para ingkang ngabdi ing brahala boten badhé angsal pitulung punapa-punapa saking sesembahanipun ingkang palsu wau. Surat candhakipun nyebutaken ganjaranipun para setya tuhu, inggih punika pitulungipun Pangéran tuwin kamenangan, punapa déné titiyang ingkang sami lumebet Surat 109 Para kafir 1691 agami Islam kalayan byuk-byukan;. Déné surat candhakipun malih mratélakaken bilih angsalangsalanipun para menembah brahala, badhé atanpa gina bandhanipun lan sadaya pambudidayanipun. Panginten bilih dhawuh punika nedahaken manawi Kanjeng Nabi sampun mupus, ketelasan pangajengajeng saged ngislamaken para titiyang kafir, sarta lajeng ngèndelaken kémawon para kafir wau ngantebi agaminipun. Punika panginten ingkang lepat. Sakedhép nétra kémawon boten panjenenganipun naté kèndel anggènipun ajak-ajak dhateng para titiyang kafir supados ngrasuk Islam lan supados mantuni anggènipun nembah brahala. _______________ SURAT 110 AN-NASHR (Pitulung) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (3 ayat) Katerangan gerban Surat punika mangandikakaken Pitulungipun Pangéran ingkang agung sarta kamenangan (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika) ingkang dipun paringaken dhateng Kanjeng Nabi Suci minangka angsal-angsalaning anggènipun makarya ing margining yakti. Miturut I’Ab dhawuh punika mratandhani bilih Kanjeng Nabi Suci sampun nyelaki kaliyan surutipun (Bkh). Dipun riwayataken, Ibnu ‘Umar ngandika bilih surat punika anggènipun katurunaken nalika Kanjeng Nabi tindak haji ingkang wekasan, sarta let wolungdasa dinten sasampunipun katurunan surat punika Kanjeng Nabi séda (AH). Dados sanajan dhawuh punika kagolong wahyu Madaniyah, menggah ing sajatos wonten ing Makkah tumurunipun. Sami-sami dhawuh ingkang tumurunipun jangkep sasurat, surat punika kénging winastan wahyuning Pangéran ingkang tumurun dhateng Kanjeng Nabi wekasan piyambak. Anggènipun tumurun wonten ing Makkah, punika anedahaken bilih piweca-piweca ingkang anggumunaken, ingkang kawecakaken ing kalanipun Kanjeng Nabi taksih piyambakipun lan taksih ringkih, punika ing sapunika sampun dipun tuhoni saèstu wahananipun wonten ing Makkah, inggih punika déning rawuhipun Kanjeng Nabi dhateng kitha suci wau mawi kadhèrèkaken ing pandhèrèkipun langkung saking tiyang satus èwu. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Nalika pitulunging Allah lan kamenangan wis teka,2811 2 Lan sira andeleng wong malebu agamaning Allah byukbyukan. 2811. Kamenenangan ageng ingkang sampun dhateng, sarta ingkang lajeng tinungka ing Islamipun bangsa Arab kalayan byuk-byukan, punika bedhahipun nagari Makkah nalika taun 8 Hijrah, salajengipun ing taun candhakipun para wakilipun pancer-pancer Arab sami tumaruntun dhateng manjing Islam. Rèhning piweca-piweca ageng lan anggumunaken bab Islamipun tanah Arab lan telukipun tanah Arab punika sampun ketuhonan wahananipun kalayan cetha awéla-wéla makaten wau, mila Kanjeng Nabi lajeng kaparingan sumerep, bilih ing sapunika sampun dumugi ing wanci panjenenganipun sedhiya-sedhiya badhé sowan ing pangayunanipun Pangéran. Surat 110 Pitulung 1693 3 Banjur mahasucèkna kalawan pujining Pangéranira, sarta nyuwuna pangapura-Né;2812 sayekti Panjenengané iku tansah abola-bali (wilasa-Né). 2812. Ing ngriki Kanjeng Nabi dipun paringi dhawuh, bilih samangsa kamenangan ageng punika sampun kagayuh, ingkang lajeng mahanani kasunyatanipun lslam sumorot ambalerengi lir péndah surya ing wanci tengangé, ngantos para titiyang kathah lajeng sami ngrasuk agami Islam, boten kalayan thar-thir satunggal kalih nanging kalayan byuk-byukan, kados déné ingkang kelampahan ing nalika jaman bedhahipun nagari Makkah punika, panjenenganipun dipun dhawuhi mahaluhuraken Pangéran, déné panjenenganipun sampun marengaken éwah-éwahan ingkang anggumunaken wau kelampahan saèstu, sarta piweca-piweca dipun tuhoni saèstu wahananipun. Kajawi punika panjenenganipun ugi kadhawuhan supados nyuwunaken pangapuntenipun Pangéran tumrap para titiyang ingkang sami ngrasuk Islam ing wekdal wau. Awit yektinipun para titiyang wau boten namung dosa déné sampun atindak sawenang-wenang dhateng Kanjeng Nabi Suci kémawon, nanging ugi atindak duraka sanès-sanèsipun kathah sanget, ingkang pantes angsal siksaning Pangéran ingkang sanget. Rèhning Kanjeng Nabi piyambak sampun ngapunten para titiyang wau tumrap sadaya tindak aniayanipun ingkang katandukaken dhateng panjenenganipun tuwin dhateng para sahabatipun, tur anggènipun ngapunten wau kalayan ikhlas lan lila-legawa, ingkang sapisan kémawon dèrèng naté wonten saminipun wonten ing babad, mila Pangéran dhawuh supados panjenenganipun nyuwunaken pisan pangapuntenipun Pangéran tumrap para mengsahipun ingkang wengis wau. Pranyata ing dalem babad dèrèng naté wonten saminipun, tindak ingkang tuwuh saking budi luhur kados lekasipun Kanjeng Nabi punika. Cobi, punapa wonten, tiyang ingkang menang ngapunten walaka sadaya tindak aniayaning titiyang ingkang kalangkung déning sanget anggènipun nganiaya dhateng piyambakipun, kathik duk ing kalanipun angsal kamenangan anggènipun ngapunten wau: mangka para ingkang ambeg siya wau sadaya sampun sami pasrah bongkokan dhateng piyambakipun! Nadyan silih sénapatining prang ingkang sakalangkung ageng ambegipun welasan, masa sageda ngapunten tanpa mawi midana mengsahipun ingkang salamining gesang tansah ambudidaya badhé anyirnakaken ngantos tapis dhateng piyambakipun lan pandhèrèkipun, ing wekdal kados déné nalika Kanjeng Nabi mintonaken panggalihanipun ingkang ambeg welas wau, inggih punika nalika ngapunten mengsah-mengsahipun, dalasan ingkang sakalangkung sanget wau. Préntah: “ngapuraa satrumu,” punika gampil kémawon kaucapaken; nanging cobi kula aturi ngupadosi wonten ing babad, manawi wonten tunggilipun satunggal kémawon, ngapunten ing satru bubuyutan, tur ing wekdal ingkang kados makaten wau. Pangapunten ingkang kalubèraken déning Kanjeng Nabi, punika boten namung tumrap dosanipun dhateng Kanjeng Nabi lan para sahabatipun kémawon, nanging lantaran panyuwunipun Kanjeng Nabi dhateng Pangéran, ugi pangapuntening kadurakan tuwin dosanipun para titiyang wau dhateng Pangéran, ingkang boten kénging boten mesthi angsal siksa saupami botena angsal syafa’atipun Kanjeng Nabi. Ing dhawuh ngriki Kanjeng Nabi kadhawuhan ngecakaken syafa’atipun tumrap para titiyang wau. Kalayan tentrem rahayu Kanjeng Nabi anggènipun mekasi sugengipun wonten ing ngalam donya punika, awit nalika surutipun wau boten namung kanthi pamareming panggalih déné sampun saged anggayuh maksuding sugengipun ingkang adiluhung sarta sampun saged ngangkat ing ngaluhur para mitra tuwin para pandhèrèkipun nglenggahi papan ingkang inggil piyambak ingkang saged ginayuh ing janma manusa, nanging langkung gung malih pamareming panggalihipun déné panjenenganipun boten nandukaken pamales dhateng para titiyang ingkang nganiaya dhateng panjenenganipun, wangsul ngapunten tur sakecap kémawon tanpa mawi melèhaken dhateng para titiyang wau, kawimbuhan malih malah kepareng nyafangati para titiyang wau. Punika lo tuladhanipun syafa’at ingkang boten kanggé nyafangati mitra nanging kanggé nyafangati mengsah! Punapa babad naté nyebutaken tuladha sanès ingkang nyamèni punika? ____________ SURAT 111 AL-LAHAB (Urub) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (5 ayat) Katerangan gerban Surat ingkang sampun mangandikakaken surutipun tiyang tulus ingkang kalayan tentrem rahayu, margi sampun kadumugèn maksuding sugengipun. Surat punika nerangaken bilih para mengsahing yakti ingkang awatek panas baranan, punika sami manggung gesang kalayan ngandhut memengsahan lan sasatron, ingkang bénjing wonten ing akhirat badhé maujud wewèntèhan dados urubing latu. Awit saking punika surat punika kanamakaken Urub. Miturut sadaya para ahli, surat punika èwoning dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Rusak tangané bapaking urub karo pisan, sarta dhèwèké dhéwé (iya) bakal rusak.2813 2 Bandhané lan pangasilané ora bakal makolèhi marang dhèwèké. 2813. Tiyang ingkang awatek panas-baranan, kénging sinebut abu-lahab, bapaking urub, kados déné syarîr utawi tiyang ingkang remen damel piawon punika inggih kénging kasebut abu-sy-syarr, jawinipun bapaking piala, lan kados déné tiyang saé punika kénging sinebut abu-l-khair, jawinipun bapaking kabecikan (Rz, AH). Ingkang misuwur nama Abu Lahab punika Abdu-l-‘Uzza, pamanipun Kanjeng Nabi, inggih punika putranipun ingkang éyang Kanjeng Nabi, Abdul Muththalib. Ambokmanawi anggènipun karan makaten wau margi saking sangeting anggènipun mengsahi ing Kanjeng Nabi. Dipun riwayataken nalika Kanjeng Nabi tampi dhawuh supados memèngeti krabat-krabatipun ingkang celak, Kanjeng Nabi lajeng ngempalaken krabat-krabatipun wau sarta lajeng andhatengaken dhawuhing Pangéran. Ing ngriku Abdul ‘Uzza lajeng wicanten: “Muga kowé nandhang cilaka! mung perlu mangkéné iki anggonmu ngumpulaké aku kabèh iki?” (Bkh). Kacariyosaken ugi bilih Abdul ‘Uzza wau ngetutaken Kanjeng Nabi manawi panjenenganipun badhé mumulang sarwi wicanten dhateng titiyang kathah bilih Kanjeng Nabi punika krabatipun ingkang sakit éwah. Dipun riwayataken Abdul ‘Uzza punika pejahipun let pitung dinten kaliyan sasampunipun mireng pawartos bab asoring juritipun titiyang Makkah ing paprangan Badr. Tangan loro punika miturut sawenèh mufassir ateges al-jumlah, inggih punika Abu Lahab piyambak, kados déné dhawuh Quran ing panggènan sanès: “Kang mangkono iku marga saka panggawéné tanganira loro biyèn” (22 : 10), tegesipun: panggawénira biyèn. Nanging mufassir sanès wonten ingkang nerangaken bilih tangan loro punika tegesipun agaminipun tuwin pangajengajengipun bangsa kadonyan (Rz). Surat 111 Ut. lumebu ing Ut. uruburub Urub 1695 3 Dhèwèké énggal bakal kobong dadi geni kang murub,2814 4 Sarta rabiné, tukang anggèndhong pangala-ala,2815 5 Ing guluné ana kalungé arupa dhadung nam-naman kang kukuh.2816 2814. Latu ingkang murub punika mathuk sanget manawi katerangaken dados siksanipun bapaking urub, inggih punika siksa ingkang cocog kaliyan dosanipun kados déné ingkang kapratélakaken ing 78: 26. 2815. Sémahipun Abu lahab punika namanipun Ummi Jamilah, sadhèrèkipun èstri Abu Sufyan. Piyambakipun punika wonten ing ngriki kasebut hammâlata-l-hathab, ingkang tegesipun wantah tukang anggèndhong urub-urub; teges wantah punika limrah dipun anggé. Déné kateranganipun, piyambakipun punika ageng dosanipun, awit kathah piawon ingkang sampun katindakaken nalika milawani Kanjeng Nabi; tindakipun ingkang awon wau dados urub-urub, ingkang wasananipun ngurubaken latu lan inggih punika ingkang dipun sedya. Makaten punika pahamipun Abu Muslim tuwin Sa’id bin Jubair (Rz). Nanging Bkh nyarujuki kateranganipun Mjd, ingkang anerangaken bilih ; hammâlata-l-hathab, utawi tukang anggèndhong urub-urub, punika jawinipun piyambakipun tukang nyebar-nyebaraken pawartos awon lumawan Kanjeng Nabi. Sarta hathab punika tegesipun panyanyamah utawi pangawon-awon (Mgh, TA-LL) malah wonten ugi paribasan ingkang ngepleki ukara ingkang kagem wonten ing ngriki punika, inggih punika tetembungan: l jawinipun dhèwèké kiter ana ing antarané wong akèh kalawan anggawa pangala-ala (A-LL). Sarta hâthibu-l-lail jawinipun tiyang ingkang nyariyosaken barang awon lan barang saé (TA-LL). Qatadah inggih kados makaten punika anggènipun nafsiri, sarta panjenenganipun ugi anerangaken bilih Bok Abu Lahab wau damelanipun tukang nyebar-nyebaraken pawartos awon bab Kanjeng Nabi (Rz). 2816. Tangsul saking dhadhung nam-naman punika ugi mahyakaken siksa ingkang laras kaliyan dosanipun, awit dipun riwayataken bilih piyambakipun punika asring nglempakaken eri ingkang lajeng dipun bongkok mawi dhadhung, dipun sunggi, lajeng dipun sebar wonten ing margi ingkang badhé dipun langkungi déning Kanjeng Nabi. ______________ SURAT 112 AL-IKHLÂSH (Mahatunggal) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (4 ayat) Katerangan gerban Menggah ing sajatos-jatosipun surat punika surat ingkang mangka panutupipun Quran Suci – déné surat kakalih sambetipun, punika namung anerangaken kados pundi nyuwun pangayomanipun Pangéran punika – sarta surat punika amahyakaken ringkesan lan pathining piwulangipun Quran Suci, inggih punika ngundhangaken ing Mahatunggalipun Pangéran, sarta inggih awit saking kawontenan punika déné surat punika kanamakaken Mahatunggal. Prakawis sanès-sanèsipun dhawah angka kalih manawi katandhing kaliyan bab punika. Surat punika panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan, isi pambantah dhateng agami panembah-brahala lan agami Nasrani, makaten ugi dhateng sawarnining pangandel kamusyrikan (mangéran kathah). Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Calathua: Panjenengané, Allah iku Sawiji. 2 Allah iku Kang samubarang iki gumantung marang Panjenengané. 3 Ora puputra lan ora pinutrakaké. 4 Lan ora ana siji-sijia kang madhani Panjenengané.2817 2817. Pantes pinèngetan, surat Makkiyah jaman wiwitan punika, kalayan ukaranipun sakawan ingkang cekak, anedahaken lepatipun ingkang enggel-enggel agami warni-warni, kalebet ugi agami Nasrani. Ingkang wiwitan dhawuh punika ngundhangaken Kasawijènipun Pangéran ingkang murni, dados angrebahaken sawarnining agami mangéran kathah, kalebet ugi pangandel tiga-tiganing ngatunggal; awit Tauhid utawi Kasawijènipun Pangéran ingkang dipun karsakaken wonten ing surat punika, Kasawijènipun Pangéran ingkang murni, lan boten angakeni ing wontenipun sawarnining sesembahan kathah. Ingkang kaping kalih, kadhawuhaken bilih Allah punika Ash-Shamâd. Tembung punika warniwarni sanget para mufassirin anggènipun negesi, nanging ingkang prayogi piyambak ingkang dipun anggé negesi wonten ing ngriki punika, awit dipun riwayataken Kanjeng Nabi ngandikakaken, nalika Surat 112 Mahatunggal 1697 . dipun suwuni pirsa Ash-Shamâd punika punapa, makaten jawinipun: Panjenengané iku Gusti Ingkang dadi paran endoning panyuwun tumrap sawarnining kabutuhan (AH, Rz). Dhawuh pratélan bilih boten wonten barang satunggal kémawon ingkang boten gumantung dhateng panjenenganipun, punika mengku karsa kanggé angleresaken lepatipun titiyang ingkang gadhah panganggep, bilih wonten sawenèh barang, kadosta prakriti (guru bakal) lan jiwaning manusa, punika wontenipun boten atas saking Pangéran Ingkang-Anitahaken. Piwulang makaten punika mratah wonten ing India (Hindustan), mesthi botenipun yèn ta kauningan ing Kanjeng Nabi Suci, jalaran piwulang wau boten kocap wonten ing agami-agami ingkang caket wonten ing ngarsanipun Kanjeng Nabi. Ayat ingkang angka tiga, anedahaken lepatipun agami-agami ingkang nyifati Pangéran kadi déné rama utawi putra, kadosta agami Nasrani, ingkang mulangaken piyandel warni kalih punika sadaya, utawi agaminipun panembah brahala titiyang Makkah, ingkang manut piwulangipun para malaikat punika sami putra-putrinipun Allah. Ayat ingkang angka sakawan nulak piwulang bangsanipun piwulang panitisan (Pangéran manjalma), ingkang manawi manut piwulang wau manusa limrah dipun samèkaken kaliyan Pangéran. Malih, syirk, utawi anjèjèri sekuthon dhateng Pangéran, punika wonten warni sakawan. Sapisan, ngandel ing sesembahan kathah; kaping kalih, ngandel bilih barang-barang sanèsipun Allah wonten ingkang anggadhahi sifat sampurna kados sifatipun Allah; kaping tiga, ngandel bilih wonten barang ingkang magepokan sanak kaliyan Panjenenganipun; kaping sakawan, ngandel bilih wonten sanèsipun malih kajawi Pangéran ingkang saged nindakaken barang rèh, ingkang pancènipun namung Allah piyambak ingkang kawasa nindakaken. Syirk warni sakawan punika sadaya dipun tulak keras déning ayat-ayatipun sakawan iji surat punika. ______________ SURAT 113 AL-FALAQ (Bangun-énjing) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (5 ayat) Katerangan gerban Surat punika lan surat satunggalipun candhakipun, punika wigatos mulang ing manusa, nyuwun reksa dhateng Allah punika kados pundi lan nyuwun pangayoman dhateng Allah punika kados pundi. Rèhning bab prakawis punika sampun kasebutaken wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang katurunaken ing Makkah, kadosta ing surat 16 lan 41, dados manawi makaten surat kakalih punika mesthi inggih tumurun ing Makkah, sarta kathah èmperipun kagolong jaman Makkah wiwitan. Dodongèngan warniwarni ingkang kacariyosaken déning sawenèh mufassirin, ingkang ngandharaken asal-usulipun surat kakalih wau, punika boten pinanggih wonten ing hadits-hadits ingkang kénging dipun gondhèli, dados awit saking punika dodongèngan wau kedah katulak. Dados, Quran punika kawiwitan kalayan nyuwun pitulung dhateng Pangéran wonten ing lafadz Bismillâh, sarta pinungkasan kalayan nyuwun reksa ing Pangéran wonten ing Mu’awwadhatain (saking ‘audhah, jawinipun pangayoman) inggih punika sesebutanipun surat kakalih punika. Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, IngkangMahaasih. 1 Munjuka: Kawula nyuwun ngayom ing Pangéraning bangun énjing,2818 2 Saking awonipun samukawis ingkang Katitahaken, 3 Saha saking awonipun dalu ingkang peteng dhedhet lilimengan nalikanipun dhateng.2819 2818. Falaq punika tegesipun plethèking raina (LL), wantahipun ateges mlethèk utawi bengkah; déné mila plethèking raina winastan makaten, awit raina punika nembus pepeteng milanipun tembung punika lajeng ateges cetha pratélanipun yakti ing sasampunipun katingal surem (TA-LL). Tembung Pangéraning bangun énjing punika sampun boten wonten semang-semangipun malih mengku sasmita amahyakaken bilih yakti badhé babar gumelar nadyan kalayan sarenti sarta marginipun Kanjeng Nabi mesthi badhé menang. 2819. Gâsiq punika asal saking tembung gasaq, ingkang tegesipun peteng ndedhet (Rgh) milanipun gâsiq punika lajeng ateges wanci dalu samangsa shafaq (utawi layung ing sasampunipun serap surya) sampun ical (S, O, Q-LL), dados terangipun ateges pepeteng ingkang boten wonten Surat 113 Bangun-énjing 1699 4 Punapa déné saking awonipun tiyang ingkang niyupaken bobolèh awon dhateng bubundhelan.2820 5 Saha saking awonipun tiyang drengki nalikanipun andrengkèni.2821 papadhangipun babar pisan sanajan saclèrètan, sarta ateges pepetenging rekaos ingkang sok dados kanthining satunggaling prakawis, inggih punika pepeteng ingkang murugaken tiyang boten sumerep ing margi. Awit saking punika dados mengku suraos bilih rawuhipun yakti, ingkang sapunika sampun gumelar ngégla, punika boten badhé sinartan ing pepetenging rekaos ingkang saged adamel suremipun. 2820. Ing ngriki wonten tembungipun kalih ingkang perlu katerangaken, ingggih punika tembung naffâtsât lan tembung ‘uqad tembung naffâtsât punika jama’-ipun tembung naffâts, inggih punika rimbag isim fâ’il (kriya wacaka) ingkang dipun sangetaken saking tembung kriya nafatsa ingkang tegesipun sakawit niyup utawi nyebul. Nanging manawi dipun sambeti ing tembung fî lajeng mengku . punika tegesipun Allah wus teges sanès. Kadosta tetembungan andhawahaké utawi andokok sawijining barang ana ing atiné (Msb-LL); tuwin jawinipun misik marang atiku (JB, As). ‘Uqad punika jama’-ipun ‘uqadah, tegesipun bundhelan (LL). Tuwin pancasaning satunggaling prakawis (TA-LL) lan nguwaosi, mranata lan ngruntutaken prakawis (LL). Sarta ugi ateges janji pambangun turut utawi sumpah setya (LA, TA-LL). Milanipun . punika menggah ing sajatos-jatosipun ateges para ingkang masang bobolèhan awon dhateng kakencenganipun manahing tiyang utawi dhateng pangrèhipun tiyang ing prakawisipun. Dipun pèngetana nafatsât punika boten mesthi kedah tiyang èstri; tembung punika ugi kanggé tumrap al-jama’at, utawi gogolonganipun titiyang kathah (Rz). Katrangan ingkang kula anggé punika sami kaliyan kateranganipun Abu Muslim, namung wonten bédanipun sakedhik. Rz anggènipun mastani kateranganipun Abu Muslim wau katerangan ingkang saé. Ayat punika mangandikakaken rekaos ingkang angka kalih nalika mencaraken yakti utawi nalika mangrèh prakawis ingkang limrah-limrah punika. Rekaos ingkang sapisan inggih punika: kalimputan ing pepeteng ingkang ndhedhet lilimengan: rekaos ingkang angka kalih inggih punika: pepeteng sumisih, nanging kekencengan badhé tetep ngantebi yakti punika taksih kémawon kawon kaliyan bobolèhanipun awon para ingkang sami remen nasaraken ing ngasanès. 2821. Punika rekaos ingkang angka tiga. Sapunika yakti sarnpun menang, nanging tiyang ingkang bentèr manahipun margi kamenanganipun yakti wau lan tiyang ingkang boten lila yakti lastantun menang kaliyan panggorohan, punika taksih wonten. Milanipun, pangayomaning Pangéran taksih kedah kasuwun, samangsa yakti sampun angsal kamenangan. ______________ SURAT 114 AN-NÂS (Manusa) KADHAWUHAKEN ING MAKKAH (6 ayat) Katerangan gerban Purwaka ingkang mangka katranganing surat ingkang sampun ugi kénging kawaos wonten ing ngriki. Kalawan asmaning Allah Ingkang-Mahamurah, Ingkang Mahaasih. 1 Munjuka: Kawula nyuwun ngayom dhateng Pangéraning manusa, 2 Ratuning manusa, 3 Sesembahaning manusa, 4 Saking awoning bibisikipun (sétan) ingkang silib, Ar. dhadha 5 Ingkang abisik-bisik manah-ing manusa, ing 6 Saking golonganipun jin lan manusa.2822 2822. Ayat-ayat punika kénging winastan jangkepipun surat ingkang sampun. Ing surat ingkang sampun-sampun katerangaken piawon warni tiga ingkang saged ugi katindakaken kanggé milawani margining yakti. Lah ing ngriki ingkang katerangaken piawon ingkang angka sakawan, piawon ingkang ageng piyambak, inggih punika piawonipun sétan ingkang silib, ingkang dhatengipun kalayan dhedhemitan lan nglebetaken bobolèhan awon dhateng manahipun manusa. Bibisik awon (panggodha) saking sétan punika piawon ingkang ageng piyambak, awit tukipun wonten ing manahipun manusa (ayat 5). Tembung khannâs punika ririmbagan saking khanasa, jawinipun boten ngatingal, lan ugi ateges umpetan (TA-LL), al-khannâs tegesipun sétan, awit sétan makaten sumingid utawi sumamar (Msb-LL). Surat 114 Manusa 1701 Gusti Allah ing ngriki kasebut Pangéraning manusa, Ratuning manusa tuwin Sesembahanipun manusa. “Pangéran” punika mengku raos “nguwaosi,” kados déné bandara nguwaosi abdinipun. “Ratu” mengku raos langkung inggil malih, kados déné ratu dhateng rakyatipun. Déné “sesembahan,” punika mengku raos nguwaosi ingkang kalayan sampurna saha ngudanéni dhateng sagung titah. Utawi, Rabb punika Ingkang ngitik-itik lan Ingkang anggulawéntah ing manusa, Malik Ingkang nguwaosi manusa, lan Ilâhi punika sesembahan, inggih punika ingkang kedah kadadosaken enering maksud gesangipun tiyang. ______________